اَلحَمْدُ للهِ الَّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيِّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسوْلُهُ، اَللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلَى اَلِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعيْنَ بِإِحْسَانِ إلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَانِ، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيْدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah
Jum’at kapengker warsa enggal 1 Januari 2021, kaleres warsa enggal punika dhumawah ing dinten Jum’at, dinten ingkang mulya lan kathah kautamaanipun. Antawisipun ing dinten Jum’at punika kaum muslimimin nindakaken ibadah shalat Jum’at. Wonten ing sak sanesipun dinten Jum’at kawastanan shalat dhuhur, ingkang dipun tindakaken sekawan rekaat. Nanging ing dinten Jum’at shalatipun kalih rekaat dipun tindakaken kanthi jamaah lan dipun awali kanthi khutbah Jum’at.
Ing jumat ingkang sampun kapengker, kathah tiyang sami suka cita amargi mengeti gantosipun tahun. Sami ngendika tahun enggal semangat enggal, ananging kasunyatanipun gantosipun tahun inggih tasih biasa mawon boten wonten inggah-inggahanipun. Kanthi punika ing saben dinten Jum’at kita dipun engetaken dening para khatib supados sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT. Amargi kanthi iman lan taqwa, badhe wonten harapan bilih gesang kita dados gesang ingkang manfaat, yuswa ingkang dados kirang punika saget dadosaken semangat kangge ningkataken amal shalih kangge sangu benjang ngadhep wonten ngarsa dalem Allah SWT.
Nalika Rasulullah tasih sugeng, wonten salah setunggalipun tiyang Arab Badui matur dhumateng Rasulullah:
يَا رَسُولَ اللَّهِ مَنْ خَيْرُ النَّاسِ قَالَ مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ
“Duh Rasulullaah, sinten tiyang ingkang paling sae punika? Rasulullah SAW ngendika wong kang dawa umure lan amale bagus” (HR. Tirmidzi) Wonten ing hadits sanesipun ugi Rasulullah ngendika:
يَا رَسُولَ اللَّهِ مَنْ خَيْرُ النَّاسِ قَالَ مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ قَالَ فَأَيُّ النَّاسِ شَرٌّ قَالَ مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَسَاءَ عَمَلُهُ
“Duh Rasulullah, sinten tiyang ingkang paling sae punika? Rasul ngendika"wong kang dawa umure lan bagus amale. Sahabat ngendika malih: sinten tiyang ingkang paling ala? Rasul ngendika “ wong kang dawa umure lan ala amale”. (HR. Ahmad)
Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah
Kados pundi supados amalipun punika sae lan dipun tampi dening Allah, tentunipun anggenipun nindaaken amal ibadah kedah wonten dasaripun, inggih punika kasebat wonten ing Alquran lan hadits nabi Muhmad SAW. Rasulullah seda boten ninggalaken mas picis raja brana kagem keluarganipun, ananging Rasulullah namung ninggalaken Alquran lan hadits nabi, sinten tiyangipun ingkang ngugemi kalihipun yektos badhe dados tiyang ngang paling sae. Rasulullah SAW ngendika.
قَامَ رَجُلٌ إِلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَهُوَ عَلَى الْمِنْبَرِ فَقَالَ يَا رَسُولَ اللَّهِ أَيُّ النَّاسِ خَيْرٌ فَقَالَ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ خَيْرُ النَّاسِ أَقْرَؤُهُمْ وَأَتْقَاهُمْ وَآمَرُهُمْ بِالْمَعْرُوفِ وَأَنْهَاهُمْ عَنْ الْمُنْكَرِ وَأَوْصَلُهُمْ لِلرَّحِمِ
“ Ana wong lanang kang ngadek ing ngarsane Rasululah, ing mangka Rasullah ana mimbar. Wong lanang iku matur maring rasul ”Duh Rasulullah, sinten tiyang ingkang paling sae punika? Rasul ngendika: manungsa kang paling bagus yaiku kang paling faham (Alquran), paling taqwa, paling asring mrintah maring kebagusan lan nyegah penggawean munkar, lan asring ngraketake paseduluran”. (HR. Ahmad).
Kanthi hadits punika Rasulullah SAW paring pesen bilih syaratipun tiyang ingkang paling sae punika:
- Tiyang ingkang tansah syukur dhateng Allah, amargi dipun paringi yuswa ingkang panjang lan tansah ngginakaken wekdal kangge nindakaken ibadah lan amal shalih. Amargi dados tiyang ingkang rugi menawi dipun paringi panjang yuswa nanging ibadahipun kirang.
- Faham kalian Alquran, inggih punika dipun awali kalian biasakaken maos Alquran, ndherek kajian Alquran, remen nindaki majlis taklim kangge ndherek ngaos.
- Tansah ningkaten iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar awisanipun Allah.
- Remen nindakaken amar makruf nahi munkar, inggih punika dhemen dhawuh nindakaken pedamelan ingkang bagus lan nyegah dhateng pedamelan mungkar.
- Remen nyambung pasedherekan
Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah.
Manungsa dipun dadosaken Allah dados makhluk ingkang paling sae, nanging sae lan sempurnanipun punika boten gumatung kalian raganipun mawon. Ananging Allah mirsani saking tindak lampahipun, kasebat wonten ing Alquran:
“Sira kabeh iku umat kang luwih bagus kang kalahirake kanggo manungsa, (kang supaya) sira kabeh padha printah marang kang makruf, lan padha nyegah marang kang mungkar lan iman marang Allah” (QS. Ali Imran: 110) Midherek ayat punika syarat dados umat ingkang paling bagus inggih punika sepindhah iman ingkang kiat, kaping kalih negakaken amar makruf lan nyegah pedamelan mungkar. Syarat punika sajatosipun sampun dipun miliki kaum muslimin ing zaman Rasulullah SAW. Sahingga saking sifat punika umat Islam dados kiat lan jaya. Sedaya wilayah Arab tunduk lan patuh kalian Islam, gesangipun aman, tentrem, adil makmur. Mekaten punika amargi kukuhipun anggenipun ngugemi iman lan nindakaken ajaran Islam, saha negagaken amar makruf nahi munkar.“Satemene wong-wong kang iman yaiku namung wong-wong kang padha iman marang Allah lan rasule, tumuli dheweke kabeh ora mamang lan dheweke kabeh padha jihad (berjuang) kelawan bandha lan jiwane dheweke kabeh ing dalem dedalane Allah, hiya dheweke kabeh iku wong-wong kang padha temen”. (QS. Al Hujurat: 15)
باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ