Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

10/29/2013

Mengeti Hari Pahlawan 10 November 2013


Para Pahlawan sampun berjuang mujudaken kamardikaning negari Indonesia, 350 tahun bangsa Indonesia dipun jajah dening Walandi lan Jepang. Perjuangan para pahlawan kalian para warga masyarakat wonten peperangan ageng inggih punika pertempuran ing kitha Surabaya. Kathah para syuhada' ingkang sami gugur, jalaran senjata ingkang boten lengkap dipun adhepaken kalian senjata bren lan tank tentara Inggris.
Pertempuran ing kitha Surabaya punika saterasipun dipun pengeti kalian Peringatan Hari Pahlawan ing tanggal 10 November. Kanthi mekaten kangge paring pemut dhateng kita sedaya, saterasipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at:


أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى لَا اِلٰهَ اِلَّاهُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ, أَحْمَدُهُ وَأَتُوْبُ اِلَيْهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَمَنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga kita sedaya sami ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah. Jalaran Allah sampun paring petedah kasebat ing dalem Alquran perkawis ingkang sae lan awon, lepat lan leres, dhawuh lan awisan. Sahingga menawi kita tansah ngugemi dhateng Alquran lan hadist nabi Muhammad SAW insya-Allah kita badhe kelebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang badhe dipun mulyakaken dening Allah SWT. Napa malih ing swasana kamardikan punika, pemerintah tansah paring hak lan perlindungan kagem sedaya masyarakat nindakaken agaminipun piyambak-piyambak.
Menawi kita konduraken dhateng sejarah nasional Indonesia bilih kamardikan punika amargi saking perjuanganipun para pahlawan ingkang sampun ikhlas ngurbanaken bandha, raga lan nyawanipun kagem mujudaken kamardikan. Malah sasampunipun kamardikan ing tanggal 17 Agustus 1945, pemerintah hindia Belanda boten ngakeni kamardikan punika, ing mangka sasampunipun negari Indonesia merdeka ing pundi papan lan panggenan dipun kibaraken bendera merah putih, nanging ing tanggal 18 September 1945 ing hotel Yamato Tunjungan Surabaya dipun kibaraken bendera merah putih biru. Kanthi semangat nasionalisme lan patriotisme para pejuang minggah ing hotel tumunten nurunaken bendera lajeng warna biru dipun sobek. Pamerintah walandi boten trima, sahingga kanthi lantaran pemerintahan sekutu inggih punika Inggris, ing tanggal 10 November 1945 kota Surabaya dipun gempur kanthi peralatan perang ingkang canggih. Pertempuran ageng antawis Inggris lan para pejuang arek-arek Surabaya. Pertempuran ingkang dipun ukur namung tigang dinten nanging ngantos tigang minggu, Surabaya nembe saget dipun taklukaken dening Inggris, mekaten punika amargi raos persatuan lan kesatuan saha tekad ingkang kiat saking sedaya masyarakat.
Pertempuran ingkang boten seimbang, antawis negari ingkang nembe mawon uwal saking penjajahan Walandi lan Jepang, boten ghadahi persenjataan ingkang lengkap, namun modal senjata rampasan saking para tentara Jepang lan bambu runcing, nglawan kalian bren, tank, pesawat lan kapal tempur sarta 30.000 pasukan invantri. Sahingga wekdal semanten antawis 6.000-16.000 pejuang saking Indonesia gugur lan 200.000 rakyat sipil mengungsi saking Surabaya. Korban dari pasukan Inggris dan India kira-kira sejumlah 600-2000 tentara. Margi saking kathahipun para pejuang ingkang gugur sahingga ing tanggal 10 November dipun tetepaken dados hari Pahlawan.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Negari Indonesia ingkang sampun ngikraraken kamardikan, nanging pemerintah Hindia Belanda boten ngakeni kamardikan punika sahingga kepingin jajah negari Indonesia malih, mekaten punika sampun jelas bilih negari Indonesia satemah negari ingkang makmur, gemar ripah loh jinawi. Sumber daya alamipun melimpah, ing darat, laut lan ing sak lebetipun bumi ananging dereng saget dipun manfataken kanthi maksimal. Kabukten bilih kathah para warga negari Indonesia ingkang pados ma’isyah ing manca negari dados TKW utawi TKI.
Manfaataken sumber daya alam punika dados tanggel jawabipun sedaya warga negari Indonesia, amargi manungsa sampun dipun paringi anugerah arupi panca indra, akal ingkang sami. Kanthi punika sadaya unsur masyarakat kaleres para eksekutif, legislatif prayoginipun sami bersatu, bahu membahu, sami mujudaken kejujuran lan keadilan. Sahingga sedaya kekayaan negari dipun ginakaken kagem kemakmuran masyarakat, sanes kagem kepentingan pribadi utawi golonganipun piyambak. Jalaran sampun jelas bilih pertempuran lan perlawanan para pahlawan lan syuhadak punika dipun landasi kalian keikhlasan, bersatu kita teguh bercerai kita runtuh, merdeka utawi mati. Allah SWT sampun ngendika:

Lan padha cecekelana sira kabeh marang tali (agamane) Allah, lan aja nganti sira kabeh padha prenca-prenca, lan padha ngelingana sira kabeh marang nikmate Allah kang wis kaparingake marang sira kabeh rikala sira kabeh biyen (zaman jahiliyah) pada musuh-musuhan, mula Allah (banjur) nglulutake antarane atinira, banjur merga nikmate Allah sira kabeh pada dadi wong kang padha paseduluran”. (QS. Ali Imran: 103)
Saking ayat Alquran punika saget kita pendhet hikmahipun bilih nalika ing zaman penjajahan, ing antawis kabilah sami perang piyambak-piyambak nglawaan dumateng penjajah, malah mergi saking pinteripun penjajah perlawan saking kabilah punika dipun adu. Nanging akhiripun mangertos sahingga thukul semangat nasionalisme. Akhiripun para kabilah manunggal sareng-sareng nglawan dhateng para penjajah. Pramila sak sampunipun merdeka raos persatuan punika kedah kita tanemaken kanthi semangat pesedherekan. Rasulullah SAW ngendika:

وَعَنْ عَائِشَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهَا قَالَتْ : سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وسَلَّمَ يَقُوْلُ فِيْ بَيْتِيْ هٰذَا : " اَللّٰهُمَّ مَنْ وَلِيَ مِنْ أَمْرِ أُمَّتِيْ شَيْئاً فَشَقَّ عَلَيْهِمْ فَاشْقُقْ عَلَيْهِ ، وَمَنْ وَلِيَ مِنْ أَمْرِ أُمَّتِيْ شَيْئاً فَرَفَقَ بِهِمْ فَارْفُقْ بِهِ " رواه مسلم .
“ Saking Aisyah Radhiyallahu 'anha, ngendika: "Aku krungu Rasulullah SAW ngendika ing umahku: dhuh Gusti Allah, sinten tiyangipun ingkang nguwaosi perkawis pamerintahan umat kawula, muli damel kasengsaran dhateng panjenenganipun, mila paringana kasengsaran dhumateng tiyang punika, menawi piyambakipun nguwaosi sawijining urusan pamerintah umat kawula, nuli buktikaken welas asih dhateng panjenenganipun, ing dalem pengandikan utawi pakaryanipun, mila mugi paring welas asih dhateng tiyang punika”. (HR. Riwayat Muslim)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Sapunika dados jejibahan kita supados manfataken sumber daya alam kangge kemakmuran masyarakat supados negari Indonesia dados negari ingkang majeng, dipun hurmati dening manca negari, amargi majeng ing pendidikan, seni, budaya, olah raga, pertahanan keamanan, ekonomi lan sosialipun. Negari Indonesia dados negari ingkang mandiri. Kathahipun tumindak korupsi, perampokan, paten-pinaten lan teror ing sesami warga negari kedah dipun icalaken. Sesami warga negari kedah kita kembangaken raos welas asih, tulung-tinulung, mong- tinemong, wasiat-winasiatan ing perkawis kesaenan.
Presiden Sukarno nate paring wejangan, bilih bangsa ingkang ageng inggih punika bangsa ingkang boten supe kalian jasa lan pengorbananipun para pahlawan. Kanthi punika kangge mengeti dinten pahlawan punika mangga kita terasaken semangat lan perjuanganipun para pahlawan kita ngawontenaken pembangunan, kanthi makarya midherek saking kemampuanipun piyambak, tansah nggatosaken tugas lan tanggel jawabipun piyambak. Ampun nguthak-athik lan nyampuri dhateng urusanipun tiyang sanes margi rasul sampun ngendika bilih satunggaling perkawis menawi dipun paringaken dhateng tiyang ingkang boten ahli kita tengga hancuripun.
Kejawi kita ngawontenaken pembangunan, kita tansah do’akaken mugi-mugi para pahlawan lan para pejuang bangsa ingkang sampun gugur ing peperangan dipun cathet dados syuhadak, seda ingang khusnul khatimah. Amin ya Robbal ‘alamin.

جَعَلَناَ اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ الْآ مِنِيْنَ وَأَدْخَلَناَ وَاِيَّاكُمْ فِيْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

10/15/2013

Jaga Kehormatane Wong Islam, Khutbah Bahasa Jawa


Sesami tiyang Islam punika sedherek, kathah ayat Alquran lan hadits nabi Muhammad SAW ingkang ngaturaken mekaten punika. Pramila ing antawis setunggal muslim kalian muslim sanesipun punika kedah sami ningkataken raos welas-asih, tulung tinulung lan wasiat-winasiatan ing perkaws kesahenan. Hadits nabi sampun ngendikakaken bilih tiyang Islam kalian sanesiapun dipun ibarataken setunggaling bangunan ingkang sami paring kekiatan. Wonten ugi ingkang ngendikakaken ing anatawis setunggal tiyang Islam kalian sanesipun punika kados setunggal badan, menawi salah setunggalipun sakit sanesipun ugi badhe ngraosaken sakit.
Tiyang Islam dhemen ngina, saget ugi ingkang dipun ina langkung sae tinimbang ingkang ngina, mekaten punika sampun cetha dipun ngendikakaken dening Allah SWT.Kanthimekaten prayoginipun menawi wonten awonipun tiyang Islam sanes kedah dipun emutaken kanthi sae. Jalaran menawi paring pemut dhateng muslim sanes sak jatosipun niku namung paring pimut dhateng pribadinipun piyambak. Kangge jelasipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِىْ جَعَلَنَا أُمَّةً وَسَطًا لِنَكُوْنَ شُهَدَاءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ عَلَيْنَا شَهِيْدًا. اَشْهَدُ اَنْ لآاِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ, اَمَّابَعْدُ: فَيَااَيُّهَاالْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ
Para sedherek Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Wonten kesempatan khutbah punika kawula tansah paring pemut dhateng kita sedaya, mangga kita tansah ngudi ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah, kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Tentu kemawon kanthi usaha lan ikhtiar kanthi saestu, jalaran satuhunipun manungsa punika dipun ciptakaken dening Allah kanthi sak bagus-baguse kedadosan. Malah wonten ing salebetipun Alquran, tiyang Islam punika dipun titahaken dening Allah minangka sak bagus -baguse umat.
Kangge nglestantunaken kasempurnanipun manungsa lan pinilihipun umat Islam kita tansah ngudi sifat welas-asih, mong- tinemong, wasiat-winasiatan saperlu njagi kehormatanipun tiyang-tiyang Islam. Allah SWT sampun paring pemut dhateng kita sedaya:
“Satemene wong-wong kang padha seneng yen (kabare) lelakon kang banget alane iku sumebar ana ing kalangane wong-wong kang padha iman, iku bakal nampa pasiksan kang banget larane ana ing dunya lan ing akherat. Lan Allah mirsani, sedheng sira kabeh ora padha mangerteni (QS. Annur: 19)

Ayat Alquran punika ngengetaken dhateng kita, bilih menawi wonten ala lan kekiranganipun sedherek muslim boten pareng dipun sebaraken. Malah prayoginipun dipun tutup kanthi paring pemut bilih ing dunya punika boten wonten manungsa ingkang sampurna, kejawi tiyang ingkang tansah ngudi kasempurnan. Kita kedah enget bilih tiyang ingkang nyebaraken aibipun sedherek muslim punika boten langkung sae, margi Allah SWT sampun ngengetaken dhateng kita:
“ He wong-wong kang padha iman, aja nganti sawiji kaum ngina marang kaum liyane (jalaran) kena uga kaum (kang ina iku) luwih apik tinimbang kaum (kang ngina)”. (QS. Al Hujurat: 11)
Kanthi mekaten ing ayat saterasipun Allah ngengetaken:
“He wong-wong kang padha iman, padha ngadohana saking akeh-akehe penyana, satemene saperangan saking penyana iku dosa lan sira kabeh aja padha nggolek-golek kesalahane wong liya lan setengah sira aja ngandha (ngrasani) ala marang setengah liyane”. (QS. Al Hujurat: 12)

Para sedherek Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Kanthi mekaten minangka dados akhlaq ingkang luhur, menawi wonten aibipun sedherek muslim kita usahakaken ampun ngantos sumebar, amargi sajatosipun aibipun sedherek muslim punika ugi aibipun pribadinipun piyambak, mekaten punika midherek pangandikanipun rasul. Kita boten dipun parengaken nyebaraken aibipun sedherek muslim lan dipun dhawuhi jagi kehormatanipun amargi:
1. Antawis sesami muslim dipun ibarataken kados satunggaling bangunan, rasul ngendika:
اَلْمُؤْمنُ لِلْمُؤْمِنِ كَالْبُنْيَانِ يَشُدُّ بَعْضُهُ بَعْضاً (متفق عليه)
“Wong mukmin siji kelawan liyane kaya dene bangunan kang bagian-bagiane padha ngukuhake”. (HR.Buchari Muslim).

2. Antawis sesami muslim dipun ibarataken kados setunggal jasad (badan), Rasulullah SAW ngendika:

مثَلُ الْمُؤْمِنِيْنَ فِي تَوَادِّهِمْ وتَرَاحُمِهِمْ وتَعَاطُفِهِمْ ، مَثَلُ الْجَسَدِ إِذَا اشْتَكَى مِنْهُ عُضْوٌ تَداعَى لهُ سَائِرُ الْجَسَدِ بِالسَّهَرِ والْحُمَّى " متفقٌ عليه .
“ Perumpamaan wong-wong mukmin ing dalem pada nrisnani, welas-asih lan pada nyantuni iku kaya dene awak sawiji. Lamun salah sawijine awak krasa lara, mangka kabeh awak ngrasakake lara, merga melu ngrasakake lara, jumeneng, ora isa merem, sarta krasa panas”. (HR. Buchari Muslim)
3. Antawis sesami muslim punika dados sedherek, rasul ngendika:
اَلْمُسْلِمُ أَخُو الْمُسْلِمِ ، لَا يَظْلِمُهُ ، وَلَا يُسْلِمُهُ ، مَنْ كَانَ فِيْ حَاجَةِ أَخِيْهِ كَانَ اللهُ فِيْ حَاجَتِهِ ، وَمَنْ فَرَّجَ عَنْ مُسْلِمٍ كُرْبةً فَرَّجَ اللهُ عَنْهُ بِهَا كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ ، وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِماً سَتَرهُ اللهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ (متفقٌ عليه)
“Wong Islam siji kelawan liyane iku dadi sedulur. Aja nganiaya, aja nyerahke marang musuhe. Sapa wonge aweh pitulungan marang sedulure, mangka Allah bakal nulung ing dalem hajate. Lan sapa wonge maringi kelonggaran marang muslim liyane nalika nampa susah, mangka Allah bakal maringi kelonggaran wong iku seka susah saking akehe kesusahan ing dina Qiyamat. Lan sapa wonge nutupi aibe sawijine muslim, mangka Allah bakal nutupi aibe wong iku ing dina Qiyamat”. (HR. Buchari Muslim)
4. Allah bakal bikak aibipun tiyang-tiyang ingkang dhemen bikak aibipun sesami muslim, Rasulullah SAW ngendika:
لَاتُؤْ ذُواْ عِبَادَ اللهِ وَلَا تُعَيِّرُوْهُمْ وَلَا تَطْلُبُواْ عَوْرَاتِهِمْ فَاِنَّهُ مَنْ طَلَبَ عَوْرَةَ أَخِيْهِ الْمُسْلِمِ طَلَبَ اللهُ عَوْرَتَهُ حَتَّى يَفْضَحَهُ فِيْ بَيْتِهِ (رواه احمد)
“Sira aja pada gawe pilara kawulane Gusti Allah lan aja ngelek-elek. Aja goleki aibe dheweke, merga, sapa wonge goleki aibe sedulure kang pada muslim, yekti Allah bakal goleki aibe hingga aibe teka ngumahe”. (HR. Ahmad)

Para sedherek Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Aib punika ingkang dados cacatipun sedaya tiyang, kanthi aib punika kathah tiyang ingkang ical kehormatanipun. Kanthi mekaten, midherek saking Alquran lan hadits nabi sinaosa sedaya tiyang mesthi gadhai aib, kita boten dipun parengaken nyebaraken aibipun liyan. Margi saget ugi ingkang nyebaraken aib punika boten langkung sae. Malah saget ugi aibipun piyambak ingkang badhe sumebar. Pramila mangga kita nyuwun dhateng Allah, mugi-mugi dipun tebihaken saking sifat lan akhlaq punika, amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

10/11/2013

Akhirat Gesang Ingkang Sak Nyatane, Khutbah Bahasa Jawa


Gesangipun manungsa punika, mawi alam dunya lan akhirat. Alam dunya punika namung sekedhap, dipun ibarataken kados tiyang ingkang nembe mampir ngunjuk. Kanthi mekaten alam dunya punika panggenanipun pados sange kagem merkoleh pagesangan ingkang langkung sae lan langgeng.
Akerat punika gesang ingkang boten wonten watesipun, ing alam akherat sedaya tiyang badhe nampi amal saking pedamelanipun piyambak-piyambak. Ingkang dhemen damel kesahenan badhe dipun wales kanthi ganjaran mlebet ing Suwarga lan ingkang dhemen damel maksiat badhe dipun lebetaken wonten neraka. Mila mekaten sajatosipun akherat punika pagesangan ingkang sak nyatanipun, kita serat mawi khutbah Jum'at.
ألْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى أَلَّفَ بِالْاِسْلَامِ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ, وَالَّذِى اَوْجَبَ بِالْاِتِّحَادِ وَحَرَّمَ التَّفَرُّقَ فِى كِتَابِهِ الْمُبِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ هَدٰى مَنْ شَآءَ اِلَى الصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُدَاعٍ اِلَى الطَّرِيْقِ الْقَوِيْمِ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Boten wonten wasiat ingkang langkung utami, kejawi wasiat taqwa. Pramila kanthi mekaten kawula tansah ngajak dhumateng panjenengan sedaya, manggga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan niliar sedaya awisanipun. Mugi-mugi kanthi mekaten tansah dipun paringi margi ingakang leres selaras kalian dhawuhipun Allah SWT.
Kanthi dasar taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah, insya-Allah kita badhe wilujeng wiwit dunya dumugi akherat samangke. Allah SWT ngendika:
“Mangertiya, satuhune panguripan dunya iki namung dolanan lan guyonan kang nglalekake, papahes lan umuk-umukan ing antarane sira kabeh lan akeh-akehan bandha lan anak, kaya dene udan kang tandurane nggumunake wong-wong tani, tumuli tetanduran iku dadi garing lan sira tingali kelire dadi kuning tumuli ancur. Lan ing akherat (sesuk) ana pasiksan kang nemen lan pangapura saking Allah sarta palilahe. Lan panguripan dunya iki ora ana liya namung kasenengan kan apus-apusan”. (QS. Al Hadid: 20)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Saking ayat Alquran punika kita saget mendhet hikmahipun:
1. Panguripan ing alam dunya sapunika satemah boten langgeng, sawekdal-wekdal sedaya gebyaripun dunya badhe dipun tilar. Sedaya bandha, pangkat, jabatan, putra lan keluarganipun badhe dipun tilar. Boten wonten rencang kejawi namung amalipun piyambak. Rasulullah SAW nate ngendika:
يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلاثَةٌ : أَهْلُهُ وَمالُهُ وَعَمَلُهُ: فَيَرْجِعُ اثْنَانِ. وَيَبْقَى وَاحدٌ: يَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ " متفقٌ عليه
“ Telung perkara kang bakal barengi mayit, keluarga, bandha lan amale. Nuli kang loro balik lan namung siji kang ngantheni. Keluarga lan bandha bakal balik lan amale bakal ngantheni (HR.Buchari Muslim).

2. Allah SWT mendhet tamsil, kanthi toya jawah ingkang saget gesangaken tethukulan, malah nalika ing musim panas kathah tanduran sami pejah, nanging lajeng turun jawah sahingga tanduran dados ijo royo-royo. Kanthi mekaten kathah manungsa sami supe menawi sawekdal-wekdal ancur, Allah SWT ngendika:
“ He manungsa, satemene janji Allah iku bener, mula babar pisan aja nganti kahuripan dunya mbujuk marang sira, lan aja nganti sira kabeh kabujuk dening wong kang wasis mbujuke ngenani Allah” (S.Al Fathir: 5)

3. Alam akherat punika dados alam kangge mujudaken keadilan, sedaya kawulanipun Allah badhe dipun wales selaras kalian amalipun. Sahingga namun pangupara saking Allah ingkang saget ngedalaken saking pasiksan punika. Rasulullah SAW ngendika:
أَللّٰهُمَّ لَا عَيْشَ اِلَّا عَيْشُ الْآخِرَةِ (متفق عليه)
“ Dhuh Gusti, boten wonten panguripan kang nyata kejawi panguripan akherat” (HR.Buchari Muslim).

4. Panguripan dunya punika satuhunipun namung apus-apusan. Allah SWT ngendika:
“ lan ora ana urip ing alam dunya iki kejaba mung lelahan lan dolanan. Lan sajatine akherat iku kang sak benere Panguripan, kalamun dheweke iku padha mangerteni”.( Al Ankabut: 64).

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Allah SWT punika zat ingkang Maha Adil lan Wicaksana, sedaya ingkang badhe dhateng tansah dipun aturaken dening Allah. Allah paring janji lan ancaman, nanging Allah paring mergi anggenipun merkoleh karidhan lan kamulyan, semanten ugi Allah paring petedah dhateng margi ingkang badhe njlomprongaken dhateng pasiksanipun Allah.
Satuhunipun gesang ing alam dunya punika namun sekedhap, dipun ibarataken kados tiyang ingkang nembe mampir ngunjuk. Ananging pagesangan ingkang sekedhap punika saget kangge sarana kangge merkoleh pagesangan ingkang langgeng lan mulya. Kosok wangsulipun ugi saget dados sarana nampi pasiksan saking ngarsa dalem Allah SWT. Kamulyan lan sengsara punika gumantung kalian kita sedaya anggenipun gatosaken lan nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Tumindak sae badhe dipun wales kanthi kesahenan lan ganjaranipun dipun tikelaken, nanging tumindak awon inggih badhe pikantuk siksa saking ngarsa dalem Allah SWT.
Kanthi mekaten minangka umat Islam kita tansah taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah lan rasulipun, manawi kita saget gegancangan kalian Alquran lan Assunnah kita badhe wilujeng dunya lan akheratipun. Akhiripun mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya margi ingkang leres, kados marginipun tiyang-tiyang ingkang sampun pinaringan pitedah lan sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun bendoni, amin.

9/19/2013

Hikmah Ibadah Qurban, Khutbah Basa Jawa


Ibadah Qurban salah setunggalipun ibadah ingkang dipun tindakaken dening nabi Ibrahim Khalilullah, piyambakipun dipun paringi kanugrahan kathah dening Allah ananging piyambakipun ugi dipun uji dening Allah kanthi ujian ingkang awrat. Nyembelih dhateng putranipun kinasih ingkang dipun tenggo lahiripun. Ananging nalika putranipun inggih nabi Ismail sampun dumugi yuswa remaja Allah paring dhawuh supatos nyembelih dhateng putranipun. Nanging margi taatipun dhateng Allah sedaya dhawuhipun Allah dipun tindakaken, Allah nggantos Ismail kanthi domba.Sasampunipun kedadosan punika Ibrahim ing saben tahunipun nindakaken qurban.

Qurban minangka wujud raos syukur dhateng Allah SWT, syukur amargi manungsa sampun dipun paringi kanugrahan ingkang kathah. Ibadah qurban mengku hikmah ingkang kathah, saterasipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.



Kaum muslimin jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Wulan punika kita sampun mlebet ing wulan akbar, wulan bersejarah kagem tiyang Islam, amargi ing wulan punika sedaya kaum muslimin dipun engetaken malih kalian peristiwa bersejarah, inggih punika ibadah qurban lan ibadah haji. Qurban minangka ibadah ingkang dipun melai saking dhawuhipun Allah dhumateng nabi Ibrahim supados nyembelih dhateng putranipun ingkang sampun dipun tengggo-tenggo lahiripun.
Ibrahim rasul pilihan sahingga sedaya dhawuhipun Allah dipun tindakaken, boten namung bandha donya ngantos putra kinasihipun menawi dipun kersakaken dening Allah yektos dipun paringaken kanthi ikhlas. Mekaten punika amargi iman lan taqwanipun sampun kiyat, sahingga ngrumaosi bilih manungsa punika makhlukipun Allah, manungsa dipun paringi kesempurnaan dening Allah. Lan sak wekdal-wekdal peparingipun Allah punika dipun suwun malih inggih badhe dipun aturaken kanthi penggalih ingkang legawa.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd.
Jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Saderengipun nindakaken dhawuhipun Allah, inggih punika motong dhateng jangganipun Ismail (putranipun), langkung rumiyin piyambakipun paring kabar dhateng putranipun lan nyuwun pemanggihipun:“He putraningsun, ngger satemene ingsun mirsani sajrone sare, menawa ingsung nyembelih marang kang salira. Mula coba pikiren kepriye mungguh kang salira? (QS. Ash Shaffat: 102)

Kanthi pangendikanipun Ibrahim punika, Ismail ngendika:

“ Dhuh rama, rama kawula aturi nindakaken punapa ingkang dipun dhawuhaken dhumateng panjenengan. Insya-Allah panjenenngan badhe manggihi ingkang putra kalebet tiyang-tiyang ingkang sabar”. (QS. Ash Shaffat: 102)

Ismail, manut lan mituhu dhateng pangandikanipun ingkang rama. Kanthi i’tikat bilih ramanipun namung nindakaken dhawuhipun Allah. Pramila nalika antawis rama lan putra badhe nindakaken dhawuhipun Gusti Allah, Ibrahim sampun siap-siap badhe motong jangganipun Ismail, Allah SWT gadhahi kersa ingkang boten dipun mangertosi dening kawulanipun.

“Rikala saklorone (Ibrahim lan putrane) wus padha pasrah lan Ibrahim bubukake miring putrane kanthi meteg pilingan, (kanyata pancen saklorone padha sabar). Lan Ingsun undang dheweke: He Ibrahim, satemene sliramu wis ambeberake impenira iku, sejatine hiya mengkono iku Ingsun paring piwales marang wong-wong kang padha tumindak bagus, sajatine iki pancen temenan pacoban kang cetha”. (QS. Ash-Shaffat: 103-106)

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd.
Jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Saking kedadosan punika sahingga minangka mujudaken raos syukur dhateng Allah tumuli Ibrahim nindakaken qurban ing saben tahunipun ing salebetipun dinten-dinten tasyrik. Jalaran ingkang mekaten punika sampun jelas dhawuhipun Allah SWT:


" Satemene Ingsun wus maringake marang sira kenikmatan kang akeh, mangka tindakna shalat lan qurbana, satemene sapa kang serik marang dheweke iku kang dipedhot (saka rahmate Allah)". (Al Kautsar: 1-3).

Kaum muslimin jema’ah shalat id Rahimakumullah.
Ibadah Qurban mungguhipun tiyang Islam mengku gati:
1. Qurban mujudaken raos iman lan taqwanipun dhateng Allah, sampun jelas pangendikanipun Allah:

" Daging-daging lan getihe hewan qurban iku ora bakal nggayuh karidhane Allah. Nanging kang bisa mahanani kagayuhe karidhane Allah iku taqwanira marang Allah SWT". (Al Haj: 37).

Wonten ing dalem hadits ingkang dipun riwayataken dening imam Tirmudzi rasul ngendika bilih ora ana amal ing riyaya qurban kang luwih didhemeni Allah kejaba nyembelih kewan qurban. Satuhune sisuk ing dina qiyamat bakal teka kelawan sungu-sungune, wulu-wulune, kuku-kune. Satuhune Allah bakal nampa ibadah qurban sadurunge getihe kewan qurban durung netes ing lemah. Mangka beja kanggo wong kang nindakake qurban.

2. Ibadah qurban minangka sarana kangge dhedhepe (taqarrub) dhateng Allah ingkang dipun melai kanthi usaha ngalahaken hawa nafsu.
Satuhunipun ing salebetipun makarya, umumipun sami gadhah pemanggih bilih kebetahanipun gesang tambah kathah lan dereng kacekapan, ananging pranyata sampun dumugi malih ing wulan dzulhijjah, wulan kangge nindakaken qurban. Sekedhik kedah saget ngeker dhateng sedaya kabetahanipun, saperlu dipun tanjakaken kangge nindakaken qurban. Sabar sawetawis anggenipun ngumbar dhateng hawa nafsu, dipun pangkas kalian simbol motong dhateng hewan qurban. Minangka pralambang nebihaken saking sifat-sifat hayawaniyah, kodos sifat saking serigala simbol saking sifat kejem lan dhemen nindes, sifat saking tikus pralambang sifat licikipun, sifat saking segawon pralambang saking sifat tipu muslihat, sifatipun domba pralambang saking sifat manembah dhateng makhluk.
3. Ibadah qurban badhe mujudaken pasedherekan, tulung tinulung lan mong-tinemong, amargi kanthi ibadhah qurban para aghniyak saget nindakaken qurban. Sak terasipun dagingipun qurban dipun bagi-bagikaken dhateng para fakir miskin.
4. Amargi qurban punika ingkang dipun tingali dening Allah inggih punika iman lan taqwanipun, sahingga Allah badhe paring karohmatan dhateng kawulanipun kasebat ing dalem Alquran surat Ath-Thalaq: 2-3:

...sapa wonge kang taqwa marang Allah mesthi Panjenengane bakal dadekake kajembaran kanggo dheweke, lan maringi rizki saking jurusan kang ora den kira-kirakaken. Lan sapa wonge kang tawakal marang Allah, mesthi Allah bakal nyukupi (keperluwane) dhewekne.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd.
Jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Pramila beja sanget dhateng kaum muslimin ingkang saget nindakaken qurban ing saben tahunipun. Semanten ugi beja sanget dhateng kaum muslimin ingkang sampun saget nindakekan ibadah haji. Lan kita do’a- aken sedaya kaum muslimin khusipun jama’ah haji Indonesia lan langkung utami dhateng jama’ah haji kabupaten Wonosobo, mugi-mugi tansah pinaringan derajat kesehatan paripurna.
Kanthi sehat insya-Allah badhe gampil anggenipun nindakaken sedaya syarat, rukun, wajib lan sedaya amalan-amalan sunnah haji, akhiripun pikantuk derajad haji ingkang mabrur. Sahingga gesangipun, sehatipun, bandanipun, ilmunipun saget dipun ginakeken kangge kemajengan agami Islam, sahingga tansah paring manfaat dhateng masyarakat, bangsa lan agami, saget dados teladhan ing salebetipun masyarakat.
Akhiripun kita nyuwun dhateng Allah mugi-mugi ibadah qurban ingkang dipun tindakaken dening sedaya umat Islam badhe nuwuhaken semangat berkorban ing sak dangunipun gesang. Dhemen nginfakaken bandha, tenaga, ilmu, malah wekdal sehat lan gesangipun dipun ginakaken kangge nyempurnakaken anggenipun ngibadah dhateng Allah.
Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, kados pitedah ingkang dipun paringaken dhateng tiyang-tiyang ingkang dipun paringi mapinten-pinten nikmat lan sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun bendoni.

8/31/2013

Usaha Nyegah Faham Komunis, Khutbah Bahasa Jawa


Pancasila minangka azas tunggal negari Republik Indonesi, sampun dipun uji kanthi badhe dipun gantosipun dasar negari Pancasila kanthi dasar komunis. Ingkang jumbuh malah paten pinaten sesami warga negari Indonesia,benten kalian Pancasila ingkang dados pemersatu bangsa. Penduduk Indonesia kanthi maneka warna seni, budaya, ras, agama sami paring pikuramatan. Malah ing perkawis agami wonten stilah inggih punika tholeransi antawis umat beragama.
Faham komunis  boten selaras kalian aturan agami lan aturan pemerintah. Kanthi mekaten faham punika kedah dipun cegah supatos boten sumebar ing negari Indonesia. Nyegah dhateng faham komunis punika dipun tindakaken dening sedaya masyarakat, leres saking pemerintah, tokoh agama, tokoh masyarakat lan sedaya masyarakat umumipun. Kangge gamblangipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.

َلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْاِنْسَانَ فِى أَحْسَنِ تَقْوِيْمِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Kaum muslimin jema’ah shalat Jum’ah Rahimakumullah.
Sasampunipun kita tingkas anggenipun nindakaken shiyam Ramadhan, tumuli kita mlebet ing wulan Syawal, wulan kangge buktikaken ketaatan kita dhateng Gusti Allah. Bilih akhir saking ibadah puasa inggih punika kita badhe dipun angkat derajatipun dados tiyang-tiyang ingkang taqwa (la’allakum tattaqun). Tiyang taqwa inggih punika ingkang saestu anggenipun nindakaken dhawuhipun Gusti Allah lan nilar sedaya ingkang dipun awisi dening Allah SWT.
Kanthi punika nalika kita nindakaken puasa Ramadhan yektos kita tansah budidaya ngreksa manah kita, lisan kita, badan kita, talingan kita, soca kita, malah berusaha njejegaken hawa nafsu kita saperlu supados nderek anggenipun nindakaken ngibadah dhateng Gusti Allah. Kanthi mekaten nalika mlebet ing wulan Syawal tiyang-tiyang Islam dipun konduraken dados fitrah, kados bayi ingkang nembe lahir, dipun ngapura sedaya kalepatanipun dening Gusti Allah amargi kita sampun menang anggenipun njejegaken lan ngluhuraken asma dalem Allah SWT.
Kanthi mekaten sasampunipun kita mlebet ing wulan Syawal ngantos dinten sapunika punapa peningkatan ibadah sasampunipun Ramadhan. Kasunyatanipun menawi kita gatosaken wonten ingkang biasa-biasa mawon, malah wonten ingkang mandhap. Midherek saking pengendikanipun Rasulullah SAW sak sae-saenipun tiyang ingkang iman inggih punika ingkang langkung sae. Dinten ingkang badhe dhateng langkung sae tinimbang dinten sapunika.
Kanthi mekaten kangge mujudaken kasempurnaning ngibadah lan kangge njagi fitrahing qalbu tiyang-tiyang ingkang taqwa wonten gangsal perkawis ingkang kedah kita tindakaken:
1. Netepaken shalat gangsal wekdal, lan langkung utami dipun tindakaken kanthi jama’ah. Setunggal wulan kita sampun nglatih dhateng pribadi kita piyambak. Shalat gangsal wekdal punika dados pokokipun ibadah, kedah dipun tindakaken ing pundi papan lan panggenan. Leres nalika mukim punapa dados musyafir. Shalat gangsal wekdal inggih kedah dipun tindakaken ing kawontenan punapa mawon, leres nalika tasih sehat lan ugi nalika sakit, nalika ribet punapa malih nalika gadhahi wekdal longgar. Ampun ngantos shalat gangsal wekdal punika dipun tilaraken, amargi nalika kita shalat artosipun kita nembe ngadhep dhateng Allah, zat ingkang Maha Agung, Maha Welas Asih, Maha Kuwaos, maha Ngudanani sedaya seja kawulanipun gusti Allah lan saterasipun.

“Kalamun dheweke kabeh padha mertobat lan jumenengake shalat serta padha bayar zakat, mula awehana kebebasan dalan mlaku marang dheweke kabeh. Satemene Allah iku Agung Pangapurane lan Agung Welase”. (QS: Attaubah: 5)

اِنَّ بَيْنَ الرَّجُلِ وَبَيْنَ الشِّرْكِ وَالْكُفْرِ تَرْكُ الصَّلَاةِ
“Satuhune antarane wong lanang lan antarane syirik lan kufur iku ninggalake shalat (lamun shalat ditinggalake mangka dadi kufur) (HR. Muslim).

2. Nglanggengaken anggenipun maos Alquran, setunggal wulan kita sampun unggul-unggulan anggenipun maos Alquran. Mangga dipun terasaken maosipun, mangkaji maksud lan kandunganipun Alquran. Kanthi Maos lan mirengaken tiyang maos Alquran Allah badhe ngluberaken rahmatipun. Kanthi Rahmatipun Allah sedaya badhe tuwuh raos asih kinasihan, dipun ibarataken kewan ingkang galak boten badhe nedhi dhateng anakipun. Punapa malih manungsa ingkang ghadahi akal lan pitedah agami.

اِقْرَؤُاالْقُرْآنَ فَاِنَّهُ يَأْتِىْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيْعًا لِاَصْحَابِهِ
“Wacanen Alquran! Satemene dheweke bakal teka ing dina Qiyamat kanggo aweh syafaat maring wong-wong kang maca” (HR. Muslim)

3. Nglanggengaken anggenipun nindakaken qiyamul lail, lan shalat-shalat sunnah sanesipun. Tiyang Islam ampun rumaos sampun sempurna anggenipun nindakaken ibadah, ampun rumaos sampun cekap anggenipun nindakaken ibadah. Kanthi mekaten raos lembah manah punika kita wujudaken kanthi ngestokaken sunnahipun rasul inggih punika nindaken shalat sunnah. Shalat sunnah kathah jenisnipun kanthi fadhilah boten sami. Kanthi mekaten tiyang Islam badhe pikantuk fadhilah menawi dhawuh rasul dipun tindakaken. Yentos badhe ngghadahi raos caket dhateng Allah. Rasul ngendika bilih shalat sunnah punika minangka kangge nyempurnakaken shalat fardhu.

4. Dipun tindakaken zakat, infaq lan shadaqahipun. Sasampunipun ngedalaken zakat mal lan zakat fitrah, mangga infaq lan shadaqahipun dipun giyataken. Zakat Infaq lan shadaqah punika minangka wujud welas asih dhateng para fakir miskin. Rasululah SAW ngendika:
اَلرَّاحِمُوْنَ يَرْحَمُهُمُ الرَّحْمٰنُ وَمَنْ لَا يَرْحَمُ لَايُرْحَمُ
“Wong-wong kang paring welas asih (maring liyan) bakal di welasi dening Gusti kang Maha Murah. Lan sapa wonge ora welas asih (marang liyan) ora bakal di welasi dening Allah”.

Allah badhe paring welas asih dhateng kawulanipun menawi kawulanipun welas asih dhateng sesaminipun.

5. Nindakaken ta’lim/ pengaosan, mulang utawi dipun wulang. Kanthi sregep anggenipun nindakaken pengaosan yakin qalbu badhe tansah kajagi fitrahipun. Kanthi sregep nindakaken taklim kita badhe mangertosi kekiranganipun piyambak. Punapa malih kesalahan anggenipun nindakaken ibadah, ngingingi ibadah hablun minallah lan hablun minannas. Yakin kanthi sregep nindakaken taklim badhe jembar penggalihipun, kathah pangertosanipun lan wicaksana ngadhepi sedaya perkawis. Lan akhiripun badhe dados tiyang Islam ingkang iman, taqwa lan caket dhateng Allah SWT. Malah para alim paring pangendika bilih “tiyang ingkang purun ngudi ilmu badhe dados tiyang bodho” tegesipun bilih bodho amargi kathah ilmu lan pengertosan ingkang dereng dipun mangertosi. Punapa malih dipun bandingaken kalian ilmunipun Allah kasebat ing dalem surat Al Kahfi. Toya segara dipun ginakeken kangge nulis ilmunipun Allah lan dipun tambah malih yektos ilmunipun Allah boten badhe telas. Lan ilmu kita ibaratipun setunggal tetes toya wonten ing seganten. Allah ghadahi ilmu ingkang boten winates nanging Allah tansah welas asih, sinaosa sedaya makhlukipun Allah sami ingkar dhateng Allah yektos boten badhe ngirangi dhateng kawicaksananipun Allah. Lan sedaya makhluk sami sami taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah inggih boten badhe nambah luhuripun Allah. Allah boten gumantung kalian makhlukipun. Kosok wangsulipun makhluk ingkang gumantung dhateng Allah. Kanthi mekaten mangga kita dandosi anggen kita manembah lan ngabekti dhateng Allah. Mugi ingkang kita tindakaken pikantuk ridha saking ngarsa dalem Allah SWT, amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

8/30/2013

Mujudaken Masyarakat Beragama, Khutbah Bahasa Jawa


Pancasila dados dasaripun negari Indonesia, senaosa mekaten negari Indonesia ngakeni wontenipun agami lan tansah paring perlindungan kagem masyarakatipun nidakaken agami. Kanthi punika kangge mujudaken katentremanipun masyarakat prayogi menawi sedaya tiyang tansah taat lan mituhi dhateng agami ingkang dipun anut. Jalaran menawi kita gatosaken boten wonten agami Ingkang nedahaken dhateng margi ingkang sasar, sedaya agami nedahaken kesaenan.
Agamai Islam tansah paring pitedah dhateng kesaenan, menawi wonten tiyang Islam ingkang dhemen damel kerisakan, amargi tiyang punika dereng saget nindakaken dhawuhipun Allah kanthi saestu lan leres. Contonipun shalat punika kangge nemtukaken tiyang punika sae utawi boten sae. Pramila kangge gamblangipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at mawi basa Jawa.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُوْدُوْا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَمَنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Negara Indonesia dipun wujudaken dening para pemimpin ingkang tansah ngugemi piugeranipun agami. Sahingga wiwit saking usaha perang nglawan dhateng para penjajah tansah dipun lembari kanthi kalimat takbir “Allahu Akbar”. Kanthi mekaten boten selak malih, pengakenan punika dipun cathet wonten ing salebetipun Pembukaan Undang-undang dasar 1945. “Atas berkat rahmat Allah Yang Maha Kuasa dan dengan didorongkan oleh keinginan luhur supaya berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini kemerdekaannya”.
Kanthi dasar punika nedahaken, bilih negari Indonesia tansah ngakeni wontenipun agami, lan para penganutipun dipun lindungi dening undang-undang. Ananging negari Indonesia sanes nagara agama, ananging Pancasila minangka dasar negara Indonesia. Kanthi Pancasila sedaya agama dipun jamin lan dipun lindungi dening pemerintah. Kosok wangsulipun negari Indonesia boten marengaken dasar negara komunis, inggih punika ingkang boten ngakeni wontenipun agami. Mangga kita tansah ngudi ningkataken anggenipun ngamalaken agama. Jalaran sampun jelas bilih komunis boten cocok kalian iman lan budayanipun masyarakat Indonesia, ingkang tansah yakin wontenipun Allah SWT.
Semanten ugi anggenipun mujudaken sedaya maksud lan tujuan, ngagem cara-cara ingkang dipun garisaken dening Allah lan rasulipun, kanthi langsung utawi mawi undang-undang ingkang dipun tetepaken dening para umaro’. Cara-cara ingkang dipun tindakaken dening para komunis inggih punika ingkang marengaken sedaya cara kangge mujudaken tujuanipun. Cara mekaten punika boten dipun parengaken dening agami, kados pangandikanipun rasul:
إِنَّ الْحَلاَلَ بَيِّنٌ وَإِنَّ الْحَرَامَ بَيِّنٌ وَبَيْنَهُمَا أُمُوْرٌ مُشْتَبِهَاتٌ لاَ يَعْلَمُهُنَّ كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ، فَمَنِ اتَّقَى الشُّبُهَاتِ فَقَدْ اسْتَبْرَأَ لِدِيْنِهِ وَعِرْضِهِ، وَمَنْ وَقَعَ فِي الشُّبُهَاتِ وَقَعَ فِي الْحَرَامِ (رواه البخاري ومسلم(

“ Satuhune perkara kang halal iku wus jelas lan kang haram uga wus jelas. Ing antarane lorone ana perkara-perkara kang subhat (remeng-remeng) kang ora dingerteni wong akeh. Mangka sapa wonge kang njaga awake seka perkara kang syubhat ateges dheweke wus nylametake agama lan kinurmatane. Lan sapa wonge keplosot ing perkara kang subhat ateges keplosot ing perkara kang diharamake”. (HR. Buchari Muslim)

Kanthi mekaten sedaya tumindak ingkang boten pikantuk karidhan saking ngarsa dalem Allah SWT, yektos sawekdal-wekdal badhe damel cilaka malah badhe hancur. Mekaten punika sampun kabukten nalika faham komunis badhe katancepaken ing negara Indonesia, malah badhe nggantos dasaripun negari inggih Pancasila kanthi dasar komunis, akhiripun inggih hancur. Gerakan 30 September 1965 Partai Komunis Indonesia akhiripun hancur, sahingga ing tanggal 1 Oktober 1965 Pancasila tetep dados dasaripun negari Indonesia. Lan ing saben tanggal 1 Oktober dipun pengeti Hari Kesaktian Pancasila.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Satuhunipun hukum halal lan haram punika dipun tetepaken dening Allah, supados tumindakipun manungsa punika wonten piugeranipun. Kanthi halal lan haram punika ateges wonten tumindak ingkang kedah dipun tindakaken lan wonten tumindak ingkang kedah dipun tilar. Tiyang ingkang sampun yakin dhateng Allah badhe pitados bilih sedaya tumindak manungsa punika dipun mangertosi dening Allah. Jalaran Allah punika zat ingkang Maha Pirsa, kasebat ing dalem Alquran:
Allah badhe pitados bilih sedaya tumindak manungsa punika dipun mangertosi dening Allah. Jalaran Allah punika zat ingkang Maha Pirsa, kasebat ing dalem Alquran:
“ Lan wong-wong kafir padha ngucap: “dinane tangi saka kubur iku ora bakal teka marang kita”. Dhawuha sira (Muhammad): “mesthi teka, dhemi Pangeran Ingsun kang nguningani kang samar, sejatine kiyamat iku mesthi teka marang sira kabeh. Ora bakal diilangake saka Panjenengane sabobot semut pudhak (paribasane) kang ana ing langit lan bumi, lan (uga) ora ana kang luwih cilik saka iku lan kang luwih gedhe, kejaba kasebut ing sajrone kitab kang cetha (Lauhul Mahfuz)”. (QS. Saba’: 3)

Sasampunipun Allah mangertosi sedaya amal pedamelanipun para manungsa, Allah badhe paring piwales kanthi ganjaran suwarga utawi neraka, kasebat ing dalem Alquran surat Al Bayyinah ayat 6-9 ingkang jawinipun:

“ Sejatine wong-wong kafir saka ahli kitab lan wong-wong musyrik iku tetep manggon ana ing jero neraka Jahannam, dheweke kabeh pada langgeng ing jero neraka kana. Dheweke iku sak ala-alane makhluk.
Sejatine wong-wong kang padha iman lan nglakoni amal kang shalih, hiya iku dheweke sak apik-apike makhluk.
Piwalese dheweke kabeh ing ngersane Pangerane yaiku suwarga “Adn kang mili ing sangisore suwarga, kali-kali,dheweke kabeh padha langgeng ing jero suwarga kana sak lawas-lawase, Allah rila marang dheweke kabeh, lan dheweke kabeh uga rila marang Panjenengane (Gusti Allah). Hiya kang mengkana iku (wujude piwales) tumrap wong kang wedi marang Pangerane”.

Kanthi mekaten, menawi tumindakipun tiyang Islam ghadhahi tujuan ingkang panjang, inggih punika supados bahagia gesang ing dunya lan akherat. Ananging tiyang-tiyang komunis, namung ghadhahi tujuan bahagia gesang ing dunya kemawon. Wontenipun Gusti Allah, para malaikat, siksa kubur, ara-ara mahsyar, hisab, suwarga lan neraka piyambakipun boten pitados, sahingga tiyang komunis saget ngalalaken ingkang haram. Jalaran hukum namung wonten ing dunya kemawon ingkang dipun damel dening manungsa.
Kanthi mekaten perjuangan lan pengorbananipun para pahlawan kita ingkang tansah ngugemi agami, mangga kita uri-uri kita teladhani, supados negari Indonesia dados negarai ingkang aman, sentaosa, tata, titi, tentrem kerta raharja, gemah ripah loh jinawi, kanthi pikantuk ridha saking ngarsa dalem Allah SWT, amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

8/15/2013

Ashoring Manungsa, Khutbah Bahasa Jawa

Ashoring derajatipun mangungsa satuhunipun dipun temtukaken dening manungsa punika piyambak. Jalaran Gusti Allah sampun paring derajat bilih manungsa punika dipun ciptakaken dening Allah saking sak bagus-bagusipun wujud. Ananging mergi manungsa punika dipun paringi hawa nasfu sahingga qalbu ingkang suci dados kotor. Kanthi punika sak lajengipun ewet anggenipun sesambetan kalian Gusti Allah. Prasasat sinaosa Gusti Allah punika caket ananging raosipun tebih, manungsa donga nanging donganipun kados boten dipun mireng dening Allah.
Kanthi punika kamulyaning manungsa, tentu dipun ajeng-ajeng dening sedaya manungsa, utaminipun tiyang Islam, satuhunipun sampun dipun gembleng ing dalem setunggal wulan ing wulan Ramadhan. Kangge gamblangipun kula aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.

اَلْحَمْدُلِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ حَمْدًاكَثِيْرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيْهِ كُلَّ حَالٍ اَلَّذِى قَدْ اَوْجَبَ مِنْ نُوْرِهِ نُوْرًابِهِ عَمَّ الْهُدَى, اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُهُ لَا نَبِىَّ بَعْدَهُ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِﻥ النَّبِىِّ الْكَرِيْمِ وَالرَّسُوْلِ الْعَظِيْمِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَّحَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ أَحْيٰى سُنَّتَهُ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. فَيَآأَيُّهَالْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga kita tansah budidaya ningkataken iman lan taqwa kita dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah, jalaran kanthi mekaten kita badhe pikantuk kabekjan wiwit dunya dumugining akherat samangke.
Ing dinten punika kita sampun nilaraken wulan ingkang kathah rahmat lan maghirahipun Allah inggih punika wulan suci Ramadhan. Wulan ingkang mungguhipun Allah kangge nguji dhateng kawulanipun Allah anggenipun mujudaken kesabaran, kejujuran lan keikhlasan inggih punika kanthi nindakaken shiyam Ramadhan. Kanthi punika tiyang Islam ingkang kasil anggenipun nindakaken shiyam inggih punika ingkang pikantuk derajat taqwa, la’allakum tattaqun.
Sahingga ing tanggal setunggal Syawal kawastanan Idul Fitri dinten ingkang fitrah jalaran ing dinten punika Allah sampun paring pangapunten dhateng sedaya dosa-dosa kawulanipun, sahingga melai setunggal Syawal tiyang-tiyang Islam melai nanem lan makarya, nindakekan ngibadah dhateng Gusti Allah kanthi ingkang langkung sae. Wulan syawal ugi kawastanan wulan peningkatan sedaya amal ibadahipun dhateng Allah.
Shalat fardhunipun dipun sempunakaken, shalat sunnahipun dipun tindakaken lan shalat jamaahipun dipun giyataken. Majlis taklim dipun jumbuhaken, masjid, langgar lan mushala dipun makmuraken. Alquran dipun kaji, dipun udari makna lan kandunganipun kangge pedomanipun gesang. Infaq lan shadaqahipun dipun giyataken, shilaturakhimipun dipun lestantunaken, sahingga tansah rumaos rumaos andhap ashor lan prasoja, gedhe athi lan cilik ing pamrih. Mekaten punika mujudaken pikantuk kasil la’allakum tattaqun. Amargi taqwa boten namung lelamisan ing lathi lan boten namung pengangen-angen, ananging iktiqad ingkang sampun manggen ing athi dipun ucapaken kanthi lisanipun lan dipun tindakaken kanthi amal ibadah. Mekaten punika pangerosan ideal wulan Syawal.
Ananging ingkang dados keprihatinan bilih wulan Syawal dados dinten lebaran, inggih punika sampun lebar anggenipun nglerem hawa nafsu, sampun lebar anggenipun nindaken shalat fardhu kanthi jam’ah, sampun bibar angggenipun tindak ing majlis taklim, sampun bibar anggenipun tadarus Alquran, sampun bibar anggenipun jihad, berjuang kangge jumbuhaken Islam minangka rahmatan lil alamin kangge kemajengan umat Islam. Sahingga prasast sasampunipun mlebet ing wulan Syawal sedaya tumindak sae dipun tilaraken sahingga masjid, langgar, musholla dipun tilar dening umatipun, Alquran dipun tinggalaken, rukuh sajadah dipun canthelaken lan sakterasipun.

Mangga kita muhasabah, ngitung-ngitung dhateng awak kita piyambak-piyambak, sasampunipun kita tingkas nindakaken shiyam Ramadhan kados pundi anggen kita ngabekti dhateng Gusti Allah nindakaken amal ibadah. Menawi akhir saking wulan Ramadhan boten ningkat amal ibadahipun ananging malah mandhap, pramila tiyang-tiyang dipun umpamikaken kados kewan ingon-ingon malah langkung asor malih.
“ Lan satemene Ingsun dadekake kanggo isine neraka Jahannam akeh-akehe sangka jin lan manungsa, dheweke padha duweni ati, ananging ora digunakake kanggo mahami (ayat-ayate Allah) lan dheweke padha duweni mata nanging ora digunakake kanggo ningali lan dheweke padha duweni kuping ananging ora digunakake kanggo ngrungokake (marang ayat-ayate Allah). Dheweke iku kaya dene kewan ingon-ingon malah dheweke luwih ashor, dheweke iku wong-wong kang padha lali”. (QS. Al A’rof: 179)

Hikmah saking ayat punika:
1. Akeh-akehe jin lan manungsa badhe mlebet ing neraka jahannam margi boten saget ginakaken fungsi ati, mripat lan telingan kangge ningali perkawis ingkang leres.
2. Manungsa ingkang boten saget ginakaken fungsi ati, mripat lan telingan dipun umpamakaken kados kewan ingon-ingon, malah langkung asor malih.

Sajatosipun ngibadah dhateng Allah punika kedah dipun tindaken kanthi istiqomah, inggih punika tansah ajeg syukur ningkat, kaleres ing wekdal piyambak punapa sareng tiyang sanes, leres ing wekdal sela utawi wekdal sumpek, leres ing wekdal sugih utawi miskin, leres ing wekdal sehat utawi sakit, leres ing wekdal nem utawi sepuh. Islam punika agami terkhir ingkang dipun turunaken Allah dhateng nabi Muhammad SAW.
Tiyang Jawi mastani agama inggih punika ageman, ageman ingkang resik, syukur dipun gosok lan dipun paringi minyak wangi. Yektos badhe sekeca dipun agem tur ambetipun ingkang wangi, luwes dipun pirsani. Kanthi mekaten punika agami Islam menawi dipun tindakaken kanthi saestu yektos badhe dhatengaken kemaslahatan dhateng pribadi, keluarga lan masyarakatipun. Ngibadah ugi kedah dipun tindakaen kanthi ikhlas, inggih punika namung ngajeng-ajeng ridhanipun Gusti Allah. Ngibadah dhateng Allah ugi kedah dipun tindakaken kanthi sabar, amargi sedaya tumindak manungsa mesthi wonten godha lan rubidanipun.
Tiyang Islam ingkang ngibadah kanthi istiqomah, ikhlas, sabar lan tawakal, yektos badhe dipun paringi katentreman ing ati, rumaos pikantuk perlindungan saking Gusti Allah, piyambakipun rumaos caket dhateng Allah. Sahinga tiyang ingkang mekaten punika badhe dipun paringi kanugrahan tanpa upami, boten saget dipun etang. Sahingga tiyang punika boten badhe supe tansah ngunjukaken raos syukur, kanthi tansah ningataken amal ibadahipun dhateng Allah.
Jalaran midherek ngendikanipun Rasulullah SAW, sinaosa sedaya gesangipun manungsa punika dipun ginakaken kangge ngibadah yektos dereng saget kangge bayar kanugrahanipun Allah SWT. Pramila mangga kita tansah ningkataken ibadah kita dhateng Allah SWT, kaleres ibadah maghdhah lan ghairu maghdhaipun. Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, lan mugi-mugi Gusti Allah kersa bikak manah dhateng kawulanipun ingkang dereng insaf.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.