7/09/2023

Atur Pasrah Tinampi Saha Kirab Panji-Doa basa Jawa

Tradisi lan ceremonial kalih perkawis ingkang boten saget dipun pisahaken. Tradisi umumipun magayudan kalian budaya masyarakat. Tradisi sampun ngoyot ing masyarakat, hingga ewet dipun icalaken. Tradisi asring dipun uri-uri, hingga wonten ceremonial.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبَّ الْعَالَمِيْنَ حَمْدًايُوَافِى نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ يَارَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ وَلَكَ الشُّكْرُ كَمَا يَنْبَغِىْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍوَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْن. 

 

 Duh Gusti ingkang Maha kuwaos, sedaya puji lan syukur kita haturkan wonten ngasa Paduka. Saestu Paduka ingkang nitahaken sedaya alam. Paduka ugi ingkang paring pangayoman, lan Paduka ingkang paring kacekapan dhateng sedaya kabetahan kita. Mila sembah lan sujud mugi konjuk wonten ngasa Paduka. Mugi rahmat dan barokah tansah linuber dhateng sedaya makhluk. 

 

Duh Gusti ingkang Maha Kuwaos, kawula yakin kanthi welas asih Paduka, ing pawiwahan punika sampun kelaksanan atur pasrah Panji kitha Wonosobo. Ing Pengetan ambal warsa kaping 198, saking pangembating negari dhateng para manggala ing tlatah desa. Mugi paduka kersa paring pitedah lan kekiatan nindakaken jejibahan kanthi sae, leres lan amanah. 

 

Duh Gusti, mugi Paduka kersa paring tambahing berkah lan kanugrahan kanthi gesang ingkang sakinah, mawadah lan lan rahmat. Para warga sami guyub rukun, makarya lan manembah dhateng Paduka. 

 

Mugi Paduka kersa paring kekiatan dhateng kita, kangge jumbuhaken negeri ingkang aman, tata, titi tentrem, kerta raharja, gemah ripah loh jinawi kanthi tambahing berkah lan maghfirah Paduka. 

 

Duh gusti, mugi Paduka kersa paring tambahing iman saha taqwa para warga. Mila kanthi iman lan taqwa waget mujudaken raos tepa sarira, toleransi lan moderasi umat beragama. Raos manunggal kangge njagi NKRI harga mati. 

 

Duh Gusti, mugi kersa Paduka paring pitedah dhateng kita margi ingkang leres, kados marginipun tiang-tiang ingkang sampun panjenengan paringi pitedah. Ampun ngantos panjenengan sasaraken sasampunipun Paduka paringi pitedah. 

 

Duh Gusti, mugi Paduka kersa paring pangapunten dhateng kawula, tiang sepuh kawula, para pangembating negari, mugi Paduka qabulaken panuwun kawula, amin

 

 ربنا اتنا فى الدنيا حسنة وفى الا خرة حسنة وقنا عذاب النار, والحمد لله رب العالمين