6/04/2020

Wong Wadon Ilang Ayune, Wong Lanang Ilang Baguse -Basa Jawa Ngoko



Sawijining dina ana pawongan loro kang crita, perkara wong wadon kang dipilih. Wong lanang siji takon karo kancane, awakmu milih wong wadon kue merga apane? Kancane jawab, merga ayune ya. Jawaban kang lumrah biasa dimirengake saka wong lanang. Senajan wis ngerti marang hadis nabi Muhammad SAW, lamun sira nyenengi marang wong wadon kuwi merga telung perkara sepisanan merga bandane, kaping loro merga keturunane, kaping telu merga ayune lan kaping papat merga agamane. Ananging kang luwih utama kuwi milih agamane, dadi perkara nggon bandha, keturunane, ayune kuwi sakwuse sak ngisore saka agama.

Dadi pilihan pertama yaiku marga saka agama. Mergane nengapa kok agama? Merga agama kang bisa nylametake urip ing dunya lan akhirat. Lamun bandha ya ora bakal digawa mati, nyenengi merga saka keturunane ya ora njamin bisa jaga seka genine neraka. Apa maning nyenengi wong wadon merga ayune. Lamun duweni akhlaq kang bagus ya bakal nglarani ati marang wong lanang.
Wong lanang lamun ditakoni, milih wong wadon merga apane? Biasane jawabane kompak merga ayune, pancen bener wong lanang iku ora munafik, nomor siji pancen ayune. Banjur wong lanang siji takon karo kancane, wong wadon diarani ayu kuwi merga apane? Merga sirahe, awake, sikile, tangane, irunge, lambene lan apa maning.

Saka crita iku isa dipundhut hikmahe, akih-akihe pawongan ningali bagus, ayu merga seka raine. Ana maneh cerita, ana wong lanang kang lagi numpak pit motor, ing ngarepe ana wong wadon kang katon elok lan ndhemenake. Ing sakjroning ati wong mikir, mandan ayune wong wadon iku. Sahingga wong lanang iku banjur nyepatake playune pit motor supayane bisa nyalip wong wadon iku lan isa mirsani jane raine koyo ngopo. Banjur nalika wis cedhak dipirsani jebule ora kaya kang ana ing panyana. Jebule wong wadon iku biasa-biasa wae, ora pati ayu. Wong lanang iku banjur nyepetake playune pit motore.
Kahanan kang mengkono iki jelas mertelakake, lamun kang diarani ayu iku merga raine, ananging ing jaman saiki prasasat wong wadon ilang ayune, wong lanang ilang baguse. Mergane raine ditutupi nganggo masker. Sahingga wong lanang utawa wadon, tuwa utawa enom kabeh padha nganggo masker, sahingga ora isa dingerteni wong wadon kui ayu apa ora ora, wong lanang bagus opo ora, ya ora keton wargane sing dipirsani mung mripate wae.

Mila mengkono iku, ing jaman sak iki wiwit sasi Maret kepengker nganti dina saiki sasi Juni, negara Indonesia lan ugi masarakat donya, kabeh nembe nandhang utawa nampa pagebluk Covid-19 sahingga kanggo nyegah anane virus, supayane ora nular marang wong liya awake kabeh supaya ngulinakake nganggo masker. Masker iku kang nutupi raine, sahingga kanthi masker iku, prasasat ora ana bedane wong ayu, ora ana bedane wong bagus. Kang bedakake among maskere. Apata ora kepingin keton ayune, utawi keton baguse, temtu wae kabeh wong kepengin kaya sak maune, ora ketutupan masker.

Mila kita kabeh didhawuhi karo pemerintah supaya padha bareng-bareng brasta virus lan ngilangake pagebluk, kelawan lelakon:

  1. Biasakake nyuci tangane nganggo sabun utawa nganggo hand sanitizer.
  2. Ngulinakake nganggo masker.
  3. Jaga jarak utawi social distancing.
  4. Ora susah nganakake kumpul-kumpul, lan rapat-rapat, shalat jamaah, nanging lamun kapeksa nindakake jarake antarane wong siji karo wong siji, adohe kurang antarane sak meter tekan rong meter. Semana uga wong Islam kang nindakake shalat jamaah iya kudu jaga jarak, aja mepet-mepet.
  5. Biasaake jaga reresik, yaiku ana ing papan panggonan, musholla, masjid, sekolah, pondok supaya di semprot kanggo disinfektan.
  6. Lamun kita padha ketemu karo kancane, seduluré, maring atasane ora usah salam-salaman. Pakulinan salam-salaman ora dilakoni, semana uga aja padha rangkulan lan, cipa-cipi kang isa nularake virus.


Dadi kahanan negara ingkang nembe nandang wabah virus korona iki, dadi tanggung jawab kabeh warga negara Indonesia, kalebu para ulama’ lan umara’, lan kabeh rakyat. Kahanan kaya ngono kuwi pancen abot, apa maning pakulinan apik kang dilakoni wong-wong Islam. Kaya ora susah shalat jamaah ning masjid, shalat Jum’at, pengajian, shilaturahim, salaman, kumpul-kumpul. Nanging kaya mengkana iku merga kahanan, sahingga kabeh wong kudune pada ngelingake marang sak padha-padha, kanggo medhot nular lan nyebare virus korona. Lamun wis bisa pedot banjur kabeh wong bisa nglakoni ngibadah lan nyambut gawe rumangsa aman lan ora kuatir maning.