7/10/2014

Nggayuh Lailatul Qadar-Ibadah Sewu Wulan-Khutbah Bahasa Jawa



Sinten tiyangipun ingkang saget nindakaken ibadah sewu wulan, anatare inggih punika 83 tahun? Yekti abot bisa mujudake ibadah sewu wulan, napamalih zaman sapunika umuripun manungsa punika rata-rata pinten tahun. Ewodene nabi Muhammad mawon namung 63 tahun, dadi ya wis kemurahan banget lamun duweni umur 83 tahun tur kapitung dadi wong kang ahli ibadah. Kang mangka lamun saiki umure 40 tahun, iku wus kepotong umur anak-anak, yaiku wiwit bayi nganti umur 12 tahun. Durung maneh saben-saben wong ngalami zaman sulit, sahingga ngibadahe dadi kendor.

Nanging ampun kuatir merga Allah paring kelonggaran kanggo wong-wong Islam bakal oleh derajat ibadah 83 tahun, yaiku ngibadah ing lailatul qadar, mila mangga sami usaha nggayuh lailatul qadar iku.

اَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ الْقُرْآنَ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتِ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الدَّيَّانُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُ مُعَلِّمٍ وَاِمَامٍ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ عَلَى مَنْهَجِهِمِ السَّلِيْمِ أَمَّابَعْدُفَيَآعِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Allah SWT sampun paring dhawuh dhateng tiyang ingkang iman, ngemutaken bilih tiyang Islam sami mujudaken iman lan taqwa dhateng Allah kanthi sak leres-leresipun, lan ing akhir hayatipun seda kanthi bekta iman lan Islam sahingga dipun cathet seda ingkang khusnul khatimah. Tentunipun sedaya tiyang tansah ngrumaosi bilih ing sedaya wekdal tansah damel tumindak dosa, tumindak ingkang nerak dhateng wewaleripun syara’, kaleres punika dipun sengaja utawi boten sengaja. Menawi tumindak awon punika dipun sengaja tegesipun dados tiyang fasiq lan mekaten punika dados tumindak awon ingkang sak mesthine dipun tilar. Ewadenten tumindak awon punika boten dipun sengaja, amargi khilaf temtu Allah tansah paring pangapunten lan kelebet dosa alit lan kawulanipun cekap maos istighfar, Gusti Allah zat ingkang tansah paring pangapunten dhateng sedaya kawulanipun.
Kanthi wujud kesadaran bilih sampun nindakaken perkawis ingkang awon lan dosa, sumangga kita kiyataken ngibadah ing wulan Ramadhan punika kangge nglebur dosa-dosa ingkang nate dipun tindakaken. Punapa malih ing akhir wulan Ramadhan punika Allah paring kautaman kanthi tumurunipun Alqur’an lan dalu punika kawastanan wengi lailatul qadar. Allah SWT nate ngendika:


“Satemene Ingsun wus nurunake (Alquran) ana ing wengi kamulyan. Lan apa sira ngerti, apa toh (sejatine) wengi kamulyan iku? Wengi kamulyan iku luwih bagus katimbang sewu wulan. Ana ing wengi iku padha mudhun malaikat-malaikat lan Jibril kanthi (nggawa) ijin Pangerane kanggo ngatur sekabehane urusan. Wengi iku para malaikat padha uluk salam (marang wong-wong mukmin lanang wadon) nganti tumeka mletheke fajar”. (QS. Al Qadar: 1-5)

Ing surat punika Allah SWT paring warta bilih wengi lailatul qadar punika salah satunggaling wengi ingkang langkung utami tinimbang ing wengi-wengi sasanesipun. Allah paring pirsa bilih saenipun wengi punika langkung utami menawi dipun bandingaken kalian ibadah sewu wulan utawi 83 tahun. Ing wengi punika Gusti Allah nurunaken Allah saking Louhul Mahfudz dumugi Baitul Izzah (langit dunya) kedadosan mekaten punika ing wulan Ramadhan, Allah SWT ngendika:


“ Wulan Ramadhan, kang diturunake Alqur’an kanggo pituduh tumrap manungsa lan aweh katerangan saking pituduh lan pembeda”. (QS.Al Baqarah; 185)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Ing wengi punika para Malaikat kalebet malaikat Jibril tumurun ing bumi, sami ngreksa dhateng perkawisipun piyambak-piyambak. Kagem tiyang ingkang pinanggih malam lailatul qadar punika badhe dipun gampilaken urusanipun, amargi daya upayanipun dipun tulung dening para malaikat. Amargi sedaya harapan badhe dipun laporaken dhateng Allah. Rasul nate ngendika:

يَا غُلامُ إِنِّي أُعلِّمكَ كَلِمَاتٍ :احْفَظِ اللَّهَ يَحْفَظْكَ احْفَظِ اللَّهَ تَجِدْهُ تُجَاهَكَ ، إِذَا سَأَلْتَ فَاسْأَل اللَّه ، وَإِذَا اسْتَعَنْتَ فَاسْتَعِنْ بِاللَّهِ (رواهُ التِّرمذيُّ

“He pemuda, satemene Ingsun bakal paring piwulang marang sira, pirang-pirang hikmah: jaganen Allah, kelawan nuruti dhawuh-dhawuhe, lan dohana larangane, mesthi Allah bakal jaga awakmu, jaganen Allah, mesthi sira bakal nemoni Allah ing sak sandingira. Lamun sira jelaluk, jaluka marang Allah lan lamun sira jaluk pitulungan, jaluka marang Allah”. (HR. Turmudzi)

Ing pundhi papan lan panggenan Allah tansah pirsa dhateng sedaya tumindak kita, kaleres ingkang manggen ing ati punapa malih ingkang kita lahiraken. Sedaya punika wonten dalem pengawasanipun Allah. Sinaosa Gusthi Allah paring dhawuh dhateng para malaikat supados nyathet sedaya amal kita, boten ateges Allah boten pirsa, ananging ingkang mekaten punika nedahaken bilih Allah punika Maha Agung, Maha Kuwaos, Maha Wicaksana lan sak sanesipun. Sahingga ing saben dintenipun Allah nyuwun tanggel jawabipun saking para malaikat, lan nalika malaikat paring laporan, Gusti Allah badhe nyembadani dhateng sedaya kawulanipun ingkang nyenyuwun.

Menawi tiyang-tiyang Islam sami mangertosi bilih ing saben-saben panggenan kangge shalat dipun rawuhi dening para Malaikat yektos ibadahipun boten badhe pedhot, sedaya tiyang Islam badhe enggal-enggal nindakaken ibadah. Mekaten punika sampun pranyata bilih ibadah menawi dipun kantheni kalian tiyang kathah badhe tambah giat. Kaifiyahipun shalat dipun sempurnakaken, shalatipun sunnah dipun tindakaken. Benten menawi shalat dipun tindakaken piyambakan.

Kanthi punika, sasampunipun mengertosi kautaman ibadah ing wulan Ramadhan, bilih ing awalipun wulan Ramadhan Allah SWT ngluberakan rahmatipun. Mangga kita giyataken sedasa dinten ingkang sepindhah punika kangge nindakaken takholli inggih punika kita dalaken sedaya sifat lan perilaku ingkang boten sae. Kita perangi hawa nafsu ingkang tansah jlomprongaken dhateng margi ingkang sasar, kita kiyataken manah kita supados dados sopiripun sedaya tumindak. Sahingga ing sedaya dinten ingkang kaping kalih sasampunipun sifat lan perilaku boten sae punika kita dalaken, lajeng nindakaken tahalli inggih punika kita isi kanthi sifat-sifat ingkang sae. Sahingga ing sangang dinten utawi sedaya dinten ingkang terakhir tiyang Islam badhe ngraosaken tajjalli, inggih rumaos sedaya tumindakipun dipun bimbing dening Allah. Manungsa sampun angghadhahi sifat-sifat Ilahiyah, sahingga ing tembe wingkingipun tiyang Islam badhe katebihaken saking geninipun neraka.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Akhiripun mugi-mugi ing wulan Ramadhan punika kita dipun paring kekiyatan ningkasaken shiyam Ramadhan kanthi tansah nyempurnakaken syarat lan rukunipun. Nilaraken sedaya ingkang batalaken lan ngrisak ibadah puasa. Lan tansah nindakaken amal-amal sunnah sanesipun.