4/28/2022

Temen lan Mentesing Ibadah, Khutbah Bahasa Jumat Bahasa Jawa

Manungsa dipun ciptakaken dening Allah supados sami ngibadah. Kanthi temen lan mentes anggenipun ngibadah mila badhe dados tiyang ingkang begja ing dunya lan ing akhirat. Mila supados ibadahipun mentes, kejawi kedah tansak dipun sempurnakaken ugi kedah dipun tambahi anggenipun nindakaken ibadah sunnah.

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بنِعْمَةَ اْلِإيْمَانِ وَاْلإِسْلَامِ، وَأَفْهَمَنَا مِنْ عُلُوْمِ الدِّيْنِ وَاْلعَقِيْدَةِ، وَبَيَّنَ لَنَا وَأَرْشَدَنَا اْلأَخْلَاقَ الْكَرِيْمَةَ وَاْلأَعْمَالَ الصَّالِحَةَ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ شَافِعُ اْلأُمَّةِ وَخَيْرُ اْلبَرِيَّةِ,اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّالِحَاتِ وَيَجْتَنِبُوْنَ اْلَمنْهِيَّاتِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: قُلْ اِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّوْنَ اللّٰهَ فَاتَّبِعُوْنِيْ يُحْبِبْكُمُ اللّٰهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ 

 

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah Pertama lan ingkang paling utami, khatib paring wasiat khususipun dhateng pribadi kula piyambak lan sumrambah dhumateng para jemaah shalat Jum’at, mangga sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar punapa ingkang dados awisanipun Allah. Mugi-mugi kita kalebet kawulanipun Gusti Allah ingkang dipun paringi keselamatan, kesarasan, wilujeng, begja wiwit dunya ngantos benjang ing yaumil qiyamah, amin. 

 

Kaum muslimin jema’ah shalat Jumat Rahimakumullah. 

 

Allah SWT sampun nyiptakaken menungsa minangka dados ‘Abdullah lan khalifatullah. ‘Abdullah tegesipun kawulaning Gusti Allah, mila dipun paringi jejibahan supados tansah manembah dhateng Allah. Kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar awisanipun. Khalifatullah artosipun bilih manungsa dipun paring jejibahan supados, jagi, ngrimat dan ginakaken sedaya alam lan isinipun kangge kesejahteraan, kamulyanipun. Allah SWT sampun paring pangandikan:

 

 وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ 

 

“Lan Ingsun (Allah) ora dadekake jin lan menungsa, ananging supaya manembah marang Ingsun (Allah). (QS. Adz-Dzariyat: 56) Lan wonten Alquran surat Attaubah ayat 13 Allah paring dhawuh:

 

 وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوْٓا اِلٰهًا وَّاحِدًاۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ سُبْحٰنَهٗ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ 

 

“Lan dheweke kabeh ora didhawuhi ananging supaya manembah marang Pangeran kang Maha Tunggal. ora ana Pangeran kejaba dheweke (Allah). Maha suci (Allah), saking apa bae kang disekuthokake”. 

 

Wonten surat lan ayat Alquran punika Allah SWT negasaken bilih tujuanipun Allah nyiptakaken jin lan menungsa punika sepados menembah lan ngibadah dhumateng Gusti Allah. Kanthi mekaten, mila menungsa badhe kraos lan rumaos ayem lan aman amargi saking perlindunganipun Allah. Semanten ugi sedaya daya upayanipun inggih mergi saking kuasanipun Allah lan manungsa namung dipun paringi kekiyataan kangge usaha lan ikhtiar. 

 

Mila mekaten ibadah ingkang dipun tindakaken saget murni lan ikhlas amargi boten wonten ingkang dipun tuju kejawi namung kangge ngibadah dhateng Allah SWT. Mila derajadipun manungsa boten badhe ewah saking ahsani taqwiim, bagus-baguse bentuk ing dhalem kedadosanipun. 

 

Minangka sarana kangge mujudakem punika, ibadah saget dipun tindakaken kanthi kuantitas. Inggih punika dipun kathah-kathahaken ibadahipun. Kejawi ibadah fardhu ugi ibadah sunnahipun. Ibadah fardhu boten saget dipun tambahi, nanging saget dipun sampurnakaken. Shalat fardhu wonten gangsal wekdal, boten kenging dipun tambahi nanging saged dipun sempurnakaken kanthi nyempurnakaken kaifiyah, tumakninah lan waosanipun. Ugi dipun sempurnakaken kanthi ngathah-ngathahaken ibadah shalat sunnah. 

 

Mila ibadah-ibadah ingkang sampun dipun dhawuhaken Gusti Allah lan dipun tindakaken kanthi tuntunanipun Rasulullah Muhammad SAW, dipun tindakaken kanthi sak sae-saenipun. Kanthi ngathah-ngathaken ibadah shalat sunnah, mila ibadah shalat fardhu badhe kroas ringan lan gampil sahingga ibadah shalat badhe nuwuhaken roas ikhlas, sabar, istiqomah, tawadhu’, ridha, rawakal lan sifat sae sanesipun. 

 

Ibadah ingkang sampun sampurna tegesipun ibadahipun sampun mentes, sahingga saking ibadah punika badhe ngasilaken hikmah gumantung kalian ibadahipun. Menawi ibadah shalat badhe ngasilaken sifat lan akhlaq manungsa ingkang sae sahingga tansah ngantos-antos anggenipun makarya sahingga saget katebihaken saking pedamelan ina lan murka. Allah SWT sampun paring dhawuh:

 

 اُتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَۗ اِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ ۗوَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُ ۗوَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ 

 

 “Wacanen apa kang wis diwahyuhake marang sliramu (Muhammad) hiya iku Al Kitab (Alquran) kang wus diwayuhake marang slira-Mu, lan jumenengake shalat. Satuhune shalat iku bisa nyegah saka (penggawe-penggawe) kang ala lan (lelakon) kang disengiti”. (QS. Al Ankabut: 45). 

 

 Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

 

 Ibadah puasa ingkang berkualitas inggih ingkang sampurna. Kanthi punika ibadah puasa saget mujudaken tiyang Islam ingkang muttaqin, Allah SWT sampun paring dhawuh:

 

 يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ 

 

“He wong-wong kang padha iman, diwajibake marang awakmu supaya puasa (Ramadhan) kaya dene kang wus diwajibake marang wong-wong sak durunge sira, supaya dadi wong kang taqwa”. (QS Al Baqarah: 183). 

 

Shiyam boten namun nyegah saking dhahar lan ngunjuk melai wekdal imsak ngantos suruping srengenge. Nanging shiyam kedah nyegah saking sedaya perkawis ingkang saged batalaken puasa lan ingkang saget ngrisak ibadah puasa. Kanthi mekaten kita kedah saget jagi lisan saking pangandikan ingkang boten sae. Kita kedah saget jagi manah saking sedaya raos serik. Kita kedah saget jagi penggalih saking pikiran ingkang negatif. saget jagi mripat saking paninggal ingkang boten sae. Jagi telingan saking pamireng ingkang boten sae. Rasulullah SAW paring pangandikan:

 

 إِذا كَانَ يَوْمُ صَوْمِ أَحدِكُمْ ، فَلا يَرْفُثْ وَلا يَصْخَبْ ، فَإِنْ سَابَّهُ أَحَدٌ ، أَوْ قاتَلَهُ ، فَلْيَقُلْ : إِنِّي صائمٌ" متفقٌ عليه 

 

 “Nalika ana ing dina salah sijine wong ing antarane sira puasa, mangka aja ngucap kang ala lan aja memungsuhan. Nalika salah sjih dielek-elek utawa diajak tukaran mangka ngucapa, satuhune aku lagi puasa”. (HR. Buchari Muslim). Ing hadits sanesipun Rasulullah ngendika:

 

 مَنْ لَمْ يَدعْ قَوْلَ الزُّورِ والعمَلَ بِهِ فلَيْسَ للَّهِ حَاجةٌ في أَنْ يَدَعَ طَعامَهُ وشَرَابهُ " رواه البخاري. 

 

“Sapa wonge kang ora ninggalake ucapan goroh lan ora ninggalake tumindak kasar, mula ora ana keperluane kanggo Gusti Allah, ing sak jerone dheweke ninggalake nedha lan ngunjuk. (HR Bukhari) 

 

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

 

Hasil ingkang dipun raosaken dening para muzakki. Bilih zakat punika minangka ibadah sosial, badhe saget mujudaken pribadi ingkang tansah syukur dan sabar. Syukur anggenipun nampi anugerah saking Allah. Malah kanthi syukuripun ngrumaosi bilih bandha dunya punika namung titipanipun Gusti Allah. Kanthi ngedalaken zakat, infaq lan shadaqah tambah remen anggenipun paring pambiyantu dhateng para fakir miskin lan lare yatim. Malah wonten manahipun medal energi positif bilih zakat, infaq, shadaqah punika boten badhe ngirangi riszqi. Malah Gusti Allah badhe nambah rizqinipun kanthi margi ingkang mboten dipun mangertosi dening kawula nipun. Mekaten ugi nalika dipun cobi, kanthi dipun kirangi bandhanipun tansah sabar. Rezqi punika peparingipun Allah, manungsa namun gadah kewajiban supados usaha, ikhtiar lan tawakal. Mila menawi mirsani dhateng tiyang ingkang nembe nandang cobi, piyambakipun tuwuh raos empatinipun, inggih punika nderek ngraosaken rekaosipun tiyang kenging musibah. 

 

Ingkang terakhir hikmah uatawi hasil saking ibadah haji. Haji minangka rukun Islam ingkang kaping gangsal. Ziarah wonten ing tanah suci, menawi sampun pikantuk predikat haji mabrur , mila semangat spiritual dan sosialipun dados minggah. Haji mabrur balesanipun boten sanes kejawi suwarga. Kangge merkoleh suwarga temtunipun kedah tansah ningkataken anggenipun ngibadah. Kanthi mekaten ibadah ingkang mentes utawi ingkang berkualitas saged paring manfaat kagem sedayanipun. Lan ibadah punika tansah dipun sempurnakaken.

 

Mugi-mugi Allah tansah paring rahmat, maghfirahipun dhateng kita sahingga waget nindakaken ibadah kanthi istiqomah, amin.

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ