7/16/2021

Kanthi Musibah lan Cobaan Kita Tingkataken Iman lan Taqwa

Allah SWT, zat ingkang nyiptakaken sedaya alam semesta lan Allah ingkang paring sedaya kabetahaning gesang manungsa. Allah dhawuh dhateng manungsa supados manembah, manungsa betahaken Allah kanthi mekaten kedahipun sedaya manungsa sami nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun, inggih punika kanthi nindakaken ibadah.

ألسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

 اَللهُ أَكْبَرُ ×٩كَبِيْرًا وَالْحَمْدُللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلًا. لَا إِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِيْ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلاَحْزَابَ وَحْدَهُ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِّيَ بَعْدَهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَاِبِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ اْلقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ اتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ 

 

 Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd. 

Para sedherek kaum muslimin Jemaah shalat Id Rahimakumullah 

Boten wonten wasiyat ingkang langkung utami, kejawi wasiat iman lan taqwa dhateng Allah SWT. Mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun, mugi-mugi kita tansah pinaringan rahmat lan berkahipun Allah SWT sahingga kita tansah ikhlas, sabar lan istiqomah anggenipun nindakaken dhawuh-dhawuhipun. 

 

Ing dinten punika kita kaum muslimin dipun engetaken malih kalian kisahipun nabi Ibrahim lan Ismail anggenipun ikhlas lan sabar nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah. Sahingga Allah paring kamulyan ing tembe wingkingipun. Ibrahim lan Ismail saestu dados rasul pinilih sahingga keluarganipun, bapak, ibu lan putranipun sami taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah, mekaten punika mergi ing satunggaling keluarga biasanipun inggih wonten mawon ingkang ingkar lan duraka dhateng dhawuhipun Allah. Syariatipun nabi Ibrahim lan Ismail tansah dipun lestantunaken wonten ing dalem syariatipun nabi Muhammad SAW, kados ingkang nembe kita tindakaken , inggih punika nindakaken shalat Idul Adha, lan saksampunipun badhe dipun tindakaken motong hewan qurban. 

 

Wonten ing riyaya Idul Adha punika kaum muslimin nembe ing kawontenan pandemi Covid-19, inggih punika salah satunggalaing pagebluk ingkang ngancam dhateng gesangipun umat manungsa. Sampun dados wolak-wailikipun zaman, nalika ing Idul Adha 1441 H, kawontenan pandemi, nanging wonten kawicaksanan nindakaken adaptasi kebiasaan baru, sahingga kaum muslimin saget nindakaken shalat Id wonten ing masjid utawi alun-alun. Ananging ing tahun punika nindakaken shalat Id dipun dhawuhaken wonten ing dalemipun piyambak kalian keluarganipun. Mekaten punika kanthi dasar bilih pemerintah nglaksanakaken PPKM darurat, lan ugi saking Surat Edaran Menteri Agama No. 17 tahun 2021 bilih amargi kawontenan pandemi ingkang tasih bahayani sahingga nindakaken shalat Id wonten ing dalem. Kejawi kagem wilayah zona ijem lan kuning saget nindakaken shalat wonten ing masjid, langar, musholla lan alun-alun, tentunipun kedah nerapaken protokol kesehatan kanthi ketat. 

 

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd. 

Para sedherek kaum muslimin Jemaah shalat Id Rahimakumullah 

 

Menawi kita etang saking nikmatipun Allah ingkang dipun paringaken dhateng makhukipun, yektos manungsa boten badhe saget ngitung. Jalanan Allah Maha Kuwaos, Allah sampun nyiptakaken bumi langit sak isinipun, Allah ugi sampun nyediakaken sedaya ingkang dipun betahaken dening manungsa. Allah paring rahmat lan barokah dhateng sedaya alam. Kanthi mekaten Allah paring dhawuh dhateng para manungsa ingkang dipun taklif supados sami manembah dhateng Allah.

 

 وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ 

 

 “Lan Ingsun (Allah) dadekake jin lan manungsa ora ana liya supaya pada nyembah maring Allah”. (QS. Adz-dzariyat: 56) 

 

 Allah dhawuh manembah punika boten ateges menawi boten dipun sembah Allah badhe kirang kuasa lan agungipun. Satuhune sinaosa sedaya makhlukipun Allah punika sami manembah dhateng Allah boten badhe nambah agungipun Allah, lan menawi sedaya makhluk sami duraka dhateng Allah boten badhe ngirangi agungipuin Allah. Rasulullah SAW ngendika:

 

 يَا عِبَادِي لَوْ أَنَّ أَوَّلَكُمْ وَآخِرَكُمْ وَإِنْسَكُمْ وَجِنَّكُمْ كَانُوا عَلَى أَتْقَى قَلْبِ رَجُلٍ وَاحِدٍ مِنْكُمْ مَا زَادَ ذَلِكَ فِي مُلْكِي شَيْئًا يَا عِبَادِي لَوْ أَنَّ أَوَّلَكُمْ وَآخِرَكُمْ وَإِنْسَكُمْ وَجِنَّكُمْ كَانُوا عَلَى أَفْجَرِ قَلْبِ رَجُلٍ وَاحِدٍ مَا نَقَصَ ذَلِكَ مِنْ مُلْكِي شَيْئًا 

 

“He, kawula Ingsun, lamun wong-wong kang dingen lan wong-wong kang keri-keri sarta manungsa lan jin, kabeh padha taqwa kang sak benere, mangka mengkono kui ora bakal nambah kuasa Ingsun. He, kawula Insun, lamun wong-wong kang dingen lan wong-wong kang keri-keri sarta manungsa lan jin, kabeh padha duraka sak banget-bangete, mangka sitik wae ora bakal ngurangi kuasa Ingsun”. (HR. Muslim) 

 

 Kanthi mekaten, manembah dhateng Allah punika kabetahanipun manungsa, manungsa ingkang betah Gusti Allah lan Gusti Allah boten betahake manungsa. Sedaya dhawuh lan awisanipuin Allah mengku gati, mila menawi manungsa sami iman lan taqwa yekyos Gusti Allah badhe paring rahmat lan keberkahan, mekaten punika kasebat wonten ing dalam Alquran surat Al A’rof ayat 96.

 

 وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْقُرٰٓى اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكٰتٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ وَلٰكِنْ كَذَّبُوْا فَاَخَذْنٰهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ 

 

“Menawa sekirane para pendhudhuke negara-negara padha iman lan taqwa, wus menthi Ingsun bakal nurunake marang dheweke mau berkah sangka langit lan bumi, ananging dheweke padha anggorohake (marang ayat-ayat Ingsun) kuwi, akhire Ingsun siksa wong-wong mau amargo lelakone dhewe”. (QS. Al A’rof: 97) 

 

Midherek saking ayat punika bilih menawi sedaya penduduke bumi sami iman lan taqwa dhateng Allah, tansah nyingkiri saking sedaya awisanipiun Allah, kados tumindak syirik, damel risaking bumi, yektos Gusti Allah badhe paring kaberkahan saking langit. Kanthi punika wontenipun pademi Covid-19 punika mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah. Kita tindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan kita tilar awisanipun. Dipun melai saking keluarga, Allah SWT sampun dhawuh wonten Alquran suart Attaqhrim ayat:6.

 

 يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ ٦ 

 

“He wong-wong kang padha iman, padha ngreksaha awak ira kabeh lan kawulawarga ira kabeh seka genining neraka”. (QS. Attahrim: 6) 

 

Kelurga punika minangka cikal bakalipun saking masyarakat lan negari, sae lan awonipun negari gumantung kalian keluarga lan masyarakatipun. Mila mangga kita sami ngudi nindakaken dhawuhipun agami dipun melai saking kaluwarga. Akhiripun mangga kita engetaken kalian pangendikanipun rasul 

 

مَثَلُ الْقَائِمِ عَلَى حُدُودِ اللَّهِ وَالْوَاقِعِ فِيهَا كَمَثَلِ قَوْمٍ اسْتَهَمُوا عَلَى سَفِينَةٍ فَأَصَابَ بَعْضُهُمْ أَعْلَاهَا وَبَعْضُهُمْ أَسْفَلَهَا فَكَانَ الَّذِينَ فِي أَسْفَلِهَا إِذَا اسْتَقَوْا مِنْ الْمَاءِ مَرُّوا عَلَى مَنْ فَوْقَهُمْ فَقَالُوا لَوْ أَنَّا خَرَقْنَا فِي نَصِيبِنَا خَرْقًا وَلَمْ نُؤْذِ مَنْ فَوْقَنَا فَإِنْ يَتْرُكُوهُمْ وَمَا أَرَادُوا هَلَكُوا جَمِيعًا وَإِنْ أَخَذُوا عَلَى أَيْدِيهِمْ نَجَوْا وَنَجَوْا جَمِيعًا 

 

”Kaumpaman wong kang negakake hukum Allah lan wong kang meneng, ing dalem karone kaya dene kaum numpak prahu, nuli saperangan entuk panggonan ing dhuwur lan saperangan ing ngisor. Nuli wong kang ana ing ngisor lamun bakal golek banyu kanggo ngumbe kudu ngliwati wong kang sak dhuwure nuli ngucap, umpamane oleh dibolongi wae prahu iki supaya entuk bagian nanging ora ganggu wong kang sak duwur Ingsung. Lamun wong kang ana ing dhuwur ngejorake apa wae kang dikarepake wong kang ana ing ngisor mangka wong kabeh bakal sirna. Nanging lamun dheweke nyegah kelawan kelawan astane mula bakal slamet kabeh”. (HR. Buchari). 

 

Mugi-mugi pandemi Covid-19 enggal sirna, Allah Maha Kuwaos nyiptakaken lan Maha Kuwaos nyirnakaken. Allah panggenan kagem kita manuwun, amin. 

وَقُلْ رَّبِ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرٌ رَاحِمِيْنَ   

 

 

 

الخطبة الثانية

 

 اَللهُ أَكْبَرُ ×٧كَبِيْرًا وَالْحَمْدُللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلًا. لَا إِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُلِلَّهِ مُعِزِّ مَنْ أَطَاعَهُ وَاتَّقَاهُ, وَمُذِلِّ مَنْ أَضَاعَ أَمْرَهُ وَعَصَاهُ.أَشْهَدُ أَنْ لآ اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَاِبِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ اْلقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ: إِنَّ اللهَ وَمَلَا ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِّى يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُواْ صَلُّواْ عَلَيْهِ وَسَلِّمُواْ تَسْلِيْماً. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ النَّبِيِّ الْاُمِّيِّ وَعَلَى أَلِهِ وَاَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّتِهِ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِناَ اِبْرَا هِيْمَ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْ مِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ أَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ. أَللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِنَا وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ اِلَى النُّوْرِ وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ وَبَا رِكْ لَنَا فِى أَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا وَقُلُوْبِنَا وَأَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ, رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْاَ خِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ