3/01/2013

Mujudaken Sehat Lahir lan Batin


Sehat jasmani lan rohani punika dados harapanipun sedaya manungsa, semanten ugi khusus dhateng umat Islam. Kanthi mekaten kangge mujudaken kesehatan jasmani lan rohani punika wonten 6 perkawis, saterasipun dipun singkat kalian gangsal S lan I (5S 1I), kangge gamblangipun badhe kita aturaken mawi cathetan ingkang saget kaasto minangka khatib nalika nindakaken khutbah Jum'ah.


اَلْحَمْدُلِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ حَمْدًاكَثِيْرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيْهِ كُلَّ حَالٍ اَلَّذِى قَدْ اَوْجَبَ مِنْ نُوْرِهِ نُوْرًابِهِ عَمَّ الْهُدَى, اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ لَا نَبِىَّ بَعْدَهُ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ النَّبِىِّ الْكَرِيْمِ وَالرَّسُوْلِ الْعَظِيْمِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَّحَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ أَحْيٰى سُنَّتَهُ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. فَيَآأَيُّهَالْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun. Kanthi iman lan taqwa punika insya-Allah kita badhe dados tiyang ingkang beja wiwit dunya dumugining akherat samangke. Iman lan taqwa punika kita buktikaken kanthi amal kesahenan, amal ingkang selaras kalian dhawuhipun Allah lan utusanipun.
Sehat jasmani lan rohani punika dados harapanipun sedaya manungsa, semanten ugi khusus dhateng umat Islam. Kanthi mekaten kangge mujudaken kesehatan jasmani lan rohani punika wonten 6 perkawis, saterasipun dipun singkat kalian gangsal S lan I (5S 1I):
Sepindah Shalat, shalat punika dados kewajiban pokok tumrap tiyang Islam, sasampunipun ngucapaken shahadatain, tumunten dipun wujudaken kanthi nindakaken shalat gangsal wekdal. Shalat dados mi’rajipun tiyang-tiyang mukmin, nalika kita nembe nindakaken shalat sajatosipun kita nembe ngadhep dhateng Allah SWT. Satuhunipun shalat punika langkung utami dipun bandingaken kalian ibadah-ibadah sanesipun.
“ Wacanen apa kang wus di wakyukake marang sira, yaiku Al Kitab (Alquran) lan tindakna shalat. Satuhune shalat iku nyegah saka penggawean keji lan mungkar. Satuhune eling marang Allah (shalat) iku luwih gedhe (kautamane saka ibadah-ibadah liyane) lan Allah ngaweruhi apa bae kang sira lakoni). (QS. Al Ankabut: 45)

Satuhune nalika shalat, kita saget sambat, wadul lan punapa mawon dhateng Gusti Allah, amargi Allah punika Maha Mireng, Maha Mangertosi, Maha Nyembadani punapa mawon ingkang kita seja. Kanthi syarat anggenipun nyuwun dhateng Allah tentunipun kanthi saestu, istiqomah, khusuk lan ikhlas.

• Kaping kalih Sabar. Midherek Syaikh Muhammad bin Shalih Al ‘Utsaimin rahimahullah sabar inggih punika nguwataken anggenipun nindakaken dhawuhipun Allah saha nahan saking sedaya pedamelan maksiat sarta jagi raos mangkel nalika ngadhepi takdiripun Allah.
Kanthi mekaten sabar wonten tiga inggih punika sabar nalika nindakaken dhawuhipun Allah, sabar nalika nahan lan nyegah saking sedaya ingkang dipun awisi dening Allah lan sabar nalika ngadhepi takdiripun Allah.

• Kaping tiga Shaum. Puasa punika salah satunggalipun usaha kangge ngeker dhateng hawa nafsu. Nalika nindakaken puasa wonten perkawis ingkang saget batalaken puasa lan wonten ingkang ngrisak ganjaranipun puasa. Dhahar, ngunjuk lan adu katrisnan kangge tiyang bebojoan ing ing wekdal siang punika perkawis ingkang batalaken puasa. Benten kalian ngrasani ing liyan, nesu, ningali lan midangetaken pedamelan maksiat, ngucap kanthi pangucap ingkang awon mekaten punika kalebet perkawis ingkang ngrisak dhateng ganjaraipun tiyang ingkang nembe shiyam. Sedaya perkawis punika kalebet akhlaqul madzmumah, akhlaq ingkang boten sae. Tumindak ala punika badhe nuwuhaken risakipun masyarakat lan ingkang utami ngrisak dhateng manah ingkang suci. Sahingga nalika manah kita sampun kotor sedaya pedamelan kita badhe boten sae.

• Kaping sekawan Shadaqah. Shadaqah punika saget ngirangi penyakit masyarakat lan penyakit ing pribadi. Amargi kanthi nindakaken shadaqah insya-Allah badhe ngirangi sifat kemeren saking tiyang-tiyang ingkang boten mampu. Tiyang punika sami pikantuk kawigatosan saking tiyang-tiyang ingkang mampu. Semanten ugi kagem tiyang ingkang mampu saget mujudaken raos syukuripun dhateng Allah lan badhe gadhahi raos marem saget paring pambiyantu dhateng tiyang-tiyang ingkang boten mampu. Jalaran setengah saking kasil kita wonten hak-hakipun dhateng tiyang ingkang boten mampu, tiyang fakir miskin, anal yatim lan sanesipun.

Kaping gangsal Silaturahmi. Rasulullah SAW nate ngendika:

“Sapa kang seneng dijembarake rizkine lan didawakake umure prayogane padha nyambung paseduluran”. (HR. Buchari Muslim).
" Ibnu 'Umar Radhiyallahu 'anhuma nate ngendika:

“Sapa wonge kang taqwa marang Pangerane, lan nyambung paseduluran yekti bakal didawakake umure lan bakal di tambahi rizkine lan keluargane bakal disenengi”.
Kaping nem Ikhlas
Ikhlas inggih punika nindakaken ngibadah namung tumuju dhateng Allah kelawan boten nyekutokaken Allah. Sinaosa ibadah punika kraos awrat lan kathah panggodha lan rintanganipun ananging tansah istiqomah anggenipun ngibadah. Semanten ugi tansah tawakal dhateng Allah inggih punika nyerahaken sedaya urusan dhateng Allah. Rasulullah SAW ngendika:

“ Satemene Allah ora bakal nampa amale, kejaba yen ta dilakoni kelawan ikhlas lan kanggo golek karidhane”. (HR. Nasa’i)

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ