Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

11/04/2022

Mujudaken Anak Turun Kang Kuat, Bebas Stunting - Khutbah Jum'at

Tujuan pernikahan antasiwipun kangge nerasaken keturunan. Ewadene keturunan ingkang dipun kersakaken inggih punika ingkang kiat, sehat lan taat ibadahipun. Mila Kangge mujudaken punika kedah mawi usaha lan ikhtiar. Mila kita aturaken kanthi khutbah Jum'at.

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بنِعْمَةَ اْلِإيْمَانِ وَاْلإِسْلَامِ، وَأَفْهَمَنَا مِنْ عُلُوْمِ الدِّيْنِ وَاْلعَقِيْدَةِ، وَبَيَّنَ لَنَا وَأَرْشَدَنَا اْلأَخْلَاقَ الْكَرِيْمَةَ وَاْلأَعْمَالَ الصَّالِحَةَ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْنَا بِهَا مِنْ أَهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ شَافِعُ اْلأُمَّةِ وَخَيْرُ اْلبَرِيَّةِ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّالِحَاتِ وَيَجْتَنِبُوْنَ اْلَمنْهِيَّاتِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قُلْ اِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّوْنَ اللّٰهَ فَاتَّبِعُوْنِيْ يُحْبِبْكُمُ اللّٰهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ 

 

Kaum muslimin jamaah salat Jumat Rahimakumullah. 

 

Pertama lan ingkang paling utami, kawula tansah wasiyat dhateng pribadi kula piyambak lan sumrambah dhumatang para jamaah, mangga kita sami nigkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah. Mugi-mugi kita slamet lan wilujeng wiwit dunya dumugi benjang ing dinten qiyamat, amin.

 

 وَلْيَخْشَ الَّذِيْنَ لَوْ تَرَكُوْا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعٰفًا خَافُوْا عَلَيْهِمْۖ فَلْيَتَّقُوا اللّٰهَ وَلْيَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا 

 

“ Lan becik pada wedia marang Allah, wong-wong kang seumpamane pada ninggalake anak-anak keturunan ing mengkone padha apes-apes, kang dheweke kabeh padha nguatirake anak keturunane (yen ing mengkone anak keturunannya padha urip kejingkrangan). Amarga saka iku becik padha taqwaha dheweke iku marang Allah. Lan becik padha ngucap kelawan tetembungan kang bener”. (QS. Annisa’: 9) 

 

Midherek saking ayat punika, Allah ngimutaken dhumateng kawulanipun supados sami mikiraken dhumateng anak turunipun ing tembe wingkingipun, supados dados tiyang ingkang kiyat, ampun ngantor dados tiyang ingkang asor lan apes. 

 

Midherek Prof. Dr. KH. Didin Hafifhuddin MS, Direktur Pascasarjana Universitas Ibnu Khaldun Bogor, bilih ingkang dipun wastani asor lan apes punika wonten sekawan. Sepindhah asor lan apes ing iman lan aqidahipun, kaping kalih asor lan apes ing ibadahipun, kaping tiga asor lan apes ing ilmunipun, kaping sekawan asor lan apes ing ekonominipun. (https://www.republika.co.id/berita/puick1374/jangan-tinggalkan-generasi-yang-lemah-dalam-4-hal). 

 

Iman dan Aqidah Islam punika ingkang dados sumberipun kekiatan, kenyamanan, ketenangan lan bahagianing gesang. Mila iman lan aqidah ingkang ringkih bakal gampil kenging virus syirik lan munafik. Kanthi iman ingkang kiyat badhe nuwuhaken kayakinan bilih Gusti Allah tansah paring pengayoman dhateng tiyang-tiyang ingkang iman lan taqwa dhateng Allah. 

 

Mila Allah SWT sampun paring pangertosan kanthi tuladhaning Luqmanul Hakim ing dalem paring pendidikan dhateng putranipun:

 

 وَاِذْ قَالَ لُقْمٰنُ لِابْنِهٖ وَهُوَ يَعِظُهٗ يٰبُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيْمٌ 

 

“ Lan nalika Luqman paring dhawuh dhateng putranipun, nalika dheweke nasehati, “He anakku, aja nyekuthokake Allah! Satuhune nyekuthokake (Allah) iku bener-bener kezaliman kang gedhe”. (QS. Luqman: 13) 

 

Kaping kalih ingggih punika lemah ibadahipun. Ibadah punika wujud saking iman. Sempurnaning iman dipun wujudaken kanthi ibadah, lan hakeket dipun ciptakaken manungsa inggih kagem ngibadah. Kanthi punika ibadah kedah dipun tindakaken kanthi istiqomah. 

 

Aqidah kalian ibdah punika kalih perkasis ingkang boten saget dipun pisahaken. Iman badhe tambah kiyat manawi ibadahipun dipun tingkataken, kaleres kuantitas lan kualitasipun. Kuantitas tegesipun nindakaken badah dipun kathah-kathahaken, kados dene nindakaken shalat boten namung shalat gangsal wekda, nanging dipun tingkataken kalian shalat-shalat sunnahipun. 

 

Shalat badhe badhe dados khusuk lan ikhlas menawi shalatipun dipun tambaha kaian shalat sunnahipun. Kathah tiyang ingkang shalatipun namung sekedar guguraken kewajiban, shalat boten khusuk, boten ikhlas mila shalat dereng saget mujudaken kemaslahatan lan kemanfaatan. Allah sampun ngendika:

 

 اُتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَۗ اِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ

 

“Wacanen apa kang wus diwahyuhake marang sira lan tindakna shalat. Satuhune shalat iku nyegah saka (penggawean) keji lan mukar”. (QS. Al Ankabuut: 45) 

 

Kaping tiga inggih punika asor lan ringkih ing perkawis ilmu. Ilmu punika dados margi gampil kangge mujudaken harapan lan maksudipun gesang. Kanthi ilmu gesang punika badhe dados gampil, kanthi agami gesang punika badhe jelas arahipun. Pramila rasul nate ngendika, al ilmu nuur, ilmu punika dados cahyo. Cahyo punika kangge paring padhang. Mila supados umat Islam punika kiat ing perkawis ilmu rasul sampun paring dhawuh: Thabul ilmi faridhatun ‘ala kulli muslimin wamuslimatin. Lan pados ilmu boten wonten waresipun: Uthlubul ilma minal mahdi ilal lahdi. 

 

Kaping sekawan inggih punika asor lan ringkih ing ekonominipun, ekonomi lan pengshasilan punika dados kabetahanipun gesang manungsa. Kathah tiyang ingkang dados murtad amargi ekonominipun asor lan ringkih. Mila supados ekonomipun saget kiat kedah kanthi usaha, ikhtiar lan tawakal dhateng Allah. Allah sampun ngendika:

 

 اِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۗ 

 

“Satuhune Allah ora bakal ngrubah kahanane sawijining kaum, kejaba kaum iku kang ngrubah marang awake dhewe”. (QS. Arro’du: 11) 

 

Mila kangge mujudaken anak turun ingkang kiat, kedah dipun siapkaken imanipun, dipun latih ibadahipun, dipun dhawuhi tansah ngudi ilmu lan marginipun pados maisah ingkang halal lan thayyib. Mila sak derengipun bangun bale griya kedah dipun siapaken calon pinenganten kanthi netepi aturanipun pemerintah ingggih UU Nikah no 16 tahun 2019 bilih calon pengantin yuswaipun sampun ngancik 19 tahun. 

 

Yuswa punika ados ukuran dewasanipun calon pengantin, sinaosa boten dados kemutlakan dewasanipun, amargi pendidikan,media lan pergaulan ugi saget dadosaken tiyang punika sampun dewasa tinimbang yuswa ing samesthinipun. 

 

 Calon penganting ingkang sampun siap bangun bale griya, ing tentunipun badhe ngasilaken anak turun ingkag kiat imanipun, ibadahipun, ilmunipun lan ekonominipun. Ampun nagntos ngalisalen anak turun ingkang kirang pertumbuhan lan perkembanganipun. Melai lahir dados bayi ingkang boten sehat lan tumbuh kembang dados lare stunting. Naudhubillah min dhalik, mugi kita dipun tebihaken saking perkawis ingkang boten sae.

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

4/28/2022

Temen lan Mentesing Ibadah, Khutbah Bahasa Jumat Bahasa Jawa

Manungsa dipun ciptakaken dening Allah supados sami ngibadah. Kanthi temen lan mentes anggenipun ngibadah mila badhe dados tiyang ingkang begja ing dunya lan ing akhirat. Mila supados ibadahipun mentes, kejawi kedah tansak dipun sempurnakaken ugi kedah dipun tambahi anggenipun nindakaken ibadah sunnah.
اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بنِعْمَةَ اْلِإيْمَانِ وَاْلإِسْلَامِ، وَأَفْهَمَنَا مِنْ عُلُوْمِ الدِّيْنِ وَاْلعَقِيْدَةِ، وَبَيَّنَ لَنَا وَأَرْشَدَنَا اْلأَخْلَاقَ الْكَرِيْمَةَ وَاْلأَعْمَالَ الصَّالِحَةَ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ شَافِعُ اْلأُمَّةِ وَخَيْرُ اْلبَرِيَّةِ,اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّالِحَاتِ وَيَجْتَنِبُوْنَ اْلَمنْهِيَّاتِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: قُلْ اِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّوْنَ اللّٰهَ فَاتَّبِعُوْنِيْ يُحْبِبْكُمُ اللّٰهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ 

 

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah Pertama lan ingkang paling utami, khatib paring wasiat khususipun dhateng pribadi kula piyambak lan sumrambah dhumateng para jemaah shalat Jum’at, mangga sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar punapa ingkang dados awisanipun Allah. Mugi-mugi kita kalebet kawulanipun Gusti Allah ingkang dipun paringi keselamatan, kesarasan, wilujeng, begja wiwit dunya ngantos benjang ing yaumil qiyamah, amin. 

 

Kaum muslimin jema’ah shalat Jumat Rahimakumullah. 

 

Allah SWT sampun nyiptakaken menungsa minangka dados ‘Abdullah lan khalifatullah. ‘Abdullah tegesipun kawulaning Gusti Allah, mila dipun paringi jejibahan supados tansah manembah dhateng Allah. Kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar awisanipun. Khalifatullah artosipun bilih manungsa dipun paring jejibahan supados, jagi, ngrimat dan ginakaken sedaya alam lan isinipun kangge kesejahteraan, kamulyanipun. Allah SWT sampun paring pangandikan:

 

 وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ 

 

“Lan Ingsun (Allah) ora dadekake jin lan menungsa, ananging supaya manembah marang Ingsun (Allah). (QS. Adz-Dzariyat: 56) Lan wonten Alquran surat Attaubah ayat 13 Allah paring dhawuh:

 

 وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوْٓا اِلٰهًا وَّاحِدًاۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ سُبْحٰنَهٗ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ 

 

“Lan dheweke kabeh ora didhawuhi ananging supaya manembah marang Pangeran kang Maha Tunggal. ora ana Pangeran kejaba dheweke (Allah). Maha suci (Allah), saking apa bae kang disekuthokake”. 

 

Wonten surat lan ayat Alquran punika Allah SWT negasaken bilih tujuanipun Allah nyiptakaken jin lan menungsa punika sepados menembah lan ngibadah dhumateng Gusti Allah. Kanthi mekaten, mila menungsa badhe kraos lan rumaos ayem lan aman amargi saking perlindunganipun Allah. Semanten ugi sedaya daya upayanipun inggih mergi saking kuasanipun Allah lan manungsa namung dipun paringi kekiyataan kangge usaha lan ikhtiar. 

 

Mila mekaten ibadah ingkang dipun tindakaken saget murni lan ikhlas amargi boten wonten ingkang dipun tuju kejawi namung kangge ngibadah dhateng Allah SWT. Mila derajadipun manungsa boten badhe ewah saking ahsani taqwiim, bagus-baguse bentuk ing dhalem kedadosanipun. 

 

Minangka sarana kangge mujudakem punika, ibadah saget dipun tindakaken kanthi kuantitas. Inggih punika dipun kathah-kathahaken ibadahipun. Kejawi ibadah fardhu ugi ibadah sunnahipun. Ibadah fardhu boten saget dipun tambahi, nanging saget dipun sampurnakaken. Shalat fardhu wonten gangsal wekdal, boten kenging dipun tambahi nanging saged dipun sempurnakaken kanthi nyempurnakaken kaifiyah, tumakninah lan waosanipun. Ugi dipun sempurnakaken kanthi ngathah-ngathahaken ibadah shalat sunnah. 

 

Mila ibadah-ibadah ingkang sampun dipun dhawuhaken Gusti Allah lan dipun tindakaken kanthi tuntunanipun Rasulullah Muhammad SAW, dipun tindakaken kanthi sak sae-saenipun. Kanthi ngathah-ngathaken ibadah shalat sunnah, mila ibadah shalat fardhu badhe kroas ringan lan gampil sahingga ibadah shalat badhe nuwuhaken roas ikhlas, sabar, istiqomah, tawadhu’, ridha, rawakal lan sifat sae sanesipun. 

 

Ibadah ingkang sampun sampurna tegesipun ibadahipun sampun mentes, sahingga saking ibadah punika badhe ngasilaken hikmah gumantung kalian ibadahipun. Menawi ibadah shalat badhe ngasilaken sifat lan akhlaq manungsa ingkang sae sahingga tansah ngantos-antos anggenipun makarya sahingga saget katebihaken saking pedamelan ina lan murka. Allah SWT sampun paring dhawuh:

 

 اُتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَۗ اِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ ۗوَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُ ۗوَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ 

 

 “Wacanen apa kang wis diwahyuhake marang sliramu (Muhammad) hiya iku Al Kitab (Alquran) kang wus diwayuhake marang slira-Mu, lan jumenengake shalat. Satuhune shalat iku bisa nyegah saka (penggawe-penggawe) kang ala lan (lelakon) kang disengiti”. (QS. Al Ankabut: 45). 

 

 Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

 

 Ibadah puasa ingkang berkualitas inggih ingkang sampurna. Kanthi punika ibadah puasa saget mujudaken tiyang Islam ingkang muttaqin, Allah SWT sampun paring dhawuh:

 

 يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ 

 

“He wong-wong kang padha iman, diwajibake marang awakmu supaya puasa (Ramadhan) kaya dene kang wus diwajibake marang wong-wong sak durunge sira, supaya dadi wong kang taqwa”. (QS Al Baqarah: 183). 

 

Shiyam boten namun nyegah saking dhahar lan ngunjuk melai wekdal imsak ngantos suruping srengenge. Nanging shiyam kedah nyegah saking sedaya perkawis ingkang saged batalaken puasa lan ingkang saget ngrisak ibadah puasa. Kanthi mekaten kita kedah saget jagi lisan saking pangandikan ingkang boten sae. Kita kedah saget jagi manah saking sedaya raos serik. Kita kedah saget jagi penggalih saking pikiran ingkang negatif. saget jagi mripat saking paninggal ingkang boten sae. Jagi telingan saking pamireng ingkang boten sae. Rasulullah SAW paring pangandikan:

 

 إِذا كَانَ يَوْمُ صَوْمِ أَحدِكُمْ ، فَلا يَرْفُثْ وَلا يَصْخَبْ ، فَإِنْ سَابَّهُ أَحَدٌ ، أَوْ قاتَلَهُ ، فَلْيَقُلْ : إِنِّي صائمٌ" متفقٌ عليه 

 

 “Nalika ana ing dina salah sijine wong ing antarane sira puasa, mangka aja ngucap kang ala lan aja memungsuhan. Nalika salah sjih dielek-elek utawa diajak tukaran mangka ngucapa, satuhune aku lagi puasa”. (HR. Buchari Muslim). Ing hadits sanesipun Rasulullah ngendika:

 

 مَنْ لَمْ يَدعْ قَوْلَ الزُّورِ والعمَلَ بِهِ فلَيْسَ للَّهِ حَاجةٌ في أَنْ يَدَعَ طَعامَهُ وشَرَابهُ " رواه البخاري. 

 

“Sapa wonge kang ora ninggalake ucapan goroh lan ora ninggalake tumindak kasar, mula ora ana keperluane kanggo Gusti Allah, ing sak jerone dheweke ninggalake nedha lan ngunjuk. (HR Bukhari) 

 

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

 

Hasil ingkang dipun raosaken dening para muzakki. Bilih zakat punika minangka ibadah sosial, badhe saget mujudaken pribadi ingkang tansah syukur dan sabar. Syukur anggenipun nampi anugerah saking Allah. Malah kanthi syukuripun ngrumaosi bilih bandha dunya punika namung titipanipun Gusti Allah. Kanthi ngedalaken zakat, infaq lan shadaqah tambah remen anggenipun paring pambiyantu dhateng para fakir miskin lan lare yatim. Malah wonten manahipun medal energi positif bilih zakat, infaq, shadaqah punika boten badhe ngirangi riszqi. Malah Gusti Allah badhe nambah rizqinipun kanthi margi ingkang mboten dipun mangertosi dening kawula nipun. Mekaten ugi nalika dipun cobi, kanthi dipun kirangi bandhanipun tansah sabar. Rezqi punika peparingipun Allah, manungsa namun gadah kewajiban supados usaha, ikhtiar lan tawakal. Mila menawi mirsani dhateng tiyang ingkang nembe nandang cobi, piyambakipun tuwuh raos empatinipun, inggih punika nderek ngraosaken rekaosipun tiyang kenging musibah. 

 

Ingkang terakhir hikmah uatawi hasil saking ibadah haji. Haji minangka rukun Islam ingkang kaping gangsal. Ziarah wonten ing tanah suci, menawi sampun pikantuk predikat haji mabrur , mila semangat spiritual dan sosialipun dados minggah. Haji mabrur balesanipun boten sanes kejawi suwarga. Kangge merkoleh suwarga temtunipun kedah tansah ningkataken anggenipun ngibadah. Kanthi mekaten ibadah ingkang mentes utawi ingkang berkualitas saged paring manfaat kagem sedayanipun. Lan ibadah punika tansah dipun sempurnakaken.

 

Mugi-mugi Allah tansah paring rahmat, maghfirahipun dhateng kita sahingga waget nindakaken ibadah kanthi istiqomah, amin.

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

9/23/2021

Tansah Ngati-ati lan Waspada, Usaha, Ikhtiar lan Dunga – Khutbah Jum’at Bahasa Jawa

Alhamdulilah pagebluk Covid-19 melai kirang, hingga pemerintah sampun marengaken kelonggaran kangge ngibadah lan makarya. Masjid, pasar, sekolah dipun bikak, nanging kita ketah tansah ngantos-atos lan waspada, mila kedah tansah usaha lan ikhtiyar, ampun pedhot anggenipun manuwun dhateng Allah SWT.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْأَخْلاَقَ مِنَ الدِّيْنِ، وأَعْلَى بِهَا شَأْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ، اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ: اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن وَقالَ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى: وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَ 

 

Para jemaah shalat Jum’at ingkang kawula hormati. 

 

Pertama lan ingkang paling utami, kawula tansah wasiat khususipun dhateng pribadi kawula piyambak, sumrambah dhumateng panjenengan sedaya, mangga kita tingkataken iman dan taqwa dhumateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Mugi-mugi kita sedaya tansah dipun paringi kesarasan, kawilujengan lan kabekjan wiwit dunya dumugi benjang ing dinten qiamat, amin. 

 

Kaum Muslimin jemaah salat Jum’at Rahimakumullah. 

 

Wekdal punika, sak dangunipun kawontenan pagebluk Covid-19, sak punika wonten kabar ingkang ngremenaken khususipun dhateng para pelajar, mahasiswa, wali murid lan para dewan guru, amargi melai tanggal 8 September 2021 pemerintah sampun maringi kelonggaran dhateng kita, khususipun wonten ing lembaga pendidikan ngawontenaken sinau kanthi pepanggihan. Artosipun para pelajar lan mahasiswa saget mlebet ing sekolah utawi kampus. Sampun kalih tahun langkung sami sinau wonten ing dalem kanthi online. Mila ing wekdal punika para pelajar saget pinanggih kalian guru lan rencang-rencangipun. 

 

Kawontenen punika amargi ing dunya punika saweg ketaman pagebluk Covid-19, mila kanthi usaha lan ikhtiar, sekedhik-mawi sekedhik badhe mlebet ing kawontenan ingkang normal malih. Mila kita kedah tansah ningkataen raos syukur lan ampun kendat anggenipun nyuwun dhateng Allah supados gesang kita dipun tebihaken saking bendhu, balak , musibah lan bencana. 

 

Sinaosa kados mekaten tentu kita kedah tansah ngatos-atos lan paspada, ampun banget anggenipun ajrih lan kuwatos nanging ugi ampun sembrana lan kumalungkung. Margi sajatosipun manungsa punika makhluk ingkang boten angghadahi daya kejawi peparingipun Gusti Allah. Mila namung dhateng Gusti Allah kita manembah lan nyuwun pitulungan. Gusti Allah badhe paring pitilungan dhateng tiyang ingkang nyuwun, mila kanthi nindakaken ibadah Allah badhe paring pitulungan dhateng kita sedaya. Allah SWT sampun ngendika:

 

 وَاِذَا سَاَلَكَ عِبَادِيْ عَنِّيْ فَاِنِّيْ قَرِيْبٌ ۗ اُجِيْبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ اِذَا دَعَانِۙ فَلْيَسْتَجِيْبُوْا لِيْ وَلْيُؤْمِنُوْا بِيْ لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُوْنَ 

 

“Lan nalikane, kawula Ingsun takon marang sira (Muhammad) perkara Aku, satuhune Aku perek, Aku bakal ngabulake panyuwune wong kang nyuwun marang Ingsun, mula dheweke netepi (dhawuh) lan iman marang Ingsun, supaya dheweke tansah manggon ing kabeneran”. (QS. Al Baqarah: 186). 

 

Kaum Muslimin jemaah salat Jum’at Rahimakumullah. 

 

Ing ayat punika Gusti Allah sampun mretelakaken bilih do’a lan panyuwun badhe dipun kabulaken kanthi lantaran inggih punika tansah nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar awisanipun Allah. Mekaten punika supados tansah pinaringan pitedah saking Ngarsa Dalem Allah SWT. Rasulullah SAW sampun ngendika:

 

 ثَلَا ثَةٌ لَا تُرَدُّ دَعْوَتُهُمْ: اَلْأِمَامُ الْعَادِلُ وَالصَّائِمُ حَتَّى يُفْطِرَ وَدَعْوَةُ الْمَظْلُوْمِ (رواه مسلم) 

 

“Telung golongan kang dongane ora ditolak, yaiku pemimpin kang adil, wong kang lagi puasa nganti buka lan dongane wong kang dianiaya. (HR. Muslim)

 

 لَايَزَالُ يُسْتَجَابُ لِلْعَبْدِ مَالَمْ يَدْعُ بِاِثْمٍ أَوْقَطِيْعَةِ رَحِمٍ مَالَمْ يَسْتَعْجِلْ قِيْلَ يَا رَسُوْلَ اللهِ وَمَا الْاِسْتِعْجَالُ؟ قَالَ يَقُوْمُ قَدْ دَعَوْتُ فَلَمْ اَرَ يُسْتَجَابُ لِي فَيَحْسِرُ عِنْدَ ذَالِكَ وَيَدَعُ الدُّعَاءَ (رواه أحمد والترمذي والنسائي وابن ماجه) 

 

“Bakal ditampa panyuwun saben kawula, selagi ora dongakake perkara kang dadekake dosa utawa medhot paseduluran (lan) selagi ora jaluk enggal-eggal dikabulake. (Sahabat) matur dhateng Rasulullah, “Punapa ingkang dipun wastani enggal-enggal dipun kabulaken duh rasul? Rasul ngendika, maksude kawula kang ngucap, satuhune aku wis dunga, nanging kok durung dikabulake, nuli kuciwa lan ora ndunga maneh”. (HR. Ahmad, At-Tirmidzi, Annasa’i, Ibnu Majah). 

 

Gusti Allah Maha Welas lan Asih, nanging Gusti Allah ugi paring dhawuh dhateng manungsa. Mila Welas Asihipun Gusti Allah kedah dipun kanteni kalian ibadah, nganthi ngibadah wonten ingkang dipun sembah lan wonten ingkang nyembah. Ingkang dipun sembah inggih punika ingkang dadosaken alam semesta, lan ingkang nyembah ingkang dipun ciptakaken. Mila nalika dedunga dhateng Allah kedah rumaos ashor, Allah ngendika wonten surat Al Mukmin ayat 60:

 

 وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَ 

 

“Lan Gusti Allah ngendika: dongaha marang Ingsun, yekti bakal Ingsun kabulake kanggo sira (apa penjangkanira). Satuhune wong-wong kang gimedhe ora gelem ngibadah marang Ingsun bakal mlebu (neraka) Jahannam kelawan ina".

 

Kaum Muslimin jemaah salat Jum’at Rahimakumullah. 

 

Kanthi kawontenan ingkang tambah sekeca ampun ngantos lajeng, pandemi Covid-19 melai kirang nanging kedah ngantos-atos lan waspada, kita pingin sehat lan slamet, mila kita kedah tansah usaha lan ikhtiar. Mila kita tansah eling tiniling lan wasiat-winasiyatan ing dalem nindakaken dhawuh lan nilar awisanipun Allah.

 

 أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ , اِذَا جَاۤءَ نَصْرُ اللّٰهِ وَالْفَتْحُۙ ١ وَرَاَيْتَ النَّاسَ يَدْخُلُوْنَ فِيْ دِيْنِ اللّٰهِ اَفْوَاجًاۙ ٢ فَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ وَاسْتَغْفِرْهُۗ اِنَّهٗ كَانَ تَوَّابًا ࣖ ٣وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

9/01/2021

Njagi, Ngrimat lan Ngiyataken Hidayah Iman - Khutbah Bahasa Jawa

Iman punika hidayah saking Ngarsa Dalem Allah, hidayah iman lan Islam kedah dipun syukuri kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah. Bukti saking iman inggih punika kanthi tumindak amal shalih, kanthi punika tiyang Islam kedah dhemen nindakaken amal shalih. 

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْأَخْلاَقَ مِنَ الدِّيْنِ، وأَعْلَى بِهَا شَأْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ، اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ: اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن وَقالَ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَكُونُواْ مَعَ الصَّادِقِيْنَ. اِنَّكَ لَا تَهْدِيْ مَنْ اَحْبَبْتَ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ 

 

Para jemaah shalat Jum’at ingkang kawula hormati. 

 

Pertama lan ingkang paling utami, kawula tansah wasiat khususipun dhateng pribadi kawula piyambak, sumrambah dhumateng panjenengan sedaya, mangga kita tingkataken iman dan taqwa dhumateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Mugi-mugi kanthi istiqomah, ikhlas lan sabar anggenipun nindakaken dhawuhipun Gusti Allah. Ing salebetipun gesang kita tansah pinaringan kabegjan wiwit dunya dumugi benjang wonten ing alam akhirat, amin. 

 

Para sedherek ingkang kawula hormati. 

 

Allah subhanahu wa ta'ala sampun paring pengendikan wonten ing salebeting Alquran:

 

 وَمَنْ يَّبْتَغِ غَيْرَ الْاِسْلَامِ دِيْنًا فَلَنْ يُّقْبَلَ مِنْهُۚ وَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ 

 

“ Sapa wong manut agama sak liyane Islam, mula babar pisan ora bakal tinarima (agama iku) saka dheweke, lan dheweke ing akhirat kalebu golongane wong- wong kang padha rugi”. (QS. Ali Imran: 85) 

 

Ayat punika nedahaken bilih kanthi ngugemi syariat agami Islam, mila sedaya amal saenipun badhe dipun tampi dening Allah. Kosok wangsulipun sinaosa tiyang punika nindakaken amal kesaenan, ananging boten iman dhumateng Allah lan utusanipun, mila amal ibadahipun boten badhe dipun tampi dening Allah. Mila iman ingkang sampun tinancep wonten ing sak lebetipun manah kedah tansah dipun kiyataken. Amargi iman punika badhe goyah kanthi mapinten-pinten pangridu, saget kanthi bandha dunya, pangkat lan jabatan, pakaryan lan gesang bebrayan. 

 

Mila supados hidayah iman lan Islam punika tansah tinancep ing kalbu lan ngrembaka ing amal kesahenan, wonten mapinten-pinten cara: 

 

1. Kita kedah tansah ngudi kaweruh, kanthi nindakaken pengaosan, maos buku-buku lan kitab. Mila kanthi tansah ngudi ilmu punika badhe dados tiyang ingkang wicaksana, boten gampil anggenipun nyacat, nyalahaken tiyang sanes, duka, sungkawa. Tiyang ingkang dhemen ngudi ilmu ing dalem akhlaq lan solah bawanipun badhe andhap ashor, tiyang Jawi mastani kados pantun ingkang sampun mratak. Pantun ingkang sak waunipun dangak, tambah dangu dados tumungkul amargi pantunipun aos. Nanging menawi pantunipun gabuk utawi boten wonten isinipun inggih tansah dangak. Mila Rasulullah Muhammad SAW tansah paring gati dhumateng tiyang Islam supados tansah ngudi kaweruh melai lahir dumugi seda, ninaosa tebih kedah dipun padosi. 

 

2. Tansah nindakaken amal shaleh, mergi iman punika kedah dipun kanteni kalian amal shalih. Amal shalih punika kangge mujudaken raos syukur dhumateng Allah. Amal shalih punika mujudaken saenipun hablun minannas. Kanthi hablun minannas punika mental lan spiritual tiyang Islam badhe dipun uji. Amargi tumindak sae asring boten dipun sunggati kanthi sae, punapa malih tumindak awon. Damel kesahenan boten masthi dipun wales kanthi kesaenan. Mekaten punika amargi Gusti Allah dadosaken manungsa angghadhahi watek lan akhlaq ingkang mawarni-warni. 

 

3. Dipun rutinaken maos Alquran, mergi Alquran sinaosa namung dipun waos, badhe nuwuhaken raos ayem lan tentrem:

 

 وَنُنَزِّلُ مِنَ الْقُرْاٰنِ مَا هُوَ شِفَاۤءٌ وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَۙ وَلَا يَزِيْدُ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا خَسَارًا 

 

“Lan Ingsun (Allah) turunake saka Alquran sawiji-wiji kang hiya iku tamba (lara sasar) lan hiya rupa rahmat tumrap wong-wong kang padha iman lan Alquran iku ora isa nambahi marang wong-wong dzalim kajaba mung karugen”. (QS. Al Isra’: 82) 

 

Kejawi saking punika maos utawi mirengaken Alquran ugi badhe dipun paring ganjaran dening Allah, dipun etang saking saben hurufipun malah badhe dipun tikelaken. 

 

4. Dipun kathah-kathahaken anggenipun nindakaken ibadah sunnah sak sampunipun ibadah fardhu dipun tindakaken. Contonipun shalat sunnah, puasa sunnah ingkang kathah warninipun, infaq lan shadaqah ingkang kathah marginipun, shilaturahmi lan senesipun. Kalebet ibadah maghdhah lan ghairu maghdhaipun tansah dipun tindakaken kanthi sesarengan. 

 

5. Dhemen nindaki majelis dzikir, jalaran ing saben wekdal para malaikat keliling ing lumahing bumi madosi tiyang-tiyang ingkang sami ninfakaken majis dzikir: 

 

 إنَّ لِلَّهِ تَعَالَى مَلَائِكَةً يَطُوْفُوْنَ فِي الطُّرُقِ يلْتَمِسُوْنَ أَهْلَ الذِّكْرِ، فَإِذَا وَجَدُوْا قَوْماً يَذْكُرُوْنَ اللهَ عَزَّ وَجَلَّ تَنَادَوْا: هَلُمُّواْ إلَى حَاجَتِكُمْ 

 

“Satuhune Allah Ta’ala dhuweni malaikat kang tansah mubeng-mubeng ing dalan-dalan goleki majlis dzikir, lamun wis nemu mula undang-undang marang kancane, mreneha mula bakal teka hajatira”. (HR. Buchari Muslim) 

 

6. Mikir lan gatosaken saking ayat-ayat Allah arupi alam semesta punika:

 

 اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۗ مَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا شَفِيْعٍۗ اَفَلَا تَتَذَكَّرُوْنَ 

 

“Gusti Allah kang nitahake langit lan bumi lan apa kang ana ing antarane langit lan bumi, ana ing sajrone nem dina, tumuli Panjenengane nguwasani ngarasy. Ora ana tumrap sira kabeh sak liyane Panjenengane sawijiene pawongan kang dadi kekasih, lan (uga) ora ana sawijine pawongan kang maringi syapangat. Mula apatoh sira kabeh ora padha migatekake ?” (QS. Assajdah: 4) 

 

7. Dhemen kumpul lan srawung kalian tiyang shalih, mila tiyang shalih punika badhe paring gati lan piwulang dhateng margi ingkang sae lan leres. Dhemen nindakaken kabecikan lan nilar dhateng perkawis ingkang awon lan sasar. 

 

8. Ngathah-ngathahaken maos tahlil:

 

 جَدِّدُواْ اِيْمَانَكُمْ, قِيْلَ يَارَسُوْلَ اللهِ وَكَيْفَ نُجَدِّدُواْ اِيْمَانَنَا قَالَ اَكْثِرُواْ مِنْ قَوْلِ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ 

 

“Anyar-anyarna iman sira kabeh, sahabat matur kados pundi anggen kita dandosi iman kita? Rasul ngendika akeh-akena pada maca la ilaha illallah”. (HR. Ahmad lan Hakim) 

 

 Para sedherek, kaum muslimin ingkang kawula hormati. 

 

Iman punika ing salah satunggaling wekdal kraos kiyat lan ing wekdal sanes kraos kendor, mekaten punika ketingal saking amal ibadahipun. Pramila supados tansah kiyat kedah dipun uri-uri kanthi ikhlas, sabar lan istiqomah nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah SWT. Mugi-mugi Allah tansah paring kekiatan lan kesempatan dhateng kita sedaya, amin.

 

 أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ , وَالْعَصْرِۙ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍۙ اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ ەۙ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ ࣖ وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

8/12/2021

Pasrah lan Ihtiyar Ngadhepi Gerah , Saras lan Pati – Khutbah Jum’at Basa Jawa

Kathah tiyang sami gerah, saras lan pati amargi pagebluk Covid-19, mila mangga sami netepi dhawuh saking Allah, rasul lan ulil amri. Ampun sembrana lan kumalungkung. Manungsa punika boten gadhah daya lan kekiyatan kejawi saking Ngarsa Dalem Allah SWT.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَالْاَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَتِ وَالنُّوْرِ ثُمَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُوْنَ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْخَالِقُ الْبَارِءُ الْمُصَوِّرُ لَهُ الْاَسْمَاءُالْحُسْنَى, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ: اَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنُ رَحِمَكُمُ اللهُ, اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَقَالَ رَبُّكُمْ فِى الْقُرْانِ الْكَرِيْمِ اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَأَيُّهَاالَّذِيْنَ اَمَنُوا اصْبِرُواْ وَصَابِرُواْ وَرَابِطُواْ وَاتَّقُوااللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ 

 

Kaum muslimin jemaah shalat Jum’at Rahimakumullah 

Pertama lan ingkang paling utami kawula wasiat khususipun dhateng pribadi kula piyambak lan sumrambah dhumateng panjenengan sedaya, mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah subhanahu wa ta'ala, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh- dhawuhipun Allah lan nilar awisanipun Gusti Allah, mugi-mugi kita tansah linuberan welas asih saking Gusti Allah, sehingga kita tansah saras lan wilujeng sangking pagebluk Covid-19. 

 

Kaum muslimin jemaah shalat Jum’ah Rahimakumullah 

Zaman sak punika kita tasih wonten ing kawontenan pagebluk Covid-19 ingkang nggegirisi tumrap gesangipun manungsa. Amargi wonten ing pundi papan panggenan, kita mirsani gendera pethak lan wonten tanda belasungkawa, tandanipun wonten tiyang ingkang seda. Lan prasasat saben wekdal kita mireng pawartos tiyang ingkang seda. Kejawi saking punika, kathah tiyang ingkang nandang gerah, leres ingkang gerah mertamba wonten griya sakit, wonten ingkang nindakaken karantina wonten panggenan ingkang dipun cawisaken dening pamerintah lan wonten ingkang isoman. 

 

Kanthi mekaten kathah ingkang sehat lan wonten ingkang tambah gerah akhiripun seda. Kanthi kawontenen punika, ngemutaken dhumateng kita sedaya, bilih gesang lan pejah punika sampun dipun tentukaken dening Allah subhanahu wa ta'ala:

 

 كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ ثُمَّ اِلَيْنَا تُرْجَعُوْنَ 

 

“Saben-saben awak-awakan iku mesthi bakal ngicipi pati, tumuli marang panggonan kang Ingsun kersakake sira kabeh bakal dibalekake”. (QS. Al Ankabut: 57) 

 

Lan wonten ing ayat sanesipun Allah ngendika:

 

 وَلِكُلِّ اُمَّةٍ اَجَلٌۚ فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ 

 

 “Saben-saben umat nduweni wates wektu, mula yen wis teka wektune, dheweke ora bisa ngundurake sedhela wae lan (uga) ora bisa ngajokake”. (QS. Al A’rof: 34)

 

 قُلْ لَّآ اَمْلِكُ لِنَفْسِيْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا اِلَّا مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۗ لِكُلِّ اُمَّةٍ اَجَلٌ ۚاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ فَلَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ 

 

“Dhawuha sira! Ingsun ora kuwasa nekakake kemelaratan lan (uga) ora kemanfangatan marang awak ingsun, kejaba kang dikersakake Gusti Allah, saben-saben umat duweni ajal. Nalikane wis teka ajale dheweke kabeh, mula dheweke kabeh ora bisa ngundurake sethithik wae lan (uga) ora bisa ndhisikake”. (QS. Yunus: 49) 

 

Kanthi kawontenan pagebluk lan saking pangandikanipun Gusti Allah, boten ateges kita tumuli namung pasrah dhumateng Gusti Allah, nanging kita sampun dipun paringi akal dening Gusti Allah, supados dipun ginakaken kagem mikiraken saking sedaya kedadosan ing alam dunya. Kita kedah usaha dan ikhtiar, supados tansah dipun paringi kesarasan, kawilujengan, tebih saking balak lan billahi. Allah sampun ngendika wonten Alquran:

 

 اِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۗ وَاِذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِقَوْمٍ سُوْۤءًا فَلَا مَرَدَّ لَهٗ ۚوَمَا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّالٍ 

 

“Sak temene Gusti Allah ora ngowahi kahanane sawijine kaum, nganti kaum iku dhewe kang ngowahi marang kahanane kang ana ing awake dhewe. Lan nalikane Gusti Allah ngersakake kecingkrangan ing atase sawiijine kaum, mula ora ana kang bisa nulak, lan babar pisan ora ana pangayom tumrap dheweke kabeh kejaba mung Panjenengane”. (QS. Arro’du: 11) 

 

Kanthi makaten gesang lan pejah punika sampun dados qodratipun Allah, nanging sehat punika kedah dipun usahakaken. Kita nyuwun dipun paring panjang yuswa, lan sehat punika langkung utami, tinimbang dipun paring panjang yuswa nanging tansah nandang gerah. Saras lan sakit punika dados pilihanipun manungsa, kanthi punika supados tansah sehat dipun jagi saking dhahar lan ngunjukipun, dhaharan lan unjukan ingkang eca boten mesthi sae kagem badan, eca punika namun ing tutuk lan namung sak wetawis. Mila saget ugi eca ing tutuk nanging ing padharan lan ing badan boten sae. Semanten ugi jaga badan supados tansah sehat dipun kulinakaken olah raga, kathah gerak lan aktifitas lan rohaninipun ugi dipun siram kanthi ngathah-ngathah-ngathahaken ngibadah dhumateng Allah, shalat, dzikir, maos Alquran sak terasipun. 

 

Selami wonten pagebluk punika, mangga kita manut dhateng dhawuhipun pamerintah, supados nindakaken protokol kesehatan, 5 M 1 D. 

 

  1. Memakai masker, tansah ngagem masker menawi medal sangking qriya. 
  2. Mencuci tangan, tansah biasakaken nyuci asta ngagem sabun mawi toya ingkang mili. 
  3.  Menjaga jarak, inggih punika nalika kempal kalian tiyang sanes, atur pengandikan kedah ngedoh ing antawis setunggal meter. 
  4.  Menjauhi kerumunan, ngedohi saking pakempalan. 
  5.  Mengurangi mobilitas, inggih punika ngirangi lelungan ingkang kirang penting, kejawi wonten perkawis ingkang banget pentingipun lan boten saged dipun tunda. 
  6.  Doa, kita tingkaten anggenipun ngibadah dhumateng Allah, manuwun dhateng Allah, nyuwun welas asihipun Gusti Allah. Lan langkung sae menawi anggenipun donga lan nyuwun dhateng Allah mawi wasilah amal shalih. Mila antawis iman lan amal shalih punika kedah dipun tindakaken sesarengan.  

 

Kaum muslimin jemaah shalat Jum’at Rahimakumullah. 

 

Kanthi mekaten, wontenipun pagebluk punika, ampun ngantos banget kuwatosipun, nanging ugi sampun ngantos kita sembrana, kumalungkung lajeng boten nindakaken dhawuhipun saking pemerintah. Mila kita kedah muhasabah, bilih taat dhateng Allah lan rasulipun kita kedah taat dhateng pamerintah.

 

 يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَاُولِى الْاَمْرِ مِنْكُمْۚ فَاِنْ تَنَازَعْتُمْ فِيْ شَيْءٍ فَرُدُّوْهُ اِلَى اللّٰهِ وَالرَّسُوْلِ اِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ ذٰلِكَ خَيْرٌ وَّاَحْسَنُ تَأْوِيْلًا ࣖ ٥٩ 

 

“He wong-wong kang padha iman, anuta marang marang Allah, anuta marang rasul lan pemimpin sangka sira . Tumuli yen sira beda panemu tumrap sijineng perkara, mangka balekna masalah kuwi marang Allah (Alquran) lan rasul (sunnahe), yen sira bener-bener iman marang Allah lan dina akhir. Kang kaya mengkana kuwi luwih utama (tumrap sira) lan luwih becik pungkasane”. (QS. Annisa’: 59) 

 

Manungsa punika makhluk ingkang boten gadhah daya kejawi peparingipun Allah, mila mangga kita makarya lan tansah budidaya amrih tansah pinaringan welas ashipun Allah SWT, dipun singkiraken saking balak, bilahi lan pagebluk, amin ya Robbal ‘alamin.

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ .وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

7/16/2021

Kanthi Musibah lan Cobaan Kita Tingkataken Iman lan Taqwa

Allah SWT, zat ingkang nyiptakaken sedaya alam semesta lan Allah ingkang paring sedaya kabetahaning gesang manungsa. Allah dhawuh dhateng manungsa supados manembah, manungsa betahaken Allah kanthi mekaten kedahipun sedaya manungsa sami nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun, inggih punika kanthi nindakaken ibadah.

ألسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

 اَللهُ أَكْبَرُ ×٩كَبِيْرًا وَالْحَمْدُللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلًا. لَا إِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِيْ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلاَحْزَابَ وَحْدَهُ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِّيَ بَعْدَهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَاِبِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ اْلقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ اتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ 

 

 Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd. 

Para sedherek kaum muslimin Jemaah shalat Id Rahimakumullah 

Boten wonten wasiyat ingkang langkung utami, kejawi wasiat iman lan taqwa dhateng Allah SWT. Mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun, mugi-mugi kita tansah pinaringan rahmat lan berkahipun Allah SWT sahingga kita tansah ikhlas, sabar lan istiqomah anggenipun nindakaken dhawuh-dhawuhipun. 

 

Ing dinten punika kita kaum muslimin dipun engetaken malih kalian kisahipun nabi Ibrahim lan Ismail anggenipun ikhlas lan sabar nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah. Sahingga Allah paring kamulyan ing tembe wingkingipun. Ibrahim lan Ismail saestu dados rasul pinilih sahingga keluarganipun, bapak, ibu lan putranipun sami taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah, mekaten punika mergi ing satunggaling keluarga biasanipun inggih wonten mawon ingkang ingkar lan duraka dhateng dhawuhipun Allah. Syariatipun nabi Ibrahim lan Ismail tansah dipun lestantunaken wonten ing dalem syariatipun nabi Muhammad SAW, kados ingkang nembe kita tindakaken , inggih punika nindakaken shalat Idul Adha, lan saksampunipun badhe dipun tindakaken motong hewan qurban. 

 

Wonten ing riyaya Idul Adha punika kaum muslimin nembe ing kawontenan pandemi Covid-19, inggih punika salah satunggalaing pagebluk ingkang ngancam dhateng gesangipun umat manungsa. Sampun dados wolak-wailikipun zaman, nalika ing Idul Adha 1441 H, kawontenan pandemi, nanging wonten kawicaksanan nindakaken adaptasi kebiasaan baru, sahingga kaum muslimin saget nindakaken shalat Id wonten ing masjid utawi alun-alun. Ananging ing tahun punika nindakaken shalat Id dipun dhawuhaken wonten ing dalemipun piyambak kalian keluarganipun. Mekaten punika kanthi dasar bilih pemerintah nglaksanakaken PPKM darurat, lan ugi saking Surat Edaran Menteri Agama No. 17 tahun 2021 bilih amargi kawontenan pandemi ingkang tasih bahayani sahingga nindakaken shalat Id wonten ing dalem. Kejawi kagem wilayah zona ijem lan kuning saget nindakaken shalat wonten ing masjid, langar, musholla lan alun-alun, tentunipun kedah nerapaken protokol kesehatan kanthi ketat. 

 

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd. 

Para sedherek kaum muslimin Jemaah shalat Id Rahimakumullah 

 

Menawi kita etang saking nikmatipun Allah ingkang dipun paringaken dhateng makhukipun, yektos manungsa boten badhe saget ngitung. Jalanan Allah Maha Kuwaos, Allah sampun nyiptakaken bumi langit sak isinipun, Allah ugi sampun nyediakaken sedaya ingkang dipun betahaken dening manungsa. Allah paring rahmat lan barokah dhateng sedaya alam. Kanthi mekaten Allah paring dhawuh dhateng para manungsa ingkang dipun taklif supados sami manembah dhateng Allah.

 

 وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ 

 

 “Lan Ingsun (Allah) dadekake jin lan manungsa ora ana liya supaya pada nyembah maring Allah”. (QS. Adz-dzariyat: 56) 

 

 Allah dhawuh manembah punika boten ateges menawi boten dipun sembah Allah badhe kirang kuasa lan agungipun. Satuhune sinaosa sedaya makhlukipun Allah punika sami manembah dhateng Allah boten badhe nambah agungipun Allah, lan menawi sedaya makhluk sami duraka dhateng Allah boten badhe ngirangi agungipuin Allah. Rasulullah SAW ngendika:

 

 يَا عِبَادِي لَوْ أَنَّ أَوَّلَكُمْ وَآخِرَكُمْ وَإِنْسَكُمْ وَجِنَّكُمْ كَانُوا عَلَى أَتْقَى قَلْبِ رَجُلٍ وَاحِدٍ مِنْكُمْ مَا زَادَ ذَلِكَ فِي مُلْكِي شَيْئًا يَا عِبَادِي لَوْ أَنَّ أَوَّلَكُمْ وَآخِرَكُمْ وَإِنْسَكُمْ وَجِنَّكُمْ كَانُوا عَلَى أَفْجَرِ قَلْبِ رَجُلٍ وَاحِدٍ مَا نَقَصَ ذَلِكَ مِنْ مُلْكِي شَيْئًا 

 

“He, kawula Ingsun, lamun wong-wong kang dingen lan wong-wong kang keri-keri sarta manungsa lan jin, kabeh padha taqwa kang sak benere, mangka mengkono kui ora bakal nambah kuasa Ingsun. He, kawula Insun, lamun wong-wong kang dingen lan wong-wong kang keri-keri sarta manungsa lan jin, kabeh padha duraka sak banget-bangete, mangka sitik wae ora bakal ngurangi kuasa Ingsun”. (HR. Muslim) 

 

 Kanthi mekaten, manembah dhateng Allah punika kabetahanipun manungsa, manungsa ingkang betah Gusti Allah lan Gusti Allah boten betahake manungsa. Sedaya dhawuh lan awisanipuin Allah mengku gati, mila menawi manungsa sami iman lan taqwa yekyos Gusti Allah badhe paring rahmat lan keberkahan, mekaten punika kasebat wonten ing dalam Alquran surat Al A’rof ayat 96.

 

 وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْقُرٰٓى اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكٰتٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ وَلٰكِنْ كَذَّبُوْا فَاَخَذْنٰهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ 

 

“Menawa sekirane para pendhudhuke negara-negara padha iman lan taqwa, wus menthi Ingsun bakal nurunake marang dheweke mau berkah sangka langit lan bumi, ananging dheweke padha anggorohake (marang ayat-ayat Ingsun) kuwi, akhire Ingsun siksa wong-wong mau amargo lelakone dhewe”. (QS. Al A’rof: 97) 

 

Midherek saking ayat punika bilih menawi sedaya penduduke bumi sami iman lan taqwa dhateng Allah, tansah nyingkiri saking sedaya awisanipiun Allah, kados tumindak syirik, damel risaking bumi, yektos Gusti Allah badhe paring kaberkahan saking langit. Kanthi punika wontenipun pademi Covid-19 punika mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah. Kita tindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan kita tilar awisanipun. Dipun melai saking keluarga, Allah SWT sampun dhawuh wonten Alquran suart Attaqhrim ayat:6.

 

 يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ ٦ 

 

“He wong-wong kang padha iman, padha ngreksaha awak ira kabeh lan kawulawarga ira kabeh seka genining neraka”. (QS. Attahrim: 6) 

 

Kelurga punika minangka cikal bakalipun saking masyarakat lan negari, sae lan awonipun negari gumantung kalian keluarga lan masyarakatipun. Mila mangga kita sami ngudi nindakaken dhawuhipun agami dipun melai saking kaluwarga. Akhiripun mangga kita engetaken kalian pangendikanipun rasul 

 

مَثَلُ الْقَائِمِ عَلَى حُدُودِ اللَّهِ وَالْوَاقِعِ فِيهَا كَمَثَلِ قَوْمٍ اسْتَهَمُوا عَلَى سَفِينَةٍ فَأَصَابَ بَعْضُهُمْ أَعْلَاهَا وَبَعْضُهُمْ أَسْفَلَهَا فَكَانَ الَّذِينَ فِي أَسْفَلِهَا إِذَا اسْتَقَوْا مِنْ الْمَاءِ مَرُّوا عَلَى مَنْ فَوْقَهُمْ فَقَالُوا لَوْ أَنَّا خَرَقْنَا فِي نَصِيبِنَا خَرْقًا وَلَمْ نُؤْذِ مَنْ فَوْقَنَا فَإِنْ يَتْرُكُوهُمْ وَمَا أَرَادُوا هَلَكُوا جَمِيعًا وَإِنْ أَخَذُوا عَلَى أَيْدِيهِمْ نَجَوْا وَنَجَوْا جَمِيعًا 

 

”Kaumpaman wong kang negakake hukum Allah lan wong kang meneng, ing dalem karone kaya dene kaum numpak prahu, nuli saperangan entuk panggonan ing dhuwur lan saperangan ing ngisor. Nuli wong kang ana ing ngisor lamun bakal golek banyu kanggo ngumbe kudu ngliwati wong kang sak dhuwure nuli ngucap, umpamane oleh dibolongi wae prahu iki supaya entuk bagian nanging ora ganggu wong kang sak duwur Ingsung. Lamun wong kang ana ing dhuwur ngejorake apa wae kang dikarepake wong kang ana ing ngisor mangka wong kabeh bakal sirna. Nanging lamun dheweke nyegah kelawan kelawan astane mula bakal slamet kabeh”. (HR. Buchari). 

 

Mugi-mugi pandemi Covid-19 enggal sirna, Allah Maha Kuwaos nyiptakaken lan Maha Kuwaos nyirnakaken. Allah panggenan kagem kita manuwun, amin. 

وَقُلْ رَّبِ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرٌ رَاحِمِيْنَ   

 

 

 

الخطبة الثانية

 

 اَللهُ أَكْبَرُ ×٧كَبِيْرًا وَالْحَمْدُللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلًا. لَا إِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُلِلَّهِ مُعِزِّ مَنْ أَطَاعَهُ وَاتَّقَاهُ, وَمُذِلِّ مَنْ أَضَاعَ أَمْرَهُ وَعَصَاهُ.أَشْهَدُ أَنْ لآ اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَاِبِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ اْلقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ: إِنَّ اللهَ وَمَلَا ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِّى يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُواْ صَلُّواْ عَلَيْهِ وَسَلِّمُواْ تَسْلِيْماً. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ النَّبِيِّ الْاُمِّيِّ وَعَلَى أَلِهِ وَاَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّتِهِ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِناَ اِبْرَا هِيْمَ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْ مِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ أَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ. أَللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِنَا وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ اِلَى النُّوْرِ وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ وَبَا رِكْ لَنَا فِى أَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا وَقُلُوْبِنَا وَأَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ, رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْاَ خِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ