7/08/2020

Kuwajiban Putra Dhateng Tiyang Sepuh, Khutbah Basa Jawa

Tiyang  punika ingkang paling ageng lelabetan utawi jasanipun dhumateng kita menawi dipun bandhing kaliyan tiyang sanes. Inggih lantaran tiyang sepuh, kita lahir ing ngalam dunya. Lan tiyang sepuh khususipun ibu, prihatosipun sakelangkung. Nalika ngandhut, kapeksa kedah naati aturan ingkang awrat. Perkawis-perkawis ingkang dipun anggep bebayani tumrap si ponang jabang bayi kedah dipun tilar, sahingga ibu anggenipun dhahar, sare, nyambut damel, kraos dipun watesi, boten saged bebas. Punapa malih nalika nembe nglairaken bayi, asring para ibu sami ngraos sakit ingkang tanpa upami, mandar boten sekedhik ingkang seda sebab mbabaraken putranipun.

أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِىْ خَلَقَ الْاِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ, أرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى سَاِئِر الْاَدْيَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَمَنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Langkung rumiyin sumangga kita tansah ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan dhumateng kita sedaya, salawat saha salam mugi katur dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW saha para keluarga sahabat tabi’in tabi’in ila yaumiddin. Sak lajengipun minangka khatib kawula wasiyat dhumateng awak kula piyambak khususipun lan umumipun dhumateng panjenengan sedaya sumangga kita sesarengan tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindaaken sedaya dhawuhipun Gusti Allah lan nebihi sedaya awisanipun Allah SWT, sahingga menawi kita saget nindakaken perkawis kasebat fa insya-Allah kita badhe wilujeng wonten dunya ngantos dumugi akherat, amin ya Rabbal ‘alamin.

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakumalah
Menawi kita gatosaken lan mirengaken wonten ing berita, surat kabar utawi elektronik mapinten-pinten kedadosan ing masyarakat kita, boten sakedhik putra sami mengsahi tiyang sepuhipun piyambak, namung kanthi jalaran ingkang sepele, kados amargi pemanggihipun boten sami, penyuwunipun boten dipun sembadani, utawi sebab sanesipun, langkung-langkung tumrap putra ingkang pendidikanipun langkung inggil ananging miskin agami lan miskin pengalaman, lan tiyang sepuhipun pendidikanipun asor ananging kebak pengalaman.

Ingkang putra supe bilih bekti dhateng tiyang sepuh punika wajib hukumipun, keranten supe, pramila putra ngedalaken tembung kasar ingkang saged damel sakiting manah tiyang sepuhipin, ingkang ndadosaken tiyang sepuh duka. Kang mangka dukanipun tiyang sepuh nedahaken dukanipun Allah SWT Rasulullah SAW nate ngendika:

رِضَا اللَّهِ فِي رِضَا الْوَالِدَيْنِ, وَسَخْطُ اللَّهِ فِي سَخْطِ الْوَالِدَيْنِ


"Ridhane Allah iku gumantung ing ridhane wong tuwa loro lan bendune Allah iku gumantung ing rengune wong tuwa loro (HR. Tirmidzi)

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakumullah
Bentenipun pemanggih antawis tiyang sepuh kaliyan putra sakjatosipun inggih perkawis ingkang limrah, ananging menawi ngantos medhot pasedherekan, ateges boten limrah, awit ingkang mekaten wau nedahaken bilih putra ingkang duraka dhateng tiyang sepuhipun, ateges ingkang putra nindakaken dosa ageng. Saupami panci tiyang sepuh ingkang lepat, ananging piyambakipun tetep boten saged nampi pemanggihipun putra ingkang leres, putra boten kenging ngantos medhot shilaturrahim. Putra inggih tetep kedah ngurmat lan bekti kaliyan tiyang sepuh, sinaosa boten sarujuk kaliyan pemanggihipun, amargi saget ugi menawi pemanggihipun nerak wewalering agami.

Kaum muslimin jemaah Jumah Rahimakummalah
Perlu kita akeni bilih tiyang sepuh kita punika ingkang paling ageng lelabetan utawi jasanipun dhumateng kita menawi dipun bandhing kaliyan tiyang sanes. Inggih lantaran tiyang sepuh, kita lahir ing ngalam dunya. Lan tiyang sepuh khususipun ibu, prihatosipun sakelangkung. Nalika ngandhut, kapeksa kedah naati aturan ingkang awrat. Perkawis-perkawis ingkang dipun anggep bebayani tumrap si ponang jabang bayi kedah dipun tilar, sahingga ibu anggenipun dhahar, sare, nyambut damel, kraos dipun watesi, boten saged bebas. Punapa malih nalika nembe nglairaken bayi, asring para ibu sami ngraos sakit ingkang tanpa upami, mandar boten sekedhik ingkang seda sebab mbabaraken putranipun.

Ugi boten kirang rekaosipun nalika ngrimat lan nggulawenthah putranipun wiwit alit ngantos dumugi agengipun. Tiyang sepuh ngorbanaken jiwa, raga, bandha, wekdal, pikiran lan pangorbanan sanesipun. Kebebasan sang ibu khususipun, kenging pun wastani dipun rampas dening putranipun ngantos pinten-pinten tahun. Ananging ibu ngraos kosok wangsulipun. Ibu lega lila lan boten ngraos kawratan nindakaken tugas-tugas wau, mandar ngraos kosok wangsulipun. Ibu lila ngraos luwe asal putranipun ngraos tuwuk, ibu lila boten sare asal putranipun saged tilem, ibu ngraos cekap ngagem ageman prasaja asal putranipun saged ngagem ageman ingkang edipeni. Samanten ugi bapak, sinaosa repotipun boten kados dene ibu.
Kanthi punika Allah dhawuha dhateng para putra kapurih sami bekti lan taat dhateng tiyang sepuh saksampunipun taat dhumateng Allah SWT. Al-Qur’an nyebataken wonten ing surat An-Nisa’ ayat 36


Artosipun:”Lan sembahen Allah lan ojo sira nyekutokake nganggo apa bae lan gawe becika marang wong tuwa loro” (QS: An-Nisa’ ayat 36)

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakumullah
Lan ing dalem agami Islam, tumindak sae utawi bekti dhateng tiyang sepuh punika kalebet pakerti ingkang paling dipun tresnani dening Allah. Sahabat Ibnu Mas’ud RA nate nyuwun priksa dhumateng Rasulullah SAW:

أَيُّ الْعَمَلِ أَحَبُّ إِلَى اللهِ تَعَالَى ؟ قَالَ الصَّلاَةُ عَلَى وَقْتِهَا قُلْتُ : ثُمَّ أَيُّ ؟ قَالَ : بِرُّ الْوَالِدَيْنِ قَلْتُ: ثُمَّ أَيُّ ؟ قَالَ اَلجِهَادُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ متفق عليه


”Pundi amal ingkang paling dipun tresnani dening Allah? Rasul ngendika ”shalat ing ndalem wektune” kawula matur, lajeng punapa malih?” Panjenenganipun ngendika.” Bekti marang wong tuwa loro,” kawula matur malih lajeng punapa malih? Panjenenganipun ngendika berjuang fi sabillillah.” (HR.Bukhari muslim)

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakummalah
Ewodenten wujud bektinipun, antawisipun damel tiyang sepuh ridha lan remen, biyantu tiyang sepuh nalika betahaken pitulungan arupi tenaga, pemanggih, bandha, donga, boten damel gerahing manah lan sanes-sanesipun. Namung perlu kawuningan bilih perkawis taat dhateng tiyang sepuh punika wonten watesipun, inggih punika menawi tiyang sepuh ndhawuhi kita nindakaken kesaenan; menawi dhawuhi maksiat, kita boten pareng taat. Sebab Rasulullah SAW nate ngendika:

اِنَّمَاالطَّاعَةُ فِى الْمَعْرُوْفِ

“Satemene taat iku mung kanggo perkara kang bagus (HR. Muslim).
Punapa malih menawi tiyang paring dhawuh supados nindakaken maksiat utawi ingkang kalebet musyrik, jalaran kalih-kalihipun dados awisanipun Allah SWT. Alquran nyebateken wonten surat Luqman ayat 15:

“Lan lamun wong tuwamu sakloron meksa marang sira supaya nyekutoake marang Ingsun kang sira ora mengerteni perkara mau, mangka sira aja naati marang wong tuwa loromu mau lan srawungana loro-lorone ing dunya kanthi becik (QS Luqman 15)

Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah!
Sakterasipun, damel sae dhateng tiyang sepuh kalih punika boten cekap namung nalika tasih sugeng ananging sinaosa sampun seda inggih, kita kedah bekti dhumateng tiyang sepuh kita. Wondene caranipun bekthi dhateng tiyang sepuh sasampunipun seda, nalika satunggaling sahabat wonten ingkang nyuwun priksa dhumateng Rasulullah SAW perkawis kasebat, Rasul paring pangendikan:

أَلصَّلَاةُ عَلَيْهِمَا وَالْاِسْتِغْفَارُ لَهُمَا وَاِنْفَاذُ عَهْدِهِمَا وَاِكْرَامُ صِّدِيْقِهِمَا وَصِلَّةُ الرَّحِمِ اَلَّتِىْ لَا تُوْصَلُ اِلَّابِهِمَا

Artosipun: “(1) Nyolati jenazahe, (2) nyuwunake pangapura (3) ngleksanakake apa kang dadi janjine (4) mulyakake wong-wong kang dadi sahabate wong tua, lan (5) Nyambung sanak kang ora disambung kejaba kelawan wong tuwa lorone”. (HR. Abu Dawud)

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rakhimakumalah
Menawi putra malah duraka dhateng tiyang sepuh mila Allah bakal paring siksa kelawan:
a. Kalebetaken dosa ageng ingkang saged anjalari mlebet neraka
b. Sedaya ngamalipun boten manfaat
c. Kejawi badhe nampi pidana ing akhirat, ugi nalika taksih ing ngalam dunya badhe dipun bendoni.

Mekaten mugi-mugi kanthi khotbah punika saged mantepaken kita anggenipun bekthi dhateng tiyang sepuh ingkang taksih jumeneng punapa dene ingkang sampun seda. Amin ya mujiibassaaillin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ