Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

9/24/2020

Cobaning Mujudaken Keluarga Sakinah, Dambaan Pengantin kakung lan Estri

Seluarga sakinah punika pangajeng-ajeng sedaya tiyang, napa malih kagem piningantin kekalih. Ananging margi saben-saben tiyang punika gadhahi tumindak ingkang boten sae, sahingga pinengantin kekalih kedah salah setunggalipun ngalah. Perkawis pacoban mujudaken keluarga sakinah punika dipun serat dening Kasi Bimas Islam, Kantor Kementerian Agama Kabupaten Wonosobo, Bapak Drs. H. Mahbub, M. Ag

 

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْاِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانِ, اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا اَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ 

 

Kaum muslimin Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

Langkung rumiyin sumangga kita tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan dhumateng kita sedaya, shalawat lan salam mugi katur dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para keluarga, shahabat tabi’in, tabiit-tabi’in ila yaumiddin. Sak lajengipun minangka khatib kawula wasiyat dhumateng awak kula piyambak khususipun lan umummipun dhateng panjenengan sedaya, sumangga kita sesarengan tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun Allah SWT, sahingga menawi kita saget nindakaken perkawis kasebat fa insya-Allah kita badhe slamet wonten ing dunya ngantos dumugi akherat amin ya rabbal ‘alamin. 

 

 Kaum muslimin Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

Wonten ing pundi panggenan pasangan suami isteri tentu kemawon dambakaken setunggalipun kelanggengan wonten ing mahligai rumah tangga, kasebat wonten setunggaling rangkaian do’a pernikahan inggih punika, mugi mugi dadosnaha keluarga ingkang Sakinah, Mawaddah, wa Rahmah. Ananging perkawis punika boten saged kelampahan, menawi ing antawis setunggalipun pasangan nyidrani wonten ing sikap, sifat utawi pakaryanipun. Temtu kemawon wonten fihak ingkang kuciwa lan penggalipun sakit, kawontenan punika saterasipun kadospundi kelajenganipun balai griya punika. Mila piyambakipun kuciwa ing sadangunipun gesang, atinipun sampun keblinger, kehormatan lan katrisnanipun sampun ical kagantos dados mrina lan sengsara. Pramila supados balai griya tansah kajagi saking sikap lan prilaku sasar, mila saben-saben anggota keluarga kedah mahami dhateng tugas lan tanggung jawabipun kasebat ing Alqur’an:

“Kaum pria kuwi minangka pemimpin tumprap kaum wanita, mula sangka kuwi Allah wus paring keluwihan marang saperangan (kaum wanita), lan sebab dheweke (kaum pria) wus menehi nafkah saperangan bandhane. Marga kuwi kaum wanita kang saleh, hiya iku kang ta’at marang Allah tur njaga kehormatane, nalika bojone lagi lunga, amarga Allah wus njaga (dheweke)”. (QS. An-nisa’: 34) 

 

Wonten ayat Alqur’an kasebat sampun jelas bilih wonten bale griya, garwa kakung dados pemimpin ingkang gadhah jejibahan maringi nafkah lahir lan batin. Salah setunggalipun bentuk nafkah inggih punika kanthi nyambut damel kangge njangkepi kabetahanipun pagesangan saben dintenipun, kanthi ikhlasing manah. Perkawis punika boten gampil kagem garwa kakung, pramila dipun betahaken jiwa ingkang tanggel jawab sarta keimanan saking ketetapan Allah SWT. 

 

Ananging kasunyatanipun wonten ing pagesangan tasih kathah kanca estri ingkang tebih saking kasunyatan, kathah ingkang dadosaken garwo kakungipun kangge mesin ngudi arto lan pelayan ing keluarga. Minangka mesin pados arto garwo kakung dipun tuntut kangge nyambut damel tekuk kringkel, meras keringat boten kenal lelah, ugi meksa garwo kakung kangge pados arto ingkang haram. Minangka pelayan ing bale griya piyambak kanca estri ugi nuntut garwo kakung nyambut damel sedaya perkawis bale griya, leres ing perkawis dapur, reresik griya, ngasuh putra-putri. Cekak aos garwa kakung ibarat pembantu wonten dalemipun piyambak. 

 

Dereng malih menawi kanca estri boten marem kalian pedamelan garwa kakung, piyambakipun badhe ngolok-olok, mbentak lan milara badanipun, kanca estri badhe cuwa lan boten rila menawi setunggaling wekdal garwa kakung nilarekan tanggel jawab utawi bagi katresnan dhumateng wanita sanes, keranten awonipun tingkah laku kanca estri. 

 

Kaum muslimin Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

Mapinten-pinten perkawis ingkang damel para kanca estri kagungan perilaku ingkang boten sae antawisipun : 

  1.  Kirang raos syukur. Perkawis punika saged kabukten amargi piyambakipun tansah rumaos boten marem dhateng tindakanipun garwa kakung, khususipun perkawis materi. Pribadinipun tansah ningali ingkang wonten nginggil sehingga tansah rumaos kirang punapa ingkang sampun dipun paringaken saking garwa kakung. 
  2. Garwa kakung boten saget dados tulang punggung keluarga. Perkawis punika panci dados sebab kisruhipun bale griya, menawi garwo kakung boten gadhah pendamelan (nganggur), milo kanca estri kedah siap boten nuntut punapa ingkang boten dipun miliki saking garwa kakung, khususipun materi dumugi garwa kakung saget maring dhumateng kanca estri. Semanten ugi menawi ingkang nyambut damel namung kanca estri. Menawi kanca esteri sampun turah bandanipun lan sampun nyekapi kabetahan gesang tanpa boten wonten tambahan saking garwa kakung, boten prayogi garwa kakung mendel kanthi boten usaha kagem nyambut damel, kranten sinaosa sekedik ingkang saget dipun parengaken garwa kakung dhumateng kanca estri tetep dipun cathet minangka nafkah ingkang dipun wajibaken Allah SWT, lan kanca estri boten pareng ngremehaken, kranten banda garwa kakung boten sebanding kaliyan banda kanca estri. 

 

Ananging anehipun ngadhepi perkawis punika boten sekedik para garwa kakung ingkang boten waget tumindak kanthi tegas dhumateng durakanipun para kanca esteri. Lan dhumateng para kanca estri kedahipun boten bingah kalian tumindakipun dhateng garwa kakung, keranten menawi setungaling wekdal garwo kakung leres-leres nilaraken kanca estri, boten namung kanca estri kemawon ingkang rugi, ananging putra-putri ugi badhe rugi. 

 

Wondene akibat saking tiyang estri dipun tilar dening garwo kakung inggih punika: 

  1. Boten terpenuhipun kabetahan kangge pangupajiwa khususipun menawi kanca estri boten makarya. 
  2. Para putra badhe kleleran. Kanjeng nabi Muhammad SAW nate ngendika: 

 “Sak bagus baguse wong wadon yaiku wong wadon kang nyenengaken nalika di sawang kang garwa, lan taat nalika diperintah, lan bisa jaga awak lan bandane nalika kang garwa ora ana” (HR. Thabrani). 

 

Kaum muslimin Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

Kanthi punika tugas lan kewajiban tiyang sepuh kagem didik lan ngrawat putra-putrinipun, ngantos, dumugi ageng, semanten ugi kanca estri minangka guru ingkang pawitan lan garwa kakung minangka kepala sekolah wonten ing tlatah pendidikan ing setunggalipun institusi “Keluarga”. Sehingga menawi garwa kakung maringi keputusan talaq karanten durakanipun kanca estri mila badhe kados pundi nasib putra- putrinipun. Saget ugi putra-putrinipun badhe matur menawi piyambakipun boten kepingin dipun lahiraken wonten ing keluarga broken home. Piyambakipun boten mangertos kedadosan napa-napa dhateng tiyang sepuh kekalihipun, ananging margi egoisanipun tiyang sepuh kolo wau. Mekaten ingkang saget kula aturaken mugi mugi adosaken manfaat dhumateng samudayanipun, amin, amin ya Robbal ‘alamiin.

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

9/17/2020

Mujudaken Shalat Ingkang Khusuk, Saget Nyegah Pakerti Awon Lan Mungkar

 

Tiyang-tiyang mukmin sami beja kemayangan,  ingkang khusuk shalatipun. Shalat minangka sarana pendidikan ingkang tumuju dhateng kesahenan lan nyegah dhumateng perkawis ingkang awon lan mungkar, mila punika kita tingkataken kualitas shalat kita, khususipun shalat gangsal wekdal, lan ugi ngathah-ngathahaken shalat sunat supados kita dados tiyang ingkang beja, amargi tiyang ingkang sregep nindakaken shalat punika badhe dipun lebetaken golonganipun tiyang-tiyang ingakang bagus utawi sae amanahipun.

اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِيْ فَرَضَ الصَّلَاةِ عَلَى عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى وَاَسْأَلُهُ الْمَزِيْدُ مِنْ فَضْلِهِ فِى جَمِيْع الْاَوْقَاتِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ,اَلْمَبْعُوْثُ بِالْحَقِّ وَالْوَفَى. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَ الْهُدَى أَمَّا بَعْدُ: اَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنُ رَحِمَكُمُ اللهُ, اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَقَالَ رَبُّكُمْ فِى الْقُرْانِ الْكَرِيْمِ اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَااَيُّهَالنَّاسُ كُلُواْمِمَّا فِى الْاَرْضِ حَلَالً طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَاتِ الشَّيْطَانَ اِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّمُبِيْنٌ. 

Jama'ah Jum'ah Rahimakumullah. 
Mangga sareng-sareng ningkataken anggen kita taqwa, anggen kita nglampahi dhawuh-dhawuhipun Allah, tuwin nebihi awisan-awisanipun, samiya mangertosi bilih shalat ingkang dipun fardhukaken Allah dhumateng kita punika angghadhahi sifat lahir lan batos. Perlu kita kawuningani bilih shalat ingkang kita lampahi saben dinten punika kirang bobot, makna lan manfaatipun, menawi kita boten kersa ngupadi hakikatipun shalat midherek punapa samestinipun. Tandhanipun menawi shalat kita nggadhahi bobot, makna lan manfaat ingkang inggil punika wontenipun perubahan ingkang meningkat wonten ing pribadi kita utawi tiyang ingkang nindakaken shalat. Kados tiyang ingkang medhit dados loma lan seneng sedekah. Ingang aslinipun jirihan dados kendel, ingkang kala waunipun kirang sae pergaulanipun berubah lan meningkat dados sae. Jama'ah Jum'ah Rahimakumullah. Wonten ing surat Al Ankabut ayat 45 Allah SWT ngendika:
" Satemene shalat iku bisa nyegah saka perkara kang ala lan perkara kang mungkar"(Al Ankabut: 4) Kanthi ayat punika mangga kita teliti, analisa lan mendhet kesimpulan saking faedahipun shalat. Mangga kita tingkataken amal ibadah shalat kita kanthi khudhu', khusu', tawadhu' lan sujud dhateng ngarsanipun Allah SWT. Kejawi nindakaken shalat gangsal wekdal, mangga kita ngathah-ngathahaken shalat sunat, kados shalat rawatib, salat hajat, salat tasbih lan ugi shalat lail. Sedaya kalawau kita tindakaken namung ngupadi karidhanipun Allah SWT, dzat ingkang Maha Suci lan Maha Ngudanani, nanging kita kedah ngatos-ngatos ing dalem nindakaken shalat punika, sampun ngantos kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang rugi lan getun ing tembe wingking, kados pangandikanipun Allah wonten Surat Al Mu'minun ayat: 1-3
" Temen beja wong-wong kang padha mu'min, yaiku wong-wong kang ing dalem nindakake shalat iku padha khusu'. Wong-wong akeh padha mlengos saka perkara ala" 

Jama'ah Jum'ah Rahimakumullah. 
Midherek keterangan ayat kasebat bilih tiyang-tiyang mukmin punika sami beja kemayangan, inggih punika tiyang-tiyang mukmin ingkang khusuk shalatipun. Shalat minangka sarana pendidikan ingkang tumuju dhateng kesahenan lan nyegah dhumateng perkawis ingkang awon lan mungkar, mila punika kita tingkataken kualitas shalat kita, khususipun shalat gangsal wekdal, lan ugi ngathah-ngathahaken shalat sunat supados kita dados tiyang ingkang beja, amargi tiyang ingkang sregep nindakaken shalat punika badhe dipun lebetaken golonganipun tiyang-tiyang ingakang bagus utawi sae amanahipun. Lan shalat punika mujudaken rahmat lan pitedah saking Alah SWT, Allah dhawuh mekaten:
" Alif lam mim, mengkana iku ayat kitab "Quranul Hakim" kang dadi pituduh lan rahmat marang-wong-wong kang becik (amaliahe). Wong-wong akeh kang padha gelem nindakake shalat, bayar zakat lan wong-wong iku padha yakin marang perkara akhirat. Wong-wong mengkana mau pada netepi pituduh ing Pangerane, mulane wong kang mengkana iku padha beja. (QS. Luqman: 1-5). 

Jama'ah Jum'ah Rahimakumullah. 
 Shalat punika mujudaken panggenan utawi maqam panyuwunan kita dhateng Allah minangka kawulanipun, shalat ugi mujudaken margi ingkang haq lan leres Pramila mekaten mangga kita giyataken lan kita tingkataken shalat berjama'ah, amargi kanthi jama'ah kita badhe pikantuk ganjaran 27 derajat. Ugi kanthi shalat berjama'ah kita badhe pikantuk manfaat, faedah lan hikmahipun ingkang boten sekedhik tumrap pribadi, bale griya, masyarakat lan negari. Kanthi nindakaken shalat berjama'ah, keluarga utawi rumah tangga kita badhe disiplin, teratur lan saget dados wasilah kangge nggayuh keluarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, ingkang dipun ridhani dening Allah SWT. Shalat ugi saget dados wasilah minangka dipun kabulaken do'a utawi panyuwunan kita, punapa malih menawi iman kita sampun kiyat lan kandel lan badhe tambah kiyat nalika kita tansah maos lan midangetaken ayat-ayatipun Allah, Allah ngendika mekaten:
" Satuhune wong-wong mukmin nalika den elingake (den sebut) asamane Allah mangka padha gumregah atine wong-won mukmin kabeh, lan nalika den wacakake ayat-ayate Allah marang-wong-wong mkmin, mangga padha tambah imane lan marang Allah wong-wong mau padha tawakal. Yaiku wong-wong akeh kang pada nindakake shalat lan padha gelem nafkahake rizkine. Kabeh iku wong kang padha iman kelawan haq, kanggo wong mu'min mau diangkat derajate ana ing Ngarsane Allah, uga oleh pangapura saka Allah lan rizki kang mulya". (QS: Al Anfal: 2)

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

9/10/2020

Mujudaken Kesehatan Keluarga- Sehat Jasmani, Rohani, Ekonomi, Lingkungan. Khutbah Bahasa Jawa

Kesehatan punika dados kabetahan paling utami kagem manungsa, amargi kanthi sehat manusngsa badhe saget ngraosaken nikmat lan bahagia saking sedaya peparingipun Allah. Manusia kedah tansah ngudi supados dados pribadi ingkang sehat, kalerse sehat jasmani lan rohani, ekonomi lan lingkunganipun. Perkawis punika badhe kita aturaken mawi khutbah Jum’at.


اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَالْاَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَتِ وَالنُّوْرِ ثُمَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُوْنَ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ الْخَالِقُ الْبَارِءُ الْمُصَوِّرُ لَهُ الْاَسْمَاءُالْحُسْنَى, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ,اَلْمَبْعُوْثُ بِالْحَقِّ وَالْوَفَى. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا  مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَ الْهُدَى أَمَّا بَعْدُ: اَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنُ رَحِمَكُمُ اللهُ, اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَقَالَ رَبُّكُمْ فِى الْقُرْانِ الْكَرِيْمِ اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَااَيُّهَالنَّاسُ كُلُواْمِمَّا فِى الْاَرْضِ حَلَالً طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَاتِ الشَّيْطَانَ اِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّمُبِيْنٌ

Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Mangga kita sesarengan muji syukur dhumateng Gusti Allah Ta’ala, ingkang tansah paring nikmat tanpa kendhat, sarta anggelar rahmat ing saendhunging jagat. Shalawat lan salam, mugi katur dhumateng uswah hasanah kita, kanjeng Nabi Muhammad SAW, para keluwarga, shahabat, sarta sedaya ummat ingkang tansah tha’at, ngantos ing dinten kiyamat.

Jemaah Jum’at ingkang  minulya,

Boten wonteng wasiyat ingkang langkung sahe, kejawi wasiyat Taqwallah, inggih punika nindakaken sedaya dhawuhipun Allah Azza Wajalla, selaras kaliyan anggenipun nilar sedaya awisanipun. Inggih kanthi lampah taqwa punika, Gusti Allah Subhanahu Wata’ala, badhe paring kamulyan dhumateng kita, kados ingkang kawedhar wonten ing Aluran surat Al Hujuraat: 13

“Saktemene wong kang paling mulya ing antarane sliramu ana ing ngarsane Allah, yaiku kang paling taqwa, saktemene Allah iku Dzat kang Maha Uninga, Maha Paring Pekabaran.”

Salah satunggalipun perkawis penting ingkang kita adhepi jroning masyarakat, inggih punika babagan kesehatan. Sakdongipun punika kita sampun ngraosaken pambudi dayanipun Pemerintah ing babagan kesehatan fisik, kanthi sedaya masyarakat, khususipun kaum dhu’afa saged berobat gratis wonten Rumah Sakit Rujukan. Temtu kita kedah muji syukur dhumateng Allah Subhanahu Wata’ala, sarta matur nuwun dhumateng Pemerintah. Perlu kita wuningani bilih masalah kesehatan punika, boten namung kesehatan phisik utawi jasmani kemawon, ananging ugi nyakep :

< Sehat Jasmani < Sehat rohani < Sehat ekonomi <Sehat lingkungan

Jema’ah Jum’at Rahimakumullah

Nomer setunggal sehat jasmani

Tiyang dipun sebat sehat, arikala boten wonten gangguan fisik, hingga saged nindakaken sedaya kegiatan ingkang dipun betahaken. Rasulullah SAW nate ngendika : jaganen limang perkara, sakdurunge teka limang perkara liyane, salah satunggalipun inggih punika,

صِحَّتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ

Jaganen sehatmu, sakdurunge tumika penyakitmu.”

Kangge jagi kesehatan punika, kedah dipun taati pola makan, utawi pranataning dhahar, inggih punika :

1.        Dhaharan ingkang halal

2.        Dhaharan ingkang thayyib, ingkang bermanfaat tumrap kesehatan, kasebat ing surat Al abaqarah : 168

3.        Dhahar lan ngunjuk boten kliwat watis QS. Al A’rof : 131, wondene menawi sakit, engggal-enggal berobat.

Rasulullah SAW dhawuh:

تَدَاوَوْا عِبَادَ اللهِ فَاِنَّ اللهَ تَعَالَى لَمْ يَضَعْ دَاءً اِلَّا وَضَعَ لَهُ دَوَاءٌ غَيْرَ دَاءٍ وَاحِدٍ اَلْهَرَمُ  (روه احمد)

“Pada berobata sira kabeh kawulane Allah mengka saktemene Allah Ta’ala iku, ora pering penyakit, kejaba Allah uga paring obate, sak liyane penyakit siji yo kuwi tuwa.” HR. Ahmad

 

Nomer kalih inggih punika midherek bahasa agamanipun sehat rohani

Prof. dr. H. Dadang Hawari Psikiater paring penjelasan bilih midherek WHO (Badan Kesehatan Dunia) ciri-ciri tiyang ingkang sehat rohani utawi jiwanipun inggih punika:

1)        Saged nampi kasunyataning gesang/ saged mahami lan nampi takdiripun Allah.


 “Kang (dadi) kangungane Panjenengane Allah keraton langit lan bumi, lan Panjenengane (Gusti Allah) ora kagungan putra, lan ora ana sekuthon tumrap Panjenengane ing sajrone kratone, lan Panjenengane nitahake sekabehe perkara, lan Panjenengane netepake ukuran-ukurane kanthi sak apik-apike”( QS. Al Furqan: 2)

 

1)        Rumaos marem saking hasil usahanipun piyambak. ( HR. Bukhari)

2)        Rumaos marem menawi saged tetulung dhumateng tiyang sanes ( Sha’ibul iman).

3)        Langka sanget ngalami stress

4)        Remen tulung tinulungan.

“lan becik padha tulung-tinulunga sira (kanggo ngelakoni)kabecikan lan taqwa lan aja padha tulung tinulung kanggo (ngelakoni) dosa lan sesatron”. (QS. Al Maidah: 2)

 

1)        Gadhah raos teresno dhumateng dok sintena. (HR. Buchari Muslim)

Pranyata bilih sedaya punika selaras kaliyan tuntunaning agami Islam.

Kaum muslimin a’azzakumullahu wa iyyaa ya

Ingkang nomer tiga inggih punika sehat ekonomi

Sok sintena ingkang sampun saged nyekapi kabetahanipun piyambak, awit saking penghasilanipun, tanpa kabantu dining tiyang sanes, punapa dene utang mrika-mriki, ateges sampun sehat ekonominipun.  


“Dhawuha sira-sirahe kaumku, makarya sira kabeh sakuwatmu, saktemene aku uga makarya, suk sira bakal ngerti, endi ing antarane kita kang bakal entuk hasil kang becik ing donya iki, saktemene wong-wong kang dlalim ora bakal entuk keuntungan.” QS. Al An’am : 135

Ingkang nomer sekawan inggih punika sehat lingkungan

Kita pahami sarta yakini, bilih lingkungan ingkang sehat insya-Allah badhe muwuhaken masyarakat ingkang sehat ugi. Lingkungan ingkang sehat punika nyakep kalih perkawis:

1.      Masyarakatipun bebas saking :

<Nark0ba <Minuman keras<Perjudian, sarta <Perzinaan

Dhawuhipun Allah Ta’ala ing bab punika wonten ing QS. Al A’raf : 33

“Dhawuha sira: sayekti (Allah) Pangeranku wus ngaramake (sekabehane) kejahatan kang cetho lank angora ceto, uga kabeh laku dosa lan memungsuhan kang tanpa bebener.” QS. Al A’raf : 33

1.      Lingkunganipun ketingal :

·           Tenata rapi lang indah

·           Nuansa ijo royo-royo awit kathahing tetaneman

·           Margi lan plataran ingkang resik saking maneka warnining sampah.

Dhawuhipun Allah Ta’ala wonten QS. Hud : 61

“Panjenengane Allah kang wus nyipta sira kabeh saka lemah, lan dadekake sira kabeh kang gawe makmur”.

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ



 

 

7/14/2020

Mujudaken Masyarakat Adil Lan Makmur, Khutbah Bahasa Jawa


Mlebet Islam kanthi sampurna tegesipun ngamalaken kanthi konsekwen sedaya syari’at agami Islam, ing sekawan bidang inggih punika 1) bidang Aqidah, 2). bidang ibadah, 3). bidang Akhlak lan 4). bidang muamalah duniawiyah.


أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى وَفَّقَ مَنْ شَاءَ لِطَاعَتِهِ مِنْ عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ كَتَبَ شَهَادَةً لِمَنْ عَمِلَ بِشَرْعِهِ الْقَوِيْمِ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الصَّادِقُ الْوَعْدِ الْاَمِيْنُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ اهْتَدَواْ بِهَدْيِهِ وَاتَّبَعُواالنُّوْرَ الَّذِىْ اُنْزِلَ مَعَهُ أُولَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ, أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Para sedherek kaum muslimin ingkang kula mulyaaken
Wonten kesempatan khutbah Jum’at punika kawula wasiat dhateng para jamaah, manga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun. Allah SWT ngendika wonten salebetipun kitab suci Alquran surat An Nahl ayat : 90 makaten :







“ Saktemene Allah iku dhawuh marang sira kabeh supaya tumindak adil lan supaya gawe kebecikan, menehi pitulung marang ahli kerabat. Lan Allah nglarang marang sira kabeh saka tumindak jahat lan mungkar lan memungsuhan. Allah paring pepeling marang sira kabeh, supaya sira tansah eling lan ngerti “

Ayat punika nerangaken saperangan saking sifatipun tiyang ingkang taqwa dhumateng Allah. Inggih punika tiyang ingkang tansah negakaken dhateng sipat adil, remen damel sewarnining kesaenan lan remen asung pambiyantu utawi remen tetulung dhateng sanak sedherek, kosok wangsulipun dhemen tumindak jahat, mungkar lan boten remen memengsahan. Makaten ing antawisipun sifat-sifatipun tiyang taqwa. Mangga kita sedaya sami ngudi murih dados tiyang- tiyang ingkang taqwa kados ingkang dipun dhawuhaken Allah :

“ E wong wong kang Iman ! sira kabeh pada taqwa-a marang Allah kanthi sabener-benere taqwa. Lan sira kabeh aja pisan – pisan mati kejaba tetepa dadi wong Islam “ (QS. Ali Imran: 102)

Para sedherek kaum muslimin ingkang kula mulyaaken
Supados tumindak kita waget dados tiyang Islam ingkang sak leres-leresipun, kita kedah nindakaken syari’at Islam kanthi kaffah, kasebat ing dalem Alquran:

“ E Wong-wong kang Iman ! sira kabeh padha mlebua ana sajrone agama Islam kanthi sampurna. Lan sira kabeh aja padha manut tingkah-langkahe syetan. Awit satemene syetan iku mungsuh kang terang tumrape sira “ ( QS. Al Baqarah : 208 )

Mlebet Islam kanthi sampurna tegesipun ngamalaken kanthi konsekwen sedaya syari’at agami Islam, ing sekawan bidang inggih punika 1) bidang Aqidah, 2). bidang ibadah, 3). bidang Akhlak lan 4). bidang muamalah duniawiyah.

Para sedherek, sak terasipun kados pundi cara anggenipun kita mujudaken masyarakat ingkang adil lan makmur, kados resep ingkang dipun dhawuhaken dening Sayyidina Ali bin Abi Thalib, inggih punika:

يَاجَابِرُ قَوَامُ الدِّيْنِ وَالدُّنْياَ بِأَرْبَعَةٍ: عاَلِمٌ مُسْتَعْمَلٌ عِلْمُهُ، وَجَاهِلٌ لَا يَسْتَنْكِفُ أَنْ يَتَعَلَّمَ، وَجَوَادٌ لَا يَبْخَلُ بِمَعْرُوْفِهِ، وَفَقِيْرُ لَا يَبِيْعُ أٰخِرَتَهُ بِدُنْيَاهُ فَإِذَا ضَيَّعَ اْلعَالِمُ عِلْمَهُ اِسْتَنْكَفَ الْجَاهِلُ أَنْ يَتَعَلَّمَ، وَإِذَا بَخِلَ الْغَنِيُّ بِمَاِلهِ بَاعَ اْلفَقِيْرُ أٰخِرَتَهُ بِدُنْيَاهُ .

“ Wahai Jabir, tegake agama lan dunia iku kelawan sekawan perkawis, tiyang alim ingkang ngamalaken ilmune, tiyang bodho ingkang boten keset ngaos, dermawan ingkang boten medit ngamalaken kesaenan, tiyang ingkang miskin ingkang boten nyade akhiratipun kelawan dunya, mila menawi tiyang alim nyia-nyiaken ilmunipun, tiyang bodoh boten purun ngaos lan bilih tiyang sugih medit nglampahi kesaenan, tiyang miskin badhe nyade akhiratipun kelawan dunyanipun. “

Dhawuhipun Sayidina Ali bin Abi Thalib punika selaras kalian perkawis ingkang sampun dipun dhawuhaken dening Rasulullah SAW:

قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَاعْلَمُوْا أَنَّ قَوَامَ الدُّنْياَ بِأَرْبَعَةِ أَشْيَاءَ أَوَّلُهَا بِعِلْمِ الْعُلَمَاءِ وَثَانِيْهَا بِعَدْلِ اْلاُمَرَاءِ وَثَالِثُهَا بِسَخَاوَةِ اْلاَغْنِيَاءِ وَرَابِعُهَا بِدَعَاءِ الُفُقَرَاءِ.

“ Rasulullah SAW ngendika: Ngertia sira kabeh, satuhune tegake donya (negara) kelawan patang perkara: sepisan ilmune para ulama’, kapindo adile para penguasa, telu lomane wong-wong sugih, papat dongane wong-wong fakir”

Sarana dhawuhipun Sayidina Ali bin Abi Thalib lan dipun kiataken dening dhawuhipun Rasulullah SAW punika, kita saged pikantuk gambaran lan pedoman bilih dunya utawi negari ing pundi kemawon saget tegak, adil lan makmur, menawi dipun tunjang kaliyan sekawan perkawis, inggih punika;
1. Ilmunipun para ulama, ingkang dipun sebaraken kanthi purun maringi pawulangan dhateng tiyang ingkang bodho supados saget mangertos dhateng punapa tugas lan kewajibanipun salami gesang wonten ing alam dunia. Mangertos tata caranipun ibadah, mangertos aturan pergaulan utawi akhlak ingkang mulya, mangertos hukum agami, mangertos masalah halal lan haram lan aturan lintunipun sahingga benjang dados tiyang ingkang manfaat migunani kangge agaminipun, nusa lan bangsanipun. Lantaran perjuanganipun para alim ulama punika, ing akhiripun badhe nglahiraken para pemimpin, sarjana, cerdik cendekiawan ingkang badhe saget majengaken negarinipun tumuju dhateng masyarakat ingkang adil lan makmur.

Ngengingi pentingipun ilmu kangge modal kemajengan bangsa lan negari, pramila mangga para generasi muda penerus perjuanganipun bangsa sami cancut taliwandha ngudi ilmu ingkang sak kathah-kathanipun kangge sangu gesang kita, ingkang kathah sanget hambatan, rintangan lan tantanganipun. Sak terasipun ilmu pengetahuan lan ilmu agami ingkang paling penting inggih punika ingkang gegayutan kaliyan masalah akhlakul karimah, amargi menawi generasi muda boten nggadhahi pendidikan akhlakul karimah akibatipun negari punika badhe hancur, kita gatosaken bilih risakipun negari punika gumantung risakipun akhlak, kados ingkang sampun diaturaken dening penyair ingkang masyhur, Syauqi Bey;

اِنَّماَ الْاُمَمُ الْاَخْلَاقِ مَابَقِيَتْ* فَاِذَا هُمُّوْا ذَهَبَتْ أَخْلَاقُهُمْ ذَهَبُوْا

“Langgenge setunggaling bangsa inggih punika salami akhlaqipun langgeng, menawi akhlakipun ical, musnah ugi bangsa punika “ ( Syauqi Bey )

2. Kejujuranipun para pejabat pemerintah, anggenipun ngatur lan nata negari, hukum lan aturan ditegakaken kanthi adil lan bijaksana, perjalanan roda ekonomi diatur kanthi rata lan ningkataken sumberdayane rakyat, boten namung wonten lingkungane para pejabat, bebas saking korupsi, kolusi lan nepotisme. Ketentraman lan keamanan negari dipun jagi kanthi sae, kemakmuran saget dipun raosaken rakyat secara nyata, boten wonten ketimpangan sosial, ingkang sugih tambah sugih ingkang mlarat tambah mlarat, pokokipun menawi pemerintah saget berbuat kanthi adil insya Allah negari punika badhe ngalami kemakmuran, aman, rukun, damai sejahtera jaya lan sentosa.

3. Lomanipun tiyang ingkang sugih. Para hartawan punika supados purun ngurbanaken dunya lan bandhanipun kangge kepentingan umum, purun bantu dhateng para fakir miskin ingkang tansah nandang sengsara lan kekirangan, kanthi zakat utawi sedekah langkung- langkung kangge kepentingan umum kados dene bangun panggenan ibadah lan pendidikan ugi sarana lan prasarana lintunipun, sebab menawi boten wonten lomanipun tiyang sugih, nalika tiyang fakir miskin sami betahaken pambiyantu kemungkinan badhe timbul kecemburuan social, kados dhene perampokan, penjarahan, perampasan, pembakaran lan lintu- lintunipun . Menawi tiyang sugih boten loman negari badhe kenging bala’ utawi musibah ingkang boten kita ajengaken, cara ingkang ampuh kangge nyegah bala’ utawi musibah boten sanes kejawi tiyang-tiyang sugih sami purun ngedalaken zakat lan shodaqoh dhateng para fuqoro lan masakin. Malahan kanthi purun ngedalaken zakat lan shodaqoh boten namung saged nolak bala’ utawi musibah nanging ugi saged nyuburaken, nambah lan ningkataken rizki lan kemakmuranipun negari.

4. Donganipun para fuqara lan masakin, artosipun para fuqara lan masakin badhe tunduk dhateng sedaya aturan agami lan negari, malah kersa dongaaken dhateng para pemimpin, para ulama lan para aghniya. Sedaya kalawau badhe kasembadan menawi para ulama kersa berjuang maringi piwulang dhateng tiyang ingkang bodho, para pejabat sami tumindak ingkang adil dhateng rakyatipun, para tiyang sugih purun bantu dhateng para fuqara lan masakin. Insya -Allah para fuqara lan masakin badhe purun dongaaken dhateng sedaya para ulama, para pemimpin lan para aghniya. Sehingga akhiripun saged kawujud masyarakat ingkang adil, makmur, gemah ripah loh jinawi karta raharja. Amargi sedaya komponen bangsa kalawau saged nyadari lan nindakaken fungsi lan tugasipun piyambak- piyambak.

Menawi sekawan unsur kalawau saget dipun tindakaken kanthi sadar fungsi lan tugasipun insya -Allah badhe mujudaken masyarakat ingkang adil lan makmur, inggih masyarakat Khairu Ummah, kados ingkang sampun dipun isyarataken kaliyan Alquran surat Ali Imran : 110

“ Sira kabeh iku umat ingkang paling bagus kang di lahiraken kangge manungso, mrintah marang kebagusan lan nyegah marang kemungkaran lan iman marang Allah..” ( QS. Ali Imron : 110 )
Wujud masyarakat kados mekaten punika ingkang dipun idam-idamaken Islam, masyarakat punika minangka dambaan sedaya manungsa, sedaya warga negara, sedaya generasi ing sepanjang zaman. Mugi-mugi masyarat kita badhe dados masyarakat ingkang utama kados ingkang sampun diisyarataken Alquran. Amin ya Rabbal alamiin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


7/08/2020

Kuwajiban Putra Dhateng Tiyang Sepuh, Khutbah Basa Jawa

Tiyang  punika ingkang paling ageng lelabetan utawi jasanipun dhumateng kita menawi dipun bandhing kaliyan tiyang sanes. Inggih lantaran tiyang sepuh, kita lahir ing ngalam dunya. Lan tiyang sepuh khususipun ibu, prihatosipun sakelangkung. Nalika ngandhut, kapeksa kedah naati aturan ingkang awrat. Perkawis-perkawis ingkang dipun anggep bebayani tumrap si ponang jabang bayi kedah dipun tilar, sahingga ibu anggenipun dhahar, sare, nyambut damel, kraos dipun watesi, boten saged bebas. Punapa malih nalika nembe nglairaken bayi, asring para ibu sami ngraos sakit ingkang tanpa upami, mandar boten sekedhik ingkang seda sebab mbabaraken putranipun.

أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِىْ خَلَقَ الْاِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ, أرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى سَاِئِر الْاَدْيَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَمَنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Langkung rumiyin sumangga kita tansah ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan dhumateng kita sedaya, salawat saha salam mugi katur dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW saha para keluarga sahabat tabi’in tabi’in ila yaumiddin. Sak lajengipun minangka khatib kawula wasiyat dhumateng awak kula piyambak khususipun lan umumipun dhumateng panjenengan sedaya sumangga kita sesarengan tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindaaken sedaya dhawuhipun Gusti Allah lan nebihi sedaya awisanipun Allah SWT, sahingga menawi kita saget nindakaken perkawis kasebat fa insya-Allah kita badhe wilujeng wonten dunya ngantos dumugi akherat, amin ya Rabbal ‘alamin.

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakumalah
Menawi kita gatosaken lan mirengaken wonten ing berita, surat kabar utawi elektronik mapinten-pinten kedadosan ing masyarakat kita, boten sakedhik putra sami mengsahi tiyang sepuhipun piyambak, namung kanthi jalaran ingkang sepele, kados amargi pemanggihipun boten sami, penyuwunipun boten dipun sembadani, utawi sebab sanesipun, langkung-langkung tumrap putra ingkang pendidikanipun langkung inggil ananging miskin agami lan miskin pengalaman, lan tiyang sepuhipun pendidikanipun asor ananging kebak pengalaman.

Ingkang putra supe bilih bekti dhateng tiyang sepuh punika wajib hukumipun, keranten supe, pramila putra ngedalaken tembung kasar ingkang saged damel sakiting manah tiyang sepuhipin, ingkang ndadosaken tiyang sepuh duka. Kang mangka dukanipun tiyang sepuh nedahaken dukanipun Allah SWT Rasulullah SAW nate ngendika:

رِضَا اللَّهِ فِي رِضَا الْوَالِدَيْنِ, وَسَخْطُ اللَّهِ فِي سَخْطِ الْوَالِدَيْنِ


"Ridhane Allah iku gumantung ing ridhane wong tuwa loro lan bendune Allah iku gumantung ing rengune wong tuwa loro (HR. Tirmidzi)

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakumullah
Bentenipun pemanggih antawis tiyang sepuh kaliyan putra sakjatosipun inggih perkawis ingkang limrah, ananging menawi ngantos medhot pasedherekan, ateges boten limrah, awit ingkang mekaten wau nedahaken bilih putra ingkang duraka dhateng tiyang sepuhipun, ateges ingkang putra nindakaken dosa ageng. Saupami panci tiyang sepuh ingkang lepat, ananging piyambakipun tetep boten saged nampi pemanggihipun putra ingkang leres, putra boten kenging ngantos medhot shilaturrahim. Putra inggih tetep kedah ngurmat lan bekti kaliyan tiyang sepuh, sinaosa boten sarujuk kaliyan pemanggihipun, amargi saget ugi menawi pemanggihipun nerak wewalering agami.

Kaum muslimin jemaah Jumah Rahimakummalah
Perlu kita akeni bilih tiyang sepuh kita punika ingkang paling ageng lelabetan utawi jasanipun dhumateng kita menawi dipun bandhing kaliyan tiyang sanes. Inggih lantaran tiyang sepuh, kita lahir ing ngalam dunya. Lan tiyang sepuh khususipun ibu, prihatosipun sakelangkung. Nalika ngandhut, kapeksa kedah naati aturan ingkang awrat. Perkawis-perkawis ingkang dipun anggep bebayani tumrap si ponang jabang bayi kedah dipun tilar, sahingga ibu anggenipun dhahar, sare, nyambut damel, kraos dipun watesi, boten saged bebas. Punapa malih nalika nembe nglairaken bayi, asring para ibu sami ngraos sakit ingkang tanpa upami, mandar boten sekedhik ingkang seda sebab mbabaraken putranipun.

Ugi boten kirang rekaosipun nalika ngrimat lan nggulawenthah putranipun wiwit alit ngantos dumugi agengipun. Tiyang sepuh ngorbanaken jiwa, raga, bandha, wekdal, pikiran lan pangorbanan sanesipun. Kebebasan sang ibu khususipun, kenging pun wastani dipun rampas dening putranipun ngantos pinten-pinten tahun. Ananging ibu ngraos kosok wangsulipun. Ibu lega lila lan boten ngraos kawratan nindakaken tugas-tugas wau, mandar ngraos kosok wangsulipun. Ibu lila ngraos luwe asal putranipun ngraos tuwuk, ibu lila boten sare asal putranipun saged tilem, ibu ngraos cekap ngagem ageman prasaja asal putranipun saged ngagem ageman ingkang edipeni. Samanten ugi bapak, sinaosa repotipun boten kados dene ibu.
Kanthi punika Allah dhawuha dhateng para putra kapurih sami bekti lan taat dhateng tiyang sepuh saksampunipun taat dhumateng Allah SWT. Al-Qur’an nyebataken wonten ing surat An-Nisa’ ayat 36


Artosipun:”Lan sembahen Allah lan ojo sira nyekutokake nganggo apa bae lan gawe becika marang wong tuwa loro” (QS: An-Nisa’ ayat 36)

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakumullah
Lan ing dalem agami Islam, tumindak sae utawi bekti dhateng tiyang sepuh punika kalebet pakerti ingkang paling dipun tresnani dening Allah. Sahabat Ibnu Mas’ud RA nate nyuwun priksa dhumateng Rasulullah SAW:

أَيُّ الْعَمَلِ أَحَبُّ إِلَى اللهِ تَعَالَى ؟ قَالَ الصَّلاَةُ عَلَى وَقْتِهَا قُلْتُ : ثُمَّ أَيُّ ؟ قَالَ : بِرُّ الْوَالِدَيْنِ قَلْتُ: ثُمَّ أَيُّ ؟ قَالَ اَلجِهَادُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ متفق عليه


”Pundi amal ingkang paling dipun tresnani dening Allah? Rasul ngendika ”shalat ing ndalem wektune” kawula matur, lajeng punapa malih?” Panjenenganipun ngendika.” Bekti marang wong tuwa loro,” kawula matur malih lajeng punapa malih? Panjenenganipun ngendika berjuang fi sabillillah.” (HR.Bukhari muslim)

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakummalah
Ewodenten wujud bektinipun, antawisipun damel tiyang sepuh ridha lan remen, biyantu tiyang sepuh nalika betahaken pitulungan arupi tenaga, pemanggih, bandha, donga, boten damel gerahing manah lan sanes-sanesipun. Namung perlu kawuningan bilih perkawis taat dhateng tiyang sepuh punika wonten watesipun, inggih punika menawi tiyang sepuh ndhawuhi kita nindakaken kesaenan; menawi dhawuhi maksiat, kita boten pareng taat. Sebab Rasulullah SAW nate ngendika:

اِنَّمَاالطَّاعَةُ فِى الْمَعْرُوْفِ

“Satemene taat iku mung kanggo perkara kang bagus (HR. Muslim).
Punapa malih menawi tiyang paring dhawuh supados nindakaken maksiat utawi ingkang kalebet musyrik, jalaran kalih-kalihipun dados awisanipun Allah SWT. Alquran nyebateken wonten surat Luqman ayat 15:

“Lan lamun wong tuwamu sakloron meksa marang sira supaya nyekutoake marang Ingsun kang sira ora mengerteni perkara mau, mangka sira aja naati marang wong tuwa loromu mau lan srawungana loro-lorone ing dunya kanthi becik (QS Luqman 15)

Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah!
Sakterasipun, damel sae dhateng tiyang sepuh kalih punika boten cekap namung nalika tasih sugeng ananging sinaosa sampun seda inggih, kita kedah bekti dhumateng tiyang sepuh kita. Wondene caranipun bekthi dhateng tiyang sepuh sasampunipun seda, nalika satunggaling sahabat wonten ingkang nyuwun priksa dhumateng Rasulullah SAW perkawis kasebat, Rasul paring pangendikan:

أَلصَّلَاةُ عَلَيْهِمَا وَالْاِسْتِغْفَارُ لَهُمَا وَاِنْفَاذُ عَهْدِهِمَا وَاِكْرَامُ صِّدِيْقِهِمَا وَصِلَّةُ الرَّحِمِ اَلَّتِىْ لَا تُوْصَلُ اِلَّابِهِمَا

Artosipun: “(1) Nyolati jenazahe, (2) nyuwunake pangapura (3) ngleksanakake apa kang dadi janjine (4) mulyakake wong-wong kang dadi sahabate wong tua, lan (5) Nyambung sanak kang ora disambung kejaba kelawan wong tuwa lorone”. (HR. Abu Dawud)

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rakhimakumalah
Menawi putra malah duraka dhateng tiyang sepuh mila Allah bakal paring siksa kelawan:
a. Kalebetaken dosa ageng ingkang saged anjalari mlebet neraka
b. Sedaya ngamalipun boten manfaat
c. Kejawi badhe nampi pidana ing akhirat, ugi nalika taksih ing ngalam dunya badhe dipun bendoni.

Mekaten mugi-mugi kanthi khotbah punika saged mantepaken kita anggenipun bekthi dhateng tiyang sepuh ingkang taksih jumeneng punapa dene ingkang sampun seda. Amin ya mujiibassaaillin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


6/19/2020

Ngedoh Saka Sedulur lan Kanca Khutbah Bahasa Jawa

Wontenipun pandemi virus corona ingkang dereng nate kita raosaken, mila kita kedah usaha lan ikhtiar sarta tawakal, kita ngestokaken dhawuh saking pemerintah minangka usaha lan ikhtiar nyegah nyebaripun virus corona. Shalat jamaah ing dalem, ngedohi sedulur lan kanca dipun tindakaken kanthi panuwun mugi-mugi balak lan musibah punika enggal sirna, sahingga saget nindakaken ngibadah kanthi sempurna selaras dhawuhipun Allah lan utusanipun.

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بنِعْمَةَ اْلِإيْمَانِ وَاْلإِسْلَامِ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْنَا بِهَا مِنْ أَهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ شَافِعُ اْلأُمَّةِ وَخَيْرُ اْلبَرِيَّةِ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّالِحَاتِ وَيَجْتَنِبُوْنَ اْلَمنْهِيَّاتِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Kaum muslimin jemaah shalat Jum'ah ingkang kawula hormati.
Pertama lan ingkang paling utama mangga sareng-sareng kita ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken dhawuh-dawuhipun lan nebihi menapa ingkang dados awisanipun. Alhamdulillah kanthi ngunjukaken syukur, ing dinten punika kita saged nindakaken shalat Jumat kanthi boten wonten alangan setunggal punapa. Kanthi punika nindakaken shalat Jum’at ing kawontenan new normal/ tatanan enggal. Sampun sak wetawis shalat Juma’at dipun gantos kalian shalat dhuhur, shalat jamaah wonten ing masjid, langgar lan mushola dipun tindakaken ing dalem.

Melai tanggal 17 April 2020 ngantos 29 Mei 2020 saestu umat Islam sampun ngeker anggenipun ngibadah ingkang sampun dados pakulinan dipun tindakaken kanthi jamaah ing panggenan ngibadah, kalebet shalat Jum’at. Pramila sasampunipin wonten tatanan enggal (new normal), kanthi pedoman Surat Edaran Menteri Agama RI Nomor 15, panggenan ibadah dipun bikak. Senajan kita sampun dipun parengangken nindakaken shalat jamaah ing panggenan ngibadah lan shalat Jum’at nanging umat Islam kedah tansah ngugemi protokol kesehatan ngedoh saking kanca lan sedulur, nyuci asta ngagem sabun utawi hand sanitizer, ngagem maskes, boten sisah salaman, saestu nembe sehat, ateges boten watuk, pilek lan panas.

Wontenipun pandemi virus corona ingkang dereng nate kita raosaken, mila kita kedah usaha lan ikhtiar sarta tawakal, kita ngestokaken dhawuh saking pemerintah minangka usaha lan ikhtiar nyegah nyebaripun virus corona. Shalat jamaah ing dalem, ngedohi sedulur lan kanca dipun tindakaken kanthi panuwun mugi-mugi balak lan musibah punika enggal sirna, sahingga saget nindakaken ngibadah kanthi sempurna selaras dhawuhipun Allah lan utusanipun.

Jamaah Jum’ah Rahimakumullah
Ngedoh saking sedulur lan kanca, iggih punika boten sisah caket-caket lan kumpul-kumpul kanthi nggrombol, nanging kita kedah ngindari utawi ngedohi saking sifat-sifat ingkang boten sae:

1. Ngedohi saking sifat angkuh lan gumedhe, amargi sifat-sifat punika badhe nyaketaken mlebet ing neraka lan ngedohaken seka suwarga.

لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ أَحَدٌ فِي قَلْبِهِ مِثْقَالُ حَبَّةِ خَرْدَلٍ مِنْ كِبْرِيَاءَ

“Ora bakal mlebu suwarga saben wong kang ing atine ana sak boboting sawi iku sifat angkuh utawa gemedhe’.(HR. Muslim)

2. Ngedohi saka memungsuhan lan medhot shilaturahim

لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعٌ

“Ora bakal mlebu suwarga sapa wonge kang medhot paseduluran” (HR. Buchari Muslim)
Senajan ing wekdal pendemi Covid-19 punika boten sami tilik-tinilik nanging paseduluran kedah tansah dipun jagi, saben tiyangipiin kedah mahami lan nyadari blih mekaten punika dipun tindakaken margi saking kawontenan.

3. Ngibadah kedah dipun landasi kalian sifat ikhlas, dipun tebihaken saking sifat riya’. Riya’ inggih punika ngibadah ingkang kedahipun dipun tujukaken kangge pados ridhanipin Allah nanging malah dados pedamelann amargi kepingin dipun alem, dipun tingali dening tiyang sanes.

إِنَّ أَخْوَفَ مَا أَخَافُ عَلَيْكُمْ الشِّرْكُ الْأَصْغَرُ قَالُوا يَا رَسُولَ اللَّهِ وَمَا الشِّرْكُ الْأَصْغَرُ قَالَ الرِّيَاءُ


“Satuhune kang paling aku khawatirake seka sira yaiku syiri’ kang cilik, sahabat matur punapa ingkang dipun wastani syirik cilik punika? Rasul jawab riya’ (HR. Ahmad)

4. Ngedohi saking tumindak ingkang boten sae.

إِنَّ الصِّدْقَ يَهْدِي إِلَى الْبِرِّ وَإِنَّ الْبِرَّ يَهْدِي إِلَى الْجَنَّةِ وَإِنَّ الرَّجُلَ لَيَصْدُقُ حَتَّى يَكُونَ صِدِّيقًا وَإِنَّ الْكَذِبَ يَهْدِي إِلَى الْفُجُورِ وَإِنَّ الْفُجُورَ يَهْدِي إِلَى النَّارِ وَإِنَّ الرَّجُلَ لَيَكْذِبُ حَتَّى يُكْتَبَ عِنْدَ اللَّهِ كَذَّابًا

“Sak temene kejujuran iku bakal nuduhake ing kebagusan, lan kebagusan iku bakal nuduhake ing suwarga. Sak temene wong kang tansah jujur hingga bakal dicathet dadi wong kang jujur. Lan satuhune goroh iku bakal nuduhake ing tumindak ala, lan setuhune penggawean ala iku bakal nyedhakake ing neraka lan satuhune wong kang tansah goroh iku bakal dicathet dadi wong kang ahli goroh”. (HR. Buchari Muslim)

Kaum muslimin jemaah shalat Jum'ah ingkang kawula hormati.
Mila kanthi tansah nyuwun pituduh dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi pandemi virus corona enggal tingkas, mila mangga sami ikrar paring janji dhumateng awakipun piyambak, manawi pandemi virus corona punika sampun sirna kita badhe ningkaten ibadah lan amal shalih. Allah ampun paring janji badhe ngabulaken doanipun tiyang-tiyang ingkang nyuwun dhateng Allah.

“Lamun kawulaningsun takon marang Sira (Muhammad) babagan Ingsun, mangka (dhawuha), yen satuhune Ingsun iku parek. Ingsun nyembadani panyuwune wong kang donga yen dheweke donga marang Ingsun, sangka iku, dheweke supaya nyembadani (sekabehe perintah) Ingsun lan dheweke supaya padha iman marang Ingsun, supaya padha oleh pituduh”. (QS. Al Baqarah: 186)

Duh Gusti ingkang Maha Kuwaos, Panjenengan sampun dadosaken pandemi Covid-19, namun Panjengan ingkang Maha Pirsa, kagem punapa Covid-19 punika Panjengan ciptakaken. Panjengan Maha Pirsa amal ibadah kawula nalika pandemi lan sak derengipun. Kawula sadar kathah dosa lan kalepatan, sahingga kawula tebih saking syari’at Panjengan. Mila kawula nyuwun pangapunten dhumateng Panjenegan, kawula kepingin badhe ngestokakaen dhawuh panjenengan kanthi sak sae-saenipun. Mila duh Gusti, kawula nyuwun welas asih Penjenengan, kanthi pangajab ingkang saestu Panjengan kersa nebihaken pandemi Covid-19. Amin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ