1/12/2014

Maulid Nabi Muhammad SAW, Lahiripun Juru Penerang, Khutbah Bahasa Jawa



Nabi Muhammad SAW lahir ing Wulan Rabiul Awal tahun gajah. Nalika nabi Muhammad SAW lahir kawontenan masyarakat Jahiliyah kasebat masyarakat Jahiliyah. Jahiliyah artosipun kabodhohan, ananging sajatosipun boten bodho ing perkawis ilmu, ananging bodho ing perkawis idiologinipun utawi keyakinanipun sahingga akhlaqipun sami risak.

Kanthi mekaten lahiripun nabi Muhammad SAW punika dados tanda badhe terangipun masyarakat. Punapa malih sak sampunipun piyambakipun dipun angkat dados rasul. Nabi Muhammad dipun utus kangge mujudaken rahmat kagem sedaya alam, mekaten punika kita serat mawi seratan khutbah Jum'at.

الحمدلله الذى يهدى من يشاء الى صراط مستقيم نحمده سبحانه وهو البرالرحيم, اشهد ان لا اله الاالله الملك الحق المبين واشهد ان محمدا عبده ورسوله الصادق الوعد الامين, اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد: فياايهالمسلمون الكرام اوصيكم واياى بتقوى الله وطاعته لعلكم تفلحون

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah,
Langkung rumiyin sumangga kita tansah ngunjukaken raos syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan dhumateng kita sedaya, salawat saha salam mugi konjuk wonten ngarsa dalem junjungan kita nabi agung Muhammad SAW saha para keluarga shahabat tabi’it tabi’in ila yaumiddin. Sak lajengipun minangka khatib kawula wasiyat dhumateng awak kula piyambak khususipun lan umummipun dhumateng panjenengan sedaya sumangga kita sesarengan tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun Allah SWT, sahingga menawi kita saget nindakaken perkawis kasebat mangka insya-Allah kita badhe slamet wonten ing dunya ngantos dumugi akherat amin ya rabbal ‘alamin.

Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah,
Wulan punika wulan Robi’ul Awwal inggih punika wulan wiosanipun junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, pramila mangga kita sami mengayubagya kanthi raos hormat, khidmat saha bingah, amargi panjenenganipun setunggalipun nabi tuwin rasul ingkang badhe paring syafaat dhumateng kita sedaya, boten pandang sugih utawi mlarat, boten pandang rakyat utawi pejabat sami ugi wonten ing dunya utawi akherat, mugiya kita sedaya benjang saget pikantuk rahmat lan syafa’at sangking Panjenenganipun benjang wonten ing dinten qiyamat.

Piyambakipun ugi salah setunggalipun nabi pemimpin umat, mujudaken kejayaan Islam boten namung winates ing kalanganipun tiyang arab kemawon ananging teras ngrembaka ngantos dumugi alam semesta, panci keutusipun kanjeng nabi punika boten khusus wonten ing negari Arab kemawon ananging ngrembaka ngantos dumugi sedaya alam, kados dipun ngendikaan wonten ing Alquran surat Al Anbiya’ ayat 107

Kaum muslimin Jema’ah jum’ah Rahimakumullah
Kangge ngemut-emut perjuanganipun Rasulullah SAW ingkang ageng pribadinipun, Rasulullah SAW dados pemimpin sinareng dados pembimbing rohani lan juru penerang kagem para umat ingkang sampun sak mestinipun pikantuk pahargyan saking para umatipun kranten sampun berjuang kanthi jiwa raganipun. Ngajak-ajak dhumateng para manungsa dhumateng mergi ingkang dipun ridhai dening Allah SWT, piyambakipun ugi salah setunggaling nabi ingkang anggadahi sifat kamanungsan ingkang paling sampurna, dene ingkang paling pinunjul sifatipun kanjeng nabi wonten ing kalangan menungsa inggih punika sifat kejujuranipun saha akhlakipun ingkang mulya ngantos kanjeng nabi wonten kalangan tiyang arab dipun sebat al-Amin tegesipun tiyang ingkang saget dipun pitados, ugi Allah piyambak ngakeni mulyanipun akhlakipun kanjeng nabi dipun sebat wonten ing al-Qur’an surat Al Qalam 4


“Satuhune sira iku bener-bener netepi pekerti kang agung”

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Kranten kejujuran lan akhlaq ingkang minulya punika kanjeng nabi saged mbangun mental tiyang-tiyang Arab saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah, kita sampun maklum wonten kitab-kitab tarih utawi sejarah Islam, bilih sak derengipun kanjeng nabi lahir dipun wastani zaman jahiliyah utawi kebodohan, keranten para manungsa wonten zaman semanten dereng mangertosi sinten Pangeran ingkang kedah dipun sembah, tiyang-tiyang kathah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah brahala lan sanes-sanesipun, kanjeng Nabi

Muhammad SAW anggenipun nyampekaken  ajaran Islam dhumateng masyarakat Arab kanthi cara ingkang wicaksana kanthi boten nyinggung kehormatan tuwin perasaan tiyang sanes punapa malih ngremehaken utawi ngina dhumateng tiyang sanes, sehingga nasehat-nasehat Rasulullah gampil dipun tampi, waged menarik perhatian ugi nuwuhaken kesadaran.

Jema’ah Jum’at Rakhimakimullah
Sinaosa junjungan kita nabi agung Muhammad SAW kalebet tiyang ingkang ageng lan limpat ingkang dipun akeni dening sedaya tiyang, leres rencang lan mengsah, namung piyambakipun boten ngrumaosi piyambakipun namung ngakeni kadosdene anggota masyarakat sanesipun, kados dipun gambaraken wonten ing Alquran surat Al Kahfi ayat 10


“ Dhawuha sira (Muhammad) anging pestine utawi ingsun iku menungsa kang upamane sira kabeh kang diparingi wahyu sapa ingsun, ing saktemene utawi pengeran sirakabeh iku pengeran kang siji, mangka njejekna sira kabeh marang pengeran sira kabeh, lan nyuwuna ngapura sira ing pengeran sira kabeh, lan utawi neraka Wel iku kasadiaaken kanggo wong-wong kang musyrik”.

Kaum Muslimin Jema’ah jum’ah Rahimakumullah
Mekaten gambaran selayang pandang saking perjuanganipun Rasulullah SAW anggenipun mbina umatipun wonten ing margi ingkang leres ingkang dipun ridloi dening Allah SWT, mugi-mugi kanthi dumuginipun wulan Maulud (Rabi’ul Awal) punika saget nambah kesadaran kita, supados langkung sregep lan aktif ngamalaken ajaran-ajaran agami Islam ingkang luhur lan suci punika, kranten kangge tiyang ingkang beragama nindakaken tuntunanipun punika dados kewajiban igkang mutlak ingkang boten saget dipun anyang malih, menawi kita ngakeni dados tiyang ingkang beragama Islam. Mugi-mugi kita saget nuladhani dhumateng tindak tandukipun saha perjuanganipun Rasulullah SAW sehingga nur agama Islam tansah damel padhang wonten ing manahipun kita sedaya kaum muslimin. Amin ya Robbal alamin

بارك الله لى ولكم فى القران الكريم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل منى ومنكم تلا وته انه هوالسميع العليم.