6/29/2013

Do'a Upacara Penyerahan Panji


Panyandra Srah-srahaning Panji Kitha Wonosobo

Pengetan ambal warsa kitha Wonosobo ingkang kaping 188 warsa 2013 samangke dhumawah ing tanggal 24 Juli 2013, grengseng pengetan punika sampun dipun melai wiwit dinten Setu Wage tanggal 29 Juni 2013 kanthi Panyandra Srah-srahan Panjining Kitha Wonosobo. Ewodenten Panjining Kitha Wonosobo punika wonten sekawan sepindhah Dwaja Gula Klapa (bendera Merah Putih), Songsong Agung Pangayoman (Songsong Tunggul Naga, Tumbak Karawelang, Panji Lambang Daerah) setunggal ingkang dados tiga punika minangka panji angka kalih tiga lan sekawan. Ing Upacara punika dipun tutup kanthi munajat, nyenyuwun dhateng Gusti Allah kanthi waosan do'a, ingkang kita serat ing ngandhap punika.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبَّ الْعَالَمِيْنَ حَمْدًايُوَافِى نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ يَارَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ وَلَكَ الشُّكْرُ كَمَا يَنْبَغِىْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍوَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.

Dhuh Gusti Pengeran ingkang nguwaosi sedaya alam, namung dhumateng Paduka kawula ngaturaken roas syukur lan mongkokipun penggalih, amargi namung saking kersa lan idi restu Paduka sahingga kita waget makempal ing ing sasana punika, saperlu kangge ndherek migatosaken, panyandra srah-srahan panjinging kitha Wonosobo. Mugi adikersa punika dados saperanganipun saking ngabektinipun kawula dhumateng Paduka.

Dhuh Gusti Allah, Pangeran ingkang maha mirah lan welas asih, mugi Paduka tansah ngluberaken kanugrahan dhumateng sedaya warga Wonosobo, anggenipun makarya ndherek sareng dhateng para pangembating negari. Mujudaken kitha Wonosobo ingkang Aman, Sehat, Rapi lan Indah, selaras kalian tanggap warsanipun kitha Wonosobo ingkang kaping 188 ing warsa 2013 punika.

Dhuh Gusti Ingkang Maha Wicaksana, mugi kanthi srah-srahan panjining kitha Wonosobo punika, mralambangaken saking semangat lan tanggel jawabipun para abdining negari anggenipun mengku jejibahan. Hamengku wajib minggah tata titi tentrem kerta raharjanipun, mujudaken masyarakat ingkang adi luhung, jer budi bawa laksana gemah ripah loh jinawe, kanthi ridha lan agenging sih pangapura.

Dhuh Gusti pangeran ingkang maha kuwaos, namung dhumateng Paduka kawula manuwun lan dhumateng Paduka kawula manembah. Mila kanthi mekaten dhuh Gusti, mugi Paduka kersa paring pitedah dhateng kita, kados tiyang-tiyang ingkang dipun paringi pitedah. Lan mugi Paduka kersa paring pitedah dhateng kita margi ingkang leres lan Paduka kersa maringi kekiatan anggen kita nindakaken.
Dhuh Gusti Allah mugi Paduka kersa nyembadani panuwun kita, amin.

رَبَّنَا اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْاٰ خِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ, وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ