Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

7/03/2014

Puasa Lahir Batin -Khutbah Bahasa Jawa



Puasa punika wonten kalih inggih punika puasa lahir lan batin, puasa lahir punika saget dipun tingali kanthi boten nindakaken perkawis ingkang batalaken puasa, kados dhahar, ngunjuk lan kempal badan antawis para garwa ing wekdal siang. lan puasa batin inggih punika ngereh lan ngeker hawa nafsu, margi hawa nafsu punika dhahar lan unjukanipun perkawis ingkang dipun awisi dening Allah. Perkawis-perkawis punika secara lahir boten batalaken puasa, nanging menawi dipun tindakaken puasanipun badhe muspra, boten wonten ginanipun.


اَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرًا مبَارَكًا كُتِبَ فِيْهِ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الْاُ مَمِ الْمَاضِيَةِ وَأُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتِ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ.أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُوَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الدَّيَّانُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُ مُعَلِّمٍ وَاِمَامٍ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ عَلَى مَنْهَجِهِمِ السَّلِيْمِ أَمَّابَعْدُفَيَآعِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Satuhunipun gesang manungsa ing alam dunya punika sampun dipun paringi pitedah dening Allah, punapa kemawon ingkang kedah dipun tindakaken lan punapa ingkang kedah dipun tilar. Kalebet kita nindakaken ibadah ingkang mengku kautaman utawi fadhilah langkung sae tinimbang ibadah sanesipun lan ibadah ingkang dipun tindakaken ing wekdal tertemtu. Ing wulan Ramadhan punika kaum muslim dipun paringi kautaman dening Allah, sedaya amal ibadah dipun tikelaken dening Allah. Kados pangendikanipun Rasulullah SAW:

كُلُّ عَمَلِ ابْنِ آدَمَ يُضَاعَفُ الْحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا إِلَى سَبْعِمِائَةِضِعْف (رواه مسلم

“Saben-saben amale Bani Adam (kang bagus) ditikelake ing antarane 10 nganti 700 derajat”. (HR. Muslim)

Ing hadits punika sampun terwaca bilih ibadah ing wulan Ramadhan dipun tikelaken ganjaranipun antawis sedasa ngantos satus derajat. Malah ing hadits sanesipun dipun sebataken:

إِذَا جَاءَ رَمَضَانُ ، فُتِحَتْ أَبْوَابُ الْجنَّةِ ، وغُلِقَتْ أَبْوَابُ النَّارِ ، وصُفِدَتِ الشَّيَاطِيْنُ " متفقٌ عليه.

“Nalikane wulan Ramadhan wus teka, mangka dibukak lawang-lawange suwarga, ditutup lawang-lawange neraka lan syetan-syetan dikrangkeng”. (HR. Buchari Muslim)

Hadits punika nedakahen kautaman ing wulan Ramadhan, sinten kemawon ingkang saget nindakaken perkawis punika yektos badhe dipun paringi rahmat, maghfirah lan dipun tebihaken saking geninipun neraka.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Manawi ing wulan Ramadhan punika Allah sampun nedahaken, bilih lawangipun suwarga dipun bikak, lawangipun neraka dipun tutup lan para syetan dipun krangkeng. Ingkang perlu kita gatosaken nalika lawangipun suwarga dipun bikak kita purun mlebet napa boten, lawangipun neraka dipun tutup kita kesah napa boten.Menawi ing wulan Ramadhan punika kita tansah semangat anggenipun nidakaken shiyam, ing saben dintenipun tansah nyempurnakaken ibadah shiyam dipun kantheni kalian amalan-amalan sae. Sregep anggenipun nindakaken qiyamul lail, ngathah-ngathakaken maos Alqur’an, terjemah lan tafsiripun, maos kitab-kitab hadits lan kitab-kitab saking para ulama’, ing wulan Ramadhan ngathah-ngathahaken infaq lan shadaqah. Yektos tiyang punika sampun saget ngrangkeng syetan lan kanthi ridhanipun Allah badhe dipun lebetaken ing Suwarga lan lawangipun neraka ingkang sampun dipun tutup boten badhe dipun bikak.

Kosok wangsulipun menawi ing wulan Ramadhan boten purun nindakaken puasa, menawi puasa boten saget nahan hawa nafsu, ing saben dintenipun namung mangkel, dresula, ngrasani lan sanes-sanesipun, ateges tiyang punika boten saget ngrangkeng dhateng syetan, malah lawangipun Suwarga ingkang sampun dipun bikak malah dipun tutup, lan lawangipun neraka ingkang dipun tutup malah badhe dipun bikak lan dipun lebeti.

Kanthi mekaten ing wulan Ramadhan satemah kathah godhanipun ingkang dipun sebabaken saking godanipun syetan. Allah SWT nate ngendika:


“He wong-wong kang padha iman, aja nganti sira padha melu marang langkah-langkahe syetan. Sapa wonge melu langkah-langkahe syaten, mula satemene syetan iku printah nglakoni penggawean kang banget alane lan kang mungkar.(QS. Annur: 21)

Syetan punika gadhai sifat ingkang tansah ingkar dhateng dhawuhipun Allah, pramila ngantos akhir zaman syetan punika badhe goda dhateng bani Adam supados dados pengikutipun. Mekaten punika amargi melai zaman azali, Iblis punika golonganipun makhluk ingkang ingkar lan dipun bendoni dening Allah, ing akherat badhedipun lebetaken ing neraka. Sahingga ing dunya badhe pados rencang sak kathah-katahipun.Pramila boten mokal malih nalika tiyang Islam sampun gadahi niat badhe nindakaken pedamelan sae badhe dipun plencengaken niyatipun amargi lingsem kalian rencang utawi sedherekipun, utawi niat amal ananging namung kangge pikantuk pangalembana.Semanten ugi nalika sawek nindakaken amal sae boten dipun jangkepaken, amargi emut kalian perkawis-perkawis sanes ingkang boten perlu.

Kanthi punika sasampunipun kita gadhahi niat badhe nindakaken kesahenan kedah dipun kiyataken lan dipun tindakaken, tiyang punika badhe kacathet dados tiyang mukhlis ingkang boten tumama kalian pangridunipun syetan, Allah SWT ngendika:



“Iblis jawab: Dhemi kakuwasan Panjenengan, kula badhe nyasarake piyambakipun sedaya, kejawi kawula-kawula Panjenengan kang mukhlis ing antawisipun piyambakipun. Allah ngendika “mula kang bener (iku sumpah Ingsun) lan amung kabeneran iku kang Ingsun dhawuhake”.Satemene Ingsung mesthi bakal ngebaki neraka Jahannam kelawan jesinira lan wong-wong kang padha manut marang sira ing antane dheweke kabeh kanthi sekabehane”. (QS. Shad: 82-85)

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ.أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


3/25/2014

Demokrasi Midherek Syari'at Islam


Pesta demokrasi negari Republik Indonesia badhe kalampahan benjang ing tanggal 9 April 2014, rakyat dipun paringi kebebasan nemtukaken sinten ingkang pas lan patut dados wakil ing DPRD, DPR Provinsi DPD lan DPR RI. Panci sampun kathah calon ingkang sami daftar lan nindakaken kampanye, sedaya wau kangge mundhut atinipun rakyat. Kanthi mekaten supados rakyat boten getun ing tembe wingkingipun milih pimpinan kedah mawi piugeran kados ingkang dipun aturaken dening nabi Muhammad SAW.
أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى خَلَقَ الْاِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ, أرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى سَاِئِر الْاَدْيَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَمَنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Para sedherek kaum muslimin Rahimakumullaah!
Saking mimbar Jum’at punika, kawula ngajak awak kula ugi kaum muslimin kangge ningkataken taqwa kita dhumateng Allah Rabb al-‘alamiin, supados kita tansah wilujeng awit saking donya dumugi akhirat samangke. Kawuningana bilih Alquran minangka wewaton umat Islam sampun maringi wewaler kanthi padhang lan gamblang, bilih sedaya umat Islam kedah ngrengkuh Islam kanthi jangkep, ganep lan wetah. Tegesipun kita kedah nindakaken sedaya dhawuh lan nebihi sedaya cegah, tanpa wonten ingkang dipun sepelekaken. Allah SWT ngendika:
Hai sekabehe wong kang padha iman, padha mlebuwa Islam kanthi komplit, sekabehane, lan aja padha manut langkah-langkahe syetan, sebab saktemene syetan iku mungsuhira kabeh kang nyata. (QS. Al Baqarah: 208)

Ayat wau negasaken bilih umat Islam ampun ngantos ngrungkebi Islam namung sebagian-sebagian, ateges boten komplit. Maksudipun menawi anggen kita sami Islam kepingin wetah, komplit, boten goeng, boten gripis, iman kita kedah iman kanthi agami Islam, sesrawung kita ugi sesrawung ingkang mawi tatanan Islam, ekonomi kita ugi ekonomi ingkang dipun atur kanthi Islam, politik kita ugi kedah politik ingkang selaras kaliyan ajaran Islam. Allah SWT ngendika:


“ Lan (elinga) nalika Ibrahim diuji dening Pangerane kelawan pirang-pirang kalimah (perintah lan waleran), nuli Ibrahim nindakake kalimat-kalimat mau kanthi sempurna. Allah dhawuh: “ Satuhene Ingsun bakal dadekake sira dadi imam tumraping kabeh manungsa”. Ibrahim matur:”(lan kula ugi nyuwun) sadhengah saking anak turun kawula”. Allah dhawuh: “Janji Ingsun (iki) ora bisa ngenani wong-wong kang padha dhalim”. (QS. Al Baqarah: 124)

Kitab Mu’jamul Ausath jilid 12 sohifah 27-28 negasaken bilih imam, pemimpin, punika mimpin ummat. Wondene ummat inggih punika segolongan ingkang sami. Mila senaosa kita boten kenging memengsahan kaliyan sak sintena kemawon, malah kita kedah nyedherek kaliyan sinten kemawon, ananging perkawis kepemimpinan wonten aturan lan wewaler piyambak. Ewadenten wewaler kalawau, antawisipun bilih pemilihan umum, kita dipun atur supados milih pemimpin ingkang shidiq (jujur), amanah (saged dipun pitados), tabligh (transparan utawi saged padhang-padhangan), lan fathonah (prigel) kangge ngladhosi rakyat. Imam Az-Zamakhsyari nalika nafsiraken ayat punika negasaken bilih tiyang ingkang zhalim, sami ugi keranten imanipun kirang, curang, tukang goroh, cidra ing janji, boten pikantuk dipun pilih dados pemimpin, amargi pemimpin punika tugasipun brastha tumindak zhalim. Kados pundi badhe mujudaken keamanan, keimanan, lan kesejahteraan lan brastha kezhaliman menawi pemimpinipun tiyang zhalim. Ulama’ agung Prof. Dr. Wahbah Zuhaili wonten ing kitabipun Al-Fiqh negasaken bilih tiyang zhalim boten pikantuk dipun pilih dados pemimpin awit badhe ngrisak peradaban. Mila margi kita punika tiyang Islam, tiyang ingkang taat dhumateng aturanipun Allah SWT, mangga kita sami milih selaras kaliyan manah suci kita, niat suci kita, selami tiyang ingkang dipun pilih wau tiyang ingkang shidiq, amanah, tabligh lan fathonah.

Kaum muslimin rahimakumullah!
Perlu kawuningan bilih Undang-Undang Pemilu sampun negasaken larangan ngingingi politik uang utawi money politics. Nanging amargi Undang-undang Pemilu nomer 8 tahun 2012 taksih kathah kekiranganipun ngingingi politik uang utawi money politic, mila ormas-ormas Islam sami kagungan inisiatif kangge nanggulangi politik uang kalawau. Antawisipun, wonten ing pokok pikiran Tanwir Muhammadiyah 2012, dipun tegasaken pitung syarat kepemimpinan. Sepindah, pemimpin kedah tiyang ingkang visioner, ingkang selaras kalian cita-cita bangsa. Kaping kalih pemimpin kedah nasionalis lan humanis tegesipun berjiwa kemanusiaan. Kaping tiga, pemimpin kedah saged bangun paseduluran bangsa ingkang majemuk. Kaping sekawan, pemimpin kedah wantun mundhut resiko saking kebijakanipun. Kaping gangsal, pemimpin kedah saged mundhut keputusan ingkang cepat, tepat lan tegas. Kapng nenem, pemimpin kedah saged ngentasaken masalah-masalah, lan kaping pitu, pemimpin kedah kagungan komitmen moral utawi akhlaq al-karimah supados boten korupsi mangkenipun.
Kangge nggayuh bangsa lan negara ingkang adil makmur, baldatun thayyibatun wa Rabbun ghafuur, para alim Ulama Nahdhatul Ulama ugi ngawontenaken Konferensi Besar wonten ing pondok pesantren Kempek Cirebon tahun 2012. Sami mutusaken wonten ing bahtsul Masailipin negasaken bilih sedaya peparing saking calon legislatif, pilkada, pilpres lan sanesipun sami ugi arupi zakat, shadaqah, hadiyah, ganti uang mobil, ganti uang rokok, ganti uang kerja ingkang dipun syarataken milih calon, sedaya dipun haramaken supados tiyang Islam saged milih calon ingkang bersih, jujur lan kagungan akhlaq mulia.
Kita yakin ormas-ormas Islam sanesipun kados Rifa’iyah, Sarekat Islam, lan sanes-sanesipun ugi sami wewaleripun. Ingkang mekaten selaras kaliyan hadits sahih riwayat Imam Bukhari lan Muslim, ingkang ringkesipun mekaten:
ثَلَاثٌ لَا يَنْظُرُ اللهُ اِلَيْهِمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَلَا يُزَكِّيْهِمْ
“ Ono wong telung golongan kang ora bakal nompo welas asihe utawi perhatiane Gusti Allah SWT ono ing dino kiyamat”,
Ing antawisipun:
رَجُلٌ بَايَعَ اِمَامًا لَا يُبَايِعُهُ اِلَى لِلدُّنْيَا
“ Wong kang milih pemimpin kerana milih dhuwite utawa bandhane”.

Mila mangga kita sami niat ingkang ikhlas milih pemimpin boten margi bandha dunya, ananging mligi kerana Allah SWT, utawi lillaahi ta’aalaa. Mangga sami rawuh wonten TPS kanthi niat ingkang ikhlas lan tansah sesedherekan dhumateng sedaya tiyang senaosa benten pilihanipun.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

2/04/2014

Syukur Utawi Kufur Dhateng Kanugrahanipun Allah, Khutbah Bahasa Jawa


Syukur lan kufur punika satemah dados sifatipun ati. Nanging syukur punika dados sifat sae ingkang kedah dipun bangun., menawi kufur dados sifat awon ingkang kedah dipun tilar. Syukur lan kufur punika dados sifat sae lan awon menawi dipun gandengaken kalian peparingipun Allah arupi putra-wayah, bandha lan kahanan sanesipun.

اَلْحَمْدُلِلّٰهِ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالَّذِيْ عَلَّمَ بِالْقَلَمِ عَلَّمَ الْاِنْسَانَ مَالَمْ يَعْلَمْ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ خَالِقُ الْبَرِّوَالْبَحْرِ وَالْعَلَمِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُه السِّرَاجُ الْمُنِيْرُ الْبَشِيْرُ وَالنَّذِيْرُ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ عَلَى سَبِيْلِهِ اِلَى اللهِ يَسِيْرِ. أَمَّابَعْدُفَيَآعِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga kita sami budidaya ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi saha nilar sedaya awisanipun Allah. Antawis dhawuh kalian awisan Allah punika, satemah sampun nyata jelas kasebat ing dalem Alquran lan hadits nabi Muhammad SAW. Sedaya dhawuh menawi dipun tindakaken badhe nuwuhaken raos tentremipun jiwa, semanten ugi sedaya awisanipun Allah menawi dipun tindakaken tentu badhe bekto dhateng sengsaraning gesang, melai saking dunya dumugi ing akherat samangke.

Kathah tiyang iman nanging piyambakipun tansah nampi mapinten-pinten cobi, malah menawi dipun raos selami gesangipun tansah nandang perkawis ingkang boten wonten akhiripun. Kosok wangsulipun tiyang ingkang fasiq, kufur lan syirik dhateng Allah, nanging ing perkawis kadunyan tansah pikantuk kabegjan. Sahingga kawontenan punika kagem saperangan tiyang Islam saget dadosaken kemerenm malah saget ugi dadosaken saperangan tiyang sami fasiq lan murtad. Allah SWT sampun ngendika:



“ Apa toh manungsa iku padha ngira yen dheweke kabeh iku diumbarake (wae) sebab dheweke kabeh wis padha nyatakake kanthi pengucape: “ingsun kabeh wis padha iman”, (banjur) ora dicoba? (QS. Al Ankabut: 2)

Kanthi mekaten perkawis mindakipun kasil, minggahipun pangkat, kedah dipun konduraken dhateng hakekat kanugrahan punika satemah salah satunggal saking peparingipun Allah ingkang kedah dipun syukuri. Bandha punika namung titipan, pangkat lan jabatan punika amanat ingkang badhe dipun suwuni tanggel jawab. Dipun paringi sekedhik tansah syukur lan dipun tambah kanugrahanipun inggih tambah anggenipun syukur dhateng Allah, mekaten kasebat ing dalem Alquran:




“ Lan (elinga uga), arikalane Pangeran ira kabeh mbiwarakake (kang surasane): “Sayekti kalamun sira kabeh padha syukur, mesthi Ingsun bakal paring tambahan (nikmat) marang sira kabeh, lan kalamun sira kabeh padha ngingkari (nikmat Ingsun) mula satemene siksa Ingsun iku banget larane”. (QS. Ibrahim: 7)

Syukur punika raos bingah lan marem wonten ig sak lebeting manah, sahingga kanthi syukur badhe nuwuhaken pakerti sae. Ibaratipun sasampunipun nampi kanugrahan badhe tabah iman lan amalipun, dados tiyang ingkang saget migunani dhateng sedaya umat manungsa. Kosok wangsulipun sifat kufur punika badhe nutup sedaya nikmat lan kanugrahan, amargi sedaya peparing punika dados perkawis ingkang sampun biasa lan boten migunani.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Midherek Rasulullah SAW wonten gangsal perkawis ingkang kedah kita syukuri:
1. Wekdal nem sak derengipun dumugi wekdal sepuh.
Wekdal nem punika wekdal ingkang sarwo ngremenaken, nanging ampun ngantos raos remen punika nilaraken kewajiban. Kanthi mekaten wekdal nem, wekdalipun kagem ngudi ilmu lan agami. Kanthi ilmu saget kangge bekal gesang ing wekdal ingkang badhe dhateng pikantuk kamulyan. Kanthi agami badhe paring pitedah dhateng sedaya perkawis ingkang kedah dipun tindakaken lan kedah dipun tilar. Jalaran agami sampun paring paugeran kangge gesaningipun para manungsa.

2. Wekdal gesang sak derengipun pati.
Gesang punika kesempatan ingkang dipun paringaken Allah kagem sedaya manungsa. Kanthi gesang manungsa tasih saget nindakaken amal ibadah, nambah amal salih lan kesempatan kangge mertobat. Kanthi mekaten kesyukuran kita tingkataken kanthi nambah amal ibadah dhateng Allah SWT. Jalaran gantosipun dinten lan tanggal, wulan lan tahun satemah yuswo kita malah kirang, mekaten punika amargi yuswanipun manusngsa sampun kacathet wonten ing Louhul Mahfudz, sampun dipun tetepaken dening Allah. Ngantos pinten tahun manungsa dipun paringi gesang ing alam dunya, namung allah ingkang pirsa lan kita sedaya namun nindakaken gesang.

3. Wekdal sehat sak derengipun dumugi sakit.
Kanthi sehat manungsa badhe ngraosaken nikmatipun tiyang gesang, dhahar, ngunjuk, sare, lungguh, jumeneng lan sak terasipun. Kawontenan punika dados kenikmatan ingkang asring dipun lirwakaken. Kathah-kathahipun ngraosaken nikmat sehat nalika nembe sakit, kanthi mekaten nalika nembe sakit asring ngghadahi harapan menawi sehat badhe infaq, shadaqah, olah raga, dhahar lan ngunjuk ingkang beraturan lan sak sanes-sanesipun. Ananging nalika sehat sedaya cita-cita punika dipun tutup kanthi kekiatan hawa nafsu.

4. Wekdal longgar sak derengipun dumugi wekdal rupek.
Allah SWT paring wekdal ingkang sami dhateng kawulanipun, sedinten sedalu inggih 24 jam. Wonten tiyang ingkang rumaos kirang kalian wekdal ingkang dipun paringaken punika, wonten ingkang cekap lan wonten ingkang kathah wekdal longgaripun. Kanthi mekaten wujud syukuripun dipun paringi wekdal longgar punika dipun ginakken kangge ngudi kaweruh, moas buku, kitab, utawi pados wejangan saking para penggedhe. Jalaran boten saget ngginakaken wekdal punika badhe beta dhatengaken kapitunan.

5. Wekdal sugih sak durunge temeka wektu kere.
Abu Dzar Radhiallahu ‘anhu nate nyriosaken bilih Rasulullah SAW ngendika:

يَا أَبَا ذَر، أَتَرَى كَثْرَةَ الْمَالِ هُوَ الْغِنَى؟ قُلْتُ : نَعَمْ يَا رَسُوْلَ اللهِ، قَالَ : أَفَتَرَى قِلَّةِ الْمَالِ هُوَ الْفَقْرُ؟ قُلْتُ : نَعَمْ يَا رَسُوْلَ اللهِ. قال : إِنَّمَا الْغِنَى غِنَى الْقَلْبِ وَالْفَقْرُ فَقْرُ الْقَلْبِ
“ Abu Dzar, apata sira ningali akehe bandha iku dadi kesugihan?”. Aku (Abu Dzar) ngucap: “Inggih dhuh Rasul”. Rasulullah ngendika: “Apata sira ningali maring sithike bandha iku dadi mlarate?” Aku (Abu Dzar) ngucap, Leres dhuh rasul”. Rasulullah ngendika “sak temene kesugihan iku sugihe ati, lan kemiskinan iya iku mlarate ati”. (HR. Ibnu Hiban)

Sugih bandha menawi boten dipun kantheni kalian sugih ati, badhe dados bencana. Margi kathahipun bandha punika boten badhe dados cekap nanging tansah kirang.





“Lan ngertenana, yen bandhanira lan anakira kuwi namung minangka pacoban lan satemene ing Ngarsane Allah ana ganjaran kang gedhe”. (QS. Al Anfal: 28)

Supados gesang kita tambah sae lan kraos sakinah kedah dipun usahakaken supados kita dados tiyang ingkang saget syukur dhateng Allah. Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

1/30/2014

Infaq fi Sabilillah, Margi Merkoleh Kabegjan Khutbah Bahasa Jawa


Infaq fi Sabilllah inggih punika infaq ngedalaken banda kangge biyantu perjuangan Agami Islam. Infaq punika salah setunggaling akhlaq ingkang minulya. Kanthi mekaten infaq fi sabilillah badhe bekto dhateng bahagianing gesang ing dunya dumugining akherat samangke.

Dasar nindakaken infaq inggih punika saking Alquran lan hadits nabi Muhammad SAW.

اَلْحَمْدُلِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. فَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى عَنْهُ وَحَذَّرَ. نَحْمَدُهُ عَلَى جَزِيْلِ الْفَضْلِ وَالْاِنْعَامِ وَنَشْكُرُهُ عَلَى مَا اَوْلَاهُ مِنَ التَّوْفِيْقِ وَالْاِلْهَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الدَّيَّانُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُ مُعَلِّمٍ وَاِمَامٍ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ عَلَى مَنْهَجِهِمِ السَّلِيْمِ أَمَّابَعْدُفَيَآعِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Wonten ing kesempatan khutbah punika kawula tansah wasiat khusus dhateng pribadi piyambak lan sumrambah dhumateng para jema’ah, mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Gusti Allah. Salah setunggalipun dhawuhipun Allah inggih punika kita dipun dhawuhi supados ngedalekaen saperangan saking bandha milik kita kangge kabetahan infaq fi sabilillah. Marginipun Allah inggih punika sedaya margi kesahenan ingkang dipun dhawuhaken dening Allah lan Rasulipun. Allah SWT sampun paring dhawuh:






“ He wong-wong kang padha iman, padha mblanjakna sira kabeh (ing dalane Allah) saperangan saka rizki kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh, sadurunge tumekane dina, kang ing dina iku wis ora ana maneh dol tinuku lan ora ana paseduluran kang raket lan (uga) wis ora ana maneh syafa’at. Lan hiya wong-wong kafir iku (wujude) wong-wong kang padha nganiaya”. (QS. Al Baqarah: 254)

Wonten ing ayat punika Allah SWT paring dhawuh dhateng kita supados mblanjakaken saperangan saking bandha ingkang dipun miliki. Ing alam dunya punika kita tasih dipun paringi kesempatan kangge ngedalekan infaq lan tasih kathah tiyang ingkang betahaken pambiyantu. Benten kalian alam akhirat kesempatan kangge infaq sampun boten wonten, kathah tiyang ingkang nyuwun pambiyantu, nanging sampun boten wonten ingkang saget paring pitulungan kejawi saking amalipun piyambak. Sedaya tiyang badhe nampi piwales saking amalipun piyambak, amal sae badhe pikantuk kenikmatan kanthi dipun lebetaken wonten ing suwarga lan amal ingkang awon badhe nampi siksa arupi neraka.

Ing ayat punika Allah SWT ugi ngengetaken dhateng kita sedaya, bilih alam dunya punika boten badhe langgeng, lan ingkang langgeng namung alam akhirat. Rasulullah SAW nate ngendika:

والله ما الدنيا في الآخرة إلا كما يجعل أحدكم أصبعه في اليم ثم يرفعها فلينظر بم يرجع
 (رواه مسلم واحمد وترمذى)

“ Demi Allah, dunya iki (lamun dibandingake) kelawan akhirat ananging (amung) kaya salah sawijine sira nyelupake drijine ing segara nuli diangkat. Mangka gatekna apa kang amung kagawa dening jarine. (HR. Muslim, Ahmad, dan Tirmizi)

Hadits punika maringi pemut bilih ing dunya punika namung sekedhap lan ing dunya sedaya pokal kita namung sekedhik sahingga kita badhe mlebet ing alam ingkang langgeng, inggih punika alam akhirat. Pramila ngengingi perkawis dunya, kita boten dipun parengaken ngumpul-ngumpulaken bandha tanpa dipun dalaken hakipun. Allah SWT paring pemut:







“ Lan wong-wong kang padha nyimpen emas, perak lan ora padha nafkahake marang dalan Allah, mula dhawuhna marang dheweke kabeh (yen dheweke kabeh bakal nampa) siksa kang lara” (QS. Attaubah: 34)

Kanthi ayat punika Allah SWT paring dhawuh dhateng tiyang-tiyang ingkang iman, supados mblanjakaken bandhane kanggo kapentingan pribadi piyambak, keluarga lan kanggo kepentingan masyarakat. Tiyang ingkang boten purun nginfaqaken bandhanipun kagem infaq fisabilillah ateges tiyang punika sampun enget dhateng nikmatipun Allah. Kanthi mekaten tiyang punika kalebet golonganipun tiyang ingkang nganiaya dhateng pribadinipun piyambak lan tiyang sanes.

Khusus dhateng pribadinipun piyambak jalaran benjang ing akherat badhe nampi siksa. Lan nganiaya kelawan tiyang sanes amargi boten purun ngedalaken zakat, infaq, shadaqah lan amalan amalan sanesipun kangge kepentingan umum. Lan sayektos tiyang sanes banget betahipun nanging boten dipun paringi pambiyantu.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Ing tahun 9 Hijriyah, nabi Muhammad SAW paring dhawuh dhateng tiyang-tiyang Islam supados siaga, amargi badhe wonten perang ing Tabuk, inggih punika satunggaling panggenan ing antawis Madinah lan Damsyik. Wonten ing perang punika Rasulullah ngendikakaen bilih kawontenanipun nembe ewet, awrat lan kirang sarananipun. Ing mangka mengsah sampun siap-siaga kanthi pasukan lan perlengkapan lengkap. Sinaosa mekaten tiyang Islam ingkang sampun kiat imanipun namung nenggo komando lan sampun siap nindakaken perang.

Wonten perang punika tiyang-tiyang Islam sami ngedalaken infaqipun kados Sayidina Usman nyumbangaken 10.000 dinar, 300 onta, lengkap kalian senjatanipun lan 50 kuda. Sayidina Abu Bakar nyumbangaken sedaya bandhanipun inggih punika 4.000 dirham. Nabi Muhammad ngendika "Apa isih ana kang Panjenengan tinggalake kanggi keluarga panjenengan?" Abu Bakar ngendika: "Kang kula tinggalake kanggo keluarga kula yaiku Allah lan utusane." Sayidina Umar bin Khatab nyumbangaken separo saking bandhane. Asim bin `Adi nyumbangaken 70 wasaq kurma (satu wasaq = 60 gantang). Semanten ugi para ibu ugi sami nyumbangaken emas arupi gelang, anting-anting, kalung lan sanes-saneipun kagem perjuangan kaum muslimin. Allah sampun ngendika:







“Satemene wong-wong kang padha iman hiya iku namung wong-wong kang padha iman marang Allah lan rasule, tumuli awake dhewe ora padha mamang lan dheweke kabeh padha jihad (berjuang) kelawan bandha lan jiwanedheweke kabeh ing dalem dalane Allah, hiya dheweke kabeh wong-wong kang padha temen” (QS. Al Hujurat: 15)

Mekaten bilih infaq punika banget pentingipun, lan migunani dhateng pribadi, keluarga lan masyarakat. Pramila menawi dipun gatosaken kanthi salebetipun manah, bilih sedaya dhawuh Allah punika mensthi wonten manfaatipun, lan sedaya awisanipun Allah mesthi badhe ndhatengaken bencana lan malapetaka.






وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

.

1/15/2014

Khutbah Kedua Tiap Jum'at

Khutbah Jum'at adalah salah satu rukun menegakkan shalat Jum'at. Karena itu bila shalat Jum'at ditegakkan tanpa khutbah maka shalatnya tidak syah. Dan Khutbah Jum'at ada khutbah pertama dan kedua, Khutbah pertama biasanya terdiri dari uraian-uraian singkat tentang pesan-pesan iman dan taqwa kepada Allah dan nasehat-nasehat lainnya yang berkaitan dengan aqidah, syari'ah, akhlaq, fadhailul a'mal dan juga peristiwa-peristiwa aktual. Misalnya tentang Hari Besar Islam, Hari Libur Nasional, persitiwa alam dan lain sebagainya. Adapun khutbah kedua sebagai penutup khutbah, kadang khatib masih melanjutkan materi khutbah pertama yang berupa kesimpulan, namun ada juga yang berbeda karena khutbah kedua hanya mengucapkan pujian, membaca shalawat, wasiat iman dan taqwa dan kemudian berdo'a.
 

الخطبة الثانى

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

1/13/2014

Nuladhani Sifat-Sifat Wajibing Rasulullah SAW, Khutbah Bahasa Jawa



Rasulullah Muhammad SAW ngghadhahi sifat-sifat wajib wonten sekawan inggih punika shiddiq, amanah, tabligh, fathanah. Shiddiq artosipun bener utawi jujur amargi rasulullah pribadi ingkang boten nate suwala lan duraka, malah sifat-sifat punika sampun tinanem nalika tasih alit sahingga ing antawis rencang-rencangipun kasebat dados al amin. Amanah artosipun ingkang saget dipun pitados jalaran punapa kemawon ingkang Rasulullah aturaken inggih dipun tindakaken. Tabligh artosipun ingkang ngaturaken perkara ingkang haq, punapa ingkang dipun aturaken mesthi beneripun amrgi sumberipun saking Allah SWT. fathanah tegesipun limpat, nanging limpatipun botendipunginakaken kangge perkawis-perkawis mungkarat.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga sesarengan kita sami ningkataken iman lan taqwa kita dhateng Allah SWT, inggih punika tansah ngugemi lan nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun Gusti Allah. Kanthi mekaten kita saget ngajeng-ajeng pikantuk kabegjan wiwit dunya dumugining akherat samangke.
Wujud nindakaken dhawuhipun Gusti Allah, inggih punika kita tansah nuladhani Rasulullah SAW, jalaran Allah sampun paring warta:


“Satuhune ing dalem pribadine Rasulullah punika manggon suri tauladan kang bagus, kanggo wong-wong kang ngarep-arep rahmate Gusti Allah, lan marang dina akhir piyambake tansah eling marang Gusti Allah”.

Warta punika saking Gusti Allah, sanes saking kawulanipun Gusti Allah, kanthi mekaten warta punika dados warta ingkang saestu leres lan kedah dipun yakini. Lan wekdal sampun buktikaken, bilih Rasulullah SAW nalika tasih alit dipun cathet dados lare ingkang jujur sahingga dipun paringi gelar Al Amin. Sak terasipun nalika sampun dewasa lan dipun angkat dados rasul piyambakipun gadhahi sifat-sifat:
1. Siddiq tegesipun bener lan jujur, sahingga Rasulullah dados pribadi ingkang bener lan dipun beneraken pangendikanipun (Siddiq lan shodiqul masduq). Sedaya pang
endikanipun rasul punika dipun jagi dening Allah SWT:

“ Lan ora ana pangendikane iku (Alquran) miturut hawa nafsune. Pengendikane iku ora ana liya kejaba wahyu kang diwahyukake (marang dheweke)”. (An-Najm: 3-4).

2. Amanah tegesipun Rasulullah punika pribadi ingkang saget dipun pitados. Rasul tansah nindakaken hukum-hukum kanthi leres lan pas. Semanten ugi Rasulullah boten nate cidra ing pengendikanipun.
“Sapa wonge goroh nganggo jeneng-Ku, mangka siapna panggonane sajerone genine neraka “ (Bukhari, Muslim )

3. TABLIGH tegesipun ndugekaken utawi nyeberaken wahyu saking Allah, boten wonten ingkang dipun umpetaken. Sedaya wahyu saking Allah dipun sebaraken dhateng kawulane, minangka pangrembakanipun Islam agami rahamt dhateng sedaya alam.
4. FATANAH tegesipun wicaksana. Kanthi mekaten Rasulullah saget mangertosi sedaya dhawuh-dhawuhipun Gusti Allah. Semanten ugi saged ngadhepi tiyang tiyang ingkang mungsuhi kanthi tegas lan bukti ingkang jelas.

Sifat-sifat rasul punika, menawi saget dipun tindakaken dening sedaya tiyang yektos badhe nuwuhuken ewah-ewahan ingkang ngedab-edabi, lan akhiripun badhe mujudaken pegesangan ingkang bahagia wiwit dunya dumuging akherat.
Minangka kagem tamsil, kita asring midhangetaken siaran ing TV, radio lan surat kabar, wonten tiyang ingkang nindakaken korupsi, pencurian, perzinaan, parampokan lan sasanesipun, sasampunipun dipun tuntut wonten pengadilan piyambakipun selak boten nate nindakaken pedamelan punika. sinaosa sampun wonten saksi, lan bukti-buktinipun anangin tetep selak. Sahingga kagem kita dados perkawis ingkang samar, sinten ingkang leres lan singten ingkang lepat.
Sinten sajatosipun ingkang lepat, saben tiyang sami paring pembelaan, ingkang penting piyambakipun slamet, boten dipun ukum lan saterasipun. Tumindak punika amargi sampun boten wonten sifat jujur, boten wonten sifat amanah, boten saget matur ingkang hak, boten nate mikir milih sedaya tumindak punika boten badhe uwal saking pamirsanipun Gusti Allah. Sahingga dados adu domba lan permusuhan ingkang boten nate tingkas.
Pramila kita kedah tansah waspada bilih sedaya tumindak awon lan sae, ageng lan alit, nyata lan sirri sedaya dipun mangertosi Allah lan badhe dipun suwuni tanggel jawab dening Allah. Tiyang badhe saget slamet saking perwakis dunya ananging hukum akherat badhe adil lan jujur.
“ Sapa wonge nindakaken kebagusan seumpama sak bobot dzarroh, yekti dheweke bakal ngrasakake piwalese, lan sapa wonge nindakaken perkara ala senajan mung sabobote dzarroh, yekti bakal diketokake piwalese.” (QS. Al Zalzalah: 7-8).

Ing dalem Tafsir Al Maroghi, dzarroh inggih punika semut ingkang paling alit. Sahingga kadosipun boten gadhahi bobot timbangan. Amargi saking ringanipun, ananging sinaosa ringan lan alit sanget sedaya tumindakipun manungsa badhe dipun konduraken benjang ing dinten kiyamat, amal sae kanthi kamulyan gesang ing Suwarga lan amal ala dipun wujudaken kanthi siksa wonten ing salebetipun neraka.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah.
Paramila supados gesang kita tansah pikantuk ridhaning Gusti Allah mangga kita tuladhani sifat-sifat wajib rasul punika. kita melai saking pribadi kita piyambak, ibda’ binnafsi, kita terasaken dhateng keluarga. Insya- Allah bangungan bale griya ingkang sae badhe mujudaken masyarakat ingkang sae, lan masyarakat ingkang sae badhe nuwuhaken negari ingkang sae. Lan negari ingkang sae badhe pikantuk karidhan saking ngarsa dalem Allah SWT.

“Lan sakirane penduduk negeri-negeri padha iman lan taqwa, yekti Ingsun (Allah) bakal maringake barokah saking langit lan bumi, ananging dheweke nggorohake (ayat-ayat Ingsun) iku, mangka Ingsun siksa dheweke merga pengawehane.” (QS. Al A’rof: 96)

Akhiripun mugi-mugi Gusti Allah tansah paring kekiyatan dhateng kita, amin.

بارك الله لى ولكم فى القران الكريم ونفعنى واياكم بما فيه من الايت والذكر الحكيم وتقبل منى ومنكم تلا وته انه هو السميع العليم.

1/12/2014

Maulid Nabi Muhammad SAW, Lahiripun Juru Penerang, Khutbah Bahasa Jawa



Nabi Muhammad SAW lahir ing Wulan Rabiul Awal tahun gajah. Nalika nabi Muhammad SAW lahir kawontenan masyarakat Jahiliyah kasebat masyarakat Jahiliyah. Jahiliyah artosipun kabodhohan, ananging sajatosipun boten bodho ing perkawis ilmu, ananging bodho ing perkawis idiologinipun utawi keyakinanipun sahingga akhlaqipun sami risak.

Kanthi mekaten lahiripun nabi Muhammad SAW punika dados tanda badhe terangipun masyarakat. Punapa malih sak sampunipun piyambakipun dipun angkat dados rasul. Nabi Muhammad dipun utus kangge mujudaken rahmat kagem sedaya alam, mekaten punika kita serat mawi seratan khutbah Jum'at.

الحمدلله الذى يهدى من يشاء الى صراط مستقيم نحمده سبحانه وهو البرالرحيم, اشهد ان لا اله الاالله الملك الحق المبين واشهد ان محمدا عبده ورسوله الصادق الوعد الامين, اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد: فياايهالمسلمون الكرام اوصيكم واياى بتقوى الله وطاعته لعلكم تفلحون

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah,
Langkung rumiyin sumangga kita tansah ngunjukaken raos syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan dhumateng kita sedaya, salawat saha salam mugi konjuk wonten ngarsa dalem junjungan kita nabi agung Muhammad SAW saha para keluarga shahabat tabi’it tabi’in ila yaumiddin. Sak lajengipun minangka khatib kawula wasiyat dhumateng awak kula piyambak khususipun lan umummipun dhumateng panjenengan sedaya sumangga kita sesarengan tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun Allah SWT, sahingga menawi kita saget nindakaken perkawis kasebat mangka insya-Allah kita badhe slamet wonten ing dunya ngantos dumugi akherat amin ya rabbal ‘alamin.

Jema’ah Jum’ah Rahimakumullah,
Wulan punika wulan Robi’ul Awwal inggih punika wulan wiosanipun junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, pramila mangga kita sami mengayubagya kanthi raos hormat, khidmat saha bingah, amargi panjenenganipun setunggalipun nabi tuwin rasul ingkang badhe paring syafaat dhumateng kita sedaya, boten pandang sugih utawi mlarat, boten pandang rakyat utawi pejabat sami ugi wonten ing dunya utawi akherat, mugiya kita sedaya benjang saget pikantuk rahmat lan syafa’at sangking Panjenenganipun benjang wonten ing dinten qiyamat.

Piyambakipun ugi salah setunggalipun nabi pemimpin umat, mujudaken kejayaan Islam boten namung winates ing kalanganipun tiyang arab kemawon ananging teras ngrembaka ngantos dumugi alam semesta, panci keutusipun kanjeng nabi punika boten khusus wonten ing negari Arab kemawon ananging ngrembaka ngantos dumugi sedaya alam, kados dipun ngendikaan wonten ing Alquran surat Al Anbiya’ ayat 107

Kaum muslimin Jema’ah jum’ah Rahimakumullah
Kangge ngemut-emut perjuanganipun Rasulullah SAW ingkang ageng pribadinipun, Rasulullah SAW dados pemimpin sinareng dados pembimbing rohani lan juru penerang kagem para umat ingkang sampun sak mestinipun pikantuk pahargyan saking para umatipun kranten sampun berjuang kanthi jiwa raganipun. Ngajak-ajak dhumateng para manungsa dhumateng mergi ingkang dipun ridhai dening Allah SWT, piyambakipun ugi salah setunggaling nabi ingkang anggadahi sifat kamanungsan ingkang paling sampurna, dene ingkang paling pinunjul sifatipun kanjeng nabi wonten ing kalangan menungsa inggih punika sifat kejujuranipun saha akhlakipun ingkang mulya ngantos kanjeng nabi wonten kalangan tiyang arab dipun sebat al-Amin tegesipun tiyang ingkang saget dipun pitados, ugi Allah piyambak ngakeni mulyanipun akhlakipun kanjeng nabi dipun sebat wonten ing al-Qur’an surat Al Qalam 4


“Satuhune sira iku bener-bener netepi pekerti kang agung”

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Kranten kejujuran lan akhlaq ingkang minulya punika kanjeng nabi saged mbangun mental tiyang-tiyang Arab saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah, kita sampun maklum wonten kitab-kitab tarih utawi sejarah Islam, bilih sak derengipun kanjeng nabi lahir dipun wastani zaman jahiliyah utawi kebodohan, keranten para manungsa wonten zaman semanten dereng mangertosi sinten Pangeran ingkang kedah dipun sembah, tiyang-tiyang kathah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah brahala lan sanes-sanesipun, kanjeng Nabi

Muhammad SAW anggenipun nyampekaken  ajaran Islam dhumateng masyarakat Arab kanthi cara ingkang wicaksana kanthi boten nyinggung kehormatan tuwin perasaan tiyang sanes punapa malih ngremehaken utawi ngina dhumateng tiyang sanes, sehingga nasehat-nasehat Rasulullah gampil dipun tampi, waged menarik perhatian ugi nuwuhaken kesadaran.

Jema’ah Jum’at Rakhimakimullah
Sinaosa junjungan kita nabi agung Muhammad SAW kalebet tiyang ingkang ageng lan limpat ingkang dipun akeni dening sedaya tiyang, leres rencang lan mengsah, namung piyambakipun boten ngrumaosi piyambakipun namung ngakeni kadosdene anggota masyarakat sanesipun, kados dipun gambaraken wonten ing Alquran surat Al Kahfi ayat 10


“ Dhawuha sira (Muhammad) anging pestine utawi ingsun iku menungsa kang upamane sira kabeh kang diparingi wahyu sapa ingsun, ing saktemene utawi pengeran sirakabeh iku pengeran kang siji, mangka njejekna sira kabeh marang pengeran sira kabeh, lan nyuwuna ngapura sira ing pengeran sira kabeh, lan utawi neraka Wel iku kasadiaaken kanggo wong-wong kang musyrik”.

Kaum Muslimin Jema’ah jum’ah Rahimakumullah
Mekaten gambaran selayang pandang saking perjuanganipun Rasulullah SAW anggenipun mbina umatipun wonten ing margi ingkang leres ingkang dipun ridloi dening Allah SWT, mugi-mugi kanthi dumuginipun wulan Maulud (Rabi’ul Awal) punika saget nambah kesadaran kita, supados langkung sregep lan aktif ngamalaken ajaran-ajaran agami Islam ingkang luhur lan suci punika, kranten kangge tiyang ingkang beragama nindakaken tuntunanipun punika dados kewajiban igkang mutlak ingkang boten saget dipun anyang malih, menawi kita ngakeni dados tiyang ingkang beragama Islam. Mugi-mugi kita saget nuladhani dhumateng tindak tandukipun saha perjuanganipun Rasulullah SAW sehingga nur agama Islam tansah damel padhang wonten ing manahipun kita sedaya kaum muslimin. Amin ya Robbal alamin

بارك الله لى ولكم فى القران الكريم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل منى ومنكم تلا وته انه هوالسميع العليم.