1/21/2021

Waspada kelawan Teka lan lungane Musibah

Waspada kelawan Teka lan lungane Musibah

 

 اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ،نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ اْلقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ 

 

Kaum Muslimin Jema’ah Jum’ah ingkang minulya 

Pertama lan ingkang paling utama kawula tansah wasiat dhateng pribadi kula piyambak lan sumrambah dhumateng penjenengan sedaya, mangga kita tansah ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar awisanipun. Mugi-mugi kita tansah dipun paring pitedah lan kekiatan, istiqomah, ikhlas lan sabar anggen kita nindakaken amal ibadah, selaras kalian dhawuhipun Allah lan utusanipun, amin. 

 

Manungsa dipun ciptakaken dening Allah, sampun dipun cekapi kalian raos bingah lan susah. Menawi sawek nampi kenikmatan saking Ngarsa Dalem Allah badhe tuwuh raos bingah, kosok wangsulipun menawi sawek nambi balak, musibah, bencana, dipun suda bandha, nyawa, putra lan sanesipun badhe tuwuh raos susah. Bungah, susah, musibah lan bencana punika sampun dados Sunnatullah. Allah badhe ngambali malih kawontenan ingkang sampun nate kedadosan ing wekdal ingkang sampun kapengker badhe dipun paringaken dhateng makhlukipun Allah ing wekdal sapunika lan wekdal ingkang badhe dhateng. 

 

Musibah banjir, siti gugruk ing tahun ingkang sampun kapengker sampun asring kedadosan, ing tahun punika khususipun ing wulan Januari sampun kathah wilayah ingkang banjir, siti gugruk sahingga nuwuhaken raos susah. Musibah ing wayah jawah arupi banjir, siti gugruk, lisus. Manawi ing wekdal panas boten wonten jawah musibahipun arupi kobongan wana lan hutan. Ing wulan punika wonten musibah malih inggih punika dhawahipun pesawat Sriwijaya Air. Musibah arupi pandemi Covid-19 dereng sirna dipun tambah kalian musibah lan bencana sanesipun. 

 

Kanthi mekaten sampun sak mesthinipun menawi kita sami muhasabah, niti-niti dhateng awakipun piyambak-piyambak dosa lan kalepatan punapa ingkang sampun kita tindakaken. Wontenipun dhawuhipun Allah punapa sampun dipun tindakaken kanthi saestu, semanten ugi wontenipun awisanipun Allah punapa sampun dipun hindari. Kejawi kita gatosaken sebab-sebab saking alam ugi kita gatosaken perkawis spiritual, inggih punika kanthi ningkataken anggenipun ngibadah. Donga mawon dereng cekap, kejawi dipun kantheni kalian nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar awisanipun. Lan nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah inggih dereng cekap kejawi dipun tingkataken kualitas lan kuantitasipun. 

 

Kuantitas ateges kathahipun anggenipun nindakaken ibadah, contonipun nalika nindakaken shalat gangsal wekdal, punika kuwajiban ingkang kedah dipun tindakaken. Kejawi wonten ibadah wajib inggih wonten ibadah sunnah, kados shalat sunnah rawatib, shalat dhuha, hajat, tahajjud, istikharah lan shalat-shalat sunnah sanesipun prayogi dipun tindakaken. Jalaran sedaya dhawuhipun Allah lan rasulipun mesthi wonten hikmahipun. Saking kathahipun anggenipun nindakaken ibadah sak mangke badhe mujudaken kualitas shalat, tegesipun ngibadah kanthi ikhlas, istiqomah, khusuk, khudhuk. Ibadah kejawi dipun landasi kalian nyekapi syarat lan rukunipun, ananging kedah dipun tindakaken kanthi iklas lan sadar. Musibah banjir lan siti gugruk menawi dipun gatosaken amargi akibat saking pokalipun manungsa, Allah SWT sampun paring pirsa:

“Wis pratela (anane) kerusakan ing daratan lan segara disebabake kerana tumindake tangan-tangan manungsa, kerana Allah ngicipake marang dheweke kabeh saperangan saka (akibat) dheweke kabeh, supaya dheweke kabeh padha bali (tumuju dalan kang bener). (QS. Arrum. 41) 

 

Kaum Muslimin Jema’ah Jum’ah ingkang minulya 

Menawi kita gatosaken saking pokalipun manungsa inggih punika: 

1. Musibah banjir punika dipun sebabaken mampetipun dalaning toya lan ugi boten wonten panggenan kagem nyedot toya. Dalaning toya, got lan saluran sami mampet amargi kesumpelan kalian sampah, kathah sampah sami nyumpeli dalaning toya. Mekaten punika amargi kathah para manungsa sami bucal sampah wonten kali lan got, shingga menawi pas jawah boten wonten magi kangge milinipun toya. 

2. Siti gugruk punika amargi tanemanipun dipun potong lan boten dipun tanemi malih, ngagem taneman ageng ingkang saget nyangga siti lan toya. Wonten ayat Alquran punika sampun pratela nyata, amargi pokalipun manungsa ingkang damel rusak dhateng alam sahingga akibatipun Allah paring mapinten-pinten balak, musibah lan bencana. Allah paring pemut supados sami kondur malih dhateng margi ingkang leres. Allah sampun ngendika wonten Alquran surat Al A’rof ayat 168:

“Lan Ingsun coba dheweke mau kelawan (nikmat) kang bagus-bagus lan (balak) kang ala-ala, supaya dheweke padha bali (marang kang bener)”. (QS. Al A’rof: 168) 

 

Allah paring cobi dhateng kawulanipun saget kanthi perkawis ingkang ngremenaken, perkawis ingkang sae. Amargi sedaya kenikmatan saking ngarsa dalem Allah, ngengingi sehat, waras, panjang yuswa, bandha, putra, pangkat lan jabatan punapa sampun dipun ginakaken kangge nindakaken kesahenan. Sampun saget nambah raos syukur dhateng Allah? Amargi kathah tiyang ingkang dipun paring kanugrahan punika malah tebih kalian Allah.

“Akeh-akehe bandha iku wus nglalekake sira kabeh, nganti sira kabeh padha mlebu njero kuburan (mati)”. (QS. QS. Attakatsur: 1, 2) 

 

Kaum Muslimin Jema’ah Jum’ah ingkang minulya 

Musibah-musibah ingkang sampun nate kadosan punika dipun ambali malih, malah saget ugi langkung ageng. Pramila kedahipun sedaya tiyang sami gatosaken lan ngrubah adat kebiasaan ingkang boten sae punika. Kanthi sami eling tiniling nindakaken kebagusan lan nilar pedamelan awon. Kebiasaan bucal sampah ing kali punika dipun hindari, inggih punika kanthi gunakaken panggenan kagem bucal sampah, lan ugi ngawontenaken panggenan bucal sampah kanthi mandiri. Amargi sampah punika salah setunggalipun masalah, menawi boten dipun gatosaken kanthi saetu badhe nuwuhaken musibah ingkang langkung ageng. 

 

Pemerintah sampun paring pirsa bilih kedahipun dipun pisah antawis sampah plastik kalian sampah organic. Sampah plastik saget dipun obong, menawi sampah organik saget dipun kempalaken kagem pupuk, sahingga taneman saget subur. Ananging menawi sampah plastic, wesi, logam, kaca punika dipun campur kalian sampah organik. Mila badhe dados masalah, panggenan kagem bucal sampah boten cekap, sitinipun dados gethak. Menawi sampah-sampah punika dipun bucal wonten lepen, kejawi dadosaken mampetipun lepen lan banjir ugi ulamipun sami pejah. Cobi menawi kita konduraken ing wekdal 50 tahun kapengker, ing lepen kathah ulamipun, toyanipun tasih seger sahingga sesuci saget dipun tindaken wonten lepen. Kanthi punika ing zaman punika kedahipun sami nanemaken kedisiplinan supados bucal sampah ing panggenanipun, ngulinakaken misahaken sampah organik kalian anorganik. Lan kita usahakenan ugi mikiraken kesehatan lan kemaslahatan generasi ingkang badhe dhateng. 

 

Perkawis alit lan sekedhik menawi dipun tindakaken kanthi istiqomah, ikhlas lan sabar insya-Allah badhe ndhatengaken kebagusan ing wekdal ingkang badhe dhateng, mugi-mugi Allah tansah paring kekiatan, keikhlasan lan kesabaran dhateng kita, amin.

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ