9/23/2021

Tansah Ngati-ati lan Waspada, Usaha, Ikhtiar lan Dunga – Khutbah Jum’at Bahasa Jawa

Alhamdulilah pagebluk Covid-19 melai kirang, hingga pemerintah sampun marengaken kelonggaran kangge ngibadah lan makarya. Masjid, pasar, sekolah dipun bikak, nanging kita ketah tansah ngantos-atos lan waspada, mila kedah tansah usaha lan ikhtiyar, ampun pedhot anggenipun manuwun dhateng Allah SWT.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْأَخْلاَقَ مِنَ الدِّيْنِ، وأَعْلَى بِهَا شَأْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ، اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ: اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن وَقالَ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى: وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَ 

 

Para jemaah shalat Jum’at ingkang kawula hormati. 

 

Pertama lan ingkang paling utami, kawula tansah wasiat khususipun dhateng pribadi kawula piyambak, sumrambah dhumateng panjenengan sedaya, mangga kita tingkataken iman dan taqwa dhumateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Mugi-mugi kita sedaya tansah dipun paringi kesarasan, kawilujengan lan kabekjan wiwit dunya dumugi benjang ing dinten qiamat, amin. 

 

Kaum Muslimin jemaah salat Jum’at Rahimakumullah. 

 

Wekdal punika, sak dangunipun kawontenan pagebluk Covid-19, sak punika wonten kabar ingkang ngremenaken khususipun dhateng para pelajar, mahasiswa, wali murid lan para dewan guru, amargi melai tanggal 8 September 2021 pemerintah sampun maringi kelonggaran dhateng kita, khususipun wonten ing lembaga pendidikan ngawontenaken sinau kanthi pepanggihan. Artosipun para pelajar lan mahasiswa saget mlebet ing sekolah utawi kampus. Sampun kalih tahun langkung sami sinau wonten ing dalem kanthi online. Mila ing wekdal punika para pelajar saget pinanggih kalian guru lan rencang-rencangipun. 

 

Kawontenen punika amargi ing dunya punika saweg ketaman pagebluk Covid-19, mila kanthi usaha lan ikhtiar, sekedhik-mawi sekedhik badhe mlebet ing kawontenan ingkang normal malih. Mila kita kedah tansah ningkataen raos syukur lan ampun kendat anggenipun nyuwun dhateng Allah supados gesang kita dipun tebihaken saking bendhu, balak , musibah lan bencana. 

 

Sinaosa kados mekaten tentu kita kedah tansah ngatos-atos lan paspada, ampun banget anggenipun ajrih lan kuwatos nanging ugi ampun sembrana lan kumalungkung. Margi sajatosipun manungsa punika makhluk ingkang boten angghadahi daya kejawi peparingipun Gusti Allah. Mila namung dhateng Gusti Allah kita manembah lan nyuwun pitulungan. Gusti Allah badhe paring pitilungan dhateng tiyang ingkang nyuwun, mila kanthi nindakaken ibadah Allah badhe paring pitulungan dhateng kita sedaya. Allah SWT sampun ngendika:

 

 وَاِذَا سَاَلَكَ عِبَادِيْ عَنِّيْ فَاِنِّيْ قَرِيْبٌ ۗ اُجِيْبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ اِذَا دَعَانِۙ فَلْيَسْتَجِيْبُوْا لِيْ وَلْيُؤْمِنُوْا بِيْ لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُوْنَ 

 

“Lan nalikane, kawula Ingsun takon marang sira (Muhammad) perkara Aku, satuhune Aku perek, Aku bakal ngabulake panyuwune wong kang nyuwun marang Ingsun, mula dheweke netepi (dhawuh) lan iman marang Ingsun, supaya dheweke tansah manggon ing kabeneran”. (QS. Al Baqarah: 186). 

 

Kaum Muslimin jemaah salat Jum’at Rahimakumullah. 

 

Ing ayat punika Gusti Allah sampun mretelakaken bilih do’a lan panyuwun badhe dipun kabulaken kanthi lantaran inggih punika tansah nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar awisanipun Allah. Mekaten punika supados tansah pinaringan pitedah saking Ngarsa Dalem Allah SWT. Rasulullah SAW sampun ngendika:

 

 ثَلَا ثَةٌ لَا تُرَدُّ دَعْوَتُهُمْ: اَلْأِمَامُ الْعَادِلُ وَالصَّائِمُ حَتَّى يُفْطِرَ وَدَعْوَةُ الْمَظْلُوْمِ (رواه مسلم) 

 

“Telung golongan kang dongane ora ditolak, yaiku pemimpin kang adil, wong kang lagi puasa nganti buka lan dongane wong kang dianiaya. (HR. Muslim)

 

 لَايَزَالُ يُسْتَجَابُ لِلْعَبْدِ مَالَمْ يَدْعُ بِاِثْمٍ أَوْقَطِيْعَةِ رَحِمٍ مَالَمْ يَسْتَعْجِلْ قِيْلَ يَا رَسُوْلَ اللهِ وَمَا الْاِسْتِعْجَالُ؟ قَالَ يَقُوْمُ قَدْ دَعَوْتُ فَلَمْ اَرَ يُسْتَجَابُ لِي فَيَحْسِرُ عِنْدَ ذَالِكَ وَيَدَعُ الدُّعَاءَ (رواه أحمد والترمذي والنسائي وابن ماجه) 

 

“Bakal ditampa panyuwun saben kawula, selagi ora dongakake perkara kang dadekake dosa utawa medhot paseduluran (lan) selagi ora jaluk enggal-eggal dikabulake. (Sahabat) matur dhateng Rasulullah, “Punapa ingkang dipun wastani enggal-enggal dipun kabulaken duh rasul? Rasul ngendika, maksude kawula kang ngucap, satuhune aku wis dunga, nanging kok durung dikabulake, nuli kuciwa lan ora ndunga maneh”. (HR. Ahmad, At-Tirmidzi, Annasa’i, Ibnu Majah). 

 

Gusti Allah Maha Welas lan Asih, nanging Gusti Allah ugi paring dhawuh dhateng manungsa. Mila Welas Asihipun Gusti Allah kedah dipun kanteni kalian ibadah, nganthi ngibadah wonten ingkang dipun sembah lan wonten ingkang nyembah. Ingkang dipun sembah inggih punika ingkang dadosaken alam semesta, lan ingkang nyembah ingkang dipun ciptakaken. Mila nalika dedunga dhateng Allah kedah rumaos ashor, Allah ngendika wonten surat Al Mukmin ayat 60:

 

 وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَ 

 

“Lan Gusti Allah ngendika: dongaha marang Ingsun, yekti bakal Ingsun kabulake kanggo sira (apa penjangkanira). Satuhune wong-wong kang gimedhe ora gelem ngibadah marang Ingsun bakal mlebu (neraka) Jahannam kelawan ina".

 

Kaum Muslimin jemaah salat Jum’at Rahimakumullah. 

 

Kanthi kawontenan ingkang tambah sekeca ampun ngantos lajeng, pandemi Covid-19 melai kirang nanging kedah ngantos-atos lan waspada, kita pingin sehat lan slamet, mila kita kedah tansah usaha lan ikhtiar. Mila kita tansah eling tiniling lan wasiat-winasiyatan ing dalem nindakaken dhawuh lan nilar awisanipun Allah.

 

 أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ , اِذَا جَاۤءَ نَصْرُ اللّٰهِ وَالْفَتْحُۙ ١ وَرَاَيْتَ النَّاسَ يَدْخُلُوْنَ فِيْ دِيْنِ اللّٰهِ اَفْوَاجًاۙ ٢ فَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ وَاسْتَغْفِرْهُۗ اِنَّهٗ كَانَ تَوَّابًا ࣖ ٣وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ