12/16/2020

Dhemen Aweh Pangapura lan Ngajak Tumindak Bagus-Khutbah Bahasa Jawa

Tumindak bagus lan awon sampun dados Sunnatullah, saget kemawon tiyang tansah nindakaken kebagusan, lan dhemen kalian kebagusan, nanging kosok wangsulipun saget kemawon tiyang punika dhemen kalian tumindak awon lan serik menawi mirsani tiyang nindakaken kesahenan. Tiyang Islam sampun dipun paringi pitedah dhateng tumindak bagus utawi awon. Allah dhemen kalian tumindak bagus, kanthi punika sedaya tumindak manungsa punika benjang badhe dipun suwuni tanggel jawabipun.

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بنِعْمَةَ اْلِإيْمَانِ وَاْلإِسْلَامِ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْنَا بِهَا مِنْ أَهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ شَافِعُ اْلأُمَّةِ وَخَيْرُ اْلبَرِيَّةِ, اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّالِحَاتِ وَيَجْتَنِبُوْنَ اْلَمنْهِيَّاتِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

Pertama lan ingkang paling utami khatib tansah wasiat khususipun dhateng pribadi piyambak lan sumrambah dhumateng para Jemaah sekalian, mangga kita tansah budidaya ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah. Kanthi pangajab mugi-mugi kita tansah dipun paringi taufiq lan hidayahipun sahingga saget wilujeng, slamet dunya dumugi akhirat samangke, amin. 

 

Selagi kita gesang wonten ing alam dunya, temtu kita tansah sesambetan kalian tiyang sanes. Kaleres wonten maksud lan tujuan utawi namung kangge mujudaken gesang bebrayan. Ananging manungsa punika makhluk ingkang gadhahi sifat lan watek boten sami. Wonten ingkang ngremenaken, wonten ingkang njengkelaken. Gampil menawi nyalahakan dhateng tiyang sanes, ananging asring boten sadar, bilih sajatosipun kita sampun saget damel remen lan maslahat dhateng tiyang sanes napa derang. Kanthi punika, sedaya kalepatan saking tiyang sanes, kita kedah tansah paring pangapunten, minangka mujudaken manah ingkang jembar lan badhe nuwuhaken kesahenan. Allah SWT sampun paring dhawuh:

“Dadiya sira, wong kang dhemen aweh pangapura, lan printaha nindakake kang makruf, sarta mlengosa saking wong-wong kang bodho, lan lamun sira kena godhaning syetan mangka njaluka pagreksa maring Gusti Allah, satuhune Allah Maha Mireng lan Maha Pirsa”. (QS. Al A’rof: 199-200) Wonten ayat punika Allah paring dhawuh: 

 

1. Dhemen paring pangapunten. 

Satuhune paring pangapunten punika salah satunggaling akhlaq ingkang mulya, Rasulullah SAW nate ngendika:

 

 اِنَّ اللهَ أَمَرَكَ أَنْ تَعْفُوَعَمَّنْ ظَلَمَكَ وَتُعْطِيَ مَنْ حَرَمَكَ وَتَصِلَ مَنْ قَطَعَكَ (رواه ابن جرير وابن أبي حاتم عن ابن أبي عن أبيه) 

“Satuhune Allah dhawuhake sira supaya aweh pangapura marang wong kang tumindak aniaya, tansah weweh marang wong kang ora tau weweh marang sira, lan nyambung paseduluran maring wong kang medhot (paseduluran)”. (HR. Ibnu Jarir lan Ibnu Hatim saking Ubay saking Bapake). 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

Dhumateng sinten kita paring pangapunten? Midherek saking hadits punika inggih punika dhumateng tiyang ingkang tumindak aniaya, kados pundi raosipun dipun aniaya dening tiyang sanes. Menawi aniaya punika dipun bales kalian tumindak aniaya mila badhe nuwuhaken memungsuhan. Pramila kedah dipun pedhot kalian tumindak sae inggih punika kanthi paring pangapunten. Semanten ugi dhemen weweh dhateng sinten kemawon ingkang boten nate weweh lan kaping tiga inggih punika tansah nyambung pasedherekan. Tumindak aniaya punika satemah saget medhot pasedherekan, nanging kanthi leganing penggalih paring pangapunten sahingga pasedherekan saget dipun lestantunaken. Rasulullah SAW ngendika:

 

 اِتَّقِ اللَّهَ حَيْثُمَا كُنْتَ وَأَتْبِعْ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقْ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ 

 

 “Taqwaha sira maring Gusti Allah ning ngendi papan panggonan, lan balesa tumindak ala kelawan tumindak bagus mangka bakal dadi tebusane, lan gaweha becik maring manungsa kelawan akhlaq kang bagus”. (HR. Tirmidzi: 1910) 

 

 2. Tansah dhawuhaken nindakaken kesahenan.

Satemene Gusti Allah wis printah (marang sira) kelawan laku adil lan penggawe becik, lan maringi (sedekah) marang kaum kerabat, lan Gusti Allah nglarang marang penggawe ala, mungkar lan lacut. Panjenengane (Gusti Allah) mituturi sira kabeh, supaya sira kabeh bisa nampa pitutur”. (QS. Annahl: 90) 

 

Tumindak bagus lan awon sampun dados Sunnatullah, saget kemawon tiyang tansah nindakaken kebagusan, lan dhemen kalian kebagusan, nanging kosok wangsulipun saget kemawon tiyang punika dhemen kalian tumindak awon lan serik menawi mirsani tiyang nindakaken kesahenan. Tiyang Islam sampun dipun paringi pitedah dhateng tumindak bagus utawi awon. Allah dhemen kalian tumindak bagus, kanthi punika sedaya tumindak manungsa punika benjang badhe dipun suwuni tanggel jawabipun. Lisanipun, telinganipn lan atinipun saha sedaya anggota badan badhe dipun suwuni tanggel jawab. Lan ing wekdal punika boten saget suwala. Tumindak bagus badhe dipun ganjar kalian suwarga lan tumindak ala badhe dipun ganjar kalian neraka. 

 

Kanthi punika sajatosipun tumindak bagus lan awon punika amargi saking pakulinanipun, pendidikan kaleres ing keluarga, masyaraka lan ing sekolah. Rasul nate ngendika bilih sedaya bayi lahir ing alam dunya punika kawontenanipun fitrah utawi suci sahingga saking tiyang sepuh kekalih ingkang badhe dadosaken lare punika dados yahudi, nasrani utawi majusi. Semanten ugi badhe dados tiyang ingkang taqwa gumantung kalian tiyang sepuhipun. 

 

3. Supaya mlengos saking tiyang-tiyang ingkang bodho. Rasul nate ngendika 

 

 مَنْ نَظَرَ فِي دِينِهِ إِلَى مَنْ هُوَ فَوْقَهُ فَاقْتَدَى بِهِ وَمَنْ نَظَرَ فِي دُنْيَاهُ إِلَى مَنْ هُوَ دُونَهُ فَحَمِدَ اللَّهَ عَلَى مَا فَضَّلَهُ بِهِ عَلَيْهِ كَتَبَهُ اللَّهُ شَاكِرًا صَابِرًا 

“Sapa wonge kang ningali (ngukur) agamane marang wong kang luwih dhuwur seka dheweke nuli nurut, lan sapa wonge ningali (ngukur) dunyane maring wong kang luwih ngisor seka dheweke nuli muji maring Gusti Allah merga peparinge, mangka Allah bakal nyathet dheweke miangka wong kang syukur lan sabar”. (HR. Tirmidzi). 

 

Rasul nedahaken bilih tiyang Islam supados dados tiyang ingkang jembar ilmu lan pengertosanipun sahingga badhe dados tiyang ingkang wicaksana, sedaya tumindak dipun landasi kalian dasar Kitabullah lan Sunnah rasul. Jalaran ilmunipun manungsa punika wonten batesipun ananging ilmunipun Allah boten wonten batesanipun.

“Dhawuha sira! Kalamun sakirane banyu segara iku dadi mangsi kanggo (nulisi) kalimat-kalimat Pangeraningsun, temenan bakal asat banyune segara iku, sadurunge entek (katulis) kalimat-kalimat Pangeran ingsun, senajan Ingsun tekakake tambhan kang akehe padha karo iku”. (QS. Al Kahfi: 109). 

 

Perkawis pados ilmu punika boten wonten watesipun, amargi pados ilmu punika hukumipun wajib, rasul nate negendika:

 

 طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ وَوَاضِعُ الْعِلْمِ عِنْدَ غَيْرِ أَهْلِهِ كَمُقَلِّدِ الْخَنَازِيرِ الْجَوْهَرَ وَاللُّؤْلُؤَ وَالذَّهَبَ 

 

“ golek ilmu iku wajib kanggo saben-saben wong Islam. Nyelehake ilmu maring wong kang dudu ahline, kaya wong kang ngalungake mutiara, intan, mas ning gulune babi”. (HR. Ibnu Majah: 220)

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ