10/15/2013

Jaga Kehormatane Wong Islam, Khutbah Bahasa Jawa


Sesami tiyang Islam punika sedherek, kathah ayat Alquran lan hadits nabi Muhammad SAW ingkang ngaturaken mekaten punika. Pramila ing antawis setunggal muslim kalian muslim sanesipun punika kedah sami ningkataken raos welas-asih, tulung tinulung lan wasiat-winasiatan ing perkaws kesahenan. Hadits nabi sampun ngendikakaken bilih tiyang Islam kalian sanesiapun dipun ibarataken setunggaling bangunan ingkang sami paring kekiatan. Wonten ugi ingkang ngendikakaken ing anatawis setunggal tiyang Islam kalian sanesipun punika kados setunggal badan, menawi salah setunggalipun sakit sanesipun ugi badhe ngraosaken sakit.
Tiyang Islam dhemen ngina, saget ugi ingkang dipun ina langkung sae tinimbang ingkang ngina, mekaten punika sampun cetha dipun ngendikakaken dening Allah SWT.Kanthimekaten prayoginipun menawi wonten awonipun tiyang Islam sanes kedah dipun emutaken kanthi sae. Jalaran menawi paring pemut dhateng muslim sanes sak jatosipun niku namung paring pimut dhateng pribadinipun piyambak. Kangge jelasipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِىْ جَعَلَنَا أُمَّةً وَسَطًا لِنَكُوْنَ شُهَدَاءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ عَلَيْنَا شَهِيْدًا. اَشْهَدُ اَنْ لآاِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ, اَمَّابَعْدُ: فَيَااَيُّهَاالْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ
Para sedherek Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Wonten kesempatan khutbah punika kawula tansah paring pemut dhateng kita sedaya, mangga kita tansah ngudi ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah, kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Tentu kemawon kanthi usaha lan ikhtiar kanthi saestu, jalaran satuhunipun manungsa punika dipun ciptakaken dening Allah kanthi sak bagus-baguse kedadosan. Malah wonten ing salebetipun Alquran, tiyang Islam punika dipun titahaken dening Allah minangka sak bagus -baguse umat.
Kangge nglestantunaken kasempurnanipun manungsa lan pinilihipun umat Islam kita tansah ngudi sifat welas-asih, mong- tinemong, wasiat-winasiatan saperlu njagi kehormatanipun tiyang-tiyang Islam. Allah SWT sampun paring pemut dhateng kita sedaya:
“Satemene wong-wong kang padha seneng yen (kabare) lelakon kang banget alane iku sumebar ana ing kalangane wong-wong kang padha iman, iku bakal nampa pasiksan kang banget larane ana ing dunya lan ing akherat. Lan Allah mirsani, sedheng sira kabeh ora padha mangerteni (QS. Annur: 19)

Ayat Alquran punika ngengetaken dhateng kita, bilih menawi wonten ala lan kekiranganipun sedherek muslim boten pareng dipun sebaraken. Malah prayoginipun dipun tutup kanthi paring pemut bilih ing dunya punika boten wonten manungsa ingkang sampurna, kejawi tiyang ingkang tansah ngudi kasempurnan. Kita kedah enget bilih tiyang ingkang nyebaraken aibipun sedherek muslim punika boten langkung sae, margi Allah SWT sampun ngengetaken dhateng kita:
“ He wong-wong kang padha iman, aja nganti sawiji kaum ngina marang kaum liyane (jalaran) kena uga kaum (kang ina iku) luwih apik tinimbang kaum (kang ngina)”. (QS. Al Hujurat: 11)
Kanthi mekaten ing ayat saterasipun Allah ngengetaken:
“He wong-wong kang padha iman, padha ngadohana saking akeh-akehe penyana, satemene saperangan saking penyana iku dosa lan sira kabeh aja padha nggolek-golek kesalahane wong liya lan setengah sira aja ngandha (ngrasani) ala marang setengah liyane”. (QS. Al Hujurat: 12)

Para sedherek Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Kanthi mekaten minangka dados akhlaq ingkang luhur, menawi wonten aibipun sedherek muslim kita usahakaken ampun ngantos sumebar, amargi sajatosipun aibipun sedherek muslim punika ugi aibipun pribadinipun piyambak, mekaten punika midherek pangandikanipun rasul. Kita boten dipun parengaken nyebaraken aibipun sedherek muslim lan dipun dhawuhi jagi kehormatanipun amargi:
1. Antawis sesami muslim dipun ibarataken kados satunggaling bangunan, rasul ngendika:
اَلْمُؤْمنُ لِلْمُؤْمِنِ كَالْبُنْيَانِ يَشُدُّ بَعْضُهُ بَعْضاً (متفق عليه)
“Wong mukmin siji kelawan liyane kaya dene bangunan kang bagian-bagiane padha ngukuhake”. (HR.Buchari Muslim).

2. Antawis sesami muslim dipun ibarataken kados setunggal jasad (badan), Rasulullah SAW ngendika:

مثَلُ الْمُؤْمِنِيْنَ فِي تَوَادِّهِمْ وتَرَاحُمِهِمْ وتَعَاطُفِهِمْ ، مَثَلُ الْجَسَدِ إِذَا اشْتَكَى مِنْهُ عُضْوٌ تَداعَى لهُ سَائِرُ الْجَسَدِ بِالسَّهَرِ والْحُمَّى " متفقٌ عليه .
“ Perumpamaan wong-wong mukmin ing dalem pada nrisnani, welas-asih lan pada nyantuni iku kaya dene awak sawiji. Lamun salah sawijine awak krasa lara, mangka kabeh awak ngrasakake lara, merga melu ngrasakake lara, jumeneng, ora isa merem, sarta krasa panas”. (HR. Buchari Muslim)
3. Antawis sesami muslim punika dados sedherek, rasul ngendika:
اَلْمُسْلِمُ أَخُو الْمُسْلِمِ ، لَا يَظْلِمُهُ ، وَلَا يُسْلِمُهُ ، مَنْ كَانَ فِيْ حَاجَةِ أَخِيْهِ كَانَ اللهُ فِيْ حَاجَتِهِ ، وَمَنْ فَرَّجَ عَنْ مُسْلِمٍ كُرْبةً فَرَّجَ اللهُ عَنْهُ بِهَا كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ ، وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِماً سَتَرهُ اللهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ (متفقٌ عليه)
“Wong Islam siji kelawan liyane iku dadi sedulur. Aja nganiaya, aja nyerahke marang musuhe. Sapa wonge aweh pitulungan marang sedulure, mangka Allah bakal nulung ing dalem hajate. Lan sapa wonge maringi kelonggaran marang muslim liyane nalika nampa susah, mangka Allah bakal maringi kelonggaran wong iku seka susah saking akehe kesusahan ing dina Qiyamat. Lan sapa wonge nutupi aibe sawijine muslim, mangka Allah bakal nutupi aibe wong iku ing dina Qiyamat”. (HR. Buchari Muslim)
4. Allah bakal bikak aibipun tiyang-tiyang ingkang dhemen bikak aibipun sesami muslim, Rasulullah SAW ngendika:
لَاتُؤْ ذُواْ عِبَادَ اللهِ وَلَا تُعَيِّرُوْهُمْ وَلَا تَطْلُبُواْ عَوْرَاتِهِمْ فَاِنَّهُ مَنْ طَلَبَ عَوْرَةَ أَخِيْهِ الْمُسْلِمِ طَلَبَ اللهُ عَوْرَتَهُ حَتَّى يَفْضَحَهُ فِيْ بَيْتِهِ (رواه احمد)
“Sira aja pada gawe pilara kawulane Gusti Allah lan aja ngelek-elek. Aja goleki aibe dheweke, merga, sapa wonge goleki aibe sedulure kang pada muslim, yekti Allah bakal goleki aibe hingga aibe teka ngumahe”. (HR. Ahmad)

Para sedherek Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Aib punika ingkang dados cacatipun sedaya tiyang, kanthi aib punika kathah tiyang ingkang ical kehormatanipun. Kanthi mekaten, midherek saking Alquran lan hadits nabi sinaosa sedaya tiyang mesthi gadhai aib, kita boten dipun parengaken nyebaraken aibipun liyan. Margi saget ugi ingkang nyebaraken aib punika boten langkung sae. Malah saget ugi aibipun piyambak ingkang badhe sumebar. Pramila mangga kita nyuwun dhateng Allah, mugi-mugi dipun tebihaken saking sifat lan akhlaq punika, amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.