Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

12/31/2020

Muhasabah Warsa 2021, Tambahing Tahun Kiranging Yuswa

    Selagi tasih wonten bumi, srengenge lan sedaya tata surya, yektos gantosing wekdal punika sampun dados Sunnatullah, saking detik gantos menit, menit gantos jam, jam gantos dinten, dinten gantos minggu, minggu gantos wulan, wulan gantos tahun. Kala wingi kita ing tahun 2020 sak punika sampun tahun 2021. Gesangipun manungsa punika betahaken wekdal. Allah sampun paring wekdal mila mangga wekdal punika dipun gunakaken kanthi sak sae-saeneipun supados gesang kita dados manfaat lan maslahat.

 


“He wong-wong kang padha iman, padha taqwaha marang Allah lan prayogane saben awak-awakan migatekake apa kang wus den lakoni kanggo dina mburi (akhirat) lan padha taqwaha marang Allah, satemene Allah Maha Pirsa kelawan apa bae kang sira kabeh padha nglakoni”. (QS. Al Hasyr: 18)

Allah sampun paring petedah supados nggatosaken dhateng sedaya tumindak, lan Allah dhawuh supados tansah nindakaken amal ibadah lan tumindak sae kangge sangu benjang ngadhep wonten ngarsa dalem Allah SWT lan sangu benjang wonten ing alam akhirat. Salah satunggaling dinteng ingkang sampun boten wonten dinten malih, boten wonten ingkang saget paring pitulungan kejawi amal ibadah dan tindak lampah  ingkang sae. Tiyang sepuh supe kalian anak, anak supe kalian tiyang sepuhipun napa malih dhateng tiyang sanes. Sedaya tiyang sami repot anggenipun menggalih pribadinipun piyambak, sami nampi ganjaran saking pakertinipun.

Allah SWT paring pemut supados gatosaken wekdal ingkang badhe dhateng, wekdal benjang ingkang dipun maksudaken inggih punika sak sampunipun dinten Jum’at, tumunten dinten Sabtu, Ahad, Senin, Selasa, Rabu, Kamis, Jum’at. Sahingga nalika kepanggih malih kalih dinten Juma’t ateges badhe nglampahi setunggal minggu, lan sak mangke manawi kepanggih malih kalian tanggal setunggal Februari ugi badhe nglampahi wekdal setunggal wulan, lan menawi kepanggih malih kalian wulan Januari ateges kita badhe nglampahi setunggal tahun.

Sahingga gantosipun dinten, minggu, wulan lan tahun punika prayoginipun dipun rencananaken, supados gesang kita tambah manfaat lan maslahat. Ampun ngantos kita gesang namung sak lantrahipun, ingkang sampun kelampahan ingggih dipun tindakaken malih kanthi boten wonten usaha kangge ningkataken.  Rasulullah SAW naten ngendika

خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعَهُمْ لِلنَّاسِ

"Sak bagus-baguse manungsa yaiku kang paring manfaat dhateng tiyang sanes (HR. Tabrani dan Daruquthni”

Napa malih wekdal lan kesempatan ingkang sampun dipun paringaken Allah, manga kita timbang-timbang, kita ukur lan kita gatosaken punapa sampun kathah pedamelan saenipun punapa malah kathah maksiyatipun. Kanthi punika sahabat Umar bin Khathab Radhiyallahu ‘anhu sampun nate ngendika:

حَاسِبُواْ اَنْفُسَكُمْ قَبْلَ اَنْ تُحَاسَبُواْ وَزِنُواْ اَنْفُسَكُمْ قَبْلَ اَنْ تُوْزَنُواْ

“Titinen awakmu sak durunge dititi dening wong liya, timbang-timbanga awakmu sak durunge ditimbang dening wong liya”.

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah

Dasar kita supados dados tiyang ingkang saget paring manfaat lan maslahat inggih punika, kita tansah nggatosaken wekdal ingkang dipun paringaken Allah, inggih punika kangge mujudaken lan ningkataken iman, taqwa lan amal sahlih. Allah SWT sampun ngendika:


 

 

“ Dhemi wektu. Sak temene manungsa iku yekti ana ing sajrone kapitunan, kejaba wong-wong kang padha iman lan nglakoni ngamal salih lan padha tutur tinutur supaya padha-padha bisa naati ing kabeneran lan padha tutur-tinutur supaya padha-padha bisa anetepi ing kesabaran” (QS. Al  Ashr: 1-3)

 

Wonten ing surat Al Ashr punika Allah SWT paring pimut dhateng kita supados dados tiyang ingkang beja inggih punika:

1.      Iman dhateng Allah. Kanthi iman lan taqwa dhateng Allah mila Gusti Allah badhe paring kanugrahan, sedaya reribeting gesang badhe dipun paringi margi lan badhe dipun paringi rizqi saking panggenan ingkang boten dipun nyana-nyana.

2.      Tansah nindakaen amal shalih. Iman ingkang teguh badhe kajumbuhaken kalian amal shalih, amal ingkang saget dhatengaken manfaat lan maslahat kagem tiyang sanes, lingkungan lan masyarakat.

3.      Tansah wasiat-winasiatan ing perkawis ingkang haq lan perkawis ingkang leres. Tumindak sae ingkang sampun dipun tindakaken prayogi dipun tingkataken lan menawi tiyang sanes ingkang tumindak sae prayogi dipun teladhani. Kosok wangsulipun tumindak awon ingkang sampun dipun tindakaken prayogi boten dipun ambali malih, enggal-enggal nyuwun pangapunten dhateng Allah lan menawi tiyang sanes ingkang tumindak awon prayogi dipun engetaken, sehingga ing sak lebeting gesang bebrayan tansah mong- tinemong lan tulung-tinulung ing dalem nindakaken kesahenan.

4.      Tansah wasiat-winasiatan dhateng tumindak sabar. Sabar nalika nindakaken dhawuhipun Allah, sabar nalika nilar awisanipun Allah, sabar nalika nampi musibah lan bencana, sabar nalika dipun sakiti dening tiyang sanes, sabar nalika nahan hawa nafsu.

Kanthi punika iman kemawon boten cekap, ananging kedah dipun buktikaken kalian amal shalih, ibadaah maghdhah lan ghairu maghdhah dipun tindaken sesarengan. Ibadah kanthi pribadi lan sosial kedah sami-sami dipun tindakaken. Kasempurnanipun ibadah badhe kajumbuhaken kanthi gesang ingkang manfaat lan maslahat.

Mugi-mugi kanthi gantosipun dinten, minggu, wulan lan tahun punika, saget ningkaten iman, taqwa lan amal shalih,  mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita, amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

12/25/2020

Simbol-Simbol Muslim Kagem Ningkataken Iman Lan Taqwa

Islam punika agama rahmatan lil ‘alamin, rahmat kagem sedaya alam. Syariat Islam sampun sempurna, kagem ngatur sedaya urusanipun manungsa. Sinten kemawon ingkang gegondelan kalian Alquran lan sunnah rasul mila boten badhe sasar. Badhe slamet dunya lan akhiratipun. Selagi gesang ing alam dunya badhe paring manfaat lan maslahat kagem sedaya umat manungsa lan alam dunya.

 

 

 

12/16/2020

Dhemen Aweh Pangapura lan Ngajak Tumindak Bagus-Khutbah Bahasa Jawa

Tumindak bagus lan awon sampun dados Sunnatullah, saget kemawon tiyang tansah nindakaken kebagusan, lan dhemen kalian kebagusan, nanging kosok wangsulipun saget kemawon tiyang punika dhemen kalian tumindak awon lan serik menawi mirsani tiyang nindakaken kesahenan. Tiyang Islam sampun dipun paringi pitedah dhateng tumindak bagus utawi awon. Allah dhemen kalian tumindak bagus, kanthi punika sedaya tumindak manungsa punika benjang badhe dipun suwuni tanggel jawabipun.
اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بنِعْمَةَ اْلِإيْمَانِ وَاْلإِسْلَامِ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْنَا بِهَا مِنْ أَهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ شَافِعُ اْلأُمَّةِ وَخَيْرُ اْلبَرِيَّةِ, اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّالِحَاتِ وَيَجْتَنِبُوْنَ اْلَمنْهِيَّاتِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

Pertama lan ingkang paling utami khatib tansah wasiat khususipun dhateng pribadi piyambak lan sumrambah dhumateng para Jemaah sekalian, mangga kita tansah budidaya ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah. Kanthi pangajab mugi-mugi kita tansah dipun paringi taufiq lan hidayahipun sahingga saget wilujeng, slamet dunya dumugi akhirat samangke, amin. 

 

Selagi kita gesang wonten ing alam dunya, temtu kita tansah sesambetan kalian tiyang sanes. Kaleres wonten maksud lan tujuan utawi namung kangge mujudaken gesang bebrayan. Ananging manungsa punika makhluk ingkang gadhahi sifat lan watek boten sami. Wonten ingkang ngremenaken, wonten ingkang njengkelaken. Gampil menawi nyalahakan dhateng tiyang sanes, ananging asring boten sadar, bilih sajatosipun kita sampun saget damel remen lan maslahat dhateng tiyang sanes napa derang. Kanthi punika, sedaya kalepatan saking tiyang sanes, kita kedah tansah paring pangapunten, minangka mujudaken manah ingkang jembar lan badhe nuwuhaken kesahenan. Allah SWT sampun paring dhawuh:

“Dadiya sira, wong kang dhemen aweh pangapura, lan printaha nindakake kang makruf, sarta mlengosa saking wong-wong kang bodho, lan lamun sira kena godhaning syetan mangka njaluka pagreksa maring Gusti Allah, satuhune Allah Maha Mireng lan Maha Pirsa”. (QS. Al A’rof: 199-200) Wonten ayat punika Allah paring dhawuh: 

 

1. Dhemen paring pangapunten. 

Satuhune paring pangapunten punika salah satunggaling akhlaq ingkang mulya, Rasulullah SAW nate ngendika:

 

 اِنَّ اللهَ أَمَرَكَ أَنْ تَعْفُوَعَمَّنْ ظَلَمَكَ وَتُعْطِيَ مَنْ حَرَمَكَ وَتَصِلَ مَنْ قَطَعَكَ (رواه ابن جرير وابن أبي حاتم عن ابن أبي عن أبيه) 

“Satuhune Allah dhawuhake sira supaya aweh pangapura marang wong kang tumindak aniaya, tansah weweh marang wong kang ora tau weweh marang sira, lan nyambung paseduluran maring wong kang medhot (paseduluran)”. (HR. Ibnu Jarir lan Ibnu Hatim saking Ubay saking Bapake). 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

Dhumateng sinten kita paring pangapunten? Midherek saking hadits punika inggih punika dhumateng tiyang ingkang tumindak aniaya, kados pundi raosipun dipun aniaya dening tiyang sanes. Menawi aniaya punika dipun bales kalian tumindak aniaya mila badhe nuwuhaken memungsuhan. Pramila kedah dipun pedhot kalian tumindak sae inggih punika kanthi paring pangapunten. Semanten ugi dhemen weweh dhateng sinten kemawon ingkang boten nate weweh lan kaping tiga inggih punika tansah nyambung pasedherekan. Tumindak aniaya punika satemah saget medhot pasedherekan, nanging kanthi leganing penggalih paring pangapunten sahingga pasedherekan saget dipun lestantunaken. Rasulullah SAW ngendika:

 

 اِتَّقِ اللَّهَ حَيْثُمَا كُنْتَ وَأَتْبِعْ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقْ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ 

 

 “Taqwaha sira maring Gusti Allah ning ngendi papan panggonan, lan balesa tumindak ala kelawan tumindak bagus mangka bakal dadi tebusane, lan gaweha becik maring manungsa kelawan akhlaq kang bagus”. (HR. Tirmidzi: 1910) 

 

 2. Tansah dhawuhaken nindakaken kesahenan.

Satemene Gusti Allah wis printah (marang sira) kelawan laku adil lan penggawe becik, lan maringi (sedekah) marang kaum kerabat, lan Gusti Allah nglarang marang penggawe ala, mungkar lan lacut. Panjenengane (Gusti Allah) mituturi sira kabeh, supaya sira kabeh bisa nampa pitutur”. (QS. Annahl: 90) 

 

Tumindak bagus lan awon sampun dados Sunnatullah, saget kemawon tiyang tansah nindakaken kebagusan, lan dhemen kalian kebagusan, nanging kosok wangsulipun saget kemawon tiyang punika dhemen kalian tumindak awon lan serik menawi mirsani tiyang nindakaken kesahenan. Tiyang Islam sampun dipun paringi pitedah dhateng tumindak bagus utawi awon. Allah dhemen kalian tumindak bagus, kanthi punika sedaya tumindak manungsa punika benjang badhe dipun suwuni tanggel jawabipun. Lisanipun, telinganipn lan atinipun saha sedaya anggota badan badhe dipun suwuni tanggel jawab. Lan ing wekdal punika boten saget suwala. Tumindak bagus badhe dipun ganjar kalian suwarga lan tumindak ala badhe dipun ganjar kalian neraka. 

 

Kanthi punika sajatosipun tumindak bagus lan awon punika amargi saking pakulinanipun, pendidikan kaleres ing keluarga, masyaraka lan ing sekolah. Rasul nate ngendika bilih sedaya bayi lahir ing alam dunya punika kawontenanipun fitrah utawi suci sahingga saking tiyang sepuh kekalih ingkang badhe dadosaken lare punika dados yahudi, nasrani utawi majusi. Semanten ugi badhe dados tiyang ingkang taqwa gumantung kalian tiyang sepuhipun. 

 

3. Supaya mlengos saking tiyang-tiyang ingkang bodho. Rasul nate ngendika 

 

 مَنْ نَظَرَ فِي دِينِهِ إِلَى مَنْ هُوَ فَوْقَهُ فَاقْتَدَى بِهِ وَمَنْ نَظَرَ فِي دُنْيَاهُ إِلَى مَنْ هُوَ دُونَهُ فَحَمِدَ اللَّهَ عَلَى مَا فَضَّلَهُ بِهِ عَلَيْهِ كَتَبَهُ اللَّهُ شَاكِرًا صَابِرًا 

“Sapa wonge kang ningali (ngukur) agamane marang wong kang luwih dhuwur seka dheweke nuli nurut, lan sapa wonge ningali (ngukur) dunyane maring wong kang luwih ngisor seka dheweke nuli muji maring Gusti Allah merga peparinge, mangka Allah bakal nyathet dheweke miangka wong kang syukur lan sabar”. (HR. Tirmidzi). 

 

Rasul nedahaken bilih tiyang Islam supados dados tiyang ingkang jembar ilmu lan pengertosanipun sahingga badhe dados tiyang ingkang wicaksana, sedaya tumindak dipun landasi kalian dasar Kitabullah lan Sunnah rasul. Jalaran ilmunipun manungsa punika wonten batesipun ananging ilmunipun Allah boten wonten batesanipun.

“Dhawuha sira! Kalamun sakirane banyu segara iku dadi mangsi kanggo (nulisi) kalimat-kalimat Pangeraningsun, temenan bakal asat banyune segara iku, sadurunge entek (katulis) kalimat-kalimat Pangeran ingsun, senajan Ingsun tekakake tambhan kang akehe padha karo iku”. (QS. Al Kahfi: 109). 

 

Perkawis pados ilmu punika boten wonten watesipun, amargi pados ilmu punika hukumipun wajib, rasul nate negendika:

 

 طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ وَوَاضِعُ الْعِلْمِ عِنْدَ غَيْرِ أَهْلِهِ كَمُقَلِّدِ الْخَنَازِيرِ الْجَوْهَرَ وَاللُّؤْلُؤَ وَالذَّهَبَ 

 

“ golek ilmu iku wajib kanggo saben-saben wong Islam. Nyelehake ilmu maring wong kang dudu ahline, kaya wong kang ngalungake mutiara, intan, mas ning gulune babi”. (HR. Ibnu Majah: 220)

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

10/30/2020

Rahmate Allah Kanggo Sak Kabehane Alam, Khutbah Maulid Nabi Muhammad SAW

Nabi Muhammad SAW lahir ing tanggal 12 Rabiul Awal Tahun Gajah, nabi Muhammad lahir ing zaman jahiliyah. Zaman nalika para manungsa sampun dodosaken makhlukipun Allah dados sesembahan, semanten ugi pedamelan keji lan mungkar sampun dados pakulinan.

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَالْاَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَتِ وَالنُّوْرِ, أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ الْخَالِقُ الْبَارِءُ الْمُصَوِّرُ لَهُ الْاَسْمَاءُالْحُسْنَى, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَ الْهُدَى أَمَّا بَعْدُ: اَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنُ رَحِمَكُمُ اللهُ, اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَقَالَ رَبُّكُمْ فِى الْقُرْانِ الْكَرِيْمِ اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

 

Kaum muslimin jemaah shalat Jum'ah Rahimakumullah Pertama lan ingkang paling utami khatib tansah wasiat khususipun dhateng pribadi piyambak lan sumrambah dhumateng para jemaah sekalian, mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sarta nilar sedaya awisanipun Allah, kanthi pangajab mugi-mugi kalebet golonganipun tiyang muttaqin, amin ya Rabbal ‘alamin. 

 

Boten supe mangga kita nuladhani punapa ingkang sampun dipun ngendikakaken lan dipun tindakaken dening nabi Muhammad, shalawat lan salam mugi tansah linuberaken dhateng nabi Muhammad SAW. Kaum muslimin jemaah shalat Jum'ah Rahimakumullah Ing dinten punika kita sampun mlebet ing wulan Rabiul Awal utawi wulan Maulud. Ing wulan punika kita dipun engetaken malih kaliyan wiyosanipun kanjeng nabi Agung Muhammad SAW ingkang dipun utus dening Gusti Allah kangge paring rahmat dhateng sedaya alam:

“Ingsun ora ngutus marang sira (Muhammad) kejaba dadi rahmat tumrap sekabehane wong ngalam kabeh”. (QS. Al Anbiya’: 107) 

 

Rahmatipun Allah punika kagem sedaya alam, arupi raos aman, tenang, raos welas asih, lan sanesipun. Rahmatipun Allah linuber dhateng sedaya manungsa, leres ingkang iman utawi kafir, malah kagem bangsa kewan lan wit-witan. Mekaten punika amargi wonten ing dalem Alquran sampun dipun sebataken tugasipun manungsa minangka ‘abdullah lan khalifatul ard, semanten ugi marginipun ugi sampun dipun terangaken wonten Alquran. Sak terasipun bilih kautusipun nabi Muhammad minangka paring kabar lan pepenget dhateng sadaya manungsa:

“Lan Ingsun ora ngutus seliramu (Muhammad) kejaba marang sekabehe umat manungsa, minangka (utusan) kang gawa kabar bebungah, kang aweh pepenget, ananging akeh-akehe manungsa ora padha mangerti”. (QS. Saba’: 28) 

 

Kanthi ayat punika Allah nedahaken bilih kautusipun nabi Muhammad minangka paring kabar ingkang ngremenaken khususipin dhateng tiyang-tiyang ingkang tansah pitados lan ngamalaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan utusanipun. Tiyang punika badhe dipun paringi kamulyan lan kabegjan utaminipun benjang wonten ing dinten qiyamat, badhe dipun lebetaken wonten ing suwarga. Kosok wangsulipun Allah paring pepenget dhateng para manungsa ingkang nulayani lan nolak dhateng dhawuh-dhawuhipun Allah lan utusanipun. Tiyang ingkang bangkang, dhawuhipun Allah dipun tilar malah awisanipun dipun tindakaken. Tiyang punika badhe dipun ganjar kanthi siksa ing salebetipun neraka, na’udhubillahi min zhalik. 

 

Kaum muslimin jemaah shalat Jum'ah Rahimakumullah 

Mila supados manungga saget lumaku ing marginipun Allah, sahingga Allah ngutus nabi Muhammad SAW, saperlu kangge nyempurnakaken akhlaqipun para manungsa.

 

 إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ صَالِحَ الْأَخْلَاقِ 

 

"Satuhune ingsun diutus supaya nyempunakake akhlaq kang becik” HR. Ahmad: 8595 

 

Nabi Muhammad lahir ing tannggal 12 Rabiul Awal tahun gajah, dipun utus dening Gusti Allah kangge nyempurnakaken akhlaqipun para manungsa. Amargi para manungsa ingkang sampun dipun paringi syariat agami sak derengipun nabi Muhammad, ananging syariat punika sampun dipun tilar, zaman punika dipun wastani zaman jahiliyah utawi zaman kebodohan. Ing zaman punika tiyang-tiyang boten sami manembah dhateng Gusti Allah. Mestinipun Allah ingkang dadosaken alam semesta dipun sembah ananging sami nyembah dhumateng brahala, damelanipun manungsa. 

 

Ing zaman jahiliyah, saderengipun nabi Muhammad lahir, menawi wonten bayi estri lahir langsung dipun pejahi kanthi cara dipun pendhem nalika bayi tasih gesang gesang. Masyarakat jahiliyah ugi dhemen mabuk-mabukan, main, remen memengsahan lan damel rusaking bumi. Sahingga Allah ngutus nabi Muhammad. Syariat nabi Muhammad sampun sampurna, mekaten punika kasebat ing dalem Alquran surat Al Maidah ayat 3:

“Ana ing dina iki Ingsun wis nyempurnakake agamaira kabeh, lan wis nyempurnakake nikmat Ingsun kanggo sira kabeh lan uga Ingsun wis ridha Islam minangka agama ira kabeh”. 

 

 Sampurnaning agama Islam, kangge nuntun dhateng manungsa ing margi ingkang leres supados saget slamet ing dunya dumugi akhirat samangke. Mila kejawi Alquran, kita ugi saget ngugemi sunnah-sunah rasul, leres saking ngendikanipun rasul lan tindak lampahipun.

 

 تَرَكْتُ فِيكُمْ أَمْرَيْنِ لَنْ تَضِلُّوا مَا تَمَسَّكْتُمْ بِهِمَا كِتَابَ اللَّهِ وَسُنَّةَ نَبِيِّهِ 

 

 " Aku tinggalake kanggo sira, perkara loro kang ora dadekake sasar, selagine sira gegondhelan marang lorone yaiku Kitabullah lan Sunnah Rasul”. (HR. Malik)

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

10/13/2020

Sabar Ngadhepi Pandemi Virus Corona Kanthi Nindakaken Protokol Keagamaan lan Kesehatan, Khutbah Bahasa Jawa

Usaha, ikhtiyar lan tawakal ngadhepi lan nanggulangi nyebaripun virus corona, ampun nglokro nanging kedah yakin. Bilih balak, musibah lan bencana badhe sirna. Kanthi punika kedah nindakaken protokol keagamaan lan protokol kesehatan. Mugi slamat, sehat lan bagas waras.

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَالْاَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَتِ وَالنُّوْرِ ثُمَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُوْنَ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ الْخَالِقُ الْبَارِءُ الْمُصَوِّرُ لَهُ الْاَسْمَاءُالْحُسْنَى, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ,اَلْمَبْعُوْثُ بِالْحَقِّ وَالْوَفَى. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَ الْهُدَى أَمَّا بَعْدُ: اَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنُ رَحِمَكُمُ اللهُ, اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَقَالَ رَبُّكُمْ فِى الْقُرْانِ الْكَرِيْمِ اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَأَيُّهَاالَّذِيْنَ اَمَنُوا اصْبِرُواْ وَصَابِرُواْ وَرَابِطُواْ وَاتَّقُوااللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

Sedaya puji namung kagunganipun Allah, Gusti ingkang tansah nyempurnakaken nikmatipun kagem kita sedaya, nikmatipun kaluberaken boten enten watesipun, rahmanipun lan barakahipun wiyar kanthi boten winates. Shalawat lan salam mugi kanjuk dhateng uswah hasanah, junjungan kita nabi Muhammad SAW, keluarga, para sahabat lan sedaya tiyang ingkang tansah dherekaken lan nggesangaken sunnahipun. 

 

Mangga anugerah Allah ingkang sampun dipun paringaken dhateng kita, arupi, iman lan Islam ingkang tansah tinancep ing manah, tansah kita tingkataken supados dados taqwa sak leresipun, kanthi nindakaken nindakaken dhawuhipun Allah lan rasulipun selaras kalian usaha ingkang maksimal nalika ninggalaken sedaya ingkang dipun awisi Allah lan rasul. Mekaten punika ingkang dipun wastani taqwa ingkang sak leresipun, selaras kalian janjinipun. Kanthi panuwun mugi-mugi kita kalebet golonganipun tiyang ingkang badhe dipun paringi kamulyan wonten ngarsanipun Allah SWT.

“Satuhune wong kang paling mulya ing antarane sira ana ngarsane Allah yaiku wong kang paling taqwa. Satuhune Allah Maha Pirsa lan Maha Waspada”. (QS. Al Hujurat: 13) 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

Menawi kita gatosaken, bilih dumugi wekdal sapunika virus corona/ Covid-19 dereng sirna saking bumi, kanthi punika kita ampun ngentengaken utawi nyepelekaken wontenipan pandemi. Namung kita kedah yakin bilih musibah punika mesthi wonten akhiripun, kanthi rahmatipun Allah dhateng kita sedaya. 

 

Kanthi punika kangge ngadhepi pandemi punika kita nindakaken protokol keagamaan lan protokol kesehatan. Nindakaken protokol keagamaan kita mraktekaken kandungan surat Al Ashr, ingkang ngandung sekawan perkawis ingkang kedah kita tindakaken. 

 

Sepindhah kita kiyataken iman dhumateng Allah, Tauhidullah, lan ugi dipun tebihi sedaya bentuk kemaksiatan. Perlu kita mangertosi bilih, musibah lan bencana boten badhe tumurun wonten ing bumi, kejawi nalika saperangan penduduk bumi sampun nindakaken kedhaliman kaleres dhateng Allah lan ugi dhateng pribadinipun piyambak. Allah sampun paring pimut wonten Alquran:

“lan ora tau (uga) Ingsun nyirnakake kota-kota, kejaba penduduke padha nglakoni tumindak aniyaya” (QS. Al Qhashas: 59) 

 

Dados nalika Gusti Allah nurunaken balak lan musibah, amargi penduduk bumi sampun nindakaken pedamelan aniyaya. 

 

Kaping kalih, wa’amilus shalihah, mangga kita tebaraken amal shalih punapa kemawon, shalat gangsal wekdal mangga dipun tingkataken kualitasipun lan tepatipun, syukur kanthi nindakaken shalat-shalat sunnah ingkang dipun tuntunaken dening Rasulullah SAW. Puasa sunnahipun mangga dipun tindakaken. Punapa malih shadaqahipun, amargi salah setunggal saking shadaqah saged nutup murkanipun Allah dhateng makhluqipun lan saget ngangkat bencana ing bumi. Mila wonten surat Munafiqun benjang ing dinten akhir, wonten tiyang ingkang pingin dipun konduraken ing dunya saperlu kangge nindakaken shadaqah.

"Duh Gusti, kenging punapa Panjenengan boten batalaken (pejah) kula dumugi wekdal ingkang caket, kang nyebabaken kula saget shadaqah lan kawula kelebet tiyang-tiyang ingkang shalih?" (QS. Munafiqun: 10) 

 

Lan ugi, mangga kita tingkataken akhlaq pribadi, keluarga lan akhlak sosial, kanthi nindakaken kesaenan lan nindakaken amal saleh, ampun supe wonten ing amliyah kanthi leres, nalika nindakaken dol-tinuku ampun ngantos wonten tumindak goroh lan palsu. Mugi-mugi kanthi mekaten Allah badhe paring pangapunten dhumateng kita. 

 

Kaping tiga, dipun kulinakaken paring wasiat ingkang haq “watawashaubil haq”, leres lan sae tindakan napa malih wonten hal-hal ingkang penting. Kita dipun dhawuhi tansah tumindah leres lan jujur dan bergaul kalian tiyang- tiyang ingkang leres lan jujur. Allah SWT paring dhawuh wonten Alquran surat Attaubah ayat 119.

“Hai wong-wong kang padha iman, taqwaha maring Allah, lan becike sira bareng-bareng karo wong kang bener”. (QS. Attaubah: 119) 

 

Kaping sekawan kita budayakaken kesabaran,” (watawa shaubis-shabri), sabar nalika nampi musibah lan bencana, kelebat pagebluk/ virus corona. Mila ampun nglokro, kita kedah yakin kanthi usaha lan ikhtiyar midherek dhawuhipun Allah kita badhe dipun tebihakaen saking balak, musibah lan bencana. Allah sampun dhawuh wonten Alquran:

“Hai wong-wong kang padha iman sabara sira lan kuwatna kesabaran-ira lan tetep waspada (ing watesing negara) lan taqwaha marang Allah, supaya sira beja”. (QS. Ali Imran: 200) 

 

Usaha lan ikhtiyar kita tindakaken, protokol keagamaan lan protokol kesehatan. Nindakaken protokol kesehatan kanthi tansah ngagem masker, ngulinakaken nyuci astanipun, jagi jarak lan ampun kempal-kempal ingkang boten wonten manfaatipun. Nutup kemadharatan kangge merkoleh kemaslahatan ingkang langkung ageng. Rasulullah SAW ngemutaken dhateng kita:

 الْمُؤْمِنُ الْقَوِيُّ خَيْرٌ وَأَحَبُّ إِلَى اللَّهِ مِنْ الْمُؤْمِنِ الضَّعِيفِ وَفِي كُلٍّ خَيْرٌ 

“Wong mukmin kang kuat lwih becik timimbang wong mukmin kang loyo, kang ing loro-lorone tetep ana apike”. (HR. Muslim) 

 

Mugi-mugi Allah ngijabahi panuwun kita, sahingga balak, musibah lan bencana arupi virus corona unika enggal sirna. Amin, amin ya Robbal ‘alamin.

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

9/30/2020

Awisan Damel Kapitunan Kangge Ngedoh Seka Bilahi, Khutbah Bahasa Jawa

Manungsa punika salah setunggaling makhlukipun Allah SWT ingkang dipun paringi amanah dados khalifah ing bumi. Kanthi punika gesang ing alam dunya manungsa punika sampun dipun paringi pitedah kasebat ing dalem kitab suci lan assunnah. Ing alam dunya kedah saget damel kesahenan, ampun damel risak ingkang saget nuwuhaken kapitunan lan cilaka ing gesang.


اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بنِعْمَةَ اْلِإيْمَانِ وَاْلإِسْلَامِ وَاْلِاسْتِقْلَالِ أَوِاْلحُرِّيَّةِ، وَأَفْهَمَنَا مِنْ عُلُوْمِ الدِّيْنِ وَاْلعَقِيْدَةِ، وَبَيَّنَ لَنَا وَأَرْشَدَنَا اْلأَخْلَاقَ الْكَرِيْمَةَ وَاْلأَعْمَالَ الصَّالِحَةَ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْنَا بِهَا مِنْ أَهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ شَافِعُ اْلأُمَّةِ وَخَيْرُ اْلبَرِيَّةِ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّالِحَاتِ وَيَجْتَنِبُوْنَ اْلَمنْهِيَّاتِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

Boten wonten wasiat ingkang langkung utami, kejawi wasiat ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT, amargi kanthi iman lan taqwa punika, insya-Allah gesang kita tansah pinaringan pitedah, dipun gampilaken sedaya perkawis ing dunya lan benjang wonten ing akhirat. Kanthi mekaten ing sak dangunipun gesang sumangga kita tansah nindakaken kemaslahatan, kesahenan lan nilar sedaya tumindak ingkang dhatengaken kerusakan, musibah lan bencana kagem pribadinipun piyambak, tiyang sanes, masyarakat, bangsa lan negari. Rasululah SAW sampun dhawuh:

 لَا ضَرَرَ وَلَا ضِرَارَ (رواه مالك وابن ماجة) 

“Aja gawe kapitunan lan aja dadekake kapitunan (HR. Malik lan Ibnu Majah) 

Tumindak kapitunan utawi tumindak ingkang dhatengaken bahaya punika salah satunggalipun pedamelan ingkang dipun awisi dening agami. Menawi ing basa Internasionalipun dipun wastani teroris, inggih punika satunggaling tumindak ingkang dhatengaken raos ajrih lan khawatir dhateng tiyang sanes malah bahayani dhateng tiyang sanes. Tumindak punika saget nuwuhaken lara, papa lan cintraka malah dados pesating nyawa, rusaking griya, gedung-gedung kantor, panggenan bisnis lan saterasipun. 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

Mapinten-pinten tumindak ingkang dhatengaken kapitunan, ing antawisipun: 

1. Mejahi manungsa. Mejahi manungsa punika kalebet dosa ageng, sahingga menawi ing negari Islam ukumanipun inggih dipun pejahi lan ing negari Indonesia dipun atur dening hukum pidana, gumatung kalian marginipun mejahi. Sahingga nalika hukum ing dunya boten sami nanging hukum wonten akhirat yektos sami. 

“Lan sing sapa wonge mateni wong mukmin kanthi sengaja, mangka piwalese yaiku Jahannam, dheweke langgeng ing jerone lan Allah bendhu marang dheweke , lan nglaknati sarta nyediakake azab kang gedhe tumrap dheweke”. (QS. Annisa’: 93) 

 

2. Ngrisak alam, kados ngawontenaken penebangan maneka taneman, sahingga dhatengaken siti gugruk lan banjir. Kita kedah enget kalian mandatipun ingkang dipun paringaken dhateng manungsa supados tansah njagi lan ngrawat.

“ Lan namung Panjenengane kang nitahake sira minangka penguasa-penguasa ana ing bumi lan Panjenengane kang ngluhurake saperangan ira ngungkuli saperangan (kang liya) pirang-pirang derajat, supaya nguji ing sira marang apa kang wus diparengake marang sira”. (QS. Al An’am: 165) 

 

 3. Bucal sampah ing margi, kali lan selokan sahingga dhatengaken banjir. 

Kanthi punika ing perkawis kadunyan Rasulullah sampun ngendika:

 أَنْتُمْ اَعْلَمُ بِاُمُوْرِ دُنْيَاكُمْ 

“ Kowe kang luwih ngerti kelawan urusan dunyamu”. (HR. Muslim) 

Sahingga para para ulama’ ngaturaken dhawuhipun rasul:

 أَنَّظَافَةُ مِنَ الْاِيْمَانِ 

“Satuhune reresik iku setengah saka iman”. (HR. Tirmidzi) 

 Lan para umara’ paring dhawuh supados bucal sampah wonten ing panggenan ingkang sampun dipun sediakaken. Dipun pisah antawis sampah organik kalian anorganik. Lan nindakaken M tiga, inggih punika membakar, mengubur, memanfaatkan (mbakar, mendhem, gunakake). Tumindak punika kangge upaya nyegah bibit lemut supados katebihaken saking penyakit malaria, demam berdarah, cikungunya. 

 

4. Numpak kendaraan kanthi ngebut lan boten netepi aturan lalu lintas, nerjang rambu-rambu lalu lintas, boten ngagem helm, boten ngurubaken lampu, lan kagem ingkang ngasta mobil boten ngagem sabuk pengaman. Tumindak punika ugi damel kapitunan, awakipun piyambak lan tiyang sanes kalebet keluarganipun. Sampun kathah korban Laka (lalu lintas lan jaan raya) sahingga dhatengaken duka keluarganipun. Kanthi punika margi ingkang dipun wiyaraken tasih kirang wiyar, amargi kendaraanipun tambah kathah, kanthi punika nalika nembe ngasta kendaraan kedah ngantos-antos, saperlu ngedohi saking bilahi. 

 

 5. Ngunjuk minuman keras, napa malih miras oplosan, main lan colong jupuk mekaten punika banget anggenipun damel kapitunan dhateng pribadi lan tiyang sanes. Tumindak punika asring sami gandheng ceneng. Ngunjuk minuman keras menawi sampun ketagihan kedah ngunjuk, menawi boten wonten kedah tumbas, menawi boten wonten jatah kagem tumbas sahingga mendhet jalan pintas kanthi colong jupuk. Utawi menawi main nembe untung badhe dipun ginakaken kangge ngunjuk minuman keras, menawi boten untung ugi badhe nindakaken colong jupuk. Kanthi mekaten tumindak punika dipun awisi dening Allah.

“He wong-wong kang padha iman, satemene (ngombe) khomr, totohan, (nyembelih qurban kanggo) brahala, mbedhek nasib nganggo panah, kuwi lelakon ala kalebu lelakone syetan, mula saka kuwi tinggalna lelakon kuwi supaya sira entuk kauntungan”. (QS. Al Maidah: 90) 

 

 6. Ngendika kulina goroh, cidra ing janji, tumindak lacut, iri, dengki, tamak, dados tumindak kejawi damel kapitunan dhateng tiyang sanes ugi pribadinipun piyambak. Amargi tumindak mekaten punika saget damel kotoring qalbu, ati ingkang buthek sahingga badhe rumaos tebih kalian Gusti Allah.

“Lan ingsun ora ngumbarake awak ingsun (saka kesalahan), jalaran satemene nepsu iku tansah ngajak marang duraka, kejaba nepsu kang kaparingan rahmat dening Pengeran ingsun. Satemene Pangeran ingsun iku Maha Pangapura tur Maha Welas Asih” (QS. Yusuf: 33) 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

Tumindak amel kapitunan satemah dados tumindak ingkang nglanggar dhateng awisanipun Allah, amargi kanthi agami lan kitab suci ingkang dipun wahyuhaken dhateng para Rasulipun, Allah paring pitedah supados manungsa punika saget tumindhak wonten margi ingkang dipun ridhani dening Allah, damel kemaslahatan. Kanthi punika tumindak nglanggar dhateng awisanipun Allah punika badhe dipun paringi piwales arupi musibah bencana lan siksa keleres ing dunya lan ing akhirat samangke. Allah SWT sampun ngendika:

“Sak temene piwalese wong-wong kang merangi Allah lan rasule serta gawe rusak ana ing bumi, dheweke naming dipateni, disalib utawa dipotong tangan lan sikile kanthi selang-seling, utawa dibuang saka negara (asale). Kang kaya mengkono mau ana ing dunya, la ana ing akhirat mengko dheweke bakal intuk siksa kang banget larane”. (QS. Al Maidah: 33).

 

Akhiripun kanthi nyuwun pitedah dhateng Allah, mugi dipun tebihaken saking margi ingkang sasar, lan dipun paring pitedah dhateng margi ingkang leres, amin.


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ