Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Khubah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

10/15/2013

Jaga Kehormatane Wong Islam, Khutbah Bahasa Jawa


Sesami tiyang Islam punika sedherek, kathah ayat Alquran lan hadits nabi Muhammad SAW ingkang ngaturaken mekaten punika. Pramila ing antawis setunggal muslim kalian muslim sanesipun punika kedah sami ningkataken raos welas-asih, tulung tinulung lan wasiat-winasiatan ing perkaws kesahenan. Hadits nabi sampun ngendikakaken bilih tiyang Islam kalian sanesiapun dipun ibarataken setunggaling bangunan ingkang sami paring kekiatan. Wonten ugi ingkang ngendikakaken ing anatawis setunggal tiyang Islam kalian sanesipun punika kados setunggal badan, menawi salah setunggalipun sakit sanesipun ugi badhe ngraosaken sakit.
Tiyang Islam dhemen ngina, saget ugi ingkang dipun ina langkung sae tinimbang ingkang ngina, mekaten punika sampun cetha dipun ngendikakaken dening Allah SWT.Kanthimekaten prayoginipun menawi wonten awonipun tiyang Islam sanes kedah dipun emutaken kanthi sae. Jalaran menawi paring pemut dhateng muslim sanes sak jatosipun niku namung paring pimut dhateng pribadinipun piyambak. Kangge jelasipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِىْ جَعَلَنَا أُمَّةً وَسَطًا لِنَكُوْنَ شُهَدَاءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ عَلَيْنَا شَهِيْدًا. اَشْهَدُ اَنْ لآاِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ, اَمَّابَعْدُ: فَيَااَيُّهَاالْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ
Para sedherek Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Wonten kesempatan khutbah punika kawula tansah paring pemut dhateng kita sedaya, mangga kita tansah ngudi ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah, kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Tentu kemawon kanthi usaha lan ikhtiar kanthi saestu, jalaran satuhunipun manungsa punika dipun ciptakaken dening Allah kanthi sak bagus-baguse kedadosan. Malah wonten ing salebetipun Alquran, tiyang Islam punika dipun titahaken dening Allah minangka sak bagus -baguse umat.
Kangge nglestantunaken kasempurnanipun manungsa lan pinilihipun umat Islam kita tansah ngudi sifat welas-asih, mong- tinemong, wasiat-winasiatan saperlu njagi kehormatanipun tiyang-tiyang Islam. Allah SWT sampun paring pemut dhateng kita sedaya:
“Satemene wong-wong kang padha seneng yen (kabare) lelakon kang banget alane iku sumebar ana ing kalangane wong-wong kang padha iman, iku bakal nampa pasiksan kang banget larane ana ing dunya lan ing akherat. Lan Allah mirsani, sedheng sira kabeh ora padha mangerteni (QS. Annur: 19)

Ayat Alquran punika ngengetaken dhateng kita, bilih menawi wonten ala lan kekiranganipun sedherek muslim boten pareng dipun sebaraken. Malah prayoginipun dipun tutup kanthi paring pemut bilih ing dunya punika boten wonten manungsa ingkang sampurna, kejawi tiyang ingkang tansah ngudi kasempurnan. Kita kedah enget bilih tiyang ingkang nyebaraken aibipun sedherek muslim punika boten langkung sae, margi Allah SWT sampun ngengetaken dhateng kita:
“ He wong-wong kang padha iman, aja nganti sawiji kaum ngina marang kaum liyane (jalaran) kena uga kaum (kang ina iku) luwih apik tinimbang kaum (kang ngina)”. (QS. Al Hujurat: 11)
Kanthi mekaten ing ayat saterasipun Allah ngengetaken:
“He wong-wong kang padha iman, padha ngadohana saking akeh-akehe penyana, satemene saperangan saking penyana iku dosa lan sira kabeh aja padha nggolek-golek kesalahane wong liya lan setengah sira aja ngandha (ngrasani) ala marang setengah liyane”. (QS. Al Hujurat: 12)

Para sedherek Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Kanthi mekaten minangka dados akhlaq ingkang luhur, menawi wonten aibipun sedherek muslim kita usahakaken ampun ngantos sumebar, amargi sajatosipun aibipun sedherek muslim punika ugi aibipun pribadinipun piyambak, mekaten punika midherek pangandikanipun rasul. Kita boten dipun parengaken nyebaraken aibipun sedherek muslim lan dipun dhawuhi jagi kehormatanipun amargi:
1. Antawis sesami muslim dipun ibarataken kados satunggaling bangunan, rasul ngendika:
اَلْمُؤْمنُ لِلْمُؤْمِنِ كَالْبُنْيَانِ يَشُدُّ بَعْضُهُ بَعْضاً (متفق عليه)
“Wong mukmin siji kelawan liyane kaya dene bangunan kang bagian-bagiane padha ngukuhake”. (HR.Buchari Muslim).

2. Antawis sesami muslim dipun ibarataken kados setunggal jasad (badan), Rasulullah SAW ngendika:

مثَلُ الْمُؤْمِنِيْنَ فِي تَوَادِّهِمْ وتَرَاحُمِهِمْ وتَعَاطُفِهِمْ ، مَثَلُ الْجَسَدِ إِذَا اشْتَكَى مِنْهُ عُضْوٌ تَداعَى لهُ سَائِرُ الْجَسَدِ بِالسَّهَرِ والْحُمَّى " متفقٌ عليه .
“ Perumpamaan wong-wong mukmin ing dalem pada nrisnani, welas-asih lan pada nyantuni iku kaya dene awak sawiji. Lamun salah sawijine awak krasa lara, mangka kabeh awak ngrasakake lara, merga melu ngrasakake lara, jumeneng, ora isa merem, sarta krasa panas”. (HR. Buchari Muslim)
3. Antawis sesami muslim punika dados sedherek, rasul ngendika:
اَلْمُسْلِمُ أَخُو الْمُسْلِمِ ، لَا يَظْلِمُهُ ، وَلَا يُسْلِمُهُ ، مَنْ كَانَ فِيْ حَاجَةِ أَخِيْهِ كَانَ اللهُ فِيْ حَاجَتِهِ ، وَمَنْ فَرَّجَ عَنْ مُسْلِمٍ كُرْبةً فَرَّجَ اللهُ عَنْهُ بِهَا كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ ، وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِماً سَتَرهُ اللهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ (متفقٌ عليه)
“Wong Islam siji kelawan liyane iku dadi sedulur. Aja nganiaya, aja nyerahke marang musuhe. Sapa wonge aweh pitulungan marang sedulure, mangka Allah bakal nulung ing dalem hajate. Lan sapa wonge maringi kelonggaran marang muslim liyane nalika nampa susah, mangka Allah bakal maringi kelonggaran wong iku seka susah saking akehe kesusahan ing dina Qiyamat. Lan sapa wonge nutupi aibe sawijine muslim, mangka Allah bakal nutupi aibe wong iku ing dina Qiyamat”. (HR. Buchari Muslim)
4. Allah bakal bikak aibipun tiyang-tiyang ingkang dhemen bikak aibipun sesami muslim, Rasulullah SAW ngendika:
لَاتُؤْ ذُواْ عِبَادَ اللهِ وَلَا تُعَيِّرُوْهُمْ وَلَا تَطْلُبُواْ عَوْرَاتِهِمْ فَاِنَّهُ مَنْ طَلَبَ عَوْرَةَ أَخِيْهِ الْمُسْلِمِ طَلَبَ اللهُ عَوْرَتَهُ حَتَّى يَفْضَحَهُ فِيْ بَيْتِهِ (رواه احمد)
“Sira aja pada gawe pilara kawulane Gusti Allah lan aja ngelek-elek. Aja goleki aibe dheweke, merga, sapa wonge goleki aibe sedulure kang pada muslim, yekti Allah bakal goleki aibe hingga aibe teka ngumahe”. (HR. Ahmad)

Para sedherek Kaum Muslimin Rahimakumullah.
Aib punika ingkang dados cacatipun sedaya tiyang, kanthi aib punika kathah tiyang ingkang ical kehormatanipun. Kanthi mekaten, midherek saking Alquran lan hadits nabi sinaosa sedaya tiyang mesthi gadhai aib, kita boten dipun parengaken nyebaraken aibipun liyan. Margi saget ugi ingkang nyebaraken aib punika boten langkung sae. Malah saget ugi aibipun piyambak ingkang badhe sumebar. Pramila mangga kita nyuwun dhateng Allah, mugi-mugi dipun tebihaken saking sifat lan akhlaq punika, amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

10/11/2013

Akhirat Gesang Ingkang Sak Nyatane, Khutbah Bahasa Jawa


Gesangipun manungsa punika, mawi alam dunya lan akhirat. Alam dunya punika namung sekedhap, dipun ibarataken kados tiyang ingkang nembe mampir ngunjuk. Kanthi mekaten alam dunya punika panggenanipun pados sange kagem merkoleh pagesangan ingkang langkung sae lan langgeng.
Akerat punika gesang ingkang boten wonten watesipun, ing alam akherat sedaya tiyang badhe nampi amal saking pedamelanipun piyambak-piyambak. Ingkang dhemen damel kesahenan badhe dipun wales kanthi ganjaran mlebet ing Suwarga lan ingkang dhemen damel maksiat badhe dipun lebetaken wonten neraka. Mila mekaten sajatosipun akherat punika pagesangan ingkang sak nyatanipun, kita serat mawi khutbah Jum'at.
ألْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى أَلَّفَ بِالْاِسْلَامِ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ, وَالَّذِى اَوْجَبَ بِالْاِتِّحَادِ وَحَرَّمَ التَّفَرُّقَ فِى كِتَابِهِ الْمُبِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ هَدٰى مَنْ شَآءَ اِلَى الصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُدَاعٍ اِلَى الطَّرِيْقِ الْقَوِيْمِ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Boten wonten wasiat ingkang langkung utami, kejawi wasiat taqwa. Pramila kanthi mekaten kawula tansah ngajak dhumateng panjenengan sedaya, manggga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan niliar sedaya awisanipun. Mugi-mugi kanthi mekaten tansah dipun paringi margi ingakang leres selaras kalian dhawuhipun Allah SWT.
Kanthi dasar taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah, insya-Allah kita badhe wilujeng wiwit dunya dumugi akherat samangke. Allah SWT ngendika:
“Mangertiya, satuhune panguripan dunya iki namung dolanan lan guyonan kang nglalekake, papahes lan umuk-umukan ing antarane sira kabeh lan akeh-akehan bandha lan anak, kaya dene udan kang tandurane nggumunake wong-wong tani, tumuli tetanduran iku dadi garing lan sira tingali kelire dadi kuning tumuli ancur. Lan ing akherat (sesuk) ana pasiksan kang nemen lan pangapura saking Allah sarta palilahe. Lan panguripan dunya iki ora ana liya namung kasenengan kan apus-apusan”. (QS. Al Hadid: 20)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Saking ayat Alquran punika kita saget mendhet hikmahipun:
1. Panguripan ing alam dunya sapunika satemah boten langgeng, sawekdal-wekdal sedaya gebyaripun dunya badhe dipun tilar. Sedaya bandha, pangkat, jabatan, putra lan keluarganipun badhe dipun tilar. Boten wonten rencang kejawi namung amalipun piyambak. Rasulullah SAW nate ngendika:
يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلاثَةٌ : أَهْلُهُ وَمالُهُ وَعَمَلُهُ: فَيَرْجِعُ اثْنَانِ. وَيَبْقَى وَاحدٌ: يَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ " متفقٌ عليه
“ Telung perkara kang bakal barengi mayit, keluarga, bandha lan amale. Nuli kang loro balik lan namung siji kang ngantheni. Keluarga lan bandha bakal balik lan amale bakal ngantheni (HR.Buchari Muslim).

2. Allah SWT mendhet tamsil, kanthi toya jawah ingkang saget gesangaken tethukulan, malah nalika ing musim panas kathah tanduran sami pejah, nanging lajeng turun jawah sahingga tanduran dados ijo royo-royo. Kanthi mekaten kathah manungsa sami supe menawi sawekdal-wekdal ancur, Allah SWT ngendika:
“ He manungsa, satemene janji Allah iku bener, mula babar pisan aja nganti kahuripan dunya mbujuk marang sira, lan aja nganti sira kabeh kabujuk dening wong kang wasis mbujuke ngenani Allah” (S.Al Fathir: 5)

3. Alam akherat punika dados alam kangge mujudaken keadilan, sedaya kawulanipun Allah badhe dipun wales selaras kalian amalipun. Sahingga namun pangupara saking Allah ingkang saget ngedalaken saking pasiksan punika. Rasulullah SAW ngendika:
أَللّٰهُمَّ لَا عَيْشَ اِلَّا عَيْشُ الْآخِرَةِ (متفق عليه)
“ Dhuh Gusti, boten wonten panguripan kang nyata kejawi panguripan akherat” (HR.Buchari Muslim).

4. Panguripan dunya punika satuhunipun namung apus-apusan. Allah SWT ngendika:
“ lan ora ana urip ing alam dunya iki kejaba mung lelahan lan dolanan. Lan sajatine akherat iku kang sak benere Panguripan, kalamun dheweke iku padha mangerteni”.( Al Ankabut: 64).

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Allah SWT punika zat ingkang Maha Adil lan Wicaksana, sedaya ingkang badhe dhateng tansah dipun aturaken dening Allah. Allah paring janji lan ancaman, nanging Allah paring mergi anggenipun merkoleh karidhan lan kamulyan, semanten ugi Allah paring petedah dhateng margi ingkang badhe njlomprongaken dhateng pasiksanipun Allah.
Satuhunipun gesang ing alam dunya punika namun sekedhap, dipun ibarataken kados tiyang ingkang nembe mampir ngunjuk. Ananging pagesangan ingkang sekedhap punika saget kangge sarana kangge merkoleh pagesangan ingkang langgeng lan mulya. Kosok wangsulipun ugi saget dados sarana nampi pasiksan saking ngarsa dalem Allah SWT. Kamulyan lan sengsara punika gumantung kalian kita sedaya anggenipun gatosaken lan nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Tumindak sae badhe dipun wales kanthi kesahenan lan ganjaranipun dipun tikelaken, nanging tumindak awon inggih badhe pikantuk siksa saking ngarsa dalem Allah SWT.
Kanthi mekaten minangka umat Islam kita tansah taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah lan rasulipun, manawi kita saget gegancangan kalian Alquran lan Assunnah kita badhe wilujeng dunya lan akheratipun. Akhiripun mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya margi ingkang leres, kados marginipun tiyang-tiyang ingkang sampun pinaringan pitedah lan sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun bendoni, amin.

9/19/2013

Hikmah Ibadah Qurban, Khutbah Basa Jawa


Ibadah Qurban salah setunggalipun ibadah ingkang dipun tindakaken dening nabi Ibrahim Khalilullah, piyambakipun dipun paringi kanugrahan kathah dening Allah ananging piyambakipun ugi dipun uji dening Allah kanthi ujian ingkang awrat. Nyembelih dhateng putranipun kinasih ingkang dipun tenggo lahiripun. Ananging nalika putranipun inggih nabi Ismail sampun dumugi yuswa remaja Allah paring dhawuh supatos nyembelih dhateng putranipun. Nanging margi taatipun dhateng Allah sedaya dhawuhipun Allah dipun tindakaken, Allah nggantos Ismail kanthi domba.Sasampunipun kedadosan punika Ibrahim ing saben tahunipun nindakaken qurban.

Qurban minangka wujud raos syukur dhateng Allah SWT, syukur amargi manungsa sampun dipun paringi kanugrahan ingkang kathah. Ibadah qurban mengku hikmah ingkang kathah, saterasipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.



Kaum muslimin jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Wulan punika kita sampun mlebet ing wulan akbar, wulan bersejarah kagem tiyang Islam, amargi ing wulan punika sedaya kaum muslimin dipun engetaken malih kalian peristiwa bersejarah, inggih punika ibadah qurban lan ibadah haji. Qurban minangka ibadah ingkang dipun melai saking dhawuhipun Allah dhumateng nabi Ibrahim supados nyembelih dhateng putranipun ingkang sampun dipun tengggo-tenggo lahiripun.
Ibrahim rasul pilihan sahingga sedaya dhawuhipun Allah dipun tindakaken, boten namung bandha donya ngantos putra kinasihipun menawi dipun kersakaken dening Allah yektos dipun paringaken kanthi ikhlas. Mekaten punika amargi iman lan taqwanipun sampun kiyat, sahingga ngrumaosi bilih manungsa punika makhlukipun Allah, manungsa dipun paringi kesempurnaan dening Allah. Lan sak wekdal-wekdal peparingipun Allah punika dipun suwun malih inggih badhe dipun aturaken kanthi penggalih ingkang legawa.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd.
Jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Saderengipun nindakaken dhawuhipun Allah, inggih punika motong dhateng jangganipun Ismail (putranipun), langkung rumiyin piyambakipun paring kabar dhateng putranipun lan nyuwun pemanggihipun:“He putraningsun, ngger satemene ingsun mirsani sajrone sare, menawa ingsung nyembelih marang kang salira. Mula coba pikiren kepriye mungguh kang salira? (QS. Ash Shaffat: 102)

Kanthi pangendikanipun Ibrahim punika, Ismail ngendika:

“ Dhuh rama, rama kawula aturi nindakaken punapa ingkang dipun dhawuhaken dhumateng panjenengan. Insya-Allah panjenenngan badhe manggihi ingkang putra kalebet tiyang-tiyang ingkang sabar”. (QS. Ash Shaffat: 102)

Ismail, manut lan mituhu dhateng pangandikanipun ingkang rama. Kanthi i’tikat bilih ramanipun namung nindakaken dhawuhipun Allah. Pramila nalika antawis rama lan putra badhe nindakaken dhawuhipun Gusti Allah, Ibrahim sampun siap-siap badhe motong jangganipun Ismail, Allah SWT gadhahi kersa ingkang boten dipun mangertosi dening kawulanipun.

“Rikala saklorone (Ibrahim lan putrane) wus padha pasrah lan Ibrahim bubukake miring putrane kanthi meteg pilingan, (kanyata pancen saklorone padha sabar). Lan Ingsun undang dheweke: He Ibrahim, satemene sliramu wis ambeberake impenira iku, sejatine hiya mengkono iku Ingsun paring piwales marang wong-wong kang padha tumindak bagus, sajatine iki pancen temenan pacoban kang cetha”. (QS. Ash-Shaffat: 103-106)

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd.
Jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Saking kedadosan punika sahingga minangka mujudaken raos syukur dhateng Allah tumuli Ibrahim nindakaken qurban ing saben tahunipun ing salebetipun dinten-dinten tasyrik. Jalaran ingkang mekaten punika sampun jelas dhawuhipun Allah SWT:


" Satemene Ingsun wus maringake marang sira kenikmatan kang akeh, mangka tindakna shalat lan qurbana, satemene sapa kang serik marang dheweke iku kang dipedhot (saka rahmate Allah)". (Al Kautsar: 1-3).

Kaum muslimin jema’ah shalat id Rahimakumullah.
Ibadah Qurban mungguhipun tiyang Islam mengku gati:
1. Qurban mujudaken raos iman lan taqwanipun dhateng Allah, sampun jelas pangendikanipun Allah:

" Daging-daging lan getihe hewan qurban iku ora bakal nggayuh karidhane Allah. Nanging kang bisa mahanani kagayuhe karidhane Allah iku taqwanira marang Allah SWT". (Al Haj: 37).

Wonten ing dalem hadits ingkang dipun riwayataken dening imam Tirmudzi rasul ngendika bilih ora ana amal ing riyaya qurban kang luwih didhemeni Allah kejaba nyembelih kewan qurban. Satuhune sisuk ing dina qiyamat bakal teka kelawan sungu-sungune, wulu-wulune, kuku-kune. Satuhune Allah bakal nampa ibadah qurban sadurunge getihe kewan qurban durung netes ing lemah. Mangka beja kanggo wong kang nindakake qurban.

2. Ibadah qurban minangka sarana kangge dhedhepe (taqarrub) dhateng Allah ingkang dipun melai kanthi usaha ngalahaken hawa nafsu.
Satuhunipun ing salebetipun makarya, umumipun sami gadhah pemanggih bilih kebetahanipun gesang tambah kathah lan dereng kacekapan, ananging pranyata sampun dumugi malih ing wulan dzulhijjah, wulan kangge nindakaken qurban. Sekedhik kedah saget ngeker dhateng sedaya kabetahanipun, saperlu dipun tanjakaken kangge nindakaken qurban. Sabar sawetawis anggenipun ngumbar dhateng hawa nafsu, dipun pangkas kalian simbol motong dhateng hewan qurban. Minangka pralambang nebihaken saking sifat-sifat hayawaniyah, kodos sifat saking serigala simbol saking sifat kejem lan dhemen nindes, sifat saking tikus pralambang sifat licikipun, sifat saking segawon pralambang saking sifat tipu muslihat, sifatipun domba pralambang saking sifat manembah dhateng makhluk.
3. Ibadah qurban badhe mujudaken pasedherekan, tulung tinulung lan mong-tinemong, amargi kanthi ibadhah qurban para aghniyak saget nindakaken qurban. Sak terasipun dagingipun qurban dipun bagi-bagikaken dhateng para fakir miskin.
4. Amargi qurban punika ingkang dipun tingali dening Allah inggih punika iman lan taqwanipun, sahingga Allah badhe paring karohmatan dhateng kawulanipun kasebat ing dalem Alquran surat Ath-Thalaq: 2-3:

...sapa wonge kang taqwa marang Allah mesthi Panjenengane bakal dadekake kajembaran kanggo dheweke, lan maringi rizki saking jurusan kang ora den kira-kirakaken. Lan sapa wonge kang tawakal marang Allah, mesthi Allah bakal nyukupi (keperluwane) dhewekne.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd.
Jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Pramila beja sanget dhateng kaum muslimin ingkang saget nindakaken qurban ing saben tahunipun. Semanten ugi beja sanget dhateng kaum muslimin ingkang sampun saget nindakekan ibadah haji. Lan kita do’a- aken sedaya kaum muslimin khusipun jama’ah haji Indonesia lan langkung utami dhateng jama’ah haji kabupaten Wonosobo, mugi-mugi tansah pinaringan derajat kesehatan paripurna.
Kanthi sehat insya-Allah badhe gampil anggenipun nindakaken sedaya syarat, rukun, wajib lan sedaya amalan-amalan sunnah haji, akhiripun pikantuk derajad haji ingkang mabrur. Sahingga gesangipun, sehatipun, bandanipun, ilmunipun saget dipun ginakeken kangge kemajengan agami Islam, sahingga tansah paring manfaat dhateng masyarakat, bangsa lan agami, saget dados teladhan ing salebetipun masyarakat.
Akhiripun kita nyuwun dhateng Allah mugi-mugi ibadah qurban ingkang dipun tindakaken dening sedaya umat Islam badhe nuwuhaken semangat berkorban ing sak dangunipun gesang. Dhemen nginfakaken bandha, tenaga, ilmu, malah wekdal sehat lan gesangipun dipun ginakaken kangge nyempurnakaken anggenipun ngibadah dhateng Allah.
Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, kados pitedah ingkang dipun paringaken dhateng tiyang-tiyang ingkang dipun paringi mapinten-pinten nikmat lan sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun bendoni.

8/31/2013

Usaha Nyegah Faham Komunis, Khutbah Bahasa Jawa


Pancasila minangka azas tunggal negari Republik Indonesi, sampun dipun uji kanthi badhe dipun gantosipun dasar negari Pancasila kanthi dasar komunis. Ingkang jumbuh malah paten pinaten sesami warga negari Indonesia,benten kalian Pancasila ingkang dados pemersatu bangsa. Penduduk Indonesia kanthi maneka warna seni, budaya, ras, agama sami paring pikuramatan. Malah ing perkawis agami wonten stilah inggih punika tholeransi antawis umat beragama.
Faham komunis  boten selaras kalian aturan agami lan aturan pemerintah. Kanthi mekaten faham punika kedah dipun cegah supatos boten sumebar ing negari Indonesia. Nyegah dhateng faham komunis punika dipun tindakaken dening sedaya masyarakat, leres saking pemerintah, tokoh agama, tokoh masyarakat lan sedaya masyarakat umumipun. Kangge gamblangipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.

َلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْاِنْسَانَ فِى أَحْسَنِ تَقْوِيْمِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Kaum muslimin jema’ah shalat Jum’ah Rahimakumullah.
Sasampunipun kita tingkas anggenipun nindakaken shiyam Ramadhan, tumuli kita mlebet ing wulan Syawal, wulan kangge buktikaken ketaatan kita dhateng Gusti Allah. Bilih akhir saking ibadah puasa inggih punika kita badhe dipun angkat derajatipun dados tiyang-tiyang ingkang taqwa (la’allakum tattaqun). Tiyang taqwa inggih punika ingkang saestu anggenipun nindakaken dhawuhipun Gusti Allah lan nilar sedaya ingkang dipun awisi dening Allah SWT.
Kanthi punika nalika kita nindakaken puasa Ramadhan yektos kita tansah budidaya ngreksa manah kita, lisan kita, badan kita, talingan kita, soca kita, malah berusaha njejegaken hawa nafsu kita saperlu supados nderek anggenipun nindakaken ngibadah dhateng Gusti Allah. Kanthi mekaten nalika mlebet ing wulan Syawal tiyang-tiyang Islam dipun konduraken dados fitrah, kados bayi ingkang nembe lahir, dipun ngapura sedaya kalepatanipun dening Gusti Allah amargi kita sampun menang anggenipun njejegaken lan ngluhuraken asma dalem Allah SWT.
Kanthi mekaten sasampunipun kita mlebet ing wulan Syawal ngantos dinten sapunika punapa peningkatan ibadah sasampunipun Ramadhan. Kasunyatanipun menawi kita gatosaken wonten ingkang biasa-biasa mawon, malah wonten ingkang mandhap. Midherek saking pengendikanipun Rasulullah SAW sak sae-saenipun tiyang ingkang iman inggih punika ingkang langkung sae. Dinten ingkang badhe dhateng langkung sae tinimbang dinten sapunika.
Kanthi mekaten kangge mujudaken kasempurnaning ngibadah lan kangge njagi fitrahing qalbu tiyang-tiyang ingkang taqwa wonten gangsal perkawis ingkang kedah kita tindakaken:
1. Netepaken shalat gangsal wekdal, lan langkung utami dipun tindakaken kanthi jama’ah. Setunggal wulan kita sampun nglatih dhateng pribadi kita piyambak. Shalat gangsal wekdal punika dados pokokipun ibadah, kedah dipun tindakaken ing pundi papan lan panggenan. Leres nalika mukim punapa dados musyafir. Shalat gangsal wekdal inggih kedah dipun tindakaken ing kawontenan punapa mawon, leres nalika tasih sehat lan ugi nalika sakit, nalika ribet punapa malih nalika gadhahi wekdal longgar. Ampun ngantos shalat gangsal wekdal punika dipun tilaraken, amargi nalika kita shalat artosipun kita nembe ngadhep dhateng Allah, zat ingkang Maha Agung, Maha Welas Asih, Maha Kuwaos, maha Ngudanani sedaya seja kawulanipun gusti Allah lan saterasipun.

“Kalamun dheweke kabeh padha mertobat lan jumenengake shalat serta padha bayar zakat, mula awehana kebebasan dalan mlaku marang dheweke kabeh. Satemene Allah iku Agung Pangapurane lan Agung Welase”. (QS: Attaubah: 5)

اِنَّ بَيْنَ الرَّجُلِ وَبَيْنَ الشِّرْكِ وَالْكُفْرِ تَرْكُ الصَّلَاةِ
“Satuhune antarane wong lanang lan antarane syirik lan kufur iku ninggalake shalat (lamun shalat ditinggalake mangka dadi kufur) (HR. Muslim).

2. Nglanggengaken anggenipun maos Alquran, setunggal wulan kita sampun unggul-unggulan anggenipun maos Alquran. Mangga dipun terasaken maosipun, mangkaji maksud lan kandunganipun Alquran. Kanthi Maos lan mirengaken tiyang maos Alquran Allah badhe ngluberaken rahmatipun. Kanthi Rahmatipun Allah sedaya badhe tuwuh raos asih kinasihan, dipun ibarataken kewan ingkang galak boten badhe nedhi dhateng anakipun. Punapa malih manungsa ingkang ghadahi akal lan pitedah agami.

اِقْرَؤُاالْقُرْآنَ فَاِنَّهُ يَأْتِىْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيْعًا لِاَصْحَابِهِ
“Wacanen Alquran! Satemene dheweke bakal teka ing dina Qiyamat kanggo aweh syafaat maring wong-wong kang maca” (HR. Muslim)

3. Nglanggengaken anggenipun nindakaken qiyamul lail, lan shalat-shalat sunnah sanesipun. Tiyang Islam ampun rumaos sampun sempurna anggenipun nindakaken ibadah, ampun rumaos sampun cekap anggenipun nindakaken ibadah. Kanthi mekaten raos lembah manah punika kita wujudaken kanthi ngestokaken sunnahipun rasul inggih punika nindaken shalat sunnah. Shalat sunnah kathah jenisnipun kanthi fadhilah boten sami. Kanthi mekaten tiyang Islam badhe pikantuk fadhilah menawi dhawuh rasul dipun tindakaken. Yentos badhe ngghadahi raos caket dhateng Allah. Rasul ngendika bilih shalat sunnah punika minangka kangge nyempurnakaken shalat fardhu.

4. Dipun tindakaken zakat, infaq lan shadaqahipun. Sasampunipun ngedalaken zakat mal lan zakat fitrah, mangga infaq lan shadaqahipun dipun giyataken. Zakat Infaq lan shadaqah punika minangka wujud welas asih dhateng para fakir miskin. Rasululah SAW ngendika:
اَلرَّاحِمُوْنَ يَرْحَمُهُمُ الرَّحْمٰنُ وَمَنْ لَا يَرْحَمُ لَايُرْحَمُ
“Wong-wong kang paring welas asih (maring liyan) bakal di welasi dening Gusti kang Maha Murah. Lan sapa wonge ora welas asih (marang liyan) ora bakal di welasi dening Allah”.

Allah badhe paring welas asih dhateng kawulanipun menawi kawulanipun welas asih dhateng sesaminipun.

5. Nindakaken ta’lim/ pengaosan, mulang utawi dipun wulang. Kanthi sregep anggenipun nindakaken pengaosan yakin qalbu badhe tansah kajagi fitrahipun. Kanthi sregep nindakaken taklim kita badhe mangertosi kekiranganipun piyambak. Punapa malih kesalahan anggenipun nindakaken ibadah, ngingingi ibadah hablun minallah lan hablun minannas. Yakin kanthi sregep nindakaken taklim badhe jembar penggalihipun, kathah pangertosanipun lan wicaksana ngadhepi sedaya perkawis. Lan akhiripun badhe dados tiyang Islam ingkang iman, taqwa lan caket dhateng Allah SWT. Malah para alim paring pangendika bilih “tiyang ingkang purun ngudi ilmu badhe dados tiyang bodho” tegesipun bilih bodho amargi kathah ilmu lan pengertosan ingkang dereng dipun mangertosi. Punapa malih dipun bandingaken kalian ilmunipun Allah kasebat ing dalem surat Al Kahfi. Toya segara dipun ginakeken kangge nulis ilmunipun Allah lan dipun tambah malih yektos ilmunipun Allah boten badhe telas. Lan ilmu kita ibaratipun setunggal tetes toya wonten ing seganten. Allah ghadahi ilmu ingkang boten winates nanging Allah tansah welas asih, sinaosa sedaya makhlukipun Allah sami ingkar dhateng Allah yektos boten badhe ngirangi dhateng kawicaksananipun Allah. Lan sedaya makhluk sami sami taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah inggih boten badhe nambah luhuripun Allah. Allah boten gumantung kalian makhlukipun. Kosok wangsulipun makhluk ingkang gumantung dhateng Allah. Kanthi mekaten mangga kita dandosi anggen kita manembah lan ngabekti dhateng Allah. Mugi ingkang kita tindakaken pikantuk ridha saking ngarsa dalem Allah SWT, amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

8/30/2013

Mujudaken Masyarakat Beragama, Khutbah Bahasa Jawa


Pancasila dados dasaripun negari Indonesia, senaosa mekaten negari Indonesia ngakeni wontenipun agami lan tansah paring perlindungan kagem masyarakatipun nidakaken agami. Kanthi punika kangge mujudaken katentremanipun masyarakat prayogi menawi sedaya tiyang tansah taat lan mituhi dhateng agami ingkang dipun anut. Jalaran menawi kita gatosaken boten wonten agami Ingkang nedahaken dhateng margi ingkang sasar, sedaya agami nedahaken kesaenan.
Agamai Islam tansah paring pitedah dhateng kesaenan, menawi wonten tiyang Islam ingkang dhemen damel kerisakan, amargi tiyang punika dereng saget nindakaken dhawuhipun Allah kanthi saestu lan leres. Contonipun shalat punika kangge nemtukaken tiyang punika sae utawi boten sae. Pramila kangge gamblangipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at mawi basa Jawa.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُوْدُوْا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَمَنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Negara Indonesia dipun wujudaken dening para pemimpin ingkang tansah ngugemi piugeranipun agami. Sahingga wiwit saking usaha perang nglawan dhateng para penjajah tansah dipun lembari kanthi kalimat takbir “Allahu Akbar”. Kanthi mekaten boten selak malih, pengakenan punika dipun cathet wonten ing salebetipun Pembukaan Undang-undang dasar 1945. “Atas berkat rahmat Allah Yang Maha Kuasa dan dengan didorongkan oleh keinginan luhur supaya berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini kemerdekaannya”.
Kanthi dasar punika nedahaken, bilih negari Indonesia tansah ngakeni wontenipun agami, lan para penganutipun dipun lindungi dening undang-undang. Ananging negari Indonesia sanes nagara agama, ananging Pancasila minangka dasar negara Indonesia. Kanthi Pancasila sedaya agama dipun jamin lan dipun lindungi dening pemerintah. Kosok wangsulipun negari Indonesia boten marengaken dasar negara komunis, inggih punika ingkang boten ngakeni wontenipun agami. Mangga kita tansah ngudi ningkataken anggenipun ngamalaken agama. Jalaran sampun jelas bilih komunis boten cocok kalian iman lan budayanipun masyarakat Indonesia, ingkang tansah yakin wontenipun Allah SWT.
Semanten ugi anggenipun mujudaken sedaya maksud lan tujuan, ngagem cara-cara ingkang dipun garisaken dening Allah lan rasulipun, kanthi langsung utawi mawi undang-undang ingkang dipun tetepaken dening para umaro’. Cara-cara ingkang dipun tindakaken dening para komunis inggih punika ingkang marengaken sedaya cara kangge mujudaken tujuanipun. Cara mekaten punika boten dipun parengaken dening agami, kados pangandikanipun rasul:
إِنَّ الْحَلاَلَ بَيِّنٌ وَإِنَّ الْحَرَامَ بَيِّنٌ وَبَيْنَهُمَا أُمُوْرٌ مُشْتَبِهَاتٌ لاَ يَعْلَمُهُنَّ كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ، فَمَنِ اتَّقَى الشُّبُهَاتِ فَقَدْ اسْتَبْرَأَ لِدِيْنِهِ وَعِرْضِهِ، وَمَنْ وَقَعَ فِي الشُّبُهَاتِ وَقَعَ فِي الْحَرَامِ (رواه البخاري ومسلم(

“ Satuhune perkara kang halal iku wus jelas lan kang haram uga wus jelas. Ing antarane lorone ana perkara-perkara kang subhat (remeng-remeng) kang ora dingerteni wong akeh. Mangka sapa wonge kang njaga awake seka perkara kang syubhat ateges dheweke wus nylametake agama lan kinurmatane. Lan sapa wonge keplosot ing perkara kang subhat ateges keplosot ing perkara kang diharamake”. (HR. Buchari Muslim)

Kanthi mekaten sedaya tumindak ingkang boten pikantuk karidhan saking ngarsa dalem Allah SWT, yektos sawekdal-wekdal badhe damel cilaka malah badhe hancur. Mekaten punika sampun kabukten nalika faham komunis badhe katancepaken ing negara Indonesia, malah badhe nggantos dasaripun negari inggih Pancasila kanthi dasar komunis, akhiripun inggih hancur. Gerakan 30 September 1965 Partai Komunis Indonesia akhiripun hancur, sahingga ing tanggal 1 Oktober 1965 Pancasila tetep dados dasaripun negari Indonesia. Lan ing saben tanggal 1 Oktober dipun pengeti Hari Kesaktian Pancasila.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Satuhunipun hukum halal lan haram punika dipun tetepaken dening Allah, supados tumindakipun manungsa punika wonten piugeranipun. Kanthi halal lan haram punika ateges wonten tumindak ingkang kedah dipun tindakaken lan wonten tumindak ingkang kedah dipun tilar. Tiyang ingkang sampun yakin dhateng Allah badhe pitados bilih sedaya tumindak manungsa punika dipun mangertosi dening Allah. Jalaran Allah punika zat ingkang Maha Pirsa, kasebat ing dalem Alquran:
Allah badhe pitados bilih sedaya tumindak manungsa punika dipun mangertosi dening Allah. Jalaran Allah punika zat ingkang Maha Pirsa, kasebat ing dalem Alquran:
“ Lan wong-wong kafir padha ngucap: “dinane tangi saka kubur iku ora bakal teka marang kita”. Dhawuha sira (Muhammad): “mesthi teka, dhemi Pangeran Ingsun kang nguningani kang samar, sejatine kiyamat iku mesthi teka marang sira kabeh. Ora bakal diilangake saka Panjenengane sabobot semut pudhak (paribasane) kang ana ing langit lan bumi, lan (uga) ora ana kang luwih cilik saka iku lan kang luwih gedhe, kejaba kasebut ing sajrone kitab kang cetha (Lauhul Mahfuz)”. (QS. Saba’: 3)

Sasampunipun Allah mangertosi sedaya amal pedamelanipun para manungsa, Allah badhe paring piwales kanthi ganjaran suwarga utawi neraka, kasebat ing dalem Alquran surat Al Bayyinah ayat 6-9 ingkang jawinipun:

“ Sejatine wong-wong kafir saka ahli kitab lan wong-wong musyrik iku tetep manggon ana ing jero neraka Jahannam, dheweke kabeh pada langgeng ing jero neraka kana. Dheweke iku sak ala-alane makhluk.
Sejatine wong-wong kang padha iman lan nglakoni amal kang shalih, hiya iku dheweke sak apik-apike makhluk.
Piwalese dheweke kabeh ing ngersane Pangerane yaiku suwarga “Adn kang mili ing sangisore suwarga, kali-kali,dheweke kabeh padha langgeng ing jero suwarga kana sak lawas-lawase, Allah rila marang dheweke kabeh, lan dheweke kabeh uga rila marang Panjenengane (Gusti Allah). Hiya kang mengkana iku (wujude piwales) tumrap wong kang wedi marang Pangerane”.

Kanthi mekaten, menawi tumindakipun tiyang Islam ghadhahi tujuan ingkang panjang, inggih punika supados bahagia gesang ing dunya lan akherat. Ananging tiyang-tiyang komunis, namung ghadhahi tujuan bahagia gesang ing dunya kemawon. Wontenipun Gusti Allah, para malaikat, siksa kubur, ara-ara mahsyar, hisab, suwarga lan neraka piyambakipun boten pitados, sahingga tiyang komunis saget ngalalaken ingkang haram. Jalaran hukum namung wonten ing dunya kemawon ingkang dipun damel dening manungsa.
Kanthi mekaten perjuangan lan pengorbananipun para pahlawan kita ingkang tansah ngugemi agami, mangga kita uri-uri kita teladhani, supados negari Indonesia dados negarai ingkang aman, sentaosa, tata, titi, tentrem kerta raharja, gemah ripah loh jinawi, kanthi pikantuk ridha saking ngarsa dalem Allah SWT, amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

8/15/2013

Ashoring Manungsa, Khutbah Bahasa Jawa

Ashoring derajatipun mangungsa satuhunipun dipun temtukaken dening manungsa punika piyambak. Jalaran Gusti Allah sampun paring derajat bilih manungsa punika dipun ciptakaken dening Allah saking sak bagus-bagusipun wujud. Ananging mergi manungsa punika dipun paringi hawa nasfu sahingga qalbu ingkang suci dados kotor. Kanthi punika sak lajengipun ewet anggenipun sesambetan kalian Gusti Allah. Prasasat sinaosa Gusti Allah punika caket ananging raosipun tebih, manungsa donga nanging donganipun kados boten dipun mireng dening Allah.
Kanthi punika kamulyaning manungsa, tentu dipun ajeng-ajeng dening sedaya manungsa, utaminipun tiyang Islam, satuhunipun sampun dipun gembleng ing dalem setunggal wulan ing wulan Ramadhan. Kangge gamblangipun kula aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.

اَلْحَمْدُلِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ حَمْدًاكَثِيْرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيْهِ كُلَّ حَالٍ اَلَّذِى قَدْ اَوْجَبَ مِنْ نُوْرِهِ نُوْرًابِهِ عَمَّ الْهُدَى, اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُهُ لَا نَبِىَّ بَعْدَهُ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِﻥ النَّبِىِّ الْكَرِيْمِ وَالرَّسُوْلِ الْعَظِيْمِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَّحَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ أَحْيٰى سُنَّتَهُ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. فَيَآأَيُّهَالْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga kita tansah budidaya ningkataken iman lan taqwa kita dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah, jalaran kanthi mekaten kita badhe pikantuk kabekjan wiwit dunya dumugining akherat samangke.
Ing dinten punika kita sampun nilaraken wulan ingkang kathah rahmat lan maghirahipun Allah inggih punika wulan suci Ramadhan. Wulan ingkang mungguhipun Allah kangge nguji dhateng kawulanipun Allah anggenipun mujudaken kesabaran, kejujuran lan keikhlasan inggih punika kanthi nindakaken shiyam Ramadhan. Kanthi punika tiyang Islam ingkang kasil anggenipun nindakaken shiyam inggih punika ingkang pikantuk derajat taqwa, la’allakum tattaqun.
Sahingga ing tanggal setunggal Syawal kawastanan Idul Fitri dinten ingkang fitrah jalaran ing dinten punika Allah sampun paring pangapunten dhateng sedaya dosa-dosa kawulanipun, sahingga melai setunggal Syawal tiyang-tiyang Islam melai nanem lan makarya, nindakekan ngibadah dhateng Gusti Allah kanthi ingkang langkung sae. Wulan syawal ugi kawastanan wulan peningkatan sedaya amal ibadahipun dhateng Allah.
Shalat fardhunipun dipun sempunakaken, shalat sunnahipun dipun tindakaken lan shalat jamaahipun dipun giyataken. Majlis taklim dipun jumbuhaken, masjid, langgar lan mushala dipun makmuraken. Alquran dipun kaji, dipun udari makna lan kandunganipun kangge pedomanipun gesang. Infaq lan shadaqahipun dipun giyataken, shilaturakhimipun dipun lestantunaken, sahingga tansah rumaos rumaos andhap ashor lan prasoja, gedhe athi lan cilik ing pamrih. Mekaten punika mujudaken pikantuk kasil la’allakum tattaqun. Amargi taqwa boten namung lelamisan ing lathi lan boten namung pengangen-angen, ananging iktiqad ingkang sampun manggen ing athi dipun ucapaken kanthi lisanipun lan dipun tindakaken kanthi amal ibadah. Mekaten punika pangerosan ideal wulan Syawal.
Ananging ingkang dados keprihatinan bilih wulan Syawal dados dinten lebaran, inggih punika sampun lebar anggenipun nglerem hawa nafsu, sampun lebar anggenipun nindaken shalat fardhu kanthi jam’ah, sampun bibar angggenipun tindak ing majlis taklim, sampun bibar anggenipun tadarus Alquran, sampun bibar anggenipun jihad, berjuang kangge jumbuhaken Islam minangka rahmatan lil alamin kangge kemajengan umat Islam. Sahingga prasast sasampunipun mlebet ing wulan Syawal sedaya tumindak sae dipun tilaraken sahingga masjid, langgar, musholla dipun tilar dening umatipun, Alquran dipun tinggalaken, rukuh sajadah dipun canthelaken lan sakterasipun.

Mangga kita muhasabah, ngitung-ngitung dhateng awak kita piyambak-piyambak, sasampunipun kita tingkas nindakaken shiyam Ramadhan kados pundi anggen kita ngabekti dhateng Gusti Allah nindakaken amal ibadah. Menawi akhir saking wulan Ramadhan boten ningkat amal ibadahipun ananging malah mandhap, pramila tiyang-tiyang dipun umpamikaken kados kewan ingon-ingon malah langkung asor malih.
“ Lan satemene Ingsun dadekake kanggo isine neraka Jahannam akeh-akehe sangka jin lan manungsa, dheweke padha duweni ati, ananging ora digunakake kanggo mahami (ayat-ayate Allah) lan dheweke padha duweni mata nanging ora digunakake kanggo ningali lan dheweke padha duweni kuping ananging ora digunakake kanggo ngrungokake (marang ayat-ayate Allah). Dheweke iku kaya dene kewan ingon-ingon malah dheweke luwih ashor, dheweke iku wong-wong kang padha lali”. (QS. Al A’rof: 179)

Hikmah saking ayat punika:
1. Akeh-akehe jin lan manungsa badhe mlebet ing neraka jahannam margi boten saget ginakaken fungsi ati, mripat lan telingan kangge ningali perkawis ingkang leres.
2. Manungsa ingkang boten saget ginakaken fungsi ati, mripat lan telingan dipun umpamakaken kados kewan ingon-ingon, malah langkung asor malih.

Sajatosipun ngibadah dhateng Allah punika kedah dipun tindaken kanthi istiqomah, inggih punika tansah ajeg syukur ningkat, kaleres ing wekdal piyambak punapa sareng tiyang sanes, leres ing wekdal sela utawi wekdal sumpek, leres ing wekdal sugih utawi miskin, leres ing wekdal sehat utawi sakit, leres ing wekdal nem utawi sepuh. Islam punika agami terkhir ingkang dipun turunaken Allah dhateng nabi Muhammad SAW.
Tiyang Jawi mastani agama inggih punika ageman, ageman ingkang resik, syukur dipun gosok lan dipun paringi minyak wangi. Yektos badhe sekeca dipun agem tur ambetipun ingkang wangi, luwes dipun pirsani. Kanthi mekaten punika agami Islam menawi dipun tindakaken kanthi saestu yektos badhe dhatengaken kemaslahatan dhateng pribadi, keluarga lan masyarakatipun. Ngibadah ugi kedah dipun tindakaen kanthi ikhlas, inggih punika namung ngajeng-ajeng ridhanipun Gusti Allah. Ngibadah dhateng Allah ugi kedah dipun tindakaken kanthi sabar, amargi sedaya tumindak manungsa mesthi wonten godha lan rubidanipun.
Tiyang Islam ingkang ngibadah kanthi istiqomah, ikhlas, sabar lan tawakal, yektos badhe dipun paringi katentreman ing ati, rumaos pikantuk perlindungan saking Gusti Allah, piyambakipun rumaos caket dhateng Allah. Sahinga tiyang ingkang mekaten punika badhe dipun paringi kanugrahan tanpa upami, boten saget dipun etang. Sahingga tiyang punika boten badhe supe tansah ngunjukaken raos syukur, kanthi tansah ningataken amal ibadahipun dhateng Allah.
Jalaran midherek ngendikanipun Rasulullah SAW, sinaosa sedaya gesangipun manungsa punika dipun ginakaken kangge ngibadah yektos dereng saget kangge bayar kanugrahanipun Allah SWT. Pramila mangga kita tansah ningkataken ibadah kita dhateng Allah SWT, kaleres ibadah maghdhah lan ghairu maghdhaipun. Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, lan mugi-mugi Gusti Allah kersa bikak manah dhateng kawulanipun ingkang dereng insaf.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

7/29/2013

Kamardikaning Diri Tumuju Jayaning Negari Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa


اَللهُ أَكْبَرُ ×٩ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا . لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَاَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَ حْزَابَ وَحْدَهُ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ: فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوِصْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ


Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Kamardikaning negari Indonesia ingkang kaping 68 ing tahun 2013, dhumawah ing wulan Syawal, inggih wulan sasampunipun sedaya umat Islam tingkas anggenipun nindakaken shiyam Ramadhan. Wulan punika kasebat wulan kamenangan amargi sampun saget ngeker hawa nafsu, wulan fitrah utawi suci amargi umat Islam ingkang sampun saget nindakaken shiyam Ramadhan namung ngajeng-ajeng ridhanipun Gusti Allah, dipun kantheni kalian bayar zakat fitrah minangka sarana kagem bersih jiwa sahingga nalika mlebet ing setunggal syawal kawontenanipun kados bayi ingkang nembe lahir saking gua garbanipun ibu.

فَمَنْ صَامَهُ وَقَامَهُ اِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا خَرَجَ مِنْ ذُنُوْبِهِ كَيَوْمٍ وَلَدَتْهُ أُمُّهُ (روا ابن حزيمه عن ابي هريرة

“ Sapa bae kang puasa Ramadhan lan jumenengake shalat ing wengine marga iman lan ngarep-arep ridhane Allah, yekti bakal dingapura dosane kaya bayi kang dilahirake ibune”. (HR. Ibnu Huzaemah saking Abu Hurairah)

Kanthi mekaten kamenangan lan kawontenan ingkang fitrah punika pas sanget kagem ningkataken semangat bela negara kanthi ningkataken raos nasionalisme lan patriotisme. Negari Indonesia ingkang badhe mengeti bebasipun saking penjajahan selami 350 tahun. Selaras kalian semangat pembangunan ing sedaya bidang, pemerintah negari Indonesia dipun adepaken kalian mapinten-pinten kedadosan ingkang boten pas kalian semangat perjungan lan pengobananipun para pahlawan. Kados pundi para pahlawan ikhlas ngurbanaken bandha lan nyawanipun namung kagem mujudaken kamardikan.

Nanging generasi sapunika selaras kalian majengipun ilmu pengetahuan lan teknologi, kabikaipun media informasi kanthi bebas, sahingga tiyang Islam ingkang boten gadhai kekiatan iman gampil kabujuk kalian tumindak ingkang nerak dhateng wewaleripun syara’. Tumindak korupsi, perjudian, seneng ngunjuk minuman keras, Narkoba lan sajenisipun, serta nindakaken pakerti ingkang nerak dhateng aturan moralitas Islam. Sedaya tumindak punika satemah sanes jiwanipun para syuhada’. Tumindak punika kedah dipun tilar.

Kanthi mekaten sasampunipun kawontenan kita fitrah lan sak bibaripun nindakaken shalat Id dipun terasaken kanthi halal-bihalal. Ing antawis setunggal tiyang kalian sanesiapun sami pasrah kalepatan, rumaos dados tiyang ingkang lepat. Boten wonten tiyang ingkang rumaos bener. Kanthi mekaten menawi sifat punika saget dipun lestantunaken inya-Allah sendi-sendi kehidupan bermasyarakat badhe dados harmonis. Manawi ing setungal tiyang kalian sanesipun sami mong-tinemong, yektos badhe mujudaken manunggalipun sedaya lapisan masyarakat, sahingga negari kita badhe tambah majeng, ing bidang ekonomi, sosial, budaya, olah raga, politik lan keamananipun. Selaras kalian pangendikanipun rasul:

لَا تَبَاغَضُوْا وَلَا تَحَاسَدُوا وَلَا تَدَابَرُواْ وَلَا تَقَاطَعُواْ وَكُوْنُواْ عِبَادَاللهِ اِخْوَانًا وَلَا يَحِلُّ لِمُسْلِمٍ اَنْ يَهْجُرَ اَخَاهُ فَوْقَ ثَلَاثٍ (رواه البخارى ومسلم)

“Sira aja padha nesu-nesunan, meren-merenan, padha mlengos-mlengosan lan medhot paseduluran, dadiya sira kawulane Gusti Allah kang nyedulur. Wong Islam orang kena ngenengake sedulure (padha muslim) punjul seka telung dina”. (HR. Bukhari Muslim).

Semanten ugi wonten pangandikan saking ahli hikmah:

اَلْاِتِّحَادُ اَسَاسُ النَّجَاحِ

“persatuan iku azase kamenangan”.


Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Semanten ugi semangat kangge mujudaken shilaturahim, sami sowan pisowanan, ngudo raos bingah lan kalepatan, sedherek ingkang sawetawis dangu boten pinanggih amargi, panggenanipun ingkang tebih lan kathahipun pedamelan sahingga boten saget pinanggih ing sak wekdal-wekdal. Sahingga ing wulan Syawal punika kita ginakaken wekdal lan kesempatan kagem ngraketaken raos pasederekan. Pasederekan kanthi pangertosan ingkang wiyar:

1. Pasederekan margi saking keturunan ingkang dipun sebabaken saking pernikahan sahingga mujudaken putra wayah ingkang dipun raketaken kalian hubungan nasab.
2. Paserekan margi saking lingkungan kita gesang, sinaosa wonten tiyang saking manca, ananging sampun dados setunggal RT, RW, Desa utawi Kelurahan sahingga dados keluarga.
3. Pasederekan margi saking setunggal iman lan keyakinan sarta agami. Kados pangandikanipun Allah “Innamal mu’minuuna ihwatun” Satuhune wong-wong mukmin iku seduluran”. (QS. Al Hujurat: 10)

Allahu Akbar 3x walillahil hamdu
Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Tahun punika satemah dados tahun politik, sahingga bedanipun pemanggih ing setunggal tiyang lan golongan kalian sanesipun kedah dipun budayakaken raos paring pahargyan lan pikurmatan. Satemah ing dunya punika boten wonten ingkang sampurna kejawi kasampurnan punika kedah kita usahakaken, boten wonten tiyang ingkang paling bener lan leres kajawi kita tansah berusaha suados dados tiyang ingkang bener lan leres.

Kanthi mekaten ing tahun politik punika prayoginipun ing saben-saben tiyang tansah ngugemi agaminipun piyambak-piyambak lan nndakaken dhawuhipun agami.khususipun tiyang Islam Allah sampun paring kautaman dados tiyang ingkang bagus:
“ Sira kabeh iku umat kang luwih bagus, kang kalahirake kanggo manungsa (kang supaya) sira kabeh padha printah marang kang makruf, lan padha nyegah marang kang mungkar, lan iman marang Allah. Saumpamane ahli kitab iku padha iman, mesthine iku luwih apik tumrap dheweke kabeh, ing antarane dheweke kabeh ana kang iman (ning) akeh-akehe dheweke kabeh iku wong-wong kang fasik”. (QS. Ali Imran: 110)

Syarat dados tiyang ingkang bagus inggih punika umat ingkang kuat imanipun lan kaping kalih tansah dhawuh nindakaken pedamelan ingkangs sae lan nyegah dhateng sedaya pedamelan munkar. Rasululah SAW ngendika:

يَارَسُوْلَ اللهِ أَيُّ النَّاسِ خَيْرٌ؟ قَالَ خَيْرُ النَّاسِ أَقْرَئُهُمْ, وَأَتْقَاهُمْ لِلّٰهِ,وَآمُرُهُمْ بِالْمَعْرُوْفِ وَأَنْهَاهُمْ عَنِ الْمُنْكَرِ, وَأَوْصَلُهُمْ لِلرَّحِمِ (رواه احمد

“Dhuh rasul, sinten manungsa paling sae niku? Rasul ngendika sak bagus-baguse wong yaiku kang paling bagus wacane(Alqur’an), paling taqwa dhumateng Allah, paling sregep ngajak tumindak kang bagus lan paling rajin nyegah mungkar lan paling rajin nyambung paseduluran”. (HR. Ahmad)

Kanthi mekaten ing setunggal wulan sampun dipun latih supados dados tiyang ingkang sabar lan sadar nindakaken dhawuhipun agami. Kita sampun nindakaken ibadah sirri kanthi mekaten kita dipun latih dados tiyang ingkang jujur. Tiyang Islam sampun dipun latih sabar supados ngeker saking dahar lan ngunjuk melai saking wekdal imsa’ ngantos suruping srengenge. Semantenugi ngeker saking hawa nafsu ingkang asal pokokipun saking margi kita mirsani, mirengeken, ngraosaken lan mikiraken, sahingga menawi boten dipun landasi kalian iman yektos manungsa badhe medal saking keimanan.

Satemene Ingsun wus nitahake manungsa kanthi wangun sak apik-apike. Banjur Ingsun balikake dheweke marang panggonan kang luwih endhek-endheke panggonan endhek (neraka). Kejaba wong-wong kang padha iman lan padha ngamal shalih, mula tumrap dheweke kabeh ganjaran kang ora ana pedhote” (QS. Attin: 4-6)

Semanten ugi sampun dipun latih kalian nindakaken ibadah shalat sunnah, tadarus Alquran lan nindakaken syi’ar Islam. Njagi kawontenan fitrah diri punika, badhe saget mujudaken jayanipun negari. Amargi pembangunan negari punika betahaken pribadi ingkang cerdas, ikhlas, sabar, jujur, disiplin, istiqomah, taqadhu’. Semangat mekaten punika sampun dipun latih ing sak lebetipun nindakaken shiyam Ramadhan.
Mugi-mugi sedaya amal ibadah ingkang sampun dipun tindakaken mugi-mugi dipun tampi dening Allah. Lan sedaya amal ibadah ingkang dereng dipun tindakaken mugi-mugi Allah tansah maringi petedah dhateng kita, margi ingkang leres inggih punika marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun paringi kamulyan lan sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun bendoni, amin.

جَعَلَنَا اللهُ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تَقَبَّلْ يَاكَرِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ وَقُل رِّبَّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرٌ رَاحِمِيْنَ


الخطبة الثنية

اَللهُ اَكْبَرُ ×٧ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَ اللهُ اَكْبَر. اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ. اَلْحَمْدُللهِ الَّذِى جَعَلَ الْيَوْمَ عِيْدًالِلْمُؤْمِنِيْنَ وَخَتَمَ بِهِ شَهْرَ الصِّيَامِ لِلْمُخْلِصِيْنَ . اَشْهَدُ اَن لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَشْهُوْرُ بِفَطَانَتِهِ وَاَمَانَتِهِ وَصِدْقِهِ وَتَبْلِيْغِهِ وَصَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ اَجْمَعِيْنَ اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَاداللهِ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى اللهُ عَنْهُ وَحَذَرَ. فَقَاَلَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَآأَيُّهاَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةِ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللّٰهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَناَ الَّذِى هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِى فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِى فِيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِى كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شرٍّ . رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

7/23/2013

Mangayubagyo Nuzulul Qur'an


Nuzulul Qur'an inggih punika turunipun Alquran, saking Louhul Mahfudz wonten Baitul Izzah utawi langit dunya. Peristiwa turunipun Alquran punika wonten ing wulan Ramadhan. Sahingga wekdal punika saterasipun dipun sebat Lailaul Qodar. Sinten tiyangipun nalika saget manggihi Lailatul Qodar punika ganjaranipun kados tiyang ngibadah 1000 wulan. Kanthi punika margi kathah fadhilahipun mangga kita mangayubagyo Nuzulul Qur'an. Kanthi mekaten kita aturaken ing dalem seratan wonten ing khutbah Jum'at.

الحمدلله رب العالمين وبه نستعين على امورالدنيا والدين. اشهد ان لا اله الاالله وحده لاشريك له واشهد ان محمدا عبده ورسوله اللهم صل وسلم وبارك علىسيدنا محمد وعلىاله وصحبه اجمعين.اما بعد: فياعبادالله اتقواالله حق تقاته ولاتموتن الا وانتم مسلمون.

Kaum muslimin jamaah Jum'ah Rahimakumullah
Ing wulan punika kita kaum muslimin dipun paringi wekdal dening Allah saperlu kangge ngawontenaken pesta ibadah, jalaran ing wulan punika sedaya amal ibadah dipun tikel matikelaken ganjaranipun wonten Ngarsanipun Allah SWT. Pramila sumangga kita sedaya tansah berusaha ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT.
Mekaten punika 14 abad kapengker Allah nurunaken Alquran dhumateng nabi Muhammad SAW, pangendikanipun Allah wonten Alquran mekaten:

شهر رمضان الذى انزل فيه القران هدى للناس وبينت من الهدى والقرقان (البقرة۱۸۵)

" pirang-pirang dina kang wus ditentukake yaiku) sasi Ramadhan, wulan kang wus diturunake Alquran kanggo pituduh marang manungsa lan penjelasan-penjelasan marang pituduh iku) (Al baqarah: 185)

Sekawan welas abad kapengker Allah maringaken Alquran dhumateng nabi Muhammad SAW minangka dados dasar, sumber hukum kagem umat Islam. Alquran dipun paringaken dhumateng nabi Muhammad punika dados kitab ingkang paling sempurna, dipun paringaken dhumateng nabi Muhammad minangka dados khotamul anbiya', penutuping para nabi. Kanthi punika sasampunipun nabi Muhammad sampun seda boten wonten Rasul malih, semanten ugi Allah sampun boten maringaken kitab suci malih.
Umat Islam kapatah dados khoirul ummah, kasebat wonten Alquran:

كنتم خير امة اخرجت للناس تأمرون بالمعروف وتنهون عن المنكر وتؤمنون بالله (ال عمران: ۱۱٠

Sira minangka dadi umat kang paling bagus kang dilahirake kanggo manungsa, ngajak marang kang makruf, nyegah marang kang munkar lan iman marang Allah (Ali Imron: 110)

Kaum muslimin jama'ah Jum'ah Rahimakumullah
Kasebat ing Kitab Duratun Nashihin bilih ing wulan Ramadhan punika para malaikat dhumawah wonten ing bumi kangge mbuktikaken pitakenanipun malaikat dhumateng Allah:

قالوا اتجعل فيها من يفسد فيها ويسفك الدماء (البقره: ٣٠

" Malaikat ndangu, Punapa Panjenengan badhe dadosaken (khalifah) ing bumi niku tiyang ingkang badhe damel kerisakan lan peperangan".

Mila nalika para malaikat temurun ing dunya punika ingkang dipun panggihi tiyang ingkang nembe ruku', sujud, tasbih lan nindakaken amalan shaleh, mila para malaikat lajeng uluk salam lan nyuwunaken pangapunten dhumateng Allah SWT.
Kejawi punika para malalaikat kalebet malaikat Jibril ngatur dhumateng urusanipun piyambak-piyambak, kasebat wonten ing Alquran:

انا انزلنه فى ليلة القدر, وما ادراكما ليلة القدر, لياة القدر خير من الف شهر. تنزل الملئكة والوح فيها باذن ربهم من كل امر سلم. هى حتى مطلع الفجر (القدر: ۵-۱)

" Satemene Ingsun wus nurunake (Alquran) ana wengi kang muya. Lan apata sira ngerti apa kanga ran wengi kang mulya iku? Wengi kang mulya yaiku luwih becik tinimbang sewu wulan. Ana wengi iku temurun para malaikat lan malaikat Jibril kang nggawa izin seka Pangerane kanggo ngatur sakabehe urusan, wengi iku (kebak) kesejahteraan teka mletheking srengenge" (Al Qodar: 1-5)

Pramila wonten ing malam lailatul qodar kasebat dados setunggaling ndalu ingkang ingkang minulya, sahingga sasintena ingkang nembe nindakaken ibadah badhe dipun cathet dening Allah kados tiyang ingkang ngibadah sewu wulan. Wujud saking ngibadah punika, sedaya kegiatan ingkang dipun tujukaken kangge madosi ridhanipun Allah. Contonipun dipun paringi panjang umur kangge nindakaken ibadah, dipun paringisi sehat lan sempat ugi damel ngibadah, dipun paringi bandha ugi dipun ginakaken damel ngibadah, dipun paringi ilmu ugi dipun ginakaken damel ngibadah lan sapanunggalanipun. Mirsani kawontenan punika para manungsa punika, para Malaikat nyuwunaken dhumateng Gusti Allah rahmat lan maghfirah lan ugi dipun paringi margi ingkang leres lan katebihaken saking mapinten-pinten cobi lan musibah. Sahingga leres pangandikanipun Allah:

قال انى اعلم مالا تعلمون

" Satemene Aku (Allah) pirsa marang apa kang ora sira mangerteni".

Pramila sumangga kita tansah mbudidaya anggenipun ngginakaken wekdal salebetipun wulan Ramadhan. Sinaosa saking hadits nabi maringi pitedah bilih Lailatul Qodar punika dhumawah sasampunipun tanggal ingkang kalihdasa sapengandhap, lan dipun tegasaken malih ing tanggal ingkang ganjil. Ananging sasagetipun kita manfaataken ing dalem detik, menit, jam, lan dinten kita ginakaken kangge mawas diri, punapa sampun imbang anggen kita nindakaken ibadah kalian maksiyat, kathah maksiyatipun punapa kathah ngibadahipun. Amargi ing wulan punika saestu Allah paring rahmat lan maghfirah wiwit saking awalipun wulan Ramadhan ngantos akhiripun wulan Ramadhan. Lan sumangga nyuwun dhumateng Gusti Allah mugi-mugi kita dipun lebetaken ing golonganipun tiyang-tiyang ingkang pinaringan taufiq saha hidayahipun, amin.

بارك الله لى ولكم فى القران الكريم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل منا ومنكم تلا وته انه هوالسميع العليم.

7/19/2013

Barakah Saking Langit lan Bumi


اَللهُ أَكْبَرُ ×٩ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا . لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَاَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَ حْزَابَ وَحْدَهُ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ: فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوِصْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ .

Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Ing dinten Fitri punika kawula wasiat dhateng awak kula piyambak, lan umumipun dhateng sedaya kaum-muslimin, sumangga kita tingkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun Allah. Kanthi iman lan taqwa Allah badhe nurunaken barokah saking langit lan bumi. Allah SWT ngendika:

ولو أن أهل القرى آمنوا واتقوا لفتحنا عليهم بركات من السماء والأرض ولكن كذبوا فأخذناهم بما كانوا يكسبون (ألاعراف:96)

“Menawa sikirane para pendhudhuke negara-negara padha iman lan taqwa, wus mesthi Ingsun bakal nurunake marang dheweke mau berkah sangka langit lan bumi, ananging dheweke padha anggorohake (marang ayat-ayat Ingsun) kuwi, akhire Ingsun siksa wong-wong mau amarga lelakone dheweke”. (Al A’rof: 96).

Maksudipun inggih punika menawi sedaya penduduk bumi sampun sami iman, ngakeni lan ngyakini sarta beneraken punapa ingkang sampun dipun beta dening para rasul, sahingga nindakkaen punapa ingkang dipun dhawuhaken arupi ketaatan lan ninggal sedaya awisanipun. Yektos Gusti Allah badhe ngluberaken rahmatipun. Turunipun jawah lan thukulipun wit-witan sahingga nuwuhaken mapinten-pinten rizki saking ngarsa dalem Allah SWT.

Mila kanthi pangendikanipun Allah punika, mangga kita ginakaken akal pikirian kita, manah lan nafsu kita kangge mahami dhateng maksud lan kandunganipun pangendikanipun Allah.
1. Umpaminipun kamum muslimin anggenipun nindakaken dhawuhuipun Allah, sampun saget katindakaken kanthi istiqomah, ikhlas, lan semata-mata namung ngajeng-ngajeng ridha saking ngarsa dalem Allah SWT.
2. Umpaminipun ukhuwah Islamiyah / pasedherekan saget saetu dipun wujudaken, bedanipun pendapat kita konduraken dhateng kaidah-kaidah hukum Islam Inggih punika Alquran lan hadits.
3. Umpaminipun umat Islam sampun sami dhemen kalian panggenan kangge ngibadah inggih punika masjid, langgar lan musholla dipun dadosaken kangge pusat ngibadah mahdhah, masjid dados pusat pendidikan lan pelatihan, masjid dados pusat kosultasi agamani, masjid kangge pusat pelayanan sosial masyarakat muslim.
4. Menawi umat Islam sampun ngghadahi kesadaran tulung tinulung ing perkawis kesahenan, wasiat- winasiyatan ing perkawis ingkang hak lan kaleresan.

Saking mapinten-pinten littamanni/ pengharapan punika saget kita wujudaken, yakin Gusti Allah badhe ngluberaken kerahmatan dhateng penduduk sawijinning negara. Semanten ugi masayarakat desa ugi sampun nindakaken ketatan punika yektos kaberhakan lan anugerah badhe dipun luberaken dening Allah. Masyarakat badhe gampil anggenipun ngudi rizki, langit lan bumi dipun bikak kangge nyekapi panuwunipun kaum muslim. Masyarakat badhe entheng anggenipun nindakaken dhawuhipun Allah.

Anaging kosok wangsulipun para penduduk bumi sami selak kalian dhawuhipun gusti Allah. Malah kaum muslimin sami nindakaen perkawis ingkang nyedaki dhateng kemaksiyatan, nindaken perkawis ingkang boten wonten dasaripun saking Alquran lan Hadits. Awrat nindakaen dhawuhipun Allah, yektos keberkahan saking langit lan bumi badhe dipun cabut sahinga masyarakat gesangipun sisah.

Allahu Akbar 3X walillahil hamdu.
Wonten dinten punika kita sami muji dhateng keagunganipun Allah, boten wonten zat ingkang langkung agung kejawi namung Allah, boten wonten zat ingkang langkung sae lan sempurna kejawi namung Allah, lan boten wonten keagungan kejawi peparingipun Allah. Saterasipun sasampunipun kita ngagungaken dhateng Gusti Allah kita memuji dhateng Allah bilih boten wonten pangeran ingkang hak kita sembah kejawi namung Allah. Kita tebihaken sedaya sifat lan af’al angenipun nyekuthokaken dhateng Allah, jalaran nyekutaokaken Allah punika saetu dosa ingkang paling ageng lan saget nglebur dhateng sedaya amal ibadah lan tumindak kesahenan ingkang sampun kita tindakaken. Allah SWT ngendika:

إن الله لا يغفر أن يشرك به ويغفر ما دون ذلك لمن يشاء ومن يشرك بالله فقد افترى إثما عظيما )ألنساء: 48

"Satemene Allah kuwi ora bakal paring ngapura marang dosa syirik, lan Panjenengane kersa paring pangapura marang saliyane (syirik) kuwi, tumrap sapa wae kang dikersakake. Sing sapa wonge kang nyekutokake Allah, temtu dheweke wus nglakoni dosa kang gedhe banget.

Kanthi mekaten sasampunipun kita mlebet ing setunggal Syawal kanthi tingkasipun nindakaken shiyam Ramadhan, kita langgengaken ibadhah ing wulan Ramadhan, shalat fardhu lan jama’ahipun dipun giyataken, zakat, infaq lan shadaqahipun dipun tindakaken, tadarus Alaquran dipun terasaken kanthi kajian Alquran ing majlis taklim. Hingga kita unggul-unggulan ing perkawis kesahenan, langkung sae malih shiyam Ramadhan dipun kanteni kalin puasa sunnah tangal 2-7 syawal.

Peningkatan saking sedaya amal ibadah punika dipun wujudaken:
• Ing wekdal enem lan sepuh tansah ngibadah.
• Ing wekdal sehat lan sakit inggih tansah ngibadah.
• Ing wekdal longgar lan rupek inggih tansah ngibadah
• Ing wekdal segih lan mlarat inggih ngibadah.
• Dipun paringi panjang umur dipun ginakaken kangge ngibadah.

Yakin kanthi pitulunganipun Gusti Allah, ing pundi papan lan panggenan, Gusti Allah tansah anyertani dhateng kita. Nalika kita nembe rupek, sumpek lan sisah gusti Allah tansah paring pitulungan, lan nalika kita badhe nerak dhateng awisanipun Allah langsung dipun engetaken dening Allah. Lan menawi sampun kadung nindakeken awisanipun Gusti Allah kita maos mertobat dhateng Allah SWT.
Akhiripun mugi-mugi dinten fitri punika jiwa kita dados fitrah lan kita siap nindakaken lan ningkataken amal ibadah kita dhateng Allah SWT.

جعلنا الله من العائدين والفائزين تقبل الله منا ومنكم تقبل ياكريم.

أقول قولي هذا فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم وقل رب غفر ورحم وانت خير راحمين



الخطبة الثنية

الله اكبر ×٧ لا اله الا الله و الله اكبر. الله اكبر ولله الحمد. الحمدلله الذى جعل اليوم عيد المؤمنين وختم به شهر الصيام للمخلصين . اشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له واشهد ان محمدا عبده ورسوله المشهور بفطانته وامانته وصدقه وتبليغه وصلى الله عليه وعلى اله وصحبه وسلم اجمعين اما بعد. فيا عبادالله اتقوا الله فيما امركم وانتهوا عما نهى الله عنه وحذر. فقال تعالى ان الله وملا ئكته يصلون على النبى يا أيها الذين أمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما أللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى أله وأصحابه أجمعين وعلى التابعين ومن تبعهم باحسان الى يوم الدين وارحمنا معهم برحمتك ياأرحم الراحمين, أللهم اغفر للمسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات الأحيآء منهم والأموت إنك سميع قريب مجيب الدعوات يا قاضى الحاجات, اللهم انصر من نصر الدين وأخذل من خذل المسلمين ودمر أعاداء ألدين والكفرة والمشركين وأعل كلمتك الى يوم الدين. رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الاخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وصل الله على خير خلقك سيدنا و نبينا محمد وعلى آله وصحبه أجمعين والحمد لله رب العالمين.


5/01/2013

Agama kang Jejeg


Negari Indonesia sak punika wonten 6 agamai ingkang dipun akui midherek hukum ing negari Indonesia, Inggih punika agami, Islam, Kristen, Katholik, Hindhu, Budha, Konghucu. Sedaya agami punika sampun dipun sempunakaken kanthi agami Islam inggih syari’atipun nabi Muhammad SAW. Saterasipun kangge nindakaken dakwah Islam amar makruf nahi munkar, tumunten tuwuh mapinten-pinten organisasi Islam ingkang gadhahi konsep idiologi ingkang sami.


الحمدلله الذى يهدى من يشاء الى صراط مستقيم نحمده سبحانه وهو البرالرحيم, اشهد ان لا اله الاالله الملك الحق المبين واشهد ان محمدا عبده ورسوله الصادق الوعد الامين, اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد: فياايهالمسلمون الكرام اوصيكم واياى بتقوى الله وطاعته لعلكم تفلحون

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah,
Manungsa punika salah satunggalipun makhlukipun Gusti Allah ingkang dipun dadosaken kanthi wujud ingkang paling sempurna, “laqod kholaqnal insaana fii ahsani taqwim”. Kanthi punika manungsa dipun paringi akal, qalbun lan nafsu. Kanthi punika kangge ngurus wontenipun alam punika manungsa betahaken aturan. Sahingga wonten ing negari Indonesia sak punika wonten 6 agamai ingkang dipun akui midherek hukum ing negari Indonesia, Inggih punika agami, Islam, Kristen, Katholik, Hindhu, Budha, Konghucu.

Sedaya agami punika sampun dipun sempunakaken kanthi agami Islam inggih syari’atipun nabi Muhammad SAW. Saterasipun kangge nindakaken dakwah Islam amar makruf nahi munkar, tumunten tuwuh mapinten-pinten organisasi Islam ingkang gadhahi konsep idiologi ingkang sami. Ananging kejawi organisasi Islam ugi wonten organisasi ingkang rumaos organisasi Islam ananging gadhahi konsep idiologi ingkang mlenceng saking dasar hukumipun Islam. Piyambakipun gadhahi keyakinan wonten nabi malih saksampunipun nabi Muhammmad SAW.
Kanthi punika mangga kita gatosaken pangendikanipun Allah SWT QS. Al Ahzab: 40
“ Muhammad iku babar pisan dudu bapak saking wong lanang ing antarane sira, ananging dheweke Rasulullah lan penutupe para nabi. Lan satuhune Allah Maha Pirsa marang sekabehane”.

Ayat punika nedahaken dhateng kita bilih sasampunipun nabi Muhammad sampun boten wonten nabi lan ugi sampun boten wonten wahyu lan kitab suci. Kejawi saking punika Gusti Allah ugi sampun ngendika bilih agami Islam punika sampun sempurna, kasebat wonten ing dalem Alquran surat Al Maidah: 3
“Ing dina iku Ingsun sempurnakake kanggo sira agamanira, lan Ingsun cukupake kanggo sira nikmat Ingsun, lan wus Ingsun ridhai Islam iku dadi agamanira”.

Ayat punika dipun wahyukaken dhateng nabi Muhammad nalika piyambakipun nindakaken haji wada’ utawi haji perpisahan. Tumunten sasampunipun Rasulullah nampi wahyu punika dipun aturaken dhateng para umatipun, lan boten dangu malih Rasulullah SAW seda.
Saking kedadosan punika paring iktibar dhateng kita sedaya bilih sempurnanipun tiyang Islam inggih punika ingkang sampun saget nindakaken ibadah haji tentunipun ingkang sampun mampu. Kaping kalih Allah SWT paring wahyu ingkang ngendikakaken bilih ing dinten punika Allah sampun nyempurnanken agama Islam. Kaping tiga kanthi tansah ngugemi Alquran lan hadisipun Rasulullah SAW Allah badhe nyekapi sedaya kabetahanipun para manungsa. Kaping sekawan Allah SWT sampun paring ridha bilih Islam dados agami kita.

Kanthi punika ikhtilafipun, umat mangga kita sikapi kanthi dewasa, jalaran bedanipun pemikiran punika minangka rahmat saking ngarsa dalem Allah kejawi bedanipun keyakinan ing salebetipun agami punika kedah kita konduraken dhateng Alquran lan hadisipun Rasulullah SAW.
Pemerintah Indonesia sampun paring piugeran kangge mujudaken rukunipun umat beragama, ingkang kawastanan tri kerukunan umat beragama: sepindah rukun kalian tiyang Islam, kaping kalih rukun kalian umat sasanesipun Islam, kaping tiga rukun antawis umat beragama kalian pemerintah, utawi antawis ulama’ lan umaro’.

Insya-Allah kanthi ngugemi syari’at agami Islam kanthi sak sae-saenipun, lan ugi ngugemi syariat agami Islam kanthi paripurna badhe nuwuhaken pribadi muslim ingkang migunani dhateng tiyang sanes. “khairun naas anfa’ahum linnas”.
Kangge mujudaken rukunipun sesami tiyang Islam mangga kita tingkataken keilmuan lan amaliyah, kita kembangaken sikap saling asah-asih lan asuh, mong tinemong, wasiat-winasiyatan kanthi tujuan pados ridhanipun Gusti Allah. Jalaran ibadah kanthi ikhlas badhe pikantuk ridhanipun Gusti Allah, kanthi ridhanipun Gusti Allah kita badhe tansah eling dhateng Gusti Allah lan kita badhe tansah rumaos caket dhateng Allah.
Menawi kita tansah eling lan rumaos caket dhateng Gusti Allah punapa ingkang kita khawatiraken salebetipun gesang ing alam dunya punika, punapa ingkang kita kersakaken salebetipun kita gesang ing alam dunya punika, kejawi dhateng Gusti Allah kita manuwun, jalaran namung Allah zat ingkang Maha Kuwaos, Welas Asih lan boten pilih kasih.


بارك الله لى ولكم فى القران الكريم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل منى ومنكم تلا وته انه هوالسميع العليم.





الخطبة الثانية

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةِ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

4/30/2013

Ngiyataken Iman Kanthi Amal Shalih


Iman punika manggenenipun wonten ing manah, ananging kedah dipun ikraraken kanthi lisanipun lan dipun amalaken kanthi amal kesahenan. Kanthi amal ibadah punika yektos badhe ngraosaken nikmatipun anggenipun ngibadah, nindakaken dhawuhipun Allah boten badhe ngraosaken awrat, malah tansah kirang anggenipun nindakaken ibadah fardhu. Kanthi punika tansah kepingin dados tiyang ingkang sempurna sahingga tansah istiqomah anggenipun nindakeken kewajiban lan ugi ibadah sunnah.
Kanthi punika imanipun tambah kiat jalaran sampun istiqomah anggenipun nindakaken ibadah sfardhu lan sunnah. makaten pentingipun usaha ngiyataken iman punika kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.


اَلْحَمْدُلِلّٰهِ نَوَّرَ قُلُوْبَ الْمُؤْمِنِيْنَ بِالْمَعْرِفَةِ فَاطْمَئَنَّتْ قُلُوْبُهُمْ بِالتَّوْحِيْدِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُهُ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ اِلٰى يَوْمِ الْمَوْعُوْدِ أَمَّابَعْدُ فَيَآعِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Allah SWT sampun ngendika, kasebat ing dalem Alquran Surat Ali Imran ayat 102:
“He wong-wong kang pada iman pada taqwaha sira kabeh maring Gusti Allah, kelawan sak bener-benere taqwa lan aja pada mati sira kabeh kejaba mati naa ing sajrone Islam”.

Seda kelawan bekta iman lan taqwa kelebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang beja, amargi benjang ing dinten qiyamat badhe pikantuk pitulung saking kanjeng nabi Muhammad SAW sahingga badhe dipun lebetaken wonten ing Suwarga, salah setunggalipun panggenan ingkang dipun idam-idamaken dening sedaya umat manungsa, amargi panggenan punika badhe dipun raosaken hakekat sedaya kebahagian, kamulyan, kenikmatan. Panggenan kangge paring piwales sedaya amal sae ingkang sampun dipun tindakaken sadangunipun gesang ing alam dunya sapunika.

Kanthi punika seda kanthi beta iman lan Islam tegesipun seda ingkang khusnul khatimah, seda ingkang dipun idam-idamaken sedaya umat Islam, ananging seda kelawan bekta predikat punika kedah dipun usahakaken. Inggih punika kanthi tansah istiqomah anggenipun nindakaken sedaya dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun Allah, jalaran pedhotipun nyawa punika boten saget dipun mangertosi. Leres nalika sampun sepuh uawi tasih nem, saweg bungah utawi susah, saweg sugih utawi mlarat, nembe sehat utawi sakit, nembe sare utawi jumeneng lan saterasipun. Sak wekdal-wekdal badhe dipun pundhut dening Allah SWT. Kanthi mekaten Rasulullah SAW nate ngentika:

اِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ وَاَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَة َتَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلَقٍ حَسَنٍ (رواه احمد والترمذى)

“Taqwaha sira kabeh ing endi papan panggonan, lan walesa tumindak ala kelawan kebagusan, lan tumindaka marang manungsa kelawan tumindak kang bagus”.

Gulawenthah iman lan taqwa punika kelawan amal ibadah, iman boten namung yakin kemawon, ananging kedah dipun wujudaken kelawan tumindak kesahenan. Sampun kathah ayat-ayat Alquran ingkang paring pitedah lan dhawuhaken bilih iman punika dipun kanteni kalian amal shalih, sahingga piwalesipun boten sanes kejawi Jannatun na’im, inggih punika Suwarga.
Perkawis iman punika Rasulullah SAW ugi nate ngendika:

لَيْسَ اْلاِيْمَانُ بِالتَّمَنِّىْ وَلَا بِالتَّحَلِّىْ وَلَكِنْ مَاوَقَرَ فِى الْقَلْبِ وَصَدَّقَهُ الْعَمَلُ (رواه ابن النجار والديلمي)

“Iman iku ora mung angen-angen lan pepaesan lahir, ananging apa kang manggon ana ing sajroning ati lan dibuktikake kelawan amal”. (HR. Ibnu Najar lan Dailami)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Satuhunipun amal shalih punika wujud saking iman, sahingga iman ingkang kiat biasanipun amal ibadahipun langkung sae. Lan kosok wangsulipun amal lan pedamelan punika wujud saking iman. Kanthi mekaten amal ibadah ingkang dipun tindakaken kanthi sabar, istiqomah lan tawakal insya-Allah badhe ngasilaken pengalaman nindakaken agami. Sahingga kanthi pengalaman punika badhe tambah yakin kelawan syari’at agami Islam. Agami ingkang dipun ridhani dening Allah lan agami ingkang paring margi kamulyan wiwit dunya dumugining akherat samangke.

Shalat gangsal minangka pokokipun agami kedah dipun sempurnakaken melai saking wudhunipun, waosanipun shalat, wekdalipun, jama’ahipun dipun giyataken, dipun tambah kalian shalat sunnah rawatib, shalat dhuha, tahajud, witir, istikharah lan saterasipun dipun tindakaken yektos badhe nuwuhaken raos ngeh, marem lan mantep ing salelebetipun manah. Semanten ugi ngulinakaken nindakaken shiyam sunnah, maos Alquran, nindakaken dzikir yektos badhe ngraosaken bilih pribadinipun tansah caket dhumateng Allah SWT.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Sedaya amal ibadah ing salebetipun syariat Islam menawi dipun tindakaken kanthi istiqomah lan tansah berupaya dipun sempurnakaken, yektos Gusti Allah badhe tansah paring bimbingan lan pitedah malah Gusti Allah tansah nyebadani panuwun saking kawulanipun. Rasulullah nate ngendika:

اَنَا عِنْدَ ظَنِّ عَبْدِىْ بِى وَاَنَا مَعَهُ اِذَاذَكَرَنِى

"Ingsun (Allah) manut marang penyanane kawula Ingsun marang Ingsun (Allah), Aku nyertani lamun kawula Ingsun eling marang Ingsun:" (HR. Buchari)

اِذَا ذَكَرَنِى فِى نَفْسِهِ ذَكَرْتُهُ فِى نَفْسِىْ

Lamun kawula Ingsun eling marang Insun nalika dhewekan mangka Ingsun bakal eling marang dheweke.

وَاِنْ ذَكَرَنِى فِى مَلَاءٍ ذَكَرْتُهُ فِى مَلَاءٍ خَيْرٍ مِنْهُ

Lamun kawula Ingsun eling marang Ingsun nang ngarepane wong akeh, mangka Aku (Allah) bakal eling marang dheweke nang nggon wong akeh kang luwih bagus.

وَاِنْ تَقَرَّبَ اِلَيَّ شِبْرًا تَقَرَّبْتُ اِلَيْهِ ذِرَاعًا

Lamun kawula Ingsun nyedhak marang Ingsun sak kilan mangka Ingsun bakal nyedhak sak lengen.

وَاِنْ تَقَرَّبَ اِلَيَّ ذِرَاعًا تَقَرَّبْتُ اِلَيْهِ بَاعًا

Lamun kawula Ingsun nyedhak marang Ingsun sak lengen mangka Ingsun bakal nyedhak sak depa.

وَاِنْ اَتَانِى يَمْشِيْ اَتَيْتُهُ هَرْوَلَةً (رواه البخارى)

Lamun kawula Ingsun nyedhak marang Ingsun kelawan mlaku mangka Ingsun bakal nyedhak kelawan mlayu.

Allah SWT badhe paring piwales dhateng amal ibadah kawulanipun kanthi piwales ingkang langkung sae. Kanthi mekaten mangga kita tansah ningkaten amal ibadah kita, ampun rumaos dados tiyang paling leres lan sampurna, kejawi leres lan sampurna punika kita usahakaken. Sahingga tiyang ingkang tambah iman lan taqwa dhateng Allah badhe tuwuh raos khusuk, khudzuk, tawakal, lan tumakninahipun.
Malah ing perkawis ngibadah kita dipun dhawuhi supados mirsani dhateng tiyang ingkang langkung alim. Mekaten punika dipun maksudaken supados amal ibadah kita boten ical amargi raos riya’, loba, kibir lan sanesipun ingkang ngrisak dhateng amalan kita. Mugi-mugi Allah tansah bimbing kita dhateng margi ingkang sae, amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

 

 

 الخطبة الثانية

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.