4/27/2013

Makmuraken Masjid


Masjid inggih punika salah setunggalipun panggenan kangge manembah, sujud dhateng Allah SWT. Kathah masjid dipun bangun dening umat Islam ananging namung semata-mata namung kangge jumenengaken shalat. Panci leres masjid punika panggenan kangge shalat, nanging prayoginipun inggih dipun ginakaken kangge nindakaken ibadah saksanesipun shalat. Kangge gamblangipun sinaosa namung singkat badhe kita aturaken mawi khutbah Jum'at, kanthi seratan ing sak ngandhap punika:

اَلْحَمْدُلِلّٰهِ الاٰمِرِ بِالْمَعْرُوْفِ وَالنَّاهِيْ عَنِ الْمُنْكَرِ, وأَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ شَهَادَةً مَنْ اَطَاعَهُ وَشَكَرَ, وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُهُ أَصْدَقُ مَنْ أَبْشَرَ وَأَنْذَرَ, اَللّٰهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى النَّبِيِّ الْعَظِيْمِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ أَمَّابَعْدُ فَيَآعِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فِيْ كُلِّ وَقْتٍ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga sesarengan kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun. Salah setunggalipun wujud kita ningkataken ibadah inggih punika kanthi makmuraken masjid.
“Kang kudu ngramekeke masjid-masjide Allah kuwi mung wong-wong kang padha iman marang Allah lan dina akhir serta tetep jumenengake shalat, maringake zakat, lan ora wedi (marang sapa wae) kejaba maring Allah, mula hiya dheweke kabeh kuwi wong-wong kang diarepake kalebu golongane wong-wong kang padha oleh pituduh (QS. Attaubah: 18)

Masjid artosipun inggih punika panggenan kangge sujud lan manembah dhateng Allah. Umat Islam kathah ingkang sami berlomba-lomba anggenipun madegaken masjid, langgar, lan musholla. Malah kathah tiyang Islam sami ikhlas kangge bangun masjid, jalaran kesadaran punika dipun landasi kalian hadits Rasulllah SAW, bilih bangun masjid salah setunggal wujud shadaqah jariyah. Inggih punika amal ibadah ingkang ganjaranipun tansah mili sinaosa tiyang ingkang nindakaken shadaqah sampun seda, selagi masjid punika tasih dipun ginakaken kangge ngibadah mila ganjaranipun boten badhe pedhot.

Manawi kita pirsani saking sejarah, Rasulullah SAW bangun masjid punika kangge mujudaken persatuan umat Islam, jalaran ing masjid punika Rasullah ngawontenanken pembinaan umat Islam, Rasulullah ngatur siasat perang, Rasulullah ngawontenaken musyawarah, malah masjid ugi kangge sarana ngrukunaken umat Islam inggih punika antawis sahabat Muhajirin lan Anshar. Dados ing zaman Rasul masjid boten namung kagem shalat kemawon, ananging masjid dodos pusat pendidikan, pelayanan lan pengembangan ekonomi umat Islam. Pramila ing zaman sapunika sasampunipun masjid dipun bangun kanthi megah, mangga kita isi kanthi kegiatan-kegiatan Islam, kita makmuraken masjid ing antawisipun:
1. Shalat jama’ah, bagusipun shalat jama’ah punika dados kabetahanipun sedaya umat Islam. Jalaran shalat jama’ah punika saget kangge sarana nambah bobotipun amal ibadah. 

 صَلَاةُ الْجَمَاعَةِ تَفْضُلُ صَلَاةَ الْفَذِّ بِسَبْعٍ وَعِشْرِيْنَ دَرَجَةً (رواه البخارى)

 (ganjaran) shalat jama’ah luwih gedhe tinimbang shalat dewekan (ditikelake) kelwan 27 derajat.

2. Tadarus Alquran, tadarus utawi deresan Alquran ngandung kautaman ingkang kathah, amargi sinaosa boten saget mangertosi maksud lan kandunganipun Alquran ananging Allah paring ganjaran ingkang ageng. Kejawi punika maos Alquran utawi mirengaken Alquran saget kangge jampi.

مَنْ قَرَأَ حَرْفًا مِنْ كِتَابِ اللهِ فَلَهُ حَسَنَةٌ وَالْحَسَنَةُ بِعَشْرِ اَمْثَالِهَا

“Sapa wonge, maca sak huruf saking Alquran, mangka bakal entuk sak kebagusan, lan saben kebagusan iku ditikelake dadi sepuluh kebagusan.”. (H.R. Tirmidzi).
"Lan Ingsun nurunake Alquran keterangan-keterangan kang marasake (dadekake waras saka kekeliruan) serta dadi rahmat tumrap wong kang iman" (QS. Al Isro’: 82)

3. Majlis Taklim punika salah satunggaling panggenan kangge jabaraken lan paring keterangan dhateng Alquran lan hadits, umat Islam badhe faham lan mangertosi ilmu, amalan lan kautaman-kautaman ing dalem ajaran Islam tentunipun dipun jelasaken wonten ing majlis taklim. Jalaran sasampunipun Rasulullah seda, namung paring warisan Alquran lan hadits.

تَرَكْتُ فِيْكُمْ أَمْرَيْنِ لَنْ تَضِلُّواْ فِيْمَا اِنْ تَمسَّكْتُمْ بِهِمَا كِتَابَ اللهِ وَسُنَّةَ رَسُوْلِهِ

"Ingsun tinggalake perkara loro, sapa wonge kang gegondelan marang lorone mangka ora bakal sasar sak lawase, yaiku Alquran lan sunnah rasul".

4. TPQ, Madrasah Diniyah, PTA inggih punika penggenan kangge ngenalaken, ngulinakaken lan ngamalaken Islam kagem para lare. Jaranan manahipun laren tasih suci lan gumantung dhateng tiyang sepuh anggenipun gulamentah dhateng putra-putrinipun. Sahingga tiyang sepuh ingkang boten gadhehi ketrampilan lan keahlihan saha wekdal kangge paring pendidikan agama prayoginipun dipun serahaken dhateng para ustdadz ing TPQ, Madrasah Diniyah utawi PTA (Pendidikan Tradisional Anak)

5. Kuliah subuh. Wekdal enjang dados wekdal kangge melai sedaya pedamelan, saderengipun melai langskung sae dipun bekalikalian ilmu-ilmu agama, sahingga selaminipun makarya tansah gadhahi tekat namung kangge nindakaken ibadah dhateng Allah.

6. Pengetan hari besar Islam, continipun pengetan warsa enggal 1 Muharram, Maulid nabi Muhammad, Isra’ Mi’raj, Nuzulul Qur’an, Idul Fitri, Idul Adha. Pengetan punika dipun ginakaken kangge nggigah semangatipun tiyang Islam lan ningkataken amal lan ibadahipun dhateng Allah SWT.

7. Khitanan masal, minangka wujud ngladosi kabetahanipun masyarakat utaminipun kagem tiyang-tiyang ingkang oten mampu.

Upaya makmuraken masjid punika boten namung tugas lan jejibahanipun setunggal tiyang, ananging dados tugas lan tanggung jawab sedaya umat Islam. Ingkang dipun pimpin dening takmir masjid, melai saking ketua, sekretaris, bendahara lan ketua bidang imaroh (makmuraken masjid), bidang idaroh (sekretariat) lan bidang riayah (perawatan).

Ngupakara masjid punika dados lahan kangge ningkataken amal ibadah, lan pados karidhaning Gusti Allah. Pramila ing masjid punika dados panggenan kangge nindakaken fastabiqul khairat, inggih punika unggul-unggulan ing perkara kang bagus, pramila supados sedaya masyarakat pikantuk kesempatan kangge amrih kebagusan kang langkung utami tamir masjid dipun pilih lan nindakeken tugas kanthi periodesasi. Saget kalih, tiga, sekawan, gangsal tahun periodesasi. Sasampunipun telas dipun pilih malih, sahingga antawis pengurus saget saling berlomba. Kanthi mekaten kemajenganipun masjid ing saben tahunipun tambah gemregah lan semarak. Lan ingkang baku bilih ing masjid punika utaminipun para pengurus minangka sawah lan sabinipun kagem ngibadah. Tambah giata nggenipun ngupakara masjid lan ngladosi kebetahanipun para jama’ah insya-Allah badhe dipun paringi margi ingkang gampil dening Allah SWT, wiwit donya dumugi akherat samangke.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ