9/24/2020

Cobaning Mujudaken Keluarga Sakinah, Dambaan Pengantin kakung lan Estri

Seluarga sakinah punika pangajeng-ajeng sedaya tiyang, napa malih kagem piningantin kekalih. Ananging margi saben-saben tiyang punika gadhahi tumindak ingkang boten sae, sahingga pinengantin kekalih kedah salah setunggalipun ngalah. Perkawis pacoban mujudaken keluarga sakinah punika dipun serat dening Kasi Bimas Islam, Kantor Kementerian Agama Kabupaten Wonosobo, Bapak Drs. H. Mahbub, M. Ag

 

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْاِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانِ, اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا اَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ 

 

Kaum muslimin Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

Langkung rumiyin sumangga kita tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan dhumateng kita sedaya, shalawat lan salam mugi katur dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para keluarga, shahabat tabi’in, tabiit-tabi’in ila yaumiddin. Sak lajengipun minangka khatib kawula wasiyat dhumateng awak kula piyambak khususipun lan umummipun dhateng panjenengan sedaya, sumangga kita sesarengan tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun Allah SWT, sahingga menawi kita saget nindakaken perkawis kasebat fa insya-Allah kita badhe slamet wonten ing dunya ngantos dumugi akherat amin ya rabbal ‘alamin. 

 

 Kaum muslimin Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

Wonten ing pundi panggenan pasangan suami isteri tentu kemawon dambakaken setunggalipun kelanggengan wonten ing mahligai rumah tangga, kasebat wonten setunggaling rangkaian do’a pernikahan inggih punika, mugi mugi dadosnaha keluarga ingkang Sakinah, Mawaddah, wa Rahmah. Ananging perkawis punika boten saged kelampahan, menawi ing antawis setunggalipun pasangan nyidrani wonten ing sikap, sifat utawi pakaryanipun. Temtu kemawon wonten fihak ingkang kuciwa lan penggalipun sakit, kawontenan punika saterasipun kadospundi kelajenganipun balai griya punika. Mila piyambakipun kuciwa ing sadangunipun gesang, atinipun sampun keblinger, kehormatan lan katrisnanipun sampun ical kagantos dados mrina lan sengsara. Pramila supados balai griya tansah kajagi saking sikap lan prilaku sasar, mila saben-saben anggota keluarga kedah mahami dhateng tugas lan tanggung jawabipun kasebat ing Alqur’an:

“Kaum pria kuwi minangka pemimpin tumprap kaum wanita, mula sangka kuwi Allah wus paring keluwihan marang saperangan (kaum wanita), lan sebab dheweke (kaum pria) wus menehi nafkah saperangan bandhane. Marga kuwi kaum wanita kang saleh, hiya iku kang ta’at marang Allah tur njaga kehormatane, nalika bojone lagi lunga, amarga Allah wus njaga (dheweke)”. (QS. An-nisa’: 34) 

 

Wonten ayat Alqur’an kasebat sampun jelas bilih wonten bale griya, garwa kakung dados pemimpin ingkang gadhah jejibahan maringi nafkah lahir lan batin. Salah setunggalipun bentuk nafkah inggih punika kanthi nyambut damel kangge njangkepi kabetahanipun pagesangan saben dintenipun, kanthi ikhlasing manah. Perkawis punika boten gampil kagem garwa kakung, pramila dipun betahaken jiwa ingkang tanggel jawab sarta keimanan saking ketetapan Allah SWT. 

 

Ananging kasunyatanipun wonten ing pagesangan tasih kathah kanca estri ingkang tebih saking kasunyatan, kathah ingkang dadosaken garwo kakungipun kangge mesin ngudi arto lan pelayan ing keluarga. Minangka mesin pados arto garwo kakung dipun tuntut kangge nyambut damel tekuk kringkel, meras keringat boten kenal lelah, ugi meksa garwo kakung kangge pados arto ingkang haram. Minangka pelayan ing bale griya piyambak kanca estri ugi nuntut garwo kakung nyambut damel sedaya perkawis bale griya, leres ing perkawis dapur, reresik griya, ngasuh putra-putri. Cekak aos garwa kakung ibarat pembantu wonten dalemipun piyambak. 

 

Dereng malih menawi kanca estri boten marem kalian pedamelan garwa kakung, piyambakipun badhe ngolok-olok, mbentak lan milara badanipun, kanca estri badhe cuwa lan boten rila menawi setunggaling wekdal garwa kakung nilarekan tanggel jawab utawi bagi katresnan dhumateng wanita sanes, keranten awonipun tingkah laku kanca estri. 

 

Kaum muslimin Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

Mapinten-pinten perkawis ingkang damel para kanca estri kagungan perilaku ingkang boten sae antawisipun : 

  1.  Kirang raos syukur. Perkawis punika saged kabukten amargi piyambakipun tansah rumaos boten marem dhateng tindakanipun garwa kakung, khususipun perkawis materi. Pribadinipun tansah ningali ingkang wonten nginggil sehingga tansah rumaos kirang punapa ingkang sampun dipun paringaken saking garwa kakung. 
  2. Garwa kakung boten saget dados tulang punggung keluarga. Perkawis punika panci dados sebab kisruhipun bale griya, menawi garwo kakung boten gadhah pendamelan (nganggur), milo kanca estri kedah siap boten nuntut punapa ingkang boten dipun miliki saking garwa kakung, khususipun materi dumugi garwa kakung saget maring dhumateng kanca estri. Semanten ugi menawi ingkang nyambut damel namung kanca estri. Menawi kanca esteri sampun turah bandanipun lan sampun nyekapi kabetahan gesang tanpa boten wonten tambahan saking garwa kakung, boten prayogi garwa kakung mendel kanthi boten usaha kagem nyambut damel, kranten sinaosa sekedik ingkang saget dipun parengaken garwa kakung dhumateng kanca estri tetep dipun cathet minangka nafkah ingkang dipun wajibaken Allah SWT, lan kanca estri boten pareng ngremehaken, kranten banda garwa kakung boten sebanding kaliyan banda kanca estri. 

 

Ananging anehipun ngadhepi perkawis punika boten sekedik para garwa kakung ingkang boten waget tumindak kanthi tegas dhumateng durakanipun para kanca esteri. Lan dhumateng para kanca estri kedahipun boten bingah kalian tumindakipun dhateng garwa kakung, keranten menawi setungaling wekdal garwo kakung leres-leres nilaraken kanca estri, boten namung kanca estri kemawon ingkang rugi, ananging putra-putri ugi badhe rugi. 

 

Wondene akibat saking tiyang estri dipun tilar dening garwo kakung inggih punika: 

  1. Boten terpenuhipun kabetahan kangge pangupajiwa khususipun menawi kanca estri boten makarya. 
  2. Para putra badhe kleleran. Kanjeng nabi Muhammad SAW nate ngendika: 

 “Sak bagus baguse wong wadon yaiku wong wadon kang nyenengaken nalika di sawang kang garwa, lan taat nalika diperintah, lan bisa jaga awak lan bandane nalika kang garwa ora ana” (HR. Thabrani). 

 

Kaum muslimin Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah 

Kanthi punika tugas lan kewajiban tiyang sepuh kagem didik lan ngrawat putra-putrinipun, ngantos, dumugi ageng, semanten ugi kanca estri minangka guru ingkang pawitan lan garwa kakung minangka kepala sekolah wonten ing tlatah pendidikan ing setunggalipun institusi “Keluarga”. Sehingga menawi garwa kakung maringi keputusan talaq karanten durakanipun kanca estri mila badhe kados pundi nasib putra- putrinipun. Saget ugi putra-putrinipun badhe matur menawi piyambakipun boten kepingin dipun lahiraken wonten ing keluarga broken home. Piyambakipun boten mangertos kedadosan napa-napa dhateng tiyang sepuh kekalihipun, ananging margi egoisanipun tiyang sepuh kolo wau. Mekaten ingkang saget kula aturaken mugi mugi adosaken manfaat dhumateng samudayanipun, amin, amin ya Robbal ‘alamiin.

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.