10/11/2013

Akhirat Gesang Ingkang Sak Nyatane, Khutbah Bahasa Jawa


Gesangipun manungsa punika, mawi alam dunya lan akhirat. Alam dunya punika namung sekedhap, dipun ibarataken kados tiyang ingkang nembe mampir ngunjuk. Kanthi mekaten alam dunya punika panggenanipun pados sange kagem merkoleh pagesangan ingkang langkung sae lan langgeng.
Akerat punika gesang ingkang boten wonten watesipun, ing alam akherat sedaya tiyang badhe nampi amal saking pedamelanipun piyambak-piyambak. Ingkang dhemen damel kesahenan badhe dipun wales kanthi ganjaran mlebet ing Suwarga lan ingkang dhemen damel maksiat badhe dipun lebetaken wonten neraka. Mila mekaten sajatosipun akherat punika pagesangan ingkang sak nyatanipun, kita serat mawi khutbah Jum'at.
ألْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى أَلَّفَ بِالْاِسْلَامِ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ, وَالَّذِى اَوْجَبَ بِالْاِتِّحَادِ وَحَرَّمَ التَّفَرُّقَ فِى كِتَابِهِ الْمُبِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ هَدٰى مَنْ شَآءَ اِلَى الصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُدَاعٍ اِلَى الطَّرِيْقِ الْقَوِيْمِ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Boten wonten wasiat ingkang langkung utami, kejawi wasiat taqwa. Pramila kanthi mekaten kawula tansah ngajak dhumateng panjenengan sedaya, manggga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan niliar sedaya awisanipun. Mugi-mugi kanthi mekaten tansah dipun paringi margi ingakang leres selaras kalian dhawuhipun Allah SWT.
Kanthi dasar taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah, insya-Allah kita badhe wilujeng wiwit dunya dumugi akherat samangke. Allah SWT ngendika:
“Mangertiya, satuhune panguripan dunya iki namung dolanan lan guyonan kang nglalekake, papahes lan umuk-umukan ing antarane sira kabeh lan akeh-akehan bandha lan anak, kaya dene udan kang tandurane nggumunake wong-wong tani, tumuli tetanduran iku dadi garing lan sira tingali kelire dadi kuning tumuli ancur. Lan ing akherat (sesuk) ana pasiksan kang nemen lan pangapura saking Allah sarta palilahe. Lan panguripan dunya iki ora ana liya namung kasenengan kan apus-apusan”. (QS. Al Hadid: 20)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Saking ayat Alquran punika kita saget mendhet hikmahipun:
1. Panguripan ing alam dunya sapunika satemah boten langgeng, sawekdal-wekdal sedaya gebyaripun dunya badhe dipun tilar. Sedaya bandha, pangkat, jabatan, putra lan keluarganipun badhe dipun tilar. Boten wonten rencang kejawi namung amalipun piyambak. Rasulullah SAW nate ngendika:
يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلاثَةٌ : أَهْلُهُ وَمالُهُ وَعَمَلُهُ: فَيَرْجِعُ اثْنَانِ. وَيَبْقَى وَاحدٌ: يَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ " متفقٌ عليه
“ Telung perkara kang bakal barengi mayit, keluarga, bandha lan amale. Nuli kang loro balik lan namung siji kang ngantheni. Keluarga lan bandha bakal balik lan amale bakal ngantheni (HR.Buchari Muslim).

2. Allah SWT mendhet tamsil, kanthi toya jawah ingkang saget gesangaken tethukulan, malah nalika ing musim panas kathah tanduran sami pejah, nanging lajeng turun jawah sahingga tanduran dados ijo royo-royo. Kanthi mekaten kathah manungsa sami supe menawi sawekdal-wekdal ancur, Allah SWT ngendika:
“ He manungsa, satemene janji Allah iku bener, mula babar pisan aja nganti kahuripan dunya mbujuk marang sira, lan aja nganti sira kabeh kabujuk dening wong kang wasis mbujuke ngenani Allah” (S.Al Fathir: 5)

3. Alam akherat punika dados alam kangge mujudaken keadilan, sedaya kawulanipun Allah badhe dipun wales selaras kalian amalipun. Sahingga namun pangupara saking Allah ingkang saget ngedalaken saking pasiksan punika. Rasulullah SAW ngendika:
أَللّٰهُمَّ لَا عَيْشَ اِلَّا عَيْشُ الْآخِرَةِ (متفق عليه)
“ Dhuh Gusti, boten wonten panguripan kang nyata kejawi panguripan akherat” (HR.Buchari Muslim).

4. Panguripan dunya punika satuhunipun namung apus-apusan. Allah SWT ngendika:
“ lan ora ana urip ing alam dunya iki kejaba mung lelahan lan dolanan. Lan sajatine akherat iku kang sak benere Panguripan, kalamun dheweke iku padha mangerteni”.( Al Ankabut: 64).

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Allah SWT punika zat ingkang Maha Adil lan Wicaksana, sedaya ingkang badhe dhateng tansah dipun aturaken dening Allah. Allah paring janji lan ancaman, nanging Allah paring mergi anggenipun merkoleh karidhan lan kamulyan, semanten ugi Allah paring petedah dhateng margi ingkang badhe njlomprongaken dhateng pasiksanipun Allah.
Satuhunipun gesang ing alam dunya punika namun sekedhap, dipun ibarataken kados tiyang ingkang nembe mampir ngunjuk. Ananging pagesangan ingkang sekedhap punika saget kangge sarana kangge merkoleh pagesangan ingkang langgeng lan mulya. Kosok wangsulipun ugi saget dados sarana nampi pasiksan saking ngarsa dalem Allah SWT. Kamulyan lan sengsara punika gumantung kalian kita sedaya anggenipun gatosaken lan nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Tumindak sae badhe dipun wales kanthi kesahenan lan ganjaranipun dipun tikelaken, nanging tumindak awon inggih badhe pikantuk siksa saking ngarsa dalem Allah SWT.
Kanthi mekaten minangka umat Islam kita tansah taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah lan rasulipun, manawi kita saget gegancangan kalian Alquran lan Assunnah kita badhe wilujeng dunya lan akheratipun. Akhiripun mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya margi ingkang leres, kados marginipun tiyang-tiyang ingkang sampun pinaringan pitedah lan sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun bendoni, amin.