4/08/2021

Persiapan Ngadhemi Shiyam Ramadhan 1442 H Ing Wekdal Pandemi Covid-19

 

Shiyam Ramadhan punika ibadah tahunan ingkang dipun tindakaken sewulan nutuk ing sak lebetipun setunggal tahun. Kanthi shiyam Ramadhan saget mujudaken tiyang ingkang taqwa.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَىسَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اأَمَّا بَعْدُ: فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوِصْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ . يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا 

 

Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah 

 

Pertama lan ingkang paling utami khatib tansah wasiat khususipun dhateng pribadi kula piyambak lan sumrambah dhumateng panjenengan sedaya, mangga kita tingkataken iman dan taqwa dhumateng Allah inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Kanthi pangajab mugi-mugi Allah tansah paring taufik, hidayah dan inayah dhumateng kita sedaya sahingga saget slamet, wilujeng wiwit dunya dumugi alam akhirat samangke. 

 

 Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah 

Sekedhap malih kita badhe mlebet ing bulan suci Ramadhan, Allah paring dhawuh supados nindakaken shiyam Ramadhan:

“He wong-wong kang padha iman, diwajibake marang sira kabeh supaya padha nindakake puasa, kaya dene kang wus diwajibake marang wong-wong sak durunge sira kabeh supaya sira dadi wong-wong kang taqwa”. (QS. Al Baqarah: 183) 

 

Puasa Ramadhan inggih punika kewajiban kagem tiang Islam, kewajiban shiyam Ramadhan salami setunggal wulan ing sak lebeting setunggal tahun. Ing wulan punika Allah paring kesempatan kagem tiyang-tiyang Islam kangge nglebur dosa-dosa ingkang sampun dipun tindakaken, wulan punika ugi dados kesempatan kagem merkoleh rahmat lan maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT. Amargi ing wulan suci Ramadhan amalan-amalan ingkang sae badhe dipun tikelaken ganjaranipun dening Allah. Rasulullah SAW nate ngendika:

 

 كُلُّ عَمَلِ بْنِ اَدَمَ يُضَاعَفُ الْحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا اِلَى سَبْعِمِائَةِ ضِعْفِ, قَال اللهُ تَعَالَى اِلَّا الصَّوْمَ فَاِنَّهُ لِى وَاَنَا أَجْزِى بِهِ (رواه مسلم) 

Kabeh amale bani Adam bakal ditikelake ganjarane wiwit sepuluh nganti tikel pitungatus, kejaba puasa, mangka satuhune puasa iku dadi duwek-Ku lan Aku kang bakal paring ganjaran miturut karep-Ku”. (HR. Muslim) ". 

 

 Sahingga sedaya amal ibadah ingkang dipun dhawuhaken dening Allah badhe dipun tikelaken ganjaranipun, kados shalat tarowih, tadarus Alquran, infaq lan shadaqah, pados ilmu, shilaturrahmi. Rasulullah Muhammad SAW ngendika:

 

 اِذَاجَاءَ رَمَضَانُ فُتِحَتْ اَبْوَابُ الْجَنَّةِ وَغُلِّقَتْ اَبْوَابُ النَّارِ وَصُفِّدَتِ الشَّيَاطِيْنُ (رواه البخارى و مسلم) 

 

" Nalika wus teka wulan Ramadhan mangka dibukak lawange suwarga, ditutup lawange neraka lan para syetan dikrangkeng ". (HR. Buchari Muslim) 

 

 Kanthi hadits punika saget dipendhet pangertosanipun: 

1. Lawange suwarga dibuka, maksudipun bilih puasa punika saget ngrubah nafsu syaithaniyah dados sifat malakut. Saget murnikaken niat, saget nuwuhaken raos ikhlas, tindak lampahipun dhatengaken maslahat. Mila lawangipun suwarga dipun bikak lan tiyang Islam bebas anggenipun mlebet ing suwarga. 

2. Lawange neraka dipun tutup, sedaya tiyang Islam ingkang saget nindakaken shiyam kanthi dasar iman lan taqwa dhateng Allah, sahinga saget ngleremakan hawa nafsunipun saterasipun saget nylametaken saking geninipun neraka. Neraka nolak dhateng para ahli ibadah. 

3. Syetan-syetan dikrangkeng, bilih tiyang Islam ingkang saget nindakaken shiyam kanthi tekun, nindakaken amalaan-amalan sae ing wulan punika, sedaya ibadah namung dipun tujukaken kagem nindakaken ibadah, sehingga daya rohaninipun saget ngalahaken pangriduning syetan. Mekaten punika ingkang dipun wastani syetan dipun krangkeng. 

 

Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah 

Ing tahun punika ibadah shiyam Ramadhan ing wekdal pandemi Covid-19, Alhamdulillah pamerintah sampun paring pitedah caranipun mujudaken syiar Ramadhan. Benten kalian tahun ingkang sampun kapengker inggih punika tahun 1441 H/ 2020 M. Nalika ing tahun 2020, pamerintah paring dhawuh supados shalat tarowih, tadarus Alquran dipun tindakaken wonten ing dalemipun piyambak-piyambak. Shalat tarowih inggih kalian keluarganipun piyambak. Malah nate shalat Jum’at dipun gantos kalaian shalat dhuhur. Ing tahun punika pamerintah ngedalaken wewaler kanthi pedoman Surat Edaran Menteri Agama RI nomor 3 tahun 2021. 

 

Anggenipun ginakaken masjid lan musholla boten kenging usel-uselan, kedah tansah matrapaken protokel kesehatan inggih punika, jamaah beto sajadah lan mukena piyambak, cuci asta, jaga jarak, sahingga panggenan ibadah namung saget dipun lebeti 50% saking jumlah sedayanipun. Semanten ugi ceramah agama, kultum lan pengaosan dipun watesi 15 menit. Makaten punika amargi pamerintah tansah prihatos lan gatosaken kabetahanipun umat Islam. Prihatos amargi virus corona dereng ical satus persen, tasih ngancam dhateng gesangipun manungsa sahingg kedah tansah ngatos-atos lan waspada. Pamerintah gatosaken dhateng kabetahanipun umat Islam kepingin makmuraken masjid lan musholla, ngalab berkah wulan suci Ramadhan ing wekdal pandemi. Sahingga marengaken nindakaken shalat jamaah ing masjid lan mushola nanging dipun watesi kalian aturan. 

 

Pramila mangga shiyam Ramadhan dipun tindakaken, dipun kanteni kalian nindakaken ibadah sunnah, dipun tingkataken anggenipun ibadah, manembah lan sujud dhateng Allah, dipun tingkataken khusukipun manuwun dhateng Allah. Mugi-mugi ibadah dipun tampi dening Allah lan virus corona saget sirna saking jagat raya punika, amin.

 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ