12/31/2020

Muhasabah Warsa 2021, Tambahing Tahun Kiranging Yuswa

    Selagi tasih wonten bumi, srengenge lan sedaya tata surya, yektos gantosing wekdal punika sampun dados Sunnatullah, saking detik gantos menit, menit gantos jam, jam gantos dinten, dinten gantos minggu, minggu gantos wulan, wulan gantos tahun. Kala wingi kita ing tahun 2020 sak punika sampun tahun 2021. Gesangipun manungsa punika betahaken wekdal. Allah sampun paring wekdal mila mangga wekdal punika dipun gunakaken kanthi sak sae-saeneipun supados gesang kita dados manfaat lan maslahat.

 


“He wong-wong kang padha iman, padha taqwaha marang Allah lan prayogane saben awak-awakan migatekake apa kang wus den lakoni kanggo dina mburi (akhirat) lan padha taqwaha marang Allah, satemene Allah Maha Pirsa kelawan apa bae kang sira kabeh padha nglakoni”. (QS. Al Hasyr: 18)

Allah sampun paring petedah supados nggatosaken dhateng sedaya tumindak, lan Allah dhawuh supados tansah nindakaken amal ibadah lan tumindak sae kangge sangu benjang ngadhep wonten ngarsa dalem Allah SWT lan sangu benjang wonten ing alam akhirat. Salah satunggaling dinteng ingkang sampun boten wonten dinten malih, boten wonten ingkang saget paring pitulungan kejawi amal ibadah dan tindak lampah  ingkang sae. Tiyang sepuh supe kalian anak, anak supe kalian tiyang sepuhipun napa malih dhateng tiyang sanes. Sedaya tiyang sami repot anggenipun menggalih pribadinipun piyambak, sami nampi ganjaran saking pakertinipun.

Allah SWT paring pemut supados gatosaken wekdal ingkang badhe dhateng, wekdal benjang ingkang dipun maksudaken inggih punika sak sampunipun dinten Jum’at, tumunten dinten Sabtu, Ahad, Senin, Selasa, Rabu, Kamis, Jum’at. Sahingga nalika kepanggih malih kalih dinten Juma’t ateges badhe nglampahi setunggal minggu, lan sak mangke manawi kepanggih malih kalian tanggal setunggal Februari ugi badhe nglampahi wekdal setunggal wulan, lan menawi kepanggih malih kalian wulan Januari ateges kita badhe nglampahi setunggal tahun.

Sahingga gantosipun dinten, minggu, wulan lan tahun punika prayoginipun dipun rencananaken, supados gesang kita tambah manfaat lan maslahat. Ampun ngantos kita gesang namung sak lantrahipun, ingkang sampun kelampahan ingggih dipun tindakaken malih kanthi boten wonten usaha kangge ningkataken.  Rasulullah SAW naten ngendika

خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعَهُمْ لِلنَّاسِ

"Sak bagus-baguse manungsa yaiku kang paring manfaat dhateng tiyang sanes (HR. Tabrani dan Daruquthni”

Napa malih wekdal lan kesempatan ingkang sampun dipun paringaken Allah, manga kita timbang-timbang, kita ukur lan kita gatosaken punapa sampun kathah pedamelan saenipun punapa malah kathah maksiyatipun. Kanthi punika sahabat Umar bin Khathab Radhiyallahu ‘anhu sampun nate ngendika:

حَاسِبُواْ اَنْفُسَكُمْ قَبْلَ اَنْ تُحَاسَبُواْ وَزِنُواْ اَنْفُسَكُمْ قَبْلَ اَنْ تُوْزَنُواْ

“Titinen awakmu sak durunge dititi dening wong liya, timbang-timbanga awakmu sak durunge ditimbang dening wong liya”.

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah

Dasar kita supados dados tiyang ingkang saget paring manfaat lan maslahat inggih punika, kita tansah nggatosaken wekdal ingkang dipun paringaken Allah, inggih punika kangge mujudaken lan ningkataken iman, taqwa lan amal sahlih. Allah SWT sampun ngendika:


 

 

“ Dhemi wektu. Sak temene manungsa iku yekti ana ing sajrone kapitunan, kejaba wong-wong kang padha iman lan nglakoni ngamal salih lan padha tutur tinutur supaya padha-padha bisa naati ing kabeneran lan padha tutur-tinutur supaya padha-padha bisa anetepi ing kesabaran” (QS. Al  Ashr: 1-3)

 

Wonten ing surat Al Ashr punika Allah SWT paring pimut dhateng kita supados dados tiyang ingkang beja inggih punika:

1.      Iman dhateng Allah. Kanthi iman lan taqwa dhateng Allah mila Gusti Allah badhe paring kanugrahan, sedaya reribeting gesang badhe dipun paringi margi lan badhe dipun paringi rizqi saking panggenan ingkang boten dipun nyana-nyana.

2.      Tansah nindakaen amal shalih. Iman ingkang teguh badhe kajumbuhaken kalian amal shalih, amal ingkang saget dhatengaken manfaat lan maslahat kagem tiyang sanes, lingkungan lan masyarakat.

3.      Tansah wasiat-winasiatan ing perkawis ingkang haq lan perkawis ingkang leres. Tumindak sae ingkang sampun dipun tindakaken prayogi dipun tingkataken lan menawi tiyang sanes ingkang tumindak sae prayogi dipun teladhani. Kosok wangsulipun tumindak awon ingkang sampun dipun tindakaken prayogi boten dipun ambali malih, enggal-enggal nyuwun pangapunten dhateng Allah lan menawi tiyang sanes ingkang tumindak awon prayogi dipun engetaken, sehingga ing sak lebeting gesang bebrayan tansah mong- tinemong lan tulung-tinulung ing dalem nindakaken kesahenan.

4.      Tansah wasiat-winasiatan dhateng tumindak sabar. Sabar nalika nindakaken dhawuhipun Allah, sabar nalika nilar awisanipun Allah, sabar nalika nampi musibah lan bencana, sabar nalika dipun sakiti dening tiyang sanes, sabar nalika nahan hawa nafsu.

Kanthi punika iman kemawon boten cekap, ananging kedah dipun buktikaken kalian amal shalih, ibadaah maghdhah lan ghairu maghdhah dipun tindaken sesarengan. Ibadah kanthi pribadi lan sosial kedah sami-sami dipun tindakaken. Kasempurnanipun ibadah badhe kajumbuhaken kanthi gesang ingkang manfaat lan maslahat.

Mugi-mugi kanthi gantosipun dinten, minggu, wulan lan tahun punika, saget ningkaten iman, taqwa lan amal shalih,  mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita, amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ