4/02/2015

Sampurnaning Masjid, Usaha Makmuraken Kuwajiban Tiyang Taqwa



Menawi kita pirsani, kathah masjid langgar lan musolla nanging jemaahipun namung sekedhik, malah prasasat sinaosa punika panggenan ingkang sifatipun umum, namung kados-kados namung dados milik setunggal utawi kalih tiyang kemawon. Mekaten punika amargi ing dalem jema’ah shalat gangsal wekdal ingkang adzan inggih tiyang punika, ingkang puji-pujian inggih tiyang punika ingkang kamad inggih tiyang punika malah ingkang dados imam inggih piyambakipun.

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ ونفسى بِتَقْوَى اللهِ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.


Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Boten wonten wasiat ingkang langkung utami kejawi wasiat iman lan taqwa dhateng Allah. Iman ingggih punika keyakinan ing sak lebetipun manah, lan taqwa punika nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Kanthi punika iman dados dasaripun, lan taqwa punika wujudipun. Iman lan taqwa boten saget dipun pisahaken. Iman kedah kanthi amal, iman boten namung keyakinan ing salebetipun manah kemawon, nanging kedah dipun ikraraken kanthi lisan lan dipun jumbuhaken kanthi amal ibadah.
Mujudaken iman lan ngathah-ngathahaken amal ibadah saget dipun jumbuhaken wonten ing dalem panggenan kagem sujud inggih punika wonten ing dalem masjid, langgar lan musholla. Allah SWT sampun ngendika:


“Kang kudu ngramekake masjid-masjide iku mung wong-wong kang padha iman marang Allah lan dina akhir sarta tetep njumenengake salat, maringake zakat lan ora wedi (marang sapa bae) kejaba marang Allah, mula hiya dheweke kabeh kuwi wong-wong kang diarepake kalebu golongane wong-wong kang padha oleh pituduh”.(QS. Attaubah: 18)

Ayat punika nedahekan bilih among tiyang-tiyang iman ingkang makmuraken masjid, tentu kemawon anggenipun makmuraken inggih gumantung kalian kadar kemampuanipun. Saget kanthi ilmunipun, kanthi tenaganipun utawi kanthi bandhanipun. Kanthi ilmunipun inggih mulang utawi dados guru, kanthi tenaga upaminipun, purun resik-resik, jagi keamanan lan saterasipun. Kanthi bandhanipun,jalaran kagem perawatan masjid inggih betahaken dana kagem bayar listrik, toya, tumbas alat-alat kebersihan, tumbas lampu listrik lan saterasipun.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Menawi kita pirsani, kathah masjid langgar lan musolla nanging jemaahipun namung sekedhik, malah prasasat sinaosa punika panggenan ingkang sifatipun umum, namung kados-kados namung dados milik setunggal utawi kalih tiyang kemawon. Mekaten punika amargi ing dalem jema’ah shalat gangsal wekdal ingkang adzan inggih tiyang punika, ingkang puji-pujian inggih tiyang punika ingkang kamad inggih tiyang punika malah ingkang dados imam inggih piyambakipun.

Kejawi saking punika kawontenan masjid utawi langgar ketingal boten dipun upakara, kanthi bukti karpetipun ingkang kotor, sajadah, sarung ugi kotor, terasipun kotor, panggenan kagem wudhu lan wc nipun inggih ketingal kotor lan mambet pesing. Punika saperangan ingkang saget kita pirsani. Ananging ugi wonten masjid, langgar lan musholla ingkang ketingal resik, karpetipun ambetipun wangi, teras lan lataripun masjid inggih ketinggal asri, semanten ugi panggenan wudhu lan wc nipun ingkang sae, malah wonten wangi-wanginipun wc. Ing saben shalat gangsal wekdal jama’ahipun tansah kathah. Jama’ahipun ketingal sami krasan wonten ing masjid punika.

Kawontenan kalih werni ngengingi panggenan ngibadah punika dados kasunyatan, kanthi mekaten kawontenan ingkang sepindhah jelas betahaken prihatosipun sedaya kaum muslimin, kedah dipun padosi sebab musababipun, kenging punapa panggenan ngibadah ingkang sampun dipun bangun punika boten dipun jagi, dipun rawat lan boten dipun ginakaken kanthi sak sae-saenipun kagem ngathah-ngathaken ngibadah dhateng Allah SWT.

Kangge mujudaken masjid ingkang sae wonten tigang perkawis:
  1. Bidang Idaroh inggih punika kegiatan kagem ngupakara masjid ingkang kedah dipun tindakaken dening tiyang kathah. Masjid utawi langgar kedah wonten takmiripun, inggih punika pengurus masjid ingkang dipun paringi tugas lan tanggel jawab kagem ngelola masjid punika. Amargi masjid punika boten namung kagem shalat gangsal wekdal kemawon, nanging masjid ugi kagem pusatipun pendidikan, pelayanan kesehatan, santunan fakir miskin, panggenan kagem musyawarah, ngempalaken dana umat saking zakat, infaq lan shadaqah. Kanthi mekaten boten saget dipun upakara dening setunggal utawi tiyang kalih kemawon. Amargi saget ngalitaken fungsinipun masjd.
  2. Bidang Imaroh, supados masjid punika tambah regeng kedah dipun wontenaken kegiatan, upanipun gerakan shalat jama’ah gangsal wekdal, Majlis Taklim, TPQ, Madrasah Diniyah, Perpustakaan, Sunatan Masal, Pengetan Hari Besar Islam lan sanes-sanesipun.
  3. Bidang Riayah, inggih punika ngawontenan pembangunan, rehap lan ngupakara masjid. Masjid ingkang sae, megah, lan nelasaken biaya ingkang kathah menawi boten dipun rawat lan dipun jagi inggih badhe ketingal awon. Kathah jema’ah khususipun para musafir ingkang kuciwa nalika nindakaken shalat ing masjid punika, amargi masjid ingkang ketingal megah, ananging sak lebetipun boten dipun rawat, karpetipun kotor, panggenan wudhu lan wc nipun kotor malah toyanipun kirang lancar lan saterasipun. Kawontenan punika badhe dadosaken jema’ah tebih saking masjid. Benten kalian masjid ingkang sederhana syukur masjid ingkang megah lan dipun jagi kanthi sae. Karpetipun resik, panggenan wudhu lan wc nipun bersih, saestu masjid punika badhe dados jujukan para musafir. Lan piyambakipun boten badhe owel nalika ngedalaken infak kagem biaya ngupakara masjid punika.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Kanthi mekaten sampurnaning masjid, langgar lan mushola punika kedah dipun kantheni kalian ngawontenaken kegiatan ing masjid lan ngupakara masjid ngengingi kebersihan ing dalem masjid lan lingkunganipun. Sinaosa sampun wonten takmir masjid, nanging sedaya jema’ah supados dados jema’ah ingkang aktif lan mandiri. Wonten ing masjid sedaya jema’ah kedah dados pelayan kagem pribadinipun lan tiyang sanes. Upaminipun menawi mlebet ing wc, kedah saget mujudaken kebersihan, sasampunipun bebucal kedah dipun siram ngantos ambetipun ical. Punapa malih menawi mlebet ing salebetipun wc ketingal kotor lan mambet inggih kedah ngicaleken kotoran lan ambet punika. Semanten ugi menawi bucal sampah wonten ing bak sampah lan saterasipun.

Syukur malih menawi masjid saestu saget maringi manfaat dhateng kebetahanipun masyarakat. Wonten fakir miskin, lare yatim saget dipun santuni, jema’ah ingkang sakit dipun bantu mertambanipun, wonten jema’ah ingkang betah modal usaha saget dipun bantu kalian koprasi utawi kanthi zakat produktif, wonten pengaosan kagem para lare, remaja lan tiyang dewasa lan sepuh. Prasasat sedaya kebetahan masyarakat saget dipun sembadani. Masjid boten namung mikiraken perkawis akhirat kemawon, nanging perkawis kadunyan ugi penting. Amargi kathah tiyang Islam ingkang dados murtad lantaran ekonomi lan saterasipun.

Kanthi mekaten kangge mujudaken masjid ingkang sampurna dados tanggel jawab sedaya tiyang Islam. Pramila mangga kita sami fastabiqul khairat, unggul-unggulan ing perkawis kesahenan. Umat Islam ingkang saget mujudaken amal nyata lan Insya-Allah Islam minangka rahmat dhateng sedaya alam, saget kasembadan, amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ