7/23/2014

Njagi Fitrahing Qalbu - Khutbah Shalat Idul Fitri Basa Jawa


Sampun kita mangertosi bilih wulan Ramadhan punika dados wulan pelatihan, wulan penyucian, wulan keberkahan, wulan ampunan, wulan muhasabah, wulan pesta ibadah. Kanthi mekaten menawi saget nindakaken shiyam Ramadhan kanthi dasar iman lan taqwa yektos ing tanggal setunggal Syawal kawontenanipun manungsa dados fitrah. Nanging amargi gesangipun manungsa punika kathah cobinipun sahingga kita kedah ngantos-antos supados jiwa ingkang witrah punika tansah kajagi.

اَللهُ أَكْبَرُ ×٩ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا . لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَاَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَ حْزَابَ وَحْدَهُ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُ لِلّٰهِ اَّلذِى جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ أَمَّابَعْدُفَيَآعِبَادَاللهِ, اِتّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَ لَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَ أَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.


Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Alhamdulillah sedaya puji kagunganipun Gusti Allah, Pangeran ingkang ngratoni sedaya alam, namun dhumateng Allah kita manembah lan dhumateng Allah kita nyuwun pitulungan. Kanthi kuasa lan welas asihipun Allah ing dinten punika kita sampun tingkas anggenipun nindakaken shiyam Ramadhan, mugi-mugi sedaya amal ibadah ingkang sampun kita tindakaken ing sak lebetipun wulan Ramadhan temen saget mujudaken pribadi muslim ingkang ningkat iman lan taqwanipun dhateng Allah.

Allah SWT sampun paring pangapunten dhateng sedaya kalepatan, sahingga ing dinten punika kita dados pribadi ingkang fitrah. Allah dadosaken pribadinipun tiyang-tiyang ingkang iman lan Islam kawontenanipun kados bayi ingkang nembe lahir saking gua gharbanipun ibu.
Dinten punika dados dinten ingkang istimewa, jalaran ing dinten punika Allah SWT sampun ngluberaken welas asih lan maghfirahipun, sahingga ing dinten punika sedaya tiyang sami ngrumaosi dados tiyang ingkang gadhahi sifat khata’ lan nisyan, lepat lan supe, sahingga kanthi sifat punika sami ngrumaosi bilih sifat-sifat punika tansah manggen ing pribadinipun manungsa sahingga saget nyebabaken dosa. Dosa dhateng Allah amargi nindakaken perkawis ingkang dipun awisi dening Allah.

Pramila kangge nglebur dosa lan kesalahan punika margi ingkang gampil inggih punika kanthi nyuwun pangapunten dhateng tiyang-tiyang ingkang nate dipun dhalimi, tiyang-tiyang ingkang nate dipun pilara, tiyang-tiyang ingkang nate dipun fitnah lan saterasipun. Allah zat ingkang paring pangapunten, dosa alit kanthi maos istighfar lan dosa ageng kanthi mertobat dhateng Allah. Nanging dosa dhateng sesami gesang inggih kedah nyuwun pangapunten dhateng sesaminipun.

Nyuwun pangapunten punika pedamelan lisan ingkang awrat dipun ngendikaken, lan kosok wangsulipun kathah tiyang ingkang gampil lan ringan ngaturaken nyuwun pangapunten. Satuhunipun ringan lan awrat punika gumatung kalian manahipun. Ati ingkang peteng, ingkang sampun katutup hawa nafsu panci awrat, namung ati ingkang sampun padhang pikantuk pitedah sahingga kathah ingkang sami mendhet wulan Syawal kangge shilaturahim, sowan-pisowanan ing sesami sedherekipun.

Allahu Akbar 3x Walillahil hamd
Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Menawi kita muhasabah, ngitung-ngitung dhateng amal ibadah kita dipun bandingaken kalian nikmatipun Allah. Wekdal 24 jam ingkang dipun paringaken Allah namun pinten jam kita ginakaken kangge ngibadah, umur ingkang panjang, sehat lan sempatipun napa sampun kita ginakaken kangge ningkataken ibadah. Kalebet sedaya sumber daya alam arupi oxygen, toya, siti, wit-witan, lan sedaya gegremetan ing darat lan samudra, sedaya punika dipun sediakaken dening Allah kangge mujudaken pribadi muslim ingkang tansah syukur dhateng Allah.

Kathah para manungsa ingkang dereng ngrumaosi bilih sedaya peparingipun Allah punika, sawekdal-wekdal badhe dipun pundhut malih dening Allah. Sedanipun manungsa boten nenggo nalika nembe sakit, wonten kawontenan mlarat, nalika yuswa sampun sepuh lan nalika nembe repot. Nanging kathah tiyang dipun pundhut nyawanipun, ing wekdal enjang tasih sehat, wekdal sonten sampun seda, wekdal dalu tasih sehat wekdal siang sampun dipun tumpakaken kreta jawa. Kanthi mekaten Rasulullah SAW nate paring pemut:

اِغْتَنِمْ خَمْسًا قَبْلَ خَمْسٍ: حَيَاتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ وَصِحَّتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ وَفَرَاغَكَ قَبْلَ سُغْلِكَ وَ شَبَابَكَ قَبْلَ هَرَمِكَ وَغِنَاكَ قَبْلَ فَقْرِكَ (رواه البيهقى)


“Gunakna limang perkara sak durunge tumeka limang perkara, uripira sadurunge temeka patinira, gunakna wektu sehatira sadurunge tumeka laranira, gunakna wektu longgarira sadurunge tumeka wektu rupekira, gunakna wektu nomira sadurunge tumeka wektu tuanira, gunakna wektu sugihira sadurunge tumeka wektu mlaratira”. (HR. Baihaqi)

Mila mekaten nalika kita mlebet ing wulan Syawal punika, mangga kita pendhet hikmah wulan Ramadhan, wulan kangge ningkataken amal ibadah kaleres ing kuantitas lan ugi kualitasipun, jumlahipun lan ugi mutunipun. Umpami ing sak jawinipun wulan Syawal, sedaya tiyang tansah ngumbar nebar sih katrisnan lan paring pangapunten, yektos Allah tansah badhe ngluberaken sih katrisnanipun dhateng kawulanipun. Sedaya tiyang sami gemregah ningkataken ibadhahipun, yektos Allah badhe nurunaken rahmatipun. Allah SWT ngendika:


“Menawa sekirane para pendhudhuke negara-negara padha iman lan taqwa, wus mesthi Ingsun bakal nurunake marang dheweke mau berkah sangka langit lan bumi, ananging dheweke padha anggorohake (marang ayat-ayat Ingsun) kuwi, akhire Ingsun siksa wong-wong mau amarga lelakone dheweke” (QS. Al A’raf: 96)

Pramila sasampunipun kita mlebet ing dinten riyadi, dinten fitrah, Allah SWT boten jamin kawulanipun saget njagi kawontenan fitrah punika. Amargi ningali ing tahun-tahun ingkang sampun dipun tindakaken. Budaya lan adhatipun kaum muslimin punika badhe kondur kados wekdal saderengipun Ramadhan. Malah ngraosaken bilih puasa Ramadhan lan sedaya amal ibadah ing wulan Ramadhan punika dados beban. Mekaten punika amargi pribadinipun manungsa punika wonten kalih panthan, inggih punika jasmani lan rohani utawi lahir lan batin. Lan ing sak dangunipun nindakaken pakaryan tansah dipun adhepaken kalian goda lan cobi. Kanthi mekaten, wonten ingkang kiat ngadhepi goda lan cobi punika, sahingga derajatipun saget ningkat dados akhsani taqwim lan jiwanipun dados mutmainnah. Nanging ugi kanthi goda lan cobi punika kathah ingkang boten kiat sahingga derajatipun manungsa dados langkung ashor. Allah SWT ngendika:


“ Satemene Ingsun wus nitahake manungsa kanthi wangun kang saapik-apike. Banjur Ingsun balikake dhewekne marang panggonan kang luwih endhek-endheke panggonan endhek (neraka), kejaba wong-wong kang padha iman lan padha ngamal shalih, mula tumrap dhewekne kabeh ganjaran kang ora ana pedhote” (QS. Attin:4-6)

Kanthi punika kangge njagi kawontenan fitrah punika, mangga kita tansah ngudi ilmu sak kathah-kathahipun, margi kanthi ilmu badhe mujudaken tiyang ingkang wicaksana. Kita tingkataken amal ibadah, kita tingali tiyang sak nginggilipun sahingga badhe nuwuhaken raos ikhlas lan ngicalaken sifat ujub. Kita wujudaken shilaturahim, kanthi pasedherekan setunggal iman Islam, pasedherekan ing masyarakat punapa malih pasedherekan kelawan setunggal keturunan. Kita jumbuhaken sifat wasiyat-winasiyatan, nasehat-winasehatan, tulung-tinulung ing margi ingkang leres lan taqwa. Insya-Allah sedaya tumindak sae lan lepat punika amargi saking pakulinan.

Pedamelan sae menawi dipun tindakaken kanthi istiqomah yektos badhe mujudaken raos ikhlas. Sinaosa pedamelan sae punika dhawuhipun Allah nanging menawi boten dipun kulinakaken inggih badhe awrat, sahingga syari’at agami Islam namung dados norma-norma. Satuhunipun Islam punika sampun dipun tentukaken dening Allah minangka Rahmatan lil ‘alamin, nanging jumbuhipun punika dipun tentukaken dening para manungsa khususipun tiyang-tiyang Islam.
Akhiripun kita tansah nyuwun kekiatan dhateng Allah supados saget pribadi ingkang saget bekda rahmat dhateng sedaya alam. Kanthi nyuwun pitedah datang Allah lan nyuwun pangapunten dhateng Allah kita aturaken.

اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمُ, الَّذِى لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ, لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ يُحْيِى وَيُمِيْتُ وَهُوَعَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ. وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ