12/25/2020

Simbol-Simbol Muslim Kagem Ningkataken Iman Lan Taqwa

Islam punika agama rahmatan lil ‘alamin, rahmat kagem sedaya alam. Syariat Islam sampun sempurna, kagem ngatur sedaya urusanipun manungsa. Sinten kemawon ingkang gegondelan kalian Alquran lan sunnah rasul mila boten badhe sasar. Badhe slamet dunya lan akhiratipun. Selagi gesang ing alam dunya badhe paring manfaat lan maslahat kagem sedaya umat manungsa lan alam dunya.

 

 

 

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَالْاَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَتِ وَالنُّوْرِ ثُمَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُوْنَ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ الْخَالِقُ الْبَارِءُ الْمُصَوِّرُ لَهُ الْاَسْمَاءُالْحُسْنَى, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا  مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَ الْهُدَى أَمَّا بَعْدُ: اَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنُ رَحِمَكُمُ اللهُ, اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَقَالَ رَبُّكُمْ فِى الْقُرْانِ الْكَرِيْمِ اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: وَاِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلَئِكَةِ اِنِّى جَاعِلٌ فِى الْاَرْضِ خَلِيْفَةً , قَالُواْ أَتَجْعَلُ فِيْهَا مَنْ يُفْسِدُ فِيْهَا وَيَسْفِكُ الدِّمَاءَ وَنَحْنُ نُسَبِّحُ بِحَمْدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَ, قَالَ اِنِّى أَعْلَمُ مَا تَعلَمُوْنَ

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

 

Pertama lan ingkang utami, mangga kita tingkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi awisanipun. Iman kanthi amal shalih lan sami enggal-enggalan anggenipun nindakakaken tumindak sae lan nyegah dhateng pedamelan keji lan munkar. Ing dinten punika kaum kristiani sami mengeti dinten Natal lan kagem kaum muslimin dinten Jum’at dipun wastani syayyidul ayyam, penggedhene dinten.

 

 خَيْرُ يَوْمٍ طَلَعَتْ عَلَيْهِ الشَّمْسُ يَوْمُ الْجُمُعَةِ فِيهِ خُلِقَ آدَمُ وَفِيهِ أُدْخِلَ الْجَنَّةَ وَفِيهِ أُخْرِجَ مِنْهَا وَلَا تَقُومُ السَّاعَةُ إِلَّا فِي يَوْمِ الْجُمُعَةِ 

 

"Sak bagus-baguse dina yaiku dina Jum’at, merga ing dina iku Adam diciptakake, ing dina iku dilebokake ing suwarga, lan ing dina iku ditokake seka neraka. Lan dina qiamat ora bakal kedaden kejaba ana ing dina Jum’at”. (HR. Muslim: 1411) 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

Allah SWT sampun ngaturaken syari’at dhateng para rasul kangge dasar lan pedomanipun anggenipun manungsa ngatur dhateng alam semesta, amargi manungga dipun dadosaken Allah SWT minangka khalifah lan kawulanipun Allah. Menawi boten dipun paring aturan syari’at yektos manungsa badhe sasar, malah manungsa badhe dados makhluk ingkang paling asor derajaditipun wonten ngarsa dalem Allah SWT. Tegesipun manungsa dados khalifah inggih punika manungga dipun paringi mandat utawi amanah dening Allah supatos jagi, ngrawat, nglestantunaken lan ginakaken sumber daya alam kangge kemaslahatan umat manungsa. Kanthi mekaten boten pareng ngrisak, memengsahan, padudon lan perang. Kanthi punika Allah maringaken syariat dhateng manunggsa kalian lantaran para rasul utusanipun Allah.

 

 وَاِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلَئِكَةِ اِنِّى جَاعِلٌ فِى الْاَرْضِ خَلِيْفَةً 

 

“Elinga nalika Pangeran ira dhawuh marang para malaikat, “satuhune Ingsun arep nitahake khalifah ana ing bumi”. (QS. Al Baqarah: 30) 

 

Ing wekdal semanten para malaikat matur dhateng Allah, kenging punapa Allah badhe nitahaken makhluk ingkang badhe damel tumindak rusak lan paten pinaten, sahingga Gusti Allah ngendika “ Aku luwih pirsa marang apa bae kang sira kabeh ora padha ngerti”. Sahingga amargi malaikat punika salah satunggaling makhluqipun Allah ingkang tansah ndherek lan miturut dhateng dhawuhipun Allah, sahingga tansah maos tasbih lan memuji dhateng Allah. 

 

Saterasipun manungsa dados ‘Abdullah tegesipn bilih manungsa dipun dadosaken Allah punika supados manembah dhateng Allah. 

 

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ 

 

“ Lan Ingsun ora gawe jin lan manungsa kejaba supaya dheweke kabeh padha nyembah marang Ingsun”. (QS. Adz-dzariyat: 56) 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

 

Allah ingkang sampun dadosaken, Allah ingkang paring kecekapan dhateng sedaya kabetahanipun manungsa, Allah ingkang paring pitulungan, Allah ingkang paring kamulyan, sedaya ingkang maujud lan ghairu maujud satemah ing dalem kuasanipun Gusti Allah. Kanthi punika supados manungsa punika leres lan boten sasar anggenipun manembah sahingga Allah paring petedah awujud kitab suci ingkang dipun wahyukaken dhateng para rasul. Kasebat ing dalem surat Al Fatihah ayat 5:

 

 اِيَّاكَ نَعْبُدُ وَاِيَّاكَ نَسْتَعِيْنُ 

 

“Namung dhumateng Panjenengan piyambak kula manembah, lan namun dhumateng Panjenengan piyambak kula nyuwun pitulung”. (QS. Al Fatihah: 5) 

 

Nabi Muhammad minangka khatamul anbiya’ (penutuping para rasul), syariatipun sampun paripurna. Lan kita umat Islam kedah tansah syukur dhateng Allah, amargi kita dipun paringi hidayah dening Allah gadhah keyakinan agami Islam. Sinaosa keyakinan kita punika amargi keturunan, bapa-biyung kita Islam, sahingga kita dados Islam, para sedherek lan lingkungan kita Islam kita ugi dados Islam. Kanthi punika kita kedah saget ningkataken iman lan taqwa kanthi ngudi kaweruh, nindakaken taklim, dhemen maos kitab-kitab. Supados keyakinan Islam ingkang sampun tinancep lan amaliyah sampun dados pakulinan dipun kiyataken malih. Kita syukur sanget melai lahir sampun Islam, sahingga sedaya amal ibadah badhe dipun tampi dening Allah, kangge sangu gesang ing alam dunya dumugi akhirat samangke, Allah SWT sampun ngendika:

 

 وَمَنْ يَبْتَغِ غَيْرَ الْاِسلَمِ دِيْنًا فَلَنْ يُقْبَلَ مِنْهُ وَهُوَ فِى الْاَخِرَةِ مِنَ الْخاَسِرِيْنَ 

 

“ Sapa wonge manut agama saliyane agama Islam, mula babar pisan ora bakal tinarina (agama iku) saka dheweke, lan dheweke ing akhirat kalebu golongane wong-wong kang rugi” (QS. Ali Imran: 85) 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

Umat Islam Indonesia, sampun ghadhahi tanda-tandanipun tiyang Islam lan tingkat kesalihanipun. Contonipun umat Islam ngagem peci, wonten peci cemeng lan peci petak utawi peci kaji, ngagem sarung, ngagem hem koko, ngagem jubah, ngasto tasbih. Semanten ugi kagem para muslimah tansah ngagem jilbab. Kanthi punika mangga simbul-simbul utawi tanda-tanda ke-Islaman lan kesalihan punika dipun jumbuhaken kalian budi pekerti ingkang sae, sahingga sedaya tindak lampahipun saget kagem teladhan kagem tiyang sanes. Sahingga umat Islam saestu dados khoiru ummah, inggih punika sak bagus-baguse umat, akhiripun tiyang Islam saget mujudaken Islam ingkang rahmatan lil ‘alamin kanthi dipun jumbuhaken saking pribadinipun tiyang Islam. Mugi-mugi Allah tansah paring taufiq, hidayah lan inayah, sahingga kita tansah rumaos ringan anggenipun nindakakendhawuh-dhawuhipun lan nilar awisan-awisanipun Allah, amin. 

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ