Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Selasa, 14 Juli 2020

Mujudaken Masyarakat Adil Lan Makmur, Khutbah Bahasa Jawa


Mlebet Islam kanthi sampurna tegesipun ngamalaken kanthi konsekwen sedaya syari’at agami Islam, ing sekawan bidang inggih punika 1) bidang Aqidah, 2). bidang ibadah, 3). bidang Akhlak lan 4). bidang muamalah duniawiyah.


أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى وَفَّقَ مَنْ شَاءَ لِطَاعَتِهِ مِنْ عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ كَتَبَ شَهَادَةً لِمَنْ عَمِلَ بِشَرْعِهِ الْقَوِيْمِ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الصَّادِقُ الْوَعْدِ الْاَمِيْنُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ اهْتَدَواْ بِهَدْيِهِ وَاتَّبَعُواالنُّوْرَ الَّذِىْ اُنْزِلَ مَعَهُ أُولَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ, أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Para sedherek kaum muslimin ingkang kula mulyaaken
Wonten kesempatan khutbah Jum’at punika kawula wasiat dhateng para jamaah, manga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun. Allah SWT ngendika wonten salebetipun kitab suci Alquran surat An Nahl ayat : 90 makaten :







“ Saktemene Allah iku dhawuh marang sira kabeh supaya tumindak adil lan supaya gawe kebecikan, menehi pitulung marang ahli kerabat. Lan Allah nglarang marang sira kabeh saka tumindak jahat lan mungkar lan memungsuhan. Allah paring pepeling marang sira kabeh, supaya sira tansah eling lan ngerti “

Ayat punika nerangaken saperangan saking sifatipun tiyang ingkang taqwa dhumateng Allah. Inggih punika tiyang ingkang tansah negakaken dhateng sipat adil, remen damel sewarnining kesaenan lan remen asung pambiyantu utawi remen tetulung dhateng sanak sedherek, kosok wangsulipun dhemen tumindak jahat, mungkar lan boten remen memengsahan. Makaten ing antawisipun sifat-sifatipun tiyang taqwa. Mangga kita sedaya sami ngudi murih dados tiyang- tiyang ingkang taqwa kados ingkang dipun dhawuhaken Allah :

“ E wong wong kang Iman ! sira kabeh pada taqwa-a marang Allah kanthi sabener-benere taqwa. Lan sira kabeh aja pisan – pisan mati kejaba tetepa dadi wong Islam “ (QS. Ali Imran: 102)

Para sedherek kaum muslimin ingkang kula mulyaaken
Supados tumindak kita waget dados tiyang Islam ingkang sak leres-leresipun, kita kedah nindakaken syari’at Islam kanthi kaffah, kasebat ing dalem Alquran:

“ E Wong-wong kang Iman ! sira kabeh padha mlebua ana sajrone agama Islam kanthi sampurna. Lan sira kabeh aja padha manut tingkah-langkahe syetan. Awit satemene syetan iku mungsuh kang terang tumrape sira “ ( QS. Al Baqarah : 208 )

Mlebet Islam kanthi sampurna tegesipun ngamalaken kanthi konsekwen sedaya syari’at agami Islam, ing sekawan bidang inggih punika 1) bidang Aqidah, 2). bidang ibadah, 3). bidang Akhlak lan 4). bidang muamalah duniawiyah.

Para sedherek, sak terasipun kados pundi cara anggenipun kita mujudaken masyarakat ingkang adil lan makmur, kados resep ingkang dipun dhawuhaken dening Sayyidina Ali bin Abi Thalib, inggih punika:

يَاجَابِرُ قَوَامُ الدِّيْنِ وَالدُّنْياَ بِأَرْبَعَةٍ: عاَلِمٌ مُسْتَعْمَلٌ عِلْمُهُ، وَجَاهِلٌ لَا يَسْتَنْكِفُ أَنْ يَتَعَلَّمَ، وَجَوَادٌ لَا يَبْخَلُ بِمَعْرُوْفِهِ، وَفَقِيْرُ لَا يَبِيْعُ أٰخِرَتَهُ بِدُنْيَاهُ فَإِذَا ضَيَّعَ اْلعَالِمُ عِلْمَهُ اِسْتَنْكَفَ الْجَاهِلُ أَنْ يَتَعَلَّمَ، وَإِذَا بَخِلَ الْغَنِيُّ بِمَاِلهِ بَاعَ اْلفَقِيْرُ أٰخِرَتَهُ بِدُنْيَاهُ .

“ Wahai Jabir, tegake agama lan dunia iku kelawan sekawan perkawis, tiyang alim ingkang ngamalaken ilmune, tiyang bodho ingkang boten keset ngaos, dermawan ingkang boten medit ngamalaken kesaenan, tiyang ingkang miskin ingkang boten nyade akhiratipun kelawan dunya, mila menawi tiyang alim nyia-nyiaken ilmunipun, tiyang bodoh boten purun ngaos lan bilih tiyang sugih medit nglampahi kesaenan, tiyang miskin badhe nyade akhiratipun kelawan dunyanipun. “

Dhawuhipun Sayidina Ali bin Abi Thalib punika selaras kalian perkawis ingkang sampun dipun dhawuhaken dening Rasulullah SAW:

قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَاعْلَمُوْا أَنَّ قَوَامَ الدُّنْياَ بِأَرْبَعَةِ أَشْيَاءَ أَوَّلُهَا بِعِلْمِ الْعُلَمَاءِ وَثَانِيْهَا بِعَدْلِ اْلاُمَرَاءِ وَثَالِثُهَا بِسَخَاوَةِ اْلاَغْنِيَاءِ وَرَابِعُهَا بِدَعَاءِ الُفُقَرَاءِ.

“ Rasulullah SAW ngendika: Ngertia sira kabeh, satuhune tegake donya (negara) kelawan patang perkara: sepisan ilmune para ulama’, kapindo adile para penguasa, telu lomane wong-wong sugih, papat dongane wong-wong fakir”

Sarana dhawuhipun Sayidina Ali bin Abi Thalib lan dipun kiataken dening dhawuhipun Rasulullah SAW punika, kita saged pikantuk gambaran lan pedoman bilih dunya utawi negari ing pundi kemawon saget tegak, adil lan makmur, menawi dipun tunjang kaliyan sekawan perkawis, inggih punika;
1. Ilmunipun para ulama, ingkang dipun sebaraken kanthi purun maringi pawulangan dhateng tiyang ingkang bodho supados saget mangertos dhateng punapa tugas lan kewajibanipun salami gesang wonten ing alam dunia. Mangertos tata caranipun ibadah, mangertos aturan pergaulan utawi akhlak ingkang mulya, mangertos hukum agami, mangertos masalah halal lan haram lan aturan lintunipun sahingga benjang dados tiyang ingkang manfaat migunani kangge agaminipun, nusa lan bangsanipun. Lantaran perjuanganipun para alim ulama punika, ing akhiripun badhe nglahiraken para pemimpin, sarjana, cerdik cendekiawan ingkang badhe saget majengaken negarinipun tumuju dhateng masyarakat ingkang adil lan makmur.

Ngengingi pentingipun ilmu kangge modal kemajengan bangsa lan negari, pramila mangga para generasi muda penerus perjuanganipun bangsa sami cancut taliwandha ngudi ilmu ingkang sak kathah-kathanipun kangge sangu gesang kita, ingkang kathah sanget hambatan, rintangan lan tantanganipun. Sak terasipun ilmu pengetahuan lan ilmu agami ingkang paling penting inggih punika ingkang gegayutan kaliyan masalah akhlakul karimah, amargi menawi generasi muda boten nggadhahi pendidikan akhlakul karimah akibatipun negari punika badhe hancur, kita gatosaken bilih risakipun negari punika gumantung risakipun akhlak, kados ingkang sampun diaturaken dening penyair ingkang masyhur, Syauqi Bey;

اِنَّماَ الْاُمَمُ الْاَخْلَاقِ مَابَقِيَتْ* فَاِذَا هُمُّوْا ذَهَبَتْ أَخْلَاقُهُمْ ذَهَبُوْا

“Langgenge setunggaling bangsa inggih punika salami akhlaqipun langgeng, menawi akhlakipun ical, musnah ugi bangsa punika “ ( Syauqi Bey )

2. Kejujuranipun para pejabat pemerintah, anggenipun ngatur lan nata negari, hukum lan aturan ditegakaken kanthi adil lan bijaksana, perjalanan roda ekonomi diatur kanthi rata lan ningkataken sumberdayane rakyat, boten namung wonten lingkungane para pejabat, bebas saking korupsi, kolusi lan nepotisme. Ketentraman lan keamanan negari dipun jagi kanthi sae, kemakmuran saget dipun raosaken rakyat secara nyata, boten wonten ketimpangan sosial, ingkang sugih tambah sugih ingkang mlarat tambah mlarat, pokokipun menawi pemerintah saget berbuat kanthi adil insya Allah negari punika badhe ngalami kemakmuran, aman, rukun, damai sejahtera jaya lan sentosa.

3. Lomanipun tiyang ingkang sugih. Para hartawan punika supados purun ngurbanaken dunya lan bandhanipun kangge kepentingan umum, purun bantu dhateng para fakir miskin ingkang tansah nandang sengsara lan kekirangan, kanthi zakat utawi sedekah langkung- langkung kangge kepentingan umum kados dene bangun panggenan ibadah lan pendidikan ugi sarana lan prasarana lintunipun, sebab menawi boten wonten lomanipun tiyang sugih, nalika tiyang fakir miskin sami betahaken pambiyantu kemungkinan badhe timbul kecemburuan social, kados dhene perampokan, penjarahan, perampasan, pembakaran lan lintu- lintunipun . Menawi tiyang sugih boten loman negari badhe kenging bala’ utawi musibah ingkang boten kita ajengaken, cara ingkang ampuh kangge nyegah bala’ utawi musibah boten sanes kejawi tiyang-tiyang sugih sami purun ngedalaken zakat lan shodaqoh dhateng para fuqoro lan masakin. Malahan kanthi purun ngedalaken zakat lan shodaqoh boten namung saged nolak bala’ utawi musibah nanging ugi saged nyuburaken, nambah lan ningkataken rizki lan kemakmuranipun negari.

4. Donganipun para fuqara lan masakin, artosipun para fuqara lan masakin badhe tunduk dhateng sedaya aturan agami lan negari, malah kersa dongaaken dhateng para pemimpin, para ulama lan para aghniya. Sedaya kalawau badhe kasembadan menawi para ulama kersa berjuang maringi piwulang dhateng tiyang ingkang bodho, para pejabat sami tumindak ingkang adil dhateng rakyatipun, para tiyang sugih purun bantu dhateng para fuqara lan masakin. Insya -Allah para fuqara lan masakin badhe purun dongaaken dhateng sedaya para ulama, para pemimpin lan para aghniya. Sehingga akhiripun saged kawujud masyarakat ingkang adil, makmur, gemah ripah loh jinawi karta raharja. Amargi sedaya komponen bangsa kalawau saged nyadari lan nindakaken fungsi lan tugasipun piyambak- piyambak.

Menawi sekawan unsur kalawau saget dipun tindakaken kanthi sadar fungsi lan tugasipun insya -Allah badhe mujudaken masyarakat ingkang adil lan makmur, inggih masyarakat Khairu Ummah, kados ingkang sampun dipun isyarataken kaliyan Alquran surat Ali Imran : 110

“ Sira kabeh iku umat ingkang paling bagus kang di lahiraken kangge manungso, mrintah marang kebagusan lan nyegah marang kemungkaran lan iman marang Allah..” ( QS. Ali Imron : 110 )
Wujud masyarakat kados mekaten punika ingkang dipun idam-idamaken Islam, masyarakat punika minangka dambaan sedaya manungsa, sedaya warga negara, sedaya generasi ing sepanjang zaman. Mugi-mugi masyarat kita badhe dados masyarakat ingkang utama kados ingkang sampun diisyarataken Alquran. Amin ya Rabbal alamiin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


Rabu, 08 Juli 2020

Kuwajiban Putra Dhateng Tiyang Sepuh, Khutbah Basa Jawa

Tiyang  punika ingkang paling ageng lelabetan utawi jasanipun dhumateng kita menawi dipun bandhing kaliyan tiyang sanes. Inggih lantaran tiyang sepuh, kita lahir ing ngalam dunya. Lan tiyang sepuh khususipun ibu, prihatosipun sakelangkung. Nalika ngandhut, kapeksa kedah naati aturan ingkang awrat. Perkawis-perkawis ingkang dipun anggep bebayani tumrap si ponang jabang bayi kedah dipun tilar, sahingga ibu anggenipun dhahar, sare, nyambut damel, kraos dipun watesi, boten saged bebas. Punapa malih nalika nembe nglairaken bayi, asring para ibu sami ngraos sakit ingkang tanpa upami, mandar boten sekedhik ingkang seda sebab mbabaraken putranipun.

أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِىْ خَلَقَ الْاِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ, أرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى سَاِئِر الْاَدْيَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَمَنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Langkung rumiyin sumangga kita tansah ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan dhumateng kita sedaya, salawat saha salam mugi katur dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW saha para keluarga sahabat tabi’in tabi’in ila yaumiddin. Sak lajengipun minangka khatib kawula wasiyat dhumateng awak kula piyambak khususipun lan umumipun dhumateng panjenengan sedaya sumangga kita sesarengan tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindaaken sedaya dhawuhipun Gusti Allah lan nebihi sedaya awisanipun Allah SWT, sahingga menawi kita saget nindakaken perkawis kasebat fa insya-Allah kita badhe wilujeng wonten dunya ngantos dumugi akherat, amin ya Rabbal ‘alamin.

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakumalah
Menawi kita gatosaken lan mirengaken wonten ing berita, surat kabar utawi elektronik mapinten-pinten kedadosan ing masyarakat kita, boten sakedhik putra sami mengsahi tiyang sepuhipun piyambak, namung kanthi jalaran ingkang sepele, kados amargi pemanggihipun boten sami, penyuwunipun boten dipun sembadani, utawi sebab sanesipun, langkung-langkung tumrap putra ingkang pendidikanipun langkung inggil ananging miskin agami lan miskin pengalaman, lan tiyang sepuhipun pendidikanipun asor ananging kebak pengalaman.

Ingkang putra supe bilih bekti dhateng tiyang sepuh punika wajib hukumipun, keranten supe, pramila putra ngedalaken tembung kasar ingkang saged damel sakiting manah tiyang sepuhipin, ingkang ndadosaken tiyang sepuh duka. Kang mangka dukanipun tiyang sepuh nedahaken dukanipun Allah SWT Rasulullah SAW nate ngendika:

رِضَا اللَّهِ فِي رِضَا الْوَالِدَيْنِ, وَسَخْطُ اللَّهِ فِي سَخْطِ الْوَالِدَيْنِ


"Ridhane Allah iku gumantung ing ridhane wong tuwa loro lan bendune Allah iku gumantung ing rengune wong tuwa loro (HR. Tirmidzi)

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakumullah
Bentenipun pemanggih antawis tiyang sepuh kaliyan putra sakjatosipun inggih perkawis ingkang limrah, ananging menawi ngantos medhot pasedherekan, ateges boten limrah, awit ingkang mekaten wau nedahaken bilih putra ingkang duraka dhateng tiyang sepuhipun, ateges ingkang putra nindakaken dosa ageng. Saupami panci tiyang sepuh ingkang lepat, ananging piyambakipun tetep boten saged nampi pemanggihipun putra ingkang leres, putra boten kenging ngantos medhot shilaturrahim. Putra inggih tetep kedah ngurmat lan bekti kaliyan tiyang sepuh, sinaosa boten sarujuk kaliyan pemanggihipun, amargi saget ugi menawi pemanggihipun nerak wewalering agami.

Kaum muslimin jemaah Jumah Rahimakummalah
Perlu kita akeni bilih tiyang sepuh kita punika ingkang paling ageng lelabetan utawi jasanipun dhumateng kita menawi dipun bandhing kaliyan tiyang sanes. Inggih lantaran tiyang sepuh, kita lahir ing ngalam dunya. Lan tiyang sepuh khususipun ibu, prihatosipun sakelangkung. Nalika ngandhut, kapeksa kedah naati aturan ingkang awrat. Perkawis-perkawis ingkang dipun anggep bebayani tumrap si ponang jabang bayi kedah dipun tilar, sahingga ibu anggenipun dhahar, sare, nyambut damel, kraos dipun watesi, boten saged bebas. Punapa malih nalika nembe nglairaken bayi, asring para ibu sami ngraos sakit ingkang tanpa upami, mandar boten sekedhik ingkang seda sebab mbabaraken putranipun.

Ugi boten kirang rekaosipun nalika ngrimat lan nggulawenthah putranipun wiwit alit ngantos dumugi agengipun. Tiyang sepuh ngorbanaken jiwa, raga, bandha, wekdal, pikiran lan pangorbanan sanesipun. Kebebasan sang ibu khususipun, kenging pun wastani dipun rampas dening putranipun ngantos pinten-pinten tahun. Ananging ibu ngraos kosok wangsulipun. Ibu lega lila lan boten ngraos kawratan nindakaken tugas-tugas wau, mandar ngraos kosok wangsulipun. Ibu lila ngraos luwe asal putranipun ngraos tuwuk, ibu lila boten sare asal putranipun saged tilem, ibu ngraos cekap ngagem ageman prasaja asal putranipun saged ngagem ageman ingkang edipeni. Samanten ugi bapak, sinaosa repotipun boten kados dene ibu.
Kanthi punika Allah dhawuha dhateng para putra kapurih sami bekti lan taat dhateng tiyang sepuh saksampunipun taat dhumateng Allah SWT. Al-Qur’an nyebataken wonten ing surat An-Nisa’ ayat 36


Artosipun:”Lan sembahen Allah lan ojo sira nyekutokake nganggo apa bae lan gawe becika marang wong tuwa loro” (QS: An-Nisa’ ayat 36)

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakumullah
Lan ing dalem agami Islam, tumindak sae utawi bekti dhateng tiyang sepuh punika kalebet pakerti ingkang paling dipun tresnani dening Allah. Sahabat Ibnu Mas’ud RA nate nyuwun priksa dhumateng Rasulullah SAW:

أَيُّ الْعَمَلِ أَحَبُّ إِلَى اللهِ تَعَالَى ؟ قَالَ الصَّلاَةُ عَلَى وَقْتِهَا قُلْتُ : ثُمَّ أَيُّ ؟ قَالَ : بِرُّ الْوَالِدَيْنِ قَلْتُ: ثُمَّ أَيُّ ؟ قَالَ اَلجِهَادُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ متفق عليه


”Pundi amal ingkang paling dipun tresnani dening Allah? Rasul ngendika ”shalat ing ndalem wektune” kawula matur, lajeng punapa malih?” Panjenenganipun ngendika.” Bekti marang wong tuwa loro,” kawula matur malih lajeng punapa malih? Panjenenganipun ngendika berjuang fi sabillillah.” (HR.Bukhari muslim)

Kaum muslimin jemaah Jum’ah Rakhimakummalah
Ewodenten wujud bektinipun, antawisipun damel tiyang sepuh ridha lan remen, biyantu tiyang sepuh nalika betahaken pitulungan arupi tenaga, pemanggih, bandha, donga, boten damel gerahing manah lan sanes-sanesipun. Namung perlu kawuningan bilih perkawis taat dhateng tiyang sepuh punika wonten watesipun, inggih punika menawi tiyang sepuh ndhawuhi kita nindakaken kesaenan; menawi dhawuhi maksiat, kita boten pareng taat. Sebab Rasulullah SAW nate ngendika:

اِنَّمَاالطَّاعَةُ فِى الْمَعْرُوْفِ

“Satemene taat iku mung kanggo perkara kang bagus (HR. Muslim).
Punapa malih menawi tiyang paring dhawuh supados nindakaken maksiat utawi ingkang kalebet musyrik, jalaran kalih-kalihipun dados awisanipun Allah SWT. Alquran nyebateken wonten surat Luqman ayat 15:

“Lan lamun wong tuwamu sakloron meksa marang sira supaya nyekutoake marang Ingsun kang sira ora mengerteni perkara mau, mangka sira aja naati marang wong tuwa loromu mau lan srawungana loro-lorone ing dunya kanthi becik (QS Luqman 15)

Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah!
Sakterasipun, damel sae dhateng tiyang sepuh kalih punika boten cekap namung nalika tasih sugeng ananging sinaosa sampun seda inggih, kita kedah bekti dhumateng tiyang sepuh kita. Wondene caranipun bekthi dhateng tiyang sepuh sasampunipun seda, nalika satunggaling sahabat wonten ingkang nyuwun priksa dhumateng Rasulullah SAW perkawis kasebat, Rasul paring pangendikan:

أَلصَّلَاةُ عَلَيْهِمَا وَالْاِسْتِغْفَارُ لَهُمَا وَاِنْفَاذُ عَهْدِهِمَا وَاِكْرَامُ صِّدِيْقِهِمَا وَصِلَّةُ الرَّحِمِ اَلَّتِىْ لَا تُوْصَلُ اِلَّابِهِمَا

Artosipun: “(1) Nyolati jenazahe, (2) nyuwunake pangapura (3) ngleksanakake apa kang dadi janjine (4) mulyakake wong-wong kang dadi sahabate wong tua, lan (5) Nyambung sanak kang ora disambung kejaba kelawan wong tuwa lorone”. (HR. Abu Dawud)

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rakhimakumalah
Menawi putra malah duraka dhateng tiyang sepuh mila Allah bakal paring siksa kelawan:
a. Kalebetaken dosa ageng ingkang saged anjalari mlebet neraka
b. Sedaya ngamalipun boten manfaat
c. Kejawi badhe nampi pidana ing akhirat, ugi nalika taksih ing ngalam dunya badhe dipun bendoni.

Mekaten mugi-mugi kanthi khotbah punika saged mantepaken kita anggenipun bekthi dhateng tiyang sepuh ingkang taksih jumeneng punapa dene ingkang sampun seda. Amin ya mujiibassaaillin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


Jumat, 19 Juni 2020

Ngedoh Saka Sedulur lan Kanca Khutbah Bahasa Jawa

Wontenipun pandemi virus corona ingkang dereng nate kita raosaken, mila kita kedah usaha lan ikhtiar sarta tawakal, kita ngestokaken dhawuh saking pemerintah minangka usaha lan ikhtiar nyegah nyebaripun virus corona. Shalat jamaah ing dalem, ngedohi sedulur lan kanca dipun tindakaken kanthi panuwun mugi-mugi balak lan musibah punika enggal sirna, sahingga saget nindakaken ngibadah kanthi sempurna selaras dhawuhipun Allah lan utusanipun.

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بنِعْمَةَ اْلِإيْمَانِ وَاْلإِسْلَامِ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْنَا بِهَا مِنْ أَهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ شَافِعُ اْلأُمَّةِ وَخَيْرُ اْلبَرِيَّةِ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّالِحَاتِ وَيَجْتَنِبُوْنَ اْلَمنْهِيَّاتِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Kaum muslimin jemaah shalat Jum'ah ingkang kawula hormati.
Pertama lan ingkang paling utama mangga sareng-sareng kita ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken dhawuh-dawuhipun lan nebihi menapa ingkang dados awisanipun. Alhamdulillah kanthi ngunjukaken syukur, ing dinten punika kita saged nindakaken shalat Jumat kanthi boten wonten alangan setunggal punapa. Kanthi punika nindakaken shalat Jum’at ing kawontenan new normal/ tatanan enggal. Sampun sak wetawis shalat Juma’at dipun gantos kalian shalat dhuhur, shalat jamaah wonten ing masjid, langgar lan mushola dipun tindakaken ing dalem.

Melai tanggal 17 April 2020 ngantos 29 Mei 2020 saestu umat Islam sampun ngeker anggenipun ngibadah ingkang sampun dados pakulinan dipun tindakaken kanthi jamaah ing panggenan ngibadah, kalebet shalat Jum’at. Pramila sasampunipin wonten tatanan enggal (new normal), kanthi pedoman Surat Edaran Menteri Agama RI Nomor 15, panggenan ibadah dipun bikak. Senajan kita sampun dipun parengangken nindakaken shalat jamaah ing panggenan ngibadah lan shalat Jum’at nanging umat Islam kedah tansah ngugemi protokol kesehatan ngedoh saking kanca lan sedulur, nyuci asta ngagem sabun utawi hand sanitizer, ngagem maskes, boten sisah salaman, saestu nembe sehat, ateges boten watuk, pilek lan panas.

Wontenipun pandemi virus corona ingkang dereng nate kita raosaken, mila kita kedah usaha lan ikhtiar sarta tawakal, kita ngestokaken dhawuh saking pemerintah minangka usaha lan ikhtiar nyegah nyebaripun virus corona. Shalat jamaah ing dalem, ngedohi sedulur lan kanca dipun tindakaken kanthi panuwun mugi-mugi balak lan musibah punika enggal sirna, sahingga saget nindakaken ngibadah kanthi sempurna selaras dhawuhipun Allah lan utusanipun.

Jamaah Jum’ah Rahimakumullah
Ngedoh saking sedulur lan kanca, iggih punika boten sisah caket-caket lan kumpul-kumpul kanthi nggrombol, nanging kita kedah ngindari utawi ngedohi saking sifat-sifat ingkang boten sae:

1. Ngedohi saking sifat angkuh lan gumedhe, amargi sifat-sifat punika badhe nyaketaken mlebet ing neraka lan ngedohaken seka suwarga.

لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ أَحَدٌ فِي قَلْبِهِ مِثْقَالُ حَبَّةِ خَرْدَلٍ مِنْ كِبْرِيَاءَ

“Ora bakal mlebu suwarga saben wong kang ing atine ana sak boboting sawi iku sifat angkuh utawa gemedhe’.(HR. Muslim)

2. Ngedohi saka memungsuhan lan medhot shilaturahim

لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعٌ

“Ora bakal mlebu suwarga sapa wonge kang medhot paseduluran” (HR. Buchari Muslim)
Senajan ing wekdal pendemi Covid-19 punika boten sami tilik-tinilik nanging paseduluran kedah tansah dipun jagi, saben tiyangipiin kedah mahami lan nyadari blih mekaten punika dipun tindakaken margi saking kawontenan.

3. Ngibadah kedah dipun landasi kalian sifat ikhlas, dipun tebihaken saking sifat riya’. Riya’ inggih punika ngibadah ingkang kedahipun dipun tujukaken kangge pados ridhanipin Allah nanging malah dados pedamelann amargi kepingin dipun alem, dipun tingali dening tiyang sanes.

إِنَّ أَخْوَفَ مَا أَخَافُ عَلَيْكُمْ الشِّرْكُ الْأَصْغَرُ قَالُوا يَا رَسُولَ اللَّهِ وَمَا الشِّرْكُ الْأَصْغَرُ قَالَ الرِّيَاءُ


“Satuhune kang paling aku khawatirake seka sira yaiku syiri’ kang cilik, sahabat matur punapa ingkang dipun wastani syirik cilik punika? Rasul jawab riya’ (HR. Ahmad)

4. Ngedohi saking tumindak ingkang boten sae.

إِنَّ الصِّدْقَ يَهْدِي إِلَى الْبِرِّ وَإِنَّ الْبِرَّ يَهْدِي إِلَى الْجَنَّةِ وَإِنَّ الرَّجُلَ لَيَصْدُقُ حَتَّى يَكُونَ صِدِّيقًا وَإِنَّ الْكَذِبَ يَهْدِي إِلَى الْفُجُورِ وَإِنَّ الْفُجُورَ يَهْدِي إِلَى النَّارِ وَإِنَّ الرَّجُلَ لَيَكْذِبُ حَتَّى يُكْتَبَ عِنْدَ اللَّهِ كَذَّابًا

“Sak temene kejujuran iku bakal nuduhake ing kebagusan, lan kebagusan iku bakal nuduhake ing suwarga. Sak temene wong kang tansah jujur hingga bakal dicathet dadi wong kang jujur. Lan satuhune goroh iku bakal nuduhake ing tumindak ala, lan setuhune penggawean ala iku bakal nyedhakake ing neraka lan satuhune wong kang tansah goroh iku bakal dicathet dadi wong kang ahli goroh”. (HR. Buchari Muslim)

Kaum muslimin jemaah shalat Jum'ah ingkang kawula hormati.
Mila kanthi tansah nyuwun pituduh dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi pandemi virus corona enggal tingkas, mila mangga sami ikrar paring janji dhumateng awakipun piyambak, manawi pandemi virus corona punika sampun sirna kita badhe ningkaten ibadah lan amal shalih. Allah ampun paring janji badhe ngabulaken doanipun tiyang-tiyang ingkang nyuwun dhateng Allah.

“Lamun kawulaningsun takon marang Sira (Muhammad) babagan Ingsun, mangka (dhawuha), yen satuhune Ingsun iku parek. Ingsun nyembadani panyuwune wong kang donga yen dheweke donga marang Ingsun, sangka iku, dheweke supaya nyembadani (sekabehe perintah) Ingsun lan dheweke supaya padha iman marang Ingsun, supaya padha oleh pituduh”. (QS. Al Baqarah: 186)

Duh Gusti ingkang Maha Kuwaos, Panjenengan sampun dadosaken pandemi Covid-19, namun Panjengan ingkang Maha Pirsa, kagem punapa Covid-19 punika Panjengan ciptakaken. Panjengan Maha Pirsa amal ibadah kawula nalika pandemi lan sak derengipun. Kawula sadar kathah dosa lan kalepatan, sahingga kawula tebih saking syari’at Panjengan. Mila kawula nyuwun pangapunten dhumateng Panjenegan, kawula kepingin badhe ngestokakaen dhawuh panjenengan kanthi sak sae-saenipun. Mila duh Gusti, kawula nyuwun welas asih Penjenengan, kanthi pangajab ingkang saestu Panjengan kersa nebihaken pandemi Covid-19. Amin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


Sabtu, 16 Mei 2020

Khutbah Bahasa Jawa- Idul Fitri 1441 H- Bina Keluarga


اَللهُ أَكْبَرُ ×٩ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا . لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَاَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَ حْزَابَ وَحْدَهُ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ: فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوِصْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ .


Bapak ibu ingkang tansah kawula hurmati, estri lan putra-putiku ingkang kawula trisnani.
Wekdal lebaran tanggal 1 Syawal 1441 Hijriyah, shalat Idul Fitri boten kados taun-taun ingkang sampun kapengker lan mbok bilih ing sadanguning gesang nembe wonten ing taun punika. Shalat Idul Fitri dipun tindakaken wonten ing dalem griya, mekaten punika boten ateges boten remen kaliyan syiar Islam lan silaturahim, nanging ngengingi kawontenan ing taun punika, ingkang boten sami kaliyan taun-taun ingkang sampun kapengker. Mila mangga kita sedaya tansah ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi menapa ingkang dados awisanipun Allah.

Taun punika sedaya negari nembe nampi wabah pandemi virus corona utawi Covid-19, satunggaling wabah penyakit ingkang saged nular saking menungsa dhateng manungsa kanthi cara ingkang gampil lan cepet sanget. Virus corona inggih punika salah setunggaling makhlukipun Gusti Allah ingkang alit sanget, mila boten saged dipun tingali mawi mripat kanthi langsung, namung saged dipun pirsani kaliyan alat mikroskop. Saking tanda-tanda nyebaranipun virus punika, para wasis sampun mangertosi cara nularipun virus corona punika inggih punika kanthi lantaran doplet, idu, umbel, uluh, lan sasanèsipun. Sampun dados pakulinan, menawi utawi watuk nuli tutukipun dipun tutup mawi asta, menawi medal idu lan umbel dipun lap mawi astanipun, semanten ugi menawi medal uluhipun inggih dipun lap mawi astanipun. Asta punika nggadhahi sipat sigap, boten sisah dipun dhawuhi ananging sampun mangertosi tugasipun, menawi wonten barang-barang utawi ingkang ketingalan langsung dipun resiki mawi asta.
Kotoran punika tasih nempel, kaleres menawi manggihi toya dipun cuci, manggihi tisu dipun lapaken. Ananging menawi boten manggihi toya utawi tisu lajeng dipun gosokaken wonten ing tembok, tangga, lan wonten ing panggenan-panggenan ingkang saged utawi gampil dipun candhak. Asta ingkang tasih wonten kotoranipun dipun ginakaken kagem salaman, sahingga nular dhateng tiyang sanes kanthi cepet. Mila kangge naggulangi lan medhot nyebaring virus punika kita dipun dhawuhi supados nyuci asta kalian sabun utawi hand sanitizer, tansah ngagem masker, nindakaken sosial distancing utawi ngirangi kumpul-kumpul, lock down, ibadah shalat Jumat dipun-gantos kaliyan shalat duhur, shalat jamaah gangsal wekdal dipun tindakaken wonten ing dalam, shalat Idul Fitri ing dalem, shilaturrahmi kanthi online utawi mawi video call.

Bapak ibu ingkang tansah kawula hurmati, estri lan putra-putiku ingkang kawula trisnani.
Tahun punika dipun wastani tahun musibah, bencana, wabah lan muhasabah. Saben musibah, bencana, wabah temtu wonten sebabipun, utawi wonten rahasianipun. Kenging menapa Gusti Allah dhatengaken musibah, bencana lan wabah. Menawi kita ningali saking sejarah sakderengipun nabi Muhammad SAW, kados umatipun nabi Luth ingkang tansah remen nindakaken pedamelan keji, umatipun nabi Hud kaumipun sami gumedhe, angkuh, remen damel pilara dhateng sesaminipun, Allah paring piwales kalian lisus, umatipun nabi Musa, nabi Harun, nabi Nuh boten purun nyembah dhumateng Gusti Allah, dhemen nentang syariat rasulipun, boten purun ndherek dhateng risalahipun Allah. Sahingga Allah nurunaken musibah, bencana lan azab, malah wonten ingkang dipun sirnakaken.
Mila wontenipun musibah punika, prayoginipun ing saben pribadi tansah mikiraken dugi pundi anggenipun ningkataken ibadah dhumateng Gusti Allah, punapa ibadah ingkang dipun tindakaken sampun selaras kaliyan tuntunan syari'at agami Islam, punapa sampun dados insan ingkang saged migunani dhateng tiyang sanes, punapa sampun boten damel pilara dhateng tiyang sanes. Allah paring dhawuh;

“He wong-wong kang padha iman, taqwaha sira kabeh maring Gusti Allah, lan becike saben-saben wong padha gatekake marang apa kang wus ditindakake ing dina sisuk (akhirat), lan taqwaha maring Gusti Allah, sak temene Allah tansah pirsa marang apa wae kang sila lakoni’. (QS. Al Hasyr: 18)

Wonten ing kesempatan punika prayoginipun kita sami introspeksi utawi gatekaken dhateng pribadi piyambak-piyambak. Kita gatosaken keluarga, punapa sampun nindakaken dhawuhipun Gusti Allah lan nebihi awisanipun Gusti Allah. Mangga kita dandosi keluarga, kita bina keluarga supados sami paring pemut, sami-sami makarya, sami-sami nindakaken tugas lan tanggaung jawabipun. Mikiraken keselamatan bangsa lan negari dipun melai saking keluarga minangka dados bangunan ingkang paling alit, sae lan awonipun setunggaling bangsa lan negara dipun temtokaken saking pembinaan salebetipun keluarga.

Bapak-ibu ingkang kalor mati estri lan anak-anak kawula ingkang kawula tresnani ibadah.
Puasa Ramadhan sampun kalampahan, lan kita sampun mlebet ing wulan Syawal, wulan peningkatan amal ibadah, ing wulan Syawal minangka awal kagem saben-saben muslim anggenipun ngadhepi musuh, marga tanggal 1 Syawal setan ingkang dipun krangkeng dipun uculaken malih, supados ganggu lan jlomprongaken menungsa, kangge rencang bencang ing dinten kiamat. Para setan dipun jamin mlebet ing neraka, panggenan kangge nyiksa lan panggenan ingkang boten dipun kersakaken manungsa. Tiyang ingkang iman tansah ngajeng-ajeng mlebet wonten ing suwarga lan dipun tebihaken saking genining neraka.

Mila nabi Muhammad SAW paring tuntunan ibadah sasampunipun wulan Ramadhan, inggih punika supados nindakaken puasa sunah, supados pikantuk ganjaran kadosdene ganjaran tiyang ingkang nindakaken puasa sadangunipun gesang.

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ ثُمَّ أَتْبَعَهُ سِتًّا مِنْ شَوَّالٍ كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ

“Sapa wongé nindakake puasa Ramadhan nuli di kanteni puasa nem dina ing wulan Syawal mila bakal diparingi ganjaran kaya dene wong kang puasa saklawase urip”. (HR.Muslim).

Mila kagem sinten kemawon ing wulan Ramadhan tansah ngantu-antu pikantuk lilatul qodar, sinten ingkang saget manggihi tentu pikantuk ganjaran ingkang kathah, ananging kasunyatanipun boten temtu saget pianggih. Mila kagem ngalap ganjaran ingkang ageng, sampun trawaca Allah paring ganjaran ingakang kathah inggih punika puasa Syawal.

Saben ibadah mesthi wonten ganjaranipun utawi fadhilahipun, Allah maringi ganjaran kanthi dipun wujudaken wonten ing donya lan akhirat, saben-saben ibadah ingkang dipun tindakaken kanthi temen lan ngarep-arep ridhanipun Allah, mesthi badhe dipun paringi barokah rizky saking langit lan rizki ingkang boten saged dipun itung jumlahipun.


“Sing sapa wonge taqwa maring Gusti Allah, yekti Gusti Allah bakal maringi kanggo dheweke dalan, lan maringi rizki saking arah kang ora dinyana- nyana, lan tawakal maring Gusti Allah, Gusti Allah bakal nyukupi keperluane. Sak temene Allah nindakake urusan kang dikersaake, Sak temene Gusti Allah nganakake ketentuan marang sapa wae”. (QS. Ath-Thalaq: 23)

Bapak ibu ingkang kawula hurmati, estri lan anak-anakku ingkang kawulo tresnani.
Allah badhe paring rizki kanthi mapinten-pinten cara, rizki boten namun bandha donya. Rizki saking Allah saged dipun wujudaken kaliyan kesehatan lan dipun tebihaken saking balak, musibah, bencana lan penyakit, badhe dipun paringi margi ingkang gampil anggenipun pados ma’isah utawi penghasilan, badhe dipun paringi kasil ingkang berkah, dipun paring petedah dhateng margi ingkang sae, dipun dadosaken tiyang ingkang bejo wiwit dunya dumugi akhirat samangke. Mila mangga kita tansah ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT.

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَاَدْ خِلْنَا وَاِيَّاكُمْ مِنْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصّٰلِحِيْنَ . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْن




الخطبة الثنية

اَللهُ اَكْبَرُ ×٧ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ. اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ. اَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِىْ جَعَلَ الْيَوْمَ عِيْدًالِلْمُؤْمِنِيْنَ وَخَتَمَ بِهِ شَهْرَ الصِّيَامِ لِلْمُخْلِصِيْنَ . اَشْهَدُ اَنْ لَا ِالٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَشْهُوْرُ بِفَطَانَتِهِ وَاَمَانَتِهِ وَصِدْقِهِ وَتَبْلِيْغِهِ وَصَلَّ اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَاللهِ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى اللهُ عَنْهُ وَحَذَرَ. فَقَاَلَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَآأَيُّهاَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةِ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللّٰهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَناَ الَّذِى هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِى فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِى فِيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِى كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شرٍّ . رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


Selasa, 20 Juni 2017

Fitrah lan Bahaya Nifaq, Khutbah Idul Fitri 1438 H Basa Jawa


Ing saben akhir wulan suci Ramadhan dipun tandai kalian Shalat Idul Fitri. Shalat punika dados shalat tahunan, amargi setunggal tahun namung dipun tindakaken sepindhah. Raos suka ketingal ing saben tiyang Islam. Nalika kepanggih kalian sinten kemawon ingkang dipun ucapaken minal 'aidin wal faizin, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan. Kanthi mekaten ing dinten punika sedaya tiyang sami ngrumaosi lepat lan sami suka lila nyuwun lan paring pangapunten. Tradisi mekaten punika menawi dipun tindakaken ing sawekdal-wekdal insya-Allah boten wonten memengsahan, padu lan saterasipun.Seratan khutbah ing ngandhap badhe ngaturaken kawontenan fitrahipun manungsa, lan sasampunipun fitrah saben-saben manungsa dipun adepaken kalian mapinten-pinten cobi, kalebet perilaku nifaq lan fasiq.

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَللهُ أَكْبَرُ ×٩ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا. لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَاَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَ حْزَابَ وَحْدَهُ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ: فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوِصْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ .

Kaum muslimin jemaah shalat Id Rahimakumullah
Wonten kesempatan punika mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT kaleres wulan Syawal ingkang artosipun peningkatan, pramila sumangga sedaya amalan sae ing wulan Ramadhan, kados nindakaken shalat jamaah, nindakaken taklim utawi kajian Islam, shalat lail, tadaus Alquran, gerakan infaq lan shadaqah, paring santunan dhateng fakir miskin, kita terasaken. Amargi wulan Ramadhan ingkang dados wulan pelatihan, menawi pelatihanipun sukses mila ing wulan Syawal badhe ningkat. Wulan Syawal inggih kawastanan wulan Fitri, amargi kawontenanipun manungsa dados fitrah, mila kanthi tulusing manah kawula ngaturaken ja’alannalhu minal ‘aidin wal faizin, mugi Allah dadosaken dhateng kita ing fitrah lan dados tiyang ingkang menang. Lan kanthi tulusing manah sami pasrah sedaya kalepatan, mugi kersa kita sami nyuwun lan paring pangapunten.

Kalepatan kita dhateng Allah, sepinten agengipun, Allah badhe paring pangapunten, dosa ingkang ageng lan kathah badhe ical kanthi mertobat lan dosa ingkang alit kita sami maos astaghfirullalahal ‘adzim. Dosa lan kesalahan kalian Allah saget dipun aturaken kanthi sirri lan jahr, kanthi pangandikan lan dipun terasaken kanthi amal ibadah. Ananging kalepatan dhateng sesaminipun, antawis sesame sedherek, tanggi lan rencang-rencangipun kathah-kathahipun boten sami rumaos lepat. Menawi saestu damel kalepatan dhateng tiyang sanes wonten raos lingsem badhe nyuwun pangapunten, hawa nafsu nyegah nyuwun pangapunten.

Ing dinten fitri punika Allah SWT paring kanugrahan arupi wekdal lan kesempatan kagem kita sedaya sami pasrah lan nyuwun pangapunten. Insya-Allah sasampunipun kita sami pasrah lan nyuwun pangapunten kita badhe dados pribadi ingkang fitrah utawi suci. Saestu dinten punika kawontenan fitrah amargi:

1. Kita sampun sami tingkas anggenipun nindakaken shiyam Ramadhan

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيْمَاناً وَاحْتِسَاباً ، غُفِرَ لَهُ ما تَقَدَّمَ مِنْ ذنْبِهِ " متفقٌ عليه .

“Sapa wonge nindakake puasa Ramadhan kerana iman lan ngarep-arep ridha Allah, mangka bakal dingapura dosa-dosane kang wung klakon”. (HR. Buchari Muslim).

2. Kita sami tingkas nindakaken qiyam Ramadhan.

مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيْمَاناً واحْتِسَاباً غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

“ Sapa wonge shalat (tarowih) ing wulan Ramadhan merga iman lan ngarep-arep entuk ridhane Allah, mila bakal dingapura dosa-dosane kang wus klakon. (HR. Buchari Muslim)

3. Wulan Ramadhan sampun kathah ganjaranipun:

كُلُّ عَمَلِ ابْنِ آدَمَ يُضَاعَفُ الْحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا إِلى سَبْعِمِائَةِ ضِعْفٍ

“Kabeh amale Bani Adam kang bagus (ing wulan Ramadhan) ditikelake antarane 10 – 700 kebagusan”. (HR. Muslim)

4. Kita sampun ngedalaken zakat fitrah minangka kangge nyucikaken jiwa lan manahipun.


“Beja kemayangan temenan wong kang suci atine (kanthi iman), lan dhewekne eling asmane Pangeran, banjur dhewekne shalat”. (QS. Al A’la: 14-15).

زَكَاةَ اَلْفِطْرِ; طُهْرَةً لِلصَّائِمِ مِنَ اَللَّغْوِ, وَالرَّفَثِ

“ Zakat fitrah kanggo reresik marang wong kang puasa seka ucapan kang ora guna lan kotor”. (HR. Abu Dawud dan Turmudzi).

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar Walillahil hamdu.
Kaum muslimin jemaah shalat Id Rahimakumullah
Tujuanipun gesang manungsa inggih punika pikantuk kebegjan lan kamulyan ing dunya lan akhirat, kanthi panuwun “Robbanaa ‘atina fidduna hasanah wafil akhirati hasanah waqina adzabannar”. Beja lan mulyanipun manungsa wonten ing alam dunya wonten watesipun, nanging beja lan mulyanipun manungsa ing akhirat, arupi dipun lebetaken wonten ing Suwarganipun Allah, punika dados pagesangan ingkang langgeng.

Sedaya tiyang badhe dipun lebetaken wonten Neraka, dangu lan sekedhapipun gumantung kalian dosa-dosa ingkang dipun tindakaken. Neraka punika satunggaling panggenan ingkang sarwo ala lan anggegirisi. Khusus kagem kaum kafir lan musyrik badhe langgeng wonten ing Neraka.
Kanthi punika sasampunipun tingkas nindakaken shiyam Ramadhan lan sedaya amalan sunnahipun, tumunten kita mlebet ing wulan Syawal, menawi nyawanipun tiyang-tiyang ingkang iman lan taqwa punika dipun pundhut dening Allah insya-Allah badhe kacathet dados seda ingkang khusnul khatimah lan jaminan mlebet wonten ing Suwarga, baburroyyan sampun nenggo dhateng para ahli shiyam, babussalat sampun nenggo dhateng tiyang-tiyang ingkang tansah taat nindaken shalat, babusshadaqah sampun nenggo dhateng tiyang ingkang dhemen nindakaken shadaqah, babuljihad nenggo dhateng tiyang-tiyang ingkang jihad. Nanging menawi dipun gatosaken namung sekedhik ingkang siap nilar dunya lan langkung kathah ingkang nyuwun dipun tunda patinipun, lan nyuwun dipun panjangaken yuswanipun.

Panjang yuswa ugi saget dados gesang ingkang sae menawi kathah amal ibadahipun, Rasululah SAW ngendika:

خَيْرُ النَّاسِ مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ، وَشَرُّ النَّاسِ مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَسَاءَ عَمَلُه

“ Sabagus-baguse pawongan yaiku kang umure dawa lan apik amale, lan sak ala-alane wong yaiku kang dawa umure lan ala amale”. (HR. Ahmad, Tirmizi dan Hakim )

Kanthi punika sadangunipun gesang, kita kedah tansah ningkataken ibadah lan sedaya amaliyahipun. Ibadah wajib dipun tindakaken, ibadah sunnah dipun giyataken, sedaya awisanipun Allah dipun tilaraken, sedaya dhawuhipun Allah lan utusanipun dipun tindakaken kanthi istiqomah, ingkang tegesipun kukuh keyakinane ing dalem tauhid lan ajeg ngamal shalihipun.

Gesang ing alam dunya punika dados pilihan inggih punika milih ashabul yamin utawi ash-habussimal, margi punika kedah dipun lampahi. Selagi kita gesang wonten ing alam dunya tentu kathah godha lan coba. Punapa malih menawi kita pirsani pawarta wonten ing media social, media cetak lan media elektronik. Kita kedah saget milih lan milah pawartos, ampun ngantos kita demen nampi pawartos nanging boten gatosaken saking pundi lan sinten ingkang ngendika. Allah SWT sampun dhawuh:


“ He wong-wong kang padha iman, kalamun ana wong fasiq tumeka marang sira kabeh kanthi nggawa sawijine kabar mula telitinen dhisik, supaya sira kabeh ora nibakake suwijine musibah marang siji kaum tanpa ngerti kahanane kang dadekake sebab sira kabeh nelangsa saking kang sira lakoni iku”. (QS. Al Hujurat: 6)

Pupana malih menawi kita boten saget nebehi sifat lan pokalipun tiyang munafiq, yektos amal ibadah kita badhe ical malah badhe nuwuhaken musibah lan bencana. Sifat lan cirinipun tiyang-tiyang munafiq dipun gambaraken dening Rasulullah.

أَرْبَعٌ مَنْ كُنَّ فِيْهِ ، كَانَ مُنَافِقاً خَالِصاً ، وَمَنْ كَانَتْ فِيْهِ خَصْلَةٌ مِنْهُنَّ ، كَانَتْ فِيهِ خَصْلةٌ مِنْ نِفَاقٍ حَتَّى يَدَعَهَا : إذَا اؤْتُمِنَ خَانَ، وَإذَا حَدَّثَ كَذَبَ ، وإذَا عَاهَدَ غَدَرَ، وإذا خَاصَمَ فجَرَ

“Patang perkara, sapa wonge kang kepanggonan patang perkara, mangka kalebu munafik murni, lan sapa wonge kepanggonan salah siji seka patang perkara, mila dheweke wus duweni salah siji sifat munafik, sahingga dheweke ninggalake sifat iku, yaiku nalika dipercaya lacut, nalika ngucap goroh, nalika janji suwala, nalika debat kebangeten (elek kelakuane (HR. Buchari Muslim).

Sekawan pokalipun tiyang munafiq yektos dadosaken musibah lan bencana nalika tasih gesang ing alam dunya, leres kagem pribadinipun lan tiyang sanes. Punapa malih benjang ing dinten akhir badhe dipun lebetaken ing dasaring Neraka.


“ Satemene wong-wong munafiq kuwi (dipanggonake) ana ing undhakan kang paling ngisor dhewe seka Neraka, lan sira ora bakal bisa nemokake sijining wong kang bisa nulung dheweke, kejaba wong-wong kang tobat lan nglakoni kabecikan lan cecekelan kanthi kuat marang (agama) Allah lan tulus ikhlas (nglakoni) agamane kerana Allah”. (QS. Annisa’: 145-146)

Kaum muslimin jemaah shalat Id Rahimakumullah
Kanthi punika tiyang Islam ingkang dipun pundhut dinten punika insya-Allah caket kalian Suwarga, nanging menawi yuswanipun dipun panjangaken, supados caket kalian Suwarga kedah nindakaken ibadah lan amaliyah Islam kanthi istiqomah.

جَعَلْنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَاَدْ خِلْنَا وَاِيَّاكُمْ مِنْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصّٰلِحِيْنَ . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


Senin, 04 Juli 2016

Dasaring Shilaturahim -Khutbah Jum'at Basa Jawa



Sedaya tiyang boten saget gesang piyambakan kemawon, sedaya tiyang betahaken tiyang sanes. Nanging sadangunipun gesang ing alam dunya punika, tentu kemawon antawis tiyang setunggal kalian tiyang sanes mesthi wonten perkawis, sahingga pasederekan dodos boten sae, waunipun sami tulung tinulung tumunten dados mengsah. Waunipun purun gumujeng dados besengut, waunipun purun gegojekan dados mendel-mendelan. Pramila ing wulan Syawal punika sedaya perkawis dipun udhari, sesami tiyang sami paring pangapunten . prasasat boten wonten ingkang rumaos leres, sedaya sami ngrumaosi lepat.

أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ: فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوِصْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ .

Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah
Sasampunipun kita tingkas nindakaken shiyam Ramadhan, sapunika kita mlebet ing wulan Syawal, wulan peningkatan amal ibadah dhateng Allah SWT, selami setunggal wulan kita ngginakaken wekdal kagem ngibadah. Prasasat boten wonten wekdal ingkang dipun sia-siakaken amargi sampun mangertosi kautaman ing salebetipun wulan Ramadhan. Kejawi sedaya amal ibadah dipun tikelaken, ing wulan punika wonten Lailatul Qadar, inggih punika setunggaling wengi ingkang langkung utami tinimbang nindakaken ibadah salami 1000 wulan. Kanthi punika melai ing wulan Syawal, mangga kita jumbuhaken sedaya ibadah punika kanthi ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT.

Tasih wonten swasana Idul Fitri, kawula aturaken “ja’alanallahu minal ‘aidin wal faizin, taqabbalallahu, minna waminkum taqabbal ya karim”. Sampun dados kodratipun Allah bilih manungsa punika dipun titahaken dados makhluk ingkang paling sempurna, ananging manungsa dipun paring sifat khata’ lan nisyan, lepat lan supe . Langkung utami menawi nyuwun lan paring pangapunten punika prayoginipun dipun tindakaken sawekdal-wekdal, kalepatan dhateng Allah kita aturaken kanthi maos istighfar “Astaghfirullaahal ‘adzim”, menawi nindakaken perkawis ingkang nyebabken dosa ageng kita enggal-enggal mertobat dhateng Allah.

Semanten ugi menawi kita rumaos damel lepat dhateng sesaminipun supados enggal-enggal nyuwun pangapunten dhateng sesaminipun. Amargi kelepatan punika saget dadosaken pasederekan ing antawis kita dados boten sae, gesangipun kathah dipun ginakaken kagem nindakaken perkawis-perkawis ingkang boten penting, kados nindaaken adu domba, mitnah, ngapusi, nyana ala dhateng tiyang sanes, semanten ugi fikiranipun dipun gunakaken kagem mikiraken perkawis ingkang boten penting. Menawi kawontenan mekaten dipun terasaken saget nuwuhaken penyakit lahir, kados mag, darah tinggi, diabetes lan penyakit-penyakit sanesipun.

Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah
Wonten sekawan perkawis ingkang dados dasar nindakaken shilaturahim, inggih punika:
Sepindhah: Sedherek margi keturunan utawi ukhuwah dzurriyah inggih punika amargi saking nikah. Sak derengipun nikah antawis fulan kalian fulanah inggih tiyang sanes, ananging sasampunipun dipun nikahaken mila dados sedherek, malah ing antawis bapa, ibu, kadang nem lan sepuh ingkang waunipun tiyang sanes dados sedherek. Selaras kalian pangandikanipun Allah wonten Alquran Surat Annisa’ ayat 1:


“ He kabeh para manungsa, padha taqwaha sira kabeh marang Panjenenganira kang wus nitahake sira kabeh saka wong ijen, lan saka wong ijen iku Allah nitahake bojone lan saka dene loro-lorone Allah nitahake pirang-pirang lanang lan wadon kang akeh. Lan padha taqwaha sira kabeh marang Allah, kang kanthi (nganggo) asmane sira kabeh padha jaluk jinaluk ing antarane siji lan sijine, lan padha (reksanen) seambungan shilaturahim. Satemene Allah tansah ngjaga lan ngawasi sira kebeh.

Kaping Kalih: Sedherek marga saking agama utawi ukhuwah Islamiyah, sesami tiyang Islam punika sedherek, margi sampun dipun ngendikakaken dening Rasullulah SAW bilih antawis setunggal muslim kalian muslim sanesipun punika sedherek:

اَلْمُسْلِمُ أَخُو الْمُسْلِمِ

“ Wong Islam siji karo sijine iku dadi sedulur”.

Ing hadits sanesipun Rasulullah ngendika bilih raos welas asihipun tiyang Islam dipun ibarataken setunggal badan:

مثَلُ الْمُؤْمِنِيْنَ فِيْ تَوَادِّهِمْ وتَرَاحُمِهِمْ وتَعاطُفِهِمْ، مَثَلُ الْجَسَدِ إِذَا اشْتَكَى مِنْهُ عُضْوٌ تَداعَى لهُ سَائِرُ الْجَسَدِ بِالسَّهْرِ وَالْحُمَّى " متفقٌ عليه

“Pralambang, wong Islam ing sak jroning padha sesenengan lan melas asihi, lan padha trenyuh-trenyuhan iku kaya awak siji. Lamun salah sijine bagian saka awak lara, mangka sakabehane awak ngrasakake lara, melek, ora bisa turu lan krasa panas”.
(HR. Buchari Muslim).

Wonten hadits sanesipun Allah ngumpamakaken kados setunggaling bangunan:

اَلْمُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِ كَالْبُنْيَانِ يَشدُّ بَعْضُهُ بَعْضاً متفق عليه

“ Wong mukmin sji kelawan liyane kaya dene bangunan, kang padha nguwatake”.(HR. Buchari Muslim)

Makaten pentingipun pasederekean ingkang dipun landasi kalian agami sehingga dereng dipun wastani tiyang iman menawi dereng trisna dhateng sederekipun:

لَا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لِأَخِيْهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ " متفقٌ عليه

“ Ora sempurna iman salah sijine wong ing antarane sira kabeh, sahingga trisna karo sedulure kaya kaya anggone trisna marang awake dhewe” (HR. Buchari Muslim)

Kaping tiga: Sedherek margi sami-sami manungsa utawi ukhuwah insaniyah utawai bashariyah. Allah SWT ngendika:


“ He manungsa, satuhune Ingsun (Allah) dadekake sira kabeh saka pawongan lanang lan wadon lan wus dadekake Ingsun ing sira kabeh pira-pira bangsa lan pira-pira suku supaya sira kabeh siji lan sjine bisa kenal. Satemene wong kang paling mulya ing dalem antarane sira kabeh iku wong kang paling taqwa. Satemene Allah iku Maha Pirsa lan Maha Niteni”. (QS. Al Hujurat: 13)

Pasedherekan punika dipun raketaken kalian raos welas asih, sahingga nalika mirsani tiyang sanes ingkang nandang cilaka badhe ndherek ngraosaken sakitipun sahingga sami paring pambiyantu. Kados menawi setungal wilayah kenging musibah lan bencana, griyanipun ical, kendaraanipun ical, kekuarganipun sami seda lan piyambakipun nandang sakit. Mila ing salebetipun manah nggadhahi raos trenyuh sahingga paring pambiyantu, sinaosa benten agami, kabilah lan bangsa.

Kaping sekawan: Sedherek margi sami setunggal daerah, utawi ukhuwah Wathaniyah. Sahingga nalika kita gesang wonten ing satengahing kampung, desa utawi kitha, tiyang-tiyang ing wilayah punika dados sedherek. Tiyang-tiyang punika sinaosa tiyang sanes ananging amargi asring pinanggih, sahingga prasasat kados sedherek mawon. Malah raosipun langkung caket, dipun bandhing kalian dzhurriyah ingkang boten nate pinanggih.

Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah
Sekawan perkawis ingkang dados mahnet utawi lem kangge sarana ngraketaken ing antawis sesami tiyang gesang. Kanthi punika kita melai ing wuan Syawal, ingkang prasasat boten wonten tiyang ingkang rumaos leres, sedaya ngraosaken kathah lepatipun. Sahingga kalepatan kalian Gusti Allah, melai rina malem riyaya dumugi akhir nindakaken shalat Id kita sampun ngalembana dhateng Agengipun Allah, nyucikaken Allah dan memuji dhateng asama dalem Allah SWT. Semanten ugi kalepatan dhateng sesaminipun dipun tindakaken kanthi muhasafah lan sami shilaturahim, sami sowan pisowanan sahingga ketingal welas-asihipun dhateng sesaminipun.

Mugi-mugi raos pasederekan punika saget dipun lestantunipun, amin ya Robbal ‘alamin.

جَعَلْنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَاَدْ خِلْنَا وَاِيَّاكُمْ مِنْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصّٰلِحِيْنَ . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْن



Senin, 27 Juni 2016

Shilaturahim Wektu Bungah Lan Susah-Khutbah Idul Fitri Basa Jawa Tahun 2016




السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَللهُ أَكْبَرُ ×٩ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا . لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَاَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَ حْزَابَ وَحْدَهُ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ: فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوِصْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ .
Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Ing dinten fitrah lan dinten kamengan punika, kita sedaya sami jumbuhaken raos bingah, suka renaming penggalih, amargi sampun tingkas anggenipun nindakaken shiyam Ramadhan. Mugi-mugi ibadah puasa punika dipun tampi dening Allah lan sedaya ibadah ing sak lebetipun shiyam Ramadhan kaleres ibadah fardhu utawi ibadah sunnah saget nambah bobotipun amal ibadah lan lan pikantuk ridhanipun Allah SWT.
Kanthi punika kagem melai mlebet ing wulan Syawal mangga kita tansah ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun, langkung sae malih kita saget nerasaken ibadah ing sak lebetipun wulan Ramadhan.

Nalika mlebet ing wulan Syawal mila sami ketingal raos bingah, kejawi sampun tingkas anggenipun nindakaken shiyam ugi amargi sesami tiyang sami ngaturaken kalepatan lan ugi sami ngrumaosi lepat sahingga sami nyuwun pangapunten kalian sesaminipun. Kawontenan punika dipun ikraraken kanthi pangendikan “ja’alanallahu minal ‘aidin wal faizin, taqabbalallahu, minna waminkum taqabbal ya karim”.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar Walillahil hamdu. Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Shilaturahim ing wulan Syawal punika ngengetaken bilih sedaya manungsa punika asalapin inggih namung setunggal inggih nabi Adam, saterasipun Allah paring garwa inggih punika Siti Hawa, kados pangendikanipun Allah:


“ He manungsa, satuhune Ingsun (Allah) dadekake sira kabeh saka pawongan lanang lan wadon lan wus dadekake Ingsun ing sira kabeh pira-pira bangsa lan pira-pira suku supaya sira kabeh siji lan sjine bisa kenal. Satemene wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh iku wong kang paling taqwa. Satemene Allah iku Maha Pirsa lan Maha Niteni”. (QS. Al Hujurat: 13)

Midherek ayat punika nedhaken bilih, saking piyantun kalih sak punika sampun dados piyantun kathah, sahingga ing antawis kita asring boten sami pirsa pundi ingkang sedherek kalian tiyang sanes. Pramila ing wulan Syawal punika kita sami pinanggihan kalian para sedherek wonten swasana suka cita gembiraning manah, sami pasrah, ngaturaken kalepatan lan leganipun penggalih nyuwun pangapunten. Raos gumedhe, tamak lebur ing pengestuti dados sifat welas asih lan lembah manah.
Pramila pasedherekan ingkang sampun kita raketaken kanthi dasar keluarga, agama lan masyarakat tansah dipun jagi kanthi sak sae-saenipun. Amargi kanthi ngraketaken pasedherekan saget manjangaken yuswa, piyantun sehat lan rizkinipun badhe dipun tambah dening Allah.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar Walillahil hamdu. Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Nalika nembe ngraosaken bingah, ampun ngantos raos bingah punika dadosaken tiyang ingkang supe, jalaran sak punika kathah musibah lan bencana. Nalika ing wulan Juni 2016 ing Purworejo, Kebumen lan Banjarnegara wonten musibah banjir lan siti gugruk. Kathah bandha ingkang ical lan ugi korban jiwa.

Kanthi punika wontenipun musibah lan bencana kita dadosaken i’tibar, sampun dados Sunnahtullah bilih musibah lan bencana saget nuwuhaken raos susah lan gerahing penggalih. Lan kanugrahan saget nuwuhaken raos bingah lan suka renaning penggalih. Sahingga nalika nembe nampi kanugrahan kedah tansah syukur dhateng Allah. Lan nalika nampi musibah kedah sabar. Rasulullah SAW nate ngendika, menawi Gusti Allah badhe ngersakaken kesahenan dhateng kawulanipun, Allah badhe nyukani musibah:
مَنْ يُرِدِ اللهُ بِهِ خَيْراً يُصِبْ مِنْهُ (رواه البخاري)
"Sapa wonge kang dikersakaken bakal oleh kebagusan, mila Allah bakal maringi musibah marang dheweke”. (HR. Bukhari)

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar Walillahil hamdu. Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Wonten pundi papan lan panggenan kita tansah dipun adhepaken kalian musibah lan bencana. Tiyang ingkang gesang wonten ing wilayah perbukitan, gunung, tebing, badhe ngadhepi musibah banjir lan siti gugruk. Tiyang ingkang gesang wonten ing sakitaring milining lepen badhe ngadhepi bencana rupi banjir. Tiyang ingkang gesang ing sakitaring gunung badhe ngadhepi siti gugrug lan gunung bledos. Tiyang ingkang gesang wonten ing wilayah pantai badhe ngadepi musibah toya pasang, rob lan tsunami. Tiyang ingkang nembe tindakan ngagem kendaraan badhe ngadepi musibah kecelakaan lalu lintas, tiyang ingkang tindakan mawi pesawat ngadhepi musibah pesawatipun dhawah. Tiyang ingkang tindakan mawi prau lan kapal laut badhe ngadhepi musibah kapal kerem lan sak terasipun.

Semanten ugi ingkang perlu kita waspadhai, bilih nalika mlebet ing tanggal setunggal Syawal, kita sampun dipun parengaken dhahar lan ngunjuk ing wekdal siang. Nalika shiyam padharan kosong, ing wulan Syawal dados kebak kalian dhaharan lan unjukan. Sahingga saget nuwuhaken musibah arupi sakit padarasnipun, sirahipun mumet, badanipun pegel-pegel lan saterasipun. Mekaten punika mugi-mugi ing tahun punika kita saget mendhet hikmahipun. Bilih ing padaran kita sampun wonten ukuranipun. Sapertiga kagem unjukan sapertiga kagem dhaharan lan sapertiga kegem anginipun. Sahingga menawi padharan dipun isi kalian unjukan lan dhaharan mila badhe nuwuhaken musibah ingkang boten dipun kersakaken.

Pramila sak sampunipun mlebet ing wulan Syawal mangga kita lestantunaken ibadah ing wulan Ramadhan. Ing pundi papan lan panggenan kita tansah eling kalian Allah, pakulinan tadarus Alaquran, kajian Islam, pengaosan, kuliah subuh, shalat jamaah wonten masjid utawi langgar lan musholla, nindakaken shalat sunnah, nggiyataken shadaqah lan saterasipun. Sahingga menawi sawekdal-wekdal musibah lan bencana punika dumugi, kita sampun siap, bilih musibah lan bencana punika saking ngarsa dalem Allah. Malah menawi musibah lan bencana punika mendhet nyawanipun, kita badhe kalebetaken dados golongan ipun tiyang-tiyang ingkang khusnul khatimah.

Kita kedah waspada ugi bilih musibah lan bencana punika dipun sebabaken saking tindak lampah lan pokalipun para manungsa. Kayon-kayon dipun tebang, bucal sampah wonten lepen, numpuk sampah ing sakitaripun griyo ingkang saget dados umahe lemut lan tikus, bak toya boten nate dipun kuras lan saterasipun. Kanthi punika ing wulan Syawal dipun melai saking dinten fitrah. Dinten ing sak lebetipun Gusti Allah sampun paring pangapunten dhateng sedaya lepat lan dosa kawulanipun. Kanthi punika dipun melai saking manah ingkang suci kita biasakaken gesang ingkang bersih, jasmani lan rohaninipun.
Langkung sae malih menawi sasampunipun tanggal setunggal Syawal dipun terasaken kalian puasa sunnah bulan Syawal. Mekaten punika margi hikmahipun ingkang sanget angengipun, Rasulullah SAW ngendika:

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ ثُمَّ اَتْبَعَهُ سِتًّا مِنْ شَوَّالٍ كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ
“ Sapa wonge nindakake puasa Ramadhan nuli dikanteni nem dina ing wulan Syawal mangka (ganjarane) kaya puasa setahun”. (HR. Muslim)
Akhiripun mugi-mugi shilaturahim ingkang kita bangun saget nuwuhaken gasang bebrayan ingkang, tata titi tentrem kerta raharja lan pikantuk rahmat saking ngarsa dalem Allah SWT, amin.

جَعَلْنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَاَدْ خِلْنَا وَاِيَّاكُمْ مِنْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصّٰلِحِيْنَ . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ