5/06/2021

Lailatul Qadar, Kaberkahan Ing Dalem Ibadah Sewu Wulan

Lailatul qadar ibadah ing wulan Ramadhan, setunggal wengi nggadhahi kautaman kados ngibadah sewu wulan, mila kangge merkoleh kautaman punika saget dipun ginakaken kangge nindakaken shalat dalu, tadarus Alquran, i'tikaf, ngedalaken indaq shadaqah lan sanes-sanesipun.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرًا مُبَارَكًا, وَفَرَضَ عَلَيْنَا الصِّيَامَ لِاَجْلِ التَّقْوَى,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْنَا بِهَا مِنْ أَهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ شَافِعُ اْلأُمَّةِ وَخَيْرُ اْلبَرِيَّةِ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّالِحَاتِ وَيَجْتَنِبُوْنَ اْلَمنْهِيَّاتِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ 

 

Kaum muslimin jamaah shalat Jum’at Rahimakumullah Pertama lan ingkang paling utami khatib tansah wasiat khususipun dhateng pribadi kawula piyambak lan umumipun dhateng para jamaah, mangga kita sareng-sareng sami ningkataken amal ibadah wonten Ngarsa Dalem Allah subhanahu wa ta'ala kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah. Ing wulan suci Ramadhan Allah tansah paring berkah, rahmat lan maghfirahipun dhateng tiyang-tiyang ingkang iman lan taqwa dhateng Allah. Ing wulan suci Ramadhan punika kasebat ing hadits qutsi ibadah puasa langsung dipun tampi dening Gusti Allah. Ibadah sunnah badhe tikelaken, dipun etang dados ibadah wajib. Boten namung mekaten, Gusti Allah ugi badhe paring tambahing rahmat kagem tiyang-tiyang ingkang pinanggih kalian lailatul qadar, inggih punika turunipun Alquran.

“Wulan Ramadhan, kang ana ing wulan iku diudhunake (kawitane) Alquran, minangka dadi pituduh tumrap para menungsa lan dadi tandha kang jelas rupa pituduh lan rupa dhawuh-dhawuh kang mbedakakake (antara perkara kang bener lan perkara kang salah)”. (QS. Al Baqarah: 185) 

 

Kasebat ing dalem tafsir Ibnu Katsir, Ibnu Abbas lan para sahabat nabi ngendika bilih ing wulan Ramadhan punika, Alquran dipun turunaken saking Lauhul Mahfudh dumugi Baitul Izzah ing langit dunya, sak terasipin dipun turunaken mipil selaras kalian kabetahanipun salami 23 tahun. 

 

Kaum muslimin jemaah shalat Jumat Rahimakumullah. 

Ing dinten punika kita sampun mlebet sedasa dinten terakhir ing wulan suci Ramadhan, sekedhap malih kita badhe dipun tilar kalian bulan suci Ramadhan. Wulan ingkang kathah berkah, rahmat lan maghfirahipun Gusti Allah. Ing wulan punika kita ngajeng- ngajeng suwarganipun Allah, amargi ibadah ing wulan suci Ramadhan punika ibadah ingkang istimewa jalaran sedaya ibadah dipun tikelaken ganjaranipun dening Allah SWT. 

 

Ing wulan suci Ramadhan punika kita ugi ngajeng-ajeng dhatengipiun lailatul qadar, inggih punika setunggaling wengi ingkang dipun muliakan dening Allah, jalaran sinten kemawon nalika ing wekdal dalu punika nindakaken amal ibadah badhe dipun paring ganjaran kados tiyang ingkang ngibadah selami sewu wulan. Menawi dipun etang kirang langkung 83 tahun. Ing wulan suci Ramadhan punika wonten keajaiban ingkang dipun paringaken Allah minangka wujud sangking rahmat lan rahimipun Allah. Wonten ing salebeting pun Alquran surat Al Qadar Allah paring pangandikan:

“Satemen Insun wus nurunake (Alquran) ana ing wengi kamulyaan. Lan apa sira ngerti, apa tah sejati ini wengi kemuliaan iku? Wengi kemulyaan iku luwih bagus ketimbang sewu wulan. Ana ing wengi iku pada mudhun malaikat-malaikat lan malaikat Jibril kanthi (nggawa) ijin pangerane kanggo ngatur sekabehane urusan. Wengi iku para malaikat pada uluk salam (marang wong- wong mukmin lanang wadon) nganti tumeka mleteke fajar”. (QS. Al Qadar: 1-5) 

 

 Ing wekdal lailatul qadar punika para malaikat tumurun sareng kalian turunipun rahmatipun Allah, lan para malaikat ugi sami nyertani para ahli ibadah lan ahli dzikir. Malaikat paring pikurmatan dhateng sedaya tiyang Islam ingkang saweg nindakaken ngibadah, paring salam hingga wekdal subuh. Ing sedasa dinten terakhir punika kedahipun dipun kiyataken anggenipun nindakaken ibadah, amargi Rasulullah sampun paring pangandikan bilih Lailatul Qadar badhe dhumawah wekdal punika:

 

 أَنَّ رِجَالًا مِنْ أَصْحَابِ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أُرُوا لَيْلَةَ الْقَدْرِ فِي الْمَنَامِ فِي السَّبْعِ الْأَوَاخِرِ فَقَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَرَى رُؤْيَاكُمْ قَدْ تَوَاطَأَتْ فِي السَّبْعِ الْأَوَاخِرِ فَمَنْ كَانَ مُتَحَرِّيهَا فَلْيَتَحَرَّهَا فِي السَّبْعِ الْأَوَاخِرِ 

 

 “Satemene salah sejine sahabat nabi SAW ngerteni lailatul qadar nang sak jerone ngimpi tumeka ing pitung dina kang akhir, mangka Rasulullah SAW ngendika “Aku ngerti lamun impenmu ngenangi lailatul qadar iku bener klakon ana ing pitung bengi kang akhir. Mula sapa kang gelem dedhepe maring Gusti Allah supaya pikantuk, mula lakonana ing pitung wengi kang akhir”. (HR. Buchari)

 

 تَحَرَّوْا لَيْلَةَ الْقَدْرِ فِي الْوِتْرِ مِنْ الْعَشْرِ الْأَوَاخِرِ مِنْ رَمَضَانَ 

 

"Goleka Lailatul Qadar ana ing bengi kang ganjil ing sak jerone sepuluh dina kang akhir saking Ramadhan". (HR. Buchari) 

 

Saking hadits punika setunggal nedahaken bilih lailatul qadar dhumawah ing sedasa dinten kang akhir lan hadits sanesipun wonten ing tanggal ingkang ganjil. Mila sinaosa mekaten prayoginipun sedaya dinten ing wulan Ramadhan dipun manfaataken kangge nindakaken lan ningkataken amal ibadah. Amargi usaha merkoleh lailatul qadar punika sifatipun inggih usaha lan ikhtiyar ingkang dipun tindakaken lan Allah ingkang paring keputusan. Sahingga nalika para kawula saget pinaggih kalian lailatul qadar mila dosa-dosanipun badhe dipun ngapunten dening Allah:

 

 وَمَنْ قَامَ لَيْلَةَ الْقَدْرِ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ 

 

“dan barangsiapa yang menegakkan lailatul qadar karena iman kepada Allah dan mengharapkan pahala (hanya dariNya) maka akan diampuni dosa-dosa yang telah dikerjakannya". (HR. Buchari Muslim). 

 

Mugi-mugi kita saget nyempurnakaken shiyam Ramadhan, saget nyegah saking perkawis ingkang saget batalaken lan ngrisak ibadah puasa. Dipun sempurnakaken kanthi ngathah-ngathahaken amaliyah sunnah, amin ya Robbal ‘alamin.

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.