9/17/2020

Mujudaken Shalat Ingkang Khusuk, Saget Nyegah Pakerti Awon Lan Mungkar

 

Tiyang-tiyang mukmin sami beja kemayangan,  ingkang khusuk shalatipun. Shalat minangka sarana pendidikan ingkang tumuju dhateng kesahenan lan nyegah dhumateng perkawis ingkang awon lan mungkar, mila punika kita tingkataken kualitas shalat kita, khususipun shalat gangsal wekdal, lan ugi ngathah-ngathahaken shalat sunat supados kita dados tiyang ingkang beja, amargi tiyang ingkang sregep nindakaken shalat punika badhe dipun lebetaken golonganipun tiyang-tiyang ingakang bagus utawi sae amanahipun.

اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِيْ فَرَضَ الصَّلَاةِ عَلَى عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى وَاَسْأَلُهُ الْمَزِيْدُ مِنْ فَضْلِهِ فِى جَمِيْع الْاَوْقَاتِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ,اَلْمَبْعُوْثُ بِالْحَقِّ وَالْوَفَى. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَ الْهُدَى أَمَّا بَعْدُ: اَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنُ رَحِمَكُمُ اللهُ, اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَقَالَ رَبُّكُمْ فِى الْقُرْانِ الْكَرِيْمِ اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَااَيُّهَالنَّاسُ كُلُواْمِمَّا فِى الْاَرْضِ حَلَالً طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَاتِ الشَّيْطَانَ اِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّمُبِيْنٌ. 

Jama'ah Jum'ah Rahimakumullah. 
Mangga sareng-sareng ningkataken anggen kita taqwa, anggen kita nglampahi dhawuh-dhawuhipun Allah, tuwin nebihi awisan-awisanipun, samiya mangertosi bilih shalat ingkang dipun fardhukaken Allah dhumateng kita punika angghadhahi sifat lahir lan batos. Perlu kita kawuningani bilih shalat ingkang kita lampahi saben dinten punika kirang bobot, makna lan manfaatipun, menawi kita boten kersa ngupadi hakikatipun shalat midherek punapa samestinipun. Tandhanipun menawi shalat kita nggadhahi bobot, makna lan manfaat ingkang inggil punika wontenipun perubahan ingkang meningkat wonten ing pribadi kita utawi tiyang ingkang nindakaken shalat. Kados tiyang ingkang medhit dados loma lan seneng sedekah. Ingang aslinipun jirihan dados kendel, ingkang kala waunipun kirang sae pergaulanipun berubah lan meningkat dados sae. Jama'ah Jum'ah Rahimakumullah. Wonten ing surat Al Ankabut ayat 45 Allah SWT ngendika:
" Satemene shalat iku bisa nyegah saka perkara kang ala lan perkara kang mungkar"(Al Ankabut: 4) Kanthi ayat punika mangga kita teliti, analisa lan mendhet kesimpulan saking faedahipun shalat. Mangga kita tingkataken amal ibadah shalat kita kanthi khudhu', khusu', tawadhu' lan sujud dhateng ngarsanipun Allah SWT. Kejawi nindakaken shalat gangsal wekdal, mangga kita ngathah-ngathahaken shalat sunat, kados shalat rawatib, salat hajat, salat tasbih lan ugi shalat lail. Sedaya kalawau kita tindakaken namung ngupadi karidhanipun Allah SWT, dzat ingkang Maha Suci lan Maha Ngudanani, nanging kita kedah ngatos-ngatos ing dalem nindakaken shalat punika, sampun ngantos kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang rugi lan getun ing tembe wingking, kados pangandikanipun Allah wonten Surat Al Mu'minun ayat: 1-3
" Temen beja wong-wong kang padha mu'min, yaiku wong-wong kang ing dalem nindakake shalat iku padha khusu'. Wong-wong akeh padha mlengos saka perkara ala" 

Jama'ah Jum'ah Rahimakumullah. 
Midherek keterangan ayat kasebat bilih tiyang-tiyang mukmin punika sami beja kemayangan, inggih punika tiyang-tiyang mukmin ingkang khusuk shalatipun. Shalat minangka sarana pendidikan ingkang tumuju dhateng kesahenan lan nyegah dhumateng perkawis ingkang awon lan mungkar, mila punika kita tingkataken kualitas shalat kita, khususipun shalat gangsal wekdal, lan ugi ngathah-ngathahaken shalat sunat supados kita dados tiyang ingkang beja, amargi tiyang ingkang sregep nindakaken shalat punika badhe dipun lebetaken golonganipun tiyang-tiyang ingakang bagus utawi sae amanahipun. Lan shalat punika mujudaken rahmat lan pitedah saking Alah SWT, Allah dhawuh mekaten:
" Alif lam mim, mengkana iku ayat kitab "Quranul Hakim" kang dadi pituduh lan rahmat marang-wong-wong kang becik (amaliahe). Wong-wong akeh kang padha gelem nindakake shalat, bayar zakat lan wong-wong iku padha yakin marang perkara akhirat. Wong-wong mengkana mau pada netepi pituduh ing Pangerane, mulane wong kang mengkana iku padha beja. (QS. Luqman: 1-5). 

Jama'ah Jum'ah Rahimakumullah. 
 Shalat punika mujudaken panggenan utawi maqam panyuwunan kita dhateng Allah minangka kawulanipun, shalat ugi mujudaken margi ingkang haq lan leres Pramila mekaten mangga kita giyataken lan kita tingkataken shalat berjama'ah, amargi kanthi jama'ah kita badhe pikantuk ganjaran 27 derajat. Ugi kanthi shalat berjama'ah kita badhe pikantuk manfaat, faedah lan hikmahipun ingkang boten sekedhik tumrap pribadi, bale griya, masyarakat lan negari. Kanthi nindakaken shalat berjama'ah, keluarga utawi rumah tangga kita badhe disiplin, teratur lan saget dados wasilah kangge nggayuh keluarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, ingkang dipun ridhani dening Allah SWT. Shalat ugi saget dados wasilah minangka dipun kabulaken do'a utawi panyuwunan kita, punapa malih menawi iman kita sampun kiyat lan kandel lan badhe tambah kiyat nalika kita tansah maos lan midangetaken ayat-ayatipun Allah, Allah ngendika mekaten:
" Satuhune wong-wong mukmin nalika den elingake (den sebut) asamane Allah mangka padha gumregah atine wong-won mukmin kabeh, lan nalika den wacakake ayat-ayate Allah marang-wong-wong mkmin, mangga padha tambah imane lan marang Allah wong-wong mau padha tawakal. Yaiku wong-wong akeh kang pada nindakake shalat lan padha gelem nafkahake rizkine. Kabeh iku wong kang padha iman kelawan haq, kanggo wong mu'min mau diangkat derajate ana ing Ngarsane Allah, uga oleh pangapura saka Allah lan rizki kang mulya". (QS: Al Anfal: 2)

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ