6/27/2016

Shilaturahim Wektu Bungah Lan Susah-Khutbah Idul Fitri Basa Jawa Tahun 2016




السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَللهُ أَكْبَرُ ×٩ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا . لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَاَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَ حْزَابَ وَحْدَهُ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ: فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوِصْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ .
Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Ing dinten fitrah lan dinten kamengan punika, kita sedaya sami jumbuhaken raos bingah, suka renaming penggalih, amargi sampun tingkas anggenipun nindakaken shiyam Ramadhan. Mugi-mugi ibadah puasa punika dipun tampi dening Allah lan sedaya ibadah ing sak lebetipun shiyam Ramadhan kaleres ibadah fardhu utawi ibadah sunnah saget nambah bobotipun amal ibadah lan lan pikantuk ridhanipun Allah SWT.
Kanthi punika kagem melai mlebet ing wulan Syawal mangga kita tansah ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun, langkung sae malih kita saget nerasaken ibadah ing sak lebetipun wulan Ramadhan.

Nalika mlebet ing wulan Syawal mila sami ketingal raos bingah, kejawi sampun tingkas anggenipun nindakaken shiyam ugi amargi sesami tiyang sami ngaturaken kalepatan lan ugi sami ngrumaosi lepat sahingga sami nyuwun pangapunten kalian sesaminipun. Kawontenan punika dipun ikraraken kanthi pangendikan “ja’alanallahu minal ‘aidin wal faizin, taqabbalallahu, minna waminkum taqabbal ya karim”.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar Walillahil hamdu. Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Shilaturahim ing wulan Syawal punika ngengetaken bilih sedaya manungsa punika asalapin inggih namung setunggal inggih nabi Adam, saterasipun Allah paring garwa inggih punika Siti Hawa, kados pangendikanipun Allah:


“ He manungsa, satuhune Ingsun (Allah) dadekake sira kabeh saka pawongan lanang lan wadon lan wus dadekake Ingsun ing sira kabeh pira-pira bangsa lan pira-pira suku supaya sira kabeh siji lan sjine bisa kenal. Satemene wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh iku wong kang paling taqwa. Satemene Allah iku Maha Pirsa lan Maha Niteni”. (QS. Al Hujurat: 13)

Midherek ayat punika nedhaken bilih, saking piyantun kalih sak punika sampun dados piyantun kathah, sahingga ing antawis kita asring boten sami pirsa pundi ingkang sedherek kalian tiyang sanes. Pramila ing wulan Syawal punika kita sami pinanggihan kalian para sedherek wonten swasana suka cita gembiraning manah, sami pasrah, ngaturaken kalepatan lan leganipun penggalih nyuwun pangapunten. Raos gumedhe, tamak lebur ing pengestuti dados sifat welas asih lan lembah manah.
Pramila pasedherekan ingkang sampun kita raketaken kanthi dasar keluarga, agama lan masyarakat tansah dipun jagi kanthi sak sae-saenipun. Amargi kanthi ngraketaken pasedherekan saget manjangaken yuswa, piyantun sehat lan rizkinipun badhe dipun tambah dening Allah.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar Walillahil hamdu. Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Nalika nembe ngraosaken bingah, ampun ngantos raos bingah punika dadosaken tiyang ingkang supe, jalaran sak punika kathah musibah lan bencana. Nalika ing wulan Juni 2016 ing Purworejo, Kebumen lan Banjarnegara wonten musibah banjir lan siti gugruk. Kathah bandha ingkang ical lan ugi korban jiwa.

Kanthi punika wontenipun musibah lan bencana kita dadosaken i’tibar, sampun dados Sunnahtullah bilih musibah lan bencana saget nuwuhaken raos susah lan gerahing penggalih. Lan kanugrahan saget nuwuhaken raos bingah lan suka renaning penggalih. Sahingga nalika nembe nampi kanugrahan kedah tansah syukur dhateng Allah. Lan nalika nampi musibah kedah sabar. Rasulullah SAW nate ngendika, menawi Gusti Allah badhe ngersakaken kesahenan dhateng kawulanipun, Allah badhe nyukani musibah:
مَنْ يُرِدِ اللهُ بِهِ خَيْراً يُصِبْ مِنْهُ (رواه البخاري)
"Sapa wonge kang dikersakaken bakal oleh kebagusan, mila Allah bakal maringi musibah marang dheweke”. (HR. Bukhari)

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar Walillahil hamdu. Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Wonten pundi papan lan panggenan kita tansah dipun adhepaken kalian musibah lan bencana. Tiyang ingkang gesang wonten ing wilayah perbukitan, gunung, tebing, badhe ngadhepi musibah banjir lan siti gugruk. Tiyang ingkang gesang wonten ing sakitaring milining lepen badhe ngadhepi bencana rupi banjir. Tiyang ingkang gesang ing sakitaring gunung badhe ngadhepi siti gugrug lan gunung bledos. Tiyang ingkang gesang wonten ing wilayah pantai badhe ngadepi musibah toya pasang, rob lan tsunami. Tiyang ingkang nembe tindakan ngagem kendaraan badhe ngadepi musibah kecelakaan lalu lintas, tiyang ingkang tindakan mawi pesawat ngadhepi musibah pesawatipun dhawah. Tiyang ingkang tindakan mawi prau lan kapal laut badhe ngadhepi musibah kapal kerem lan sak terasipun.

Semanten ugi ingkang perlu kita waspadhai, bilih nalika mlebet ing tanggal setunggal Syawal, kita sampun dipun parengaken dhahar lan ngunjuk ing wekdal siang. Nalika shiyam padharan kosong, ing wulan Syawal dados kebak kalian dhaharan lan unjukan. Sahingga saget nuwuhaken musibah arupi sakit padarasnipun, sirahipun mumet, badanipun pegel-pegel lan saterasipun. Mekaten punika mugi-mugi ing tahun punika kita saget mendhet hikmahipun. Bilih ing padaran kita sampun wonten ukuranipun. Sapertiga kagem unjukan sapertiga kagem dhaharan lan sapertiga kegem anginipun. Sahingga menawi padharan dipun isi kalian unjukan lan dhaharan mila badhe nuwuhaken musibah ingkang boten dipun kersakaken.

Pramila sak sampunipun mlebet ing wulan Syawal mangga kita lestantunaken ibadah ing wulan Ramadhan. Ing pundi papan lan panggenan kita tansah eling kalian Allah, pakulinan tadarus Alaquran, kajian Islam, pengaosan, kuliah subuh, shalat jamaah wonten masjid utawi langgar lan musholla, nindakaken shalat sunnah, nggiyataken shadaqah lan saterasipun. Sahingga menawi sawekdal-wekdal musibah lan bencana punika dumugi, kita sampun siap, bilih musibah lan bencana punika saking ngarsa dalem Allah. Malah menawi musibah lan bencana punika mendhet nyawanipun, kita badhe kalebetaken dados golongan ipun tiyang-tiyang ingkang khusnul khatimah.

Kita kedah waspada ugi bilih musibah lan bencana punika dipun sebabaken saking tindak lampah lan pokalipun para manungsa. Kayon-kayon dipun tebang, bucal sampah wonten lepen, numpuk sampah ing sakitaripun griyo ingkang saget dados umahe lemut lan tikus, bak toya boten nate dipun kuras lan saterasipun. Kanthi punika ing wulan Syawal dipun melai saking dinten fitrah. Dinten ing sak lebetipun Gusti Allah sampun paring pangapunten dhateng sedaya lepat lan dosa kawulanipun. Kanthi punika dipun melai saking manah ingkang suci kita biasakaken gesang ingkang bersih, jasmani lan rohaninipun.
Langkung sae malih menawi sasampunipun tanggal setunggal Syawal dipun terasaken kalian puasa sunnah bulan Syawal. Mekaten punika margi hikmahipun ingkang sanget angengipun, Rasulullah SAW ngendika:

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ ثُمَّ اَتْبَعَهُ سِتًّا مِنْ شَوَّالٍ كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ
“ Sapa wonge nindakake puasa Ramadhan nuli dikanteni nem dina ing wulan Syawal mangka (ganjarane) kaya puasa setahun”. (HR. Muslim)
Akhiripun mugi-mugi shilaturahim ingkang kita bangun saget nuwuhaken gasang bebrayan ingkang, tata titi tentrem kerta raharja lan pikantuk rahmat saking ngarsa dalem Allah SWT, amin.

جَعَلْنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَاَدْ خِلْنَا وَاِيَّاكُمْ مِنْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصّٰلِحِيْنَ . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ