1/13/2014

Nuladhani Sifat-Sifat Wajibing Rasulullah SAW, Khutbah Bahasa Jawa



Rasulullah Muhammad SAW ngghadhahi sifat-sifat wajib wonten sekawan inggih punika shiddiq, amanah, tabligh, fathanah. Shiddiq artosipun bener utawi jujur amargi rasulullah pribadi ingkang boten nate suwala lan duraka, malah sifat-sifat punika sampun tinanem nalika tasih alit sahingga ing antawis rencang-rencangipun kasebat dados al amin. Amanah artosipun ingkang saget dipun pitados jalaran punapa kemawon ingkang Rasulullah aturaken inggih dipun tindakaken. Tabligh artosipun ingkang ngaturaken perkara ingkang haq, punapa ingkang dipun aturaken mesthi beneripun amrgi sumberipun saking Allah SWT. fathanah tegesipun limpat, nanging limpatipun botendipunginakaken kangge perkawis-perkawis mungkarat.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga sesarengan kita sami ningkataken iman lan taqwa kita dhateng Allah SWT, inggih punika tansah ngugemi lan nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun Gusti Allah. Kanthi mekaten kita saget ngajeng-ajeng pikantuk kabegjan wiwit dunya dumugining akherat samangke.
Wujud nindakaken dhawuhipun Gusti Allah, inggih punika kita tansah nuladhani Rasulullah SAW, jalaran Allah sampun paring warta:


“Satuhune ing dalem pribadine Rasulullah punika manggon suri tauladan kang bagus, kanggo wong-wong kang ngarep-arep rahmate Gusti Allah, lan marang dina akhir piyambake tansah eling marang Gusti Allah”.

Warta punika saking Gusti Allah, sanes saking kawulanipun Gusti Allah, kanthi mekaten warta punika dados warta ingkang saestu leres lan kedah dipun yakini. Lan wekdal sampun buktikaken, bilih Rasulullah SAW nalika tasih alit dipun cathet dados lare ingkang jujur sahingga dipun paringi gelar Al Amin. Sak terasipun nalika sampun dewasa lan dipun angkat dados rasul piyambakipun gadhahi sifat-sifat:
1. Siddiq tegesipun bener lan jujur, sahingga Rasulullah dados pribadi ingkang bener lan dipun beneraken pangendikanipun (Siddiq lan shodiqul masduq). Sedaya pang
endikanipun rasul punika dipun jagi dening Allah SWT:

“ Lan ora ana pangendikane iku (Alquran) miturut hawa nafsune. Pengendikane iku ora ana liya kejaba wahyu kang diwahyukake (marang dheweke)”. (An-Najm: 3-4).

2. Amanah tegesipun Rasulullah punika pribadi ingkang saget dipun pitados. Rasul tansah nindakaken hukum-hukum kanthi leres lan pas. Semanten ugi Rasulullah boten nate cidra ing pengendikanipun.
“Sapa wonge goroh nganggo jeneng-Ku, mangka siapna panggonane sajerone genine neraka “ (Bukhari, Muslim )

3. TABLIGH tegesipun ndugekaken utawi nyeberaken wahyu saking Allah, boten wonten ingkang dipun umpetaken. Sedaya wahyu saking Allah dipun sebaraken dhateng kawulane, minangka pangrembakanipun Islam agami rahamt dhateng sedaya alam.
4. FATANAH tegesipun wicaksana. Kanthi mekaten Rasulullah saget mangertosi sedaya dhawuh-dhawuhipun Gusti Allah. Semanten ugi saged ngadhepi tiyang tiyang ingkang mungsuhi kanthi tegas lan bukti ingkang jelas.

Sifat-sifat rasul punika, menawi saget dipun tindakaken dening sedaya tiyang yektos badhe nuwuhuken ewah-ewahan ingkang ngedab-edabi, lan akhiripun badhe mujudaken pegesangan ingkang bahagia wiwit dunya dumuging akherat.
Minangka kagem tamsil, kita asring midhangetaken siaran ing TV, radio lan surat kabar, wonten tiyang ingkang nindakaken korupsi, pencurian, perzinaan, parampokan lan sasanesipun, sasampunipun dipun tuntut wonten pengadilan piyambakipun selak boten nate nindakaken pedamelan punika. sinaosa sampun wonten saksi, lan bukti-buktinipun anangin tetep selak. Sahingga kagem kita dados perkawis ingkang samar, sinten ingkang leres lan singten ingkang lepat.
Sinten sajatosipun ingkang lepat, saben tiyang sami paring pembelaan, ingkang penting piyambakipun slamet, boten dipun ukum lan saterasipun. Tumindak punika amargi sampun boten wonten sifat jujur, boten wonten sifat amanah, boten saget matur ingkang hak, boten nate mikir milih sedaya tumindak punika boten badhe uwal saking pamirsanipun Gusti Allah. Sahingga dados adu domba lan permusuhan ingkang boten nate tingkas.
Pramila kita kedah tansah waspada bilih sedaya tumindak awon lan sae, ageng lan alit, nyata lan sirri sedaya dipun mangertosi Allah lan badhe dipun suwuni tanggel jawab dening Allah. Tiyang badhe saget slamet saking perwakis dunya ananging hukum akherat badhe adil lan jujur.
“ Sapa wonge nindakaken kebagusan seumpama sak bobot dzarroh, yekti dheweke bakal ngrasakake piwalese, lan sapa wonge nindakaken perkara ala senajan mung sabobote dzarroh, yekti bakal diketokake piwalese.” (QS. Al Zalzalah: 7-8).

Ing dalem Tafsir Al Maroghi, dzarroh inggih punika semut ingkang paling alit. Sahingga kadosipun boten gadhahi bobot timbangan. Amargi saking ringanipun, ananging sinaosa ringan lan alit sanget sedaya tumindakipun manungsa badhe dipun konduraken benjang ing dinten kiyamat, amal sae kanthi kamulyan gesang ing Suwarga lan amal ala dipun wujudaken kanthi siksa wonten ing salebetipun neraka.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah.
Paramila supados gesang kita tansah pikantuk ridhaning Gusti Allah mangga kita tuladhani sifat-sifat wajib rasul punika. kita melai saking pribadi kita piyambak, ibda’ binnafsi, kita terasaken dhateng keluarga. Insya- Allah bangungan bale griya ingkang sae badhe mujudaken masyarakat ingkang sae, lan masyarakat ingkang sae badhe nuwuhaken negari ingkang sae. Lan negari ingkang sae badhe pikantuk karidhan saking ngarsa dalem Allah SWT.

“Lan sakirane penduduk negeri-negeri padha iman lan taqwa, yekti Ingsun (Allah) bakal maringake barokah saking langit lan bumi, ananging dheweke nggorohake (ayat-ayat Ingsun) iku, mangka Ingsun siksa dheweke merga pengawehane.” (QS. Al A’rof: 96)

Akhiripun mugi-mugi Gusti Allah tansah paring kekiyatan dhateng kita, amin.

بارك الله لى ولكم فى القران الكريم ونفعنى واياكم بما فيه من الايت والذكر الحكيم وتقبل منى ومنكم تلا وته انه هو السميع العليم.