3/11/2021

Pengetan Isra’ Mi’raj Nabi Muhammad, Mujudaken Shalat Ingkang Khusuk

Shalat sak jatosipun boten namung kagem guguraken kuwajiban lan shalat ugi boten namung owah-owahing awak, nanging kejawi mekaten kedah dipun kantheni kalian manunggaling manah lan penggalih. Nalika shalat sak jatosipun nembe ngadhep wonten Ngarsa Dalem Allah, mila ibadah shalat prayoginipun tansah dipun sempurnakaken, supados ngasilaken pribadi muslim ingkang iman, taqwa, taat, sumeleh lan mituhu dhateng dhawuh-dhawuhipun Allah.
اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَالْاَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَتِ وَالنُّوْرِ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ الْخَالِقُ الْبَارِءُ الْمُصَوِّرُ لَهُ الْاَسْمَاءُالْحُسْنَى, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَ الْهُدَى أَمَّا بَعْدُ: اَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنُ رَحِمَكُمُ اللهُ, اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَقَالَ رَبُّكُمْ فِى الْقُرْانِ الْكَرِيْمِ اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

Kaum muslimin jemaah shalat Jum’at Rahimakumullah 

 

Pertama lan ingkang paling utama khatib tansah wasiat khususipun dhateng pribadi kula piyambak lan sumrambah dhumateng panjenengan sedaya, mangga kita sami ningkataken iman dan taqwa dhumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar punapa ingkang dados awisanipun Allah, kanthi pangajab mugi-mugi tansah pinaringan taufiq, hidayah lan inayahipun Allah sehingga saget slamet, wilujeng sadangunipun gesang ing alam dunya lan dumugi benjang wonten ing alam akhirat, amin. 

 

Kaum muslimin jemaah shalat Jum’at Rahimakumullah 

 

Ing wulan punika kaum muslimin dipun imutaken malih kalian pengetan Isra Mi'raj Nabi Muhammad SAW. Isra’ tegesipun tindakipun Rasulullah ing wekdal dalu saking Masjidil Haram dumugi Masjidil Aqsa ing Palestina. Mi’raj tegesipun inggih punika minggah, wonten ing sidrotul muntaha ngadhep wonten Ngarsanipun Gusti Allah kangge nampi dhawuh nindakaken ibadah shalat gangsal wekdal. 

 

Ibadah shalat punika dados ibadah ingkang istimewa, jalaran shalat punika dipun dhawuhaken Allah dhumateng Nabi Muhammad SAW kanthi langsung. Nabi Muhammad ngadhep wonten Ngarso Dalem Allah. Benten kalian dhawuh-dhawuh sanesipun ingkang boten kanthi ngadep wonten Ngarsa Dalem Allah. Mungguhipun tiyang Islam, shalat punika dados kuwajiban, ing pundi papan panggenan lan ing kawontenan punapa kemawon. Shalat gangsal wekdal banget pentingipun, jalaran shalat punika dados pokokipun ibadah, menawi tiyang Islam sampun nindakaken shalat kanthi saestu, mila badhe dipun paringi margi ingkang sae dening Allah. Semanten ugi shalat punika dados pondasi, shalat ingkang sampun sae badhe mujudaken pribadi nipun tiyang Islam ingkang tansah taat mituhu dhateng dhawuhipun Gusti Allah, sahingga badhe katebihaken saking sedaya tumindak ingkang boten sae, Allah SAW sampun ngendika: 

 

“Wacananen apa kang wis kawahyokake slira-Mu (Muhammad), yaiku Al Kitab (Alquran), lan jumenengake shalat. Sak temene shalat iku bisa nyegah saka (panggawe-panggawe) ala lan (lelakon) kang disengiti. Lan satemene ngelingi Allah (shalat) iku luwih agung (kautamane ketimbang ibadah-ibadah liyane). Lan Allah iku ngudaneni apa kang sira kabeh pada ngelakoni”. (QS. Al Ankabuut: 45) 

 

Kaum muslimin jemaah shalat Jum’at Rahimakumullah 

Kejawi shalat punika migunani kagem gesangipun manusia wonten ing alam donya, shalat punika dados dasaripun sedaya amal ibadah, menawi shalatipun sae insya-Allah ibadah sanesipun badhe dados sae. Mekaten punika tentunipun shalat ingkang dipun tindakaken kanthi saestu utawi shalat ingkang sampun khusuk. Nalika nindakaken shalat saestu nembe ngadhep wonten Ngarsa Dalem Allah, sedaya pedamelan dipun tinggalaken, raga lan jiwanipun saestu nembe ngadhep dhateng Allah. Penggalihipun dipun selehaken, sedaya perkawis dipun tujukaken dhateng Allah. Ampun ngantos wekdal nindakaken shalat ingkang namung sekedhap namung kagem guguraken kuwajiban mawon, nanging kedah dipun niati lan dipun tindakaken kanthi saestu. 

 

Kathah tiyang ingkang nindakaken shalat namung penggalihipun boten shalat, kathah ugi ingkang nindakaken shalat namung pados wekdal sela ing sak lebetipun ningali sinetron lan sak terasipun, nenggo nalika nembe iklan. Kanthi mekaten yektos boten wonten bentenipun antawis sak saderingupun shalat kalian sak sampunipun shalat. Kanthi mekaten wekdal ingkang namung sekedhap kagem indakaken shalat punika dipun ginakaken kanthi saestu supados ngasilaken shalat ingkang khusuk. Amargi shalat ingkang khusuk saged bentuk pribadinipun tiyang ingkang iman dan taqwa dhumateng Gusti Allah, wonten ing pundi papan panggenan rumaos tansah dipun awasi dening Allah, sinaosa boten saget mirsani Gusti Allah, nanging tansah yakin bilih Allah tansah pirsa dhateng sedaya tindak lampahipun. 

 

Semanten ugi shalat ingkang khusuk punika saged kagem lantaran nyuwun dhumateng Gusti Allah. Amargi sak jatosipun wekdal shalat punika wekdal kagem ngadhep wonten Ngarsa Dalem Allah, tundhuk, patuh, pasrah lan semeleh wonten Ngarsa Dalem Allah. Lahiripun ngadhep kanthi nindakaken kaifiyah shalat lan batosipun saestu nembe manunggal ngadhep wonten Ngarsa Dalem Allah. Kathah tiyang ingkang nindakaken shalat namung dereng khusuk, mila khusuk punika kedah dipun usahakaken. 

 

Sepindhah kedah dipun lurusaken niatipun, niat shalat namung kagem nindakaken dhawuhipun Allah lan pados ridhanipun Allah. 

 

Kaping kalih dipun sempurnakaken wudhunipun, wudhu punika minangka dados syarat syahipun nindakaken shalat, wudhu kagem ngicalalen hadats ingkang alit. Mila kaifiyah shalat dipun tindakaken kanthi saestu, kados pundi caranipun kemu, cuci wajah, nyuci asta, ngusap ritma, nyuci telingan lan nyuci samparan kedah netepi tata caranipun wudhu. 

 

Kaping tiga dipun kathah-kathahakan anggenipun tindakan shalat sunnah, ampun ngantos tiyang Islam bahil anggenipun ngibadah. Allah paring kuwajiban shalat gangsal wekdal, sahingga namung shalat gangsal wekdal mawon ingkang dipun tindakaken. Nanging kedahipun shalat sunnah ugi dipun tindakaken. Sahingga kanthi ngulinakaken nindakaken shalat sunnah, mila shalat fardhunipun badhe dados ringan. 

 

Kaping sekawan dipun kathah-kathahekn nindakaken dzikir. Dzikir tegesipun enget dhateng Allah. Dzikir punika boten sak ikhlasipun, nanging dzikir ingkang kathah badhe mujudaken pribadi ingkang ikhlas. Allah SWT sampun ngendika: 

 

“He wong wong kang padha iman, pada dzikira sira kabeh (kanthi nyebut asma) Allah, kelawan dzikir kang se-akeh-akehe. Lan padha macaha tasbih sira kabeh marang Panjenengane ana ing mangsa isuk lan sore”. (QS. Al Ahzab: 41-42) Kanthi punika menawi kita tansah emut dhateng Allah, mila Allah badhe gampilaken panuwunipun kawulane Allah: 

 

“Lamun kawula-kawula Ingsun pada takon marang Sira (Muhammad) babakan Ingsun, mangka dhawuha yen satuhune Ingsun iku parek. Ingsun nyembadani panyuwune wong-wong kang donga marang Ingsun, sangka iku, dheweke supaya nyembadani (sekabehe perintah) Ingsun lan dheweke supaya pada iman marang Ingsun, supaya padha oleh pituduh”. (QS. Al Baqarah: 186) 

 

Kaping gangsal shalat dipun tindakaken kanthi berjamaah, amargi shalat berjamaah punika ganjaranipun badhe dipun tikelaken dening Allah ngantos pitulikur derajat. Fadhilah lan kautamanipun saking shalat berjamaah punika saget nambahi ganjaran ingkang badhe dipun paringaken Allah. Kanthi ganjaran punika badhe nambah bobotipun amal ibadah, bobotipun amal kesahenan wonten Ngarsa Dalem Allah. Sehingga menawi tiyang Islam punika sampun kathah ganjaranipun, sampun kata ibadahipun. Yektos badhe dipun gampilaken urusanipun dening Allah. Rasulullah SAW ngendika:

 

 أَنَا عِنْدَ ظَنِّ عَبْدِي بِي وَأَنَا مَعَهُ إِذَا ذَكَرَنِي فَإِنْ ذَكَرَنِي فِي نَفْسِهِ ذَكَرْتُهُ فِي نَفْسِي وَإِنْ ذَكَرَنِي فِي مَلَإٍ ذَكَرْتُهُ فِي مَلَإٍ خَيْرٍ مِنْهُمْ وَإِنْ تَقَرَّبَ إِلَيَّ بِشِبْرٍ تَقَرَّبْتُ إِلَيْهِ ذِرَاعًا وَإِنْ تَقَرَّبَ إِلَيَّ ذِرَاعًا تَقَرَّبْتُ إِلَيْهِ بَاعًا وَإِنْ أَتَانِي يَمْشِي أَتَيْتُهُ هَرْوَلَةً 

 Aku manut marang panyanane kawula Ingsun, lan Ingsun nyertani lamun dheweke eling marang Ingsun. Lamun dheweke eling marang Ingsun, mangka Ingsun bakal eling marang dheweke. Lan lamun dheweke eling marang Ingsun sak jroning wong akih, mangka aku bakal eling marang dheweke ing sajroning wong akih kang luwih bagus tinimbang dheweke. Lamun dheweke mareki Ingsun sak kilan mangka Aku bakal mareki dheweke sak lengen, lan lamun kawula Ingsun mareki Ingsun sak lengen Ingsun bakal mareki dheweke sak dhepa. Lan lamun dheweke mareki Ingsun karo mlaku, mangka Ingsun bakal mareki dheweke kelawan mlayu”. (HR. Buchari) 

 

Nindakaken shalat punika minangka wujud kita mareke Gusti Allah, mugi-mugi ibadah shalat ingkang tansah dipun sempurnakaken punika badhe dadosaken kita tansah rumaos caket dhateng Allah. Sahingga Allah tansah paring kasembadan dhateng sedaya panuwun kita, amin.

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ