4/28/2015

Kewajiban Bayar Zakat-Khutbah Bahasa Jawa



Midherek saking pangandikanipun Allah lan Rasulullah punika shalat lan zakat punika dados kuwajiban, kanthi punika boten saget dipun tinggalaken. Lan khususipun zakat punika wonten syari’atipun takeran lan kathahipun. Upaminipun zakat saking pantun kanthi wujud beras 815 kg, gabah 1.481 kg zakatipun 10% menawi boten mawi irigasi lan 5% menawi mawi irigasi, semanten ugi kagem woh-wohan, sayuran, taneman kagem pethetan lan sedaya taneman ingkang hasilipun kathah nishabipun sami kalih pantun lan dipun dalaken sasampunipun bibar panen. Menawi kagem bandha kanthi wujud emas ingkang damel simpenan nishabipun 91,92 gram emas murni lan 642 perak murni ingkang sampun dipun miliki setunggal tahun zakatipun 2,5%. Kagem kasil saking gaji ngagem nishab emas, ingkang zakatipun saget dipun dalaken ing saben wulan utawi saget dipun kempalaken dados setunggal tahun.

أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى يُحِبُّ الطَّائِعِيْنَ وَيُكَافِئُ الْمُحْلِصِيْنَ وَيُضَاعِفُ أَجْرالْمُحْسِنِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْقَوِيُّ الْمَتِيْنُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الْوَعْدِ الْاَمِيْنُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Wonten kesempatan mimbar ingkang minulya punika kawula ngengetaken dhateng panjenengan sedaya, mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun lan nilar sedaya awisanipun. Dhawuhipun Allah ingkang dados rukunipun Islam wonten gangsal, kasebat ing dalem hadits nabi Muhammad SAW:

بُنِيَ الإِسْلامُ عَلَى خَمْسٍ : شَهَادَةِ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ ، وَأَنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، وَإِقَامِ الصَّلَاةِ ، وَإِيْتَاءِ الزَّكَاةِ، وَحَجِّ البَيْتِ، وَصَوْمِ رَمَضَانِ " متفقٌ عليه.

"Agama Islam didekake seka limang perkara, yaiku nyekseni sejatine ora ana Pangeran kejaba Allah lan Muhammad iku kawula lan utusane Allah, ngadegna shalat, bayar zakat, haji nang Baitullah lan puasa Ramadhan”. (HR. Buchari Muslim)

Gangsal perkawis punika boten saget dipun tinggalaken kagem tiyang ingkang mampu, khususipun zakat, puasa lan haji. Zakat minangka kuwajiban saking bandha lan kasil ingkang sampun dumugi setunggal nishab lan haulipun ugi sampun cekap. Kuwajiban zakat mal punika kangge nyucikaken kasil saking usaha lan ikhtiyaripun. Allah SWT sampun dhawuh:


“ Lan dekna sira ing shalat lan bayara zakat lan rukuka sira sartane wong-wong kang padha rukuk”.(QS. Al Baqarah: 43)


“Kamangka dhewekne kabeh ora diprintah kejaba supaya padha manembah Allah kelawan murnikake ngibadah marang Panjenengane (Gusti Allah) sajrone (nindakake) agama kanthi jejeg lan supayane dheweke kabeh padha njumenengake shalat lan ngawehake zakat, lan kang mengkono iku (aran) agama kang jejeg”. (QS. Al Bayyinah: 5)

Murnikaken ngibadah, ingkang dipun maksudaken inggih punika, ngibadah kanthi dasar dhawuhipun Allah lan rasulipun, semanten ugi tujuanipun ngibadah namung kagem Allah, pados ridhanipun lan mujudaken raos sykur dhateng Allah SWT.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Midherek saking pangandikanipun Allah lan Rasulullah punika shalat lan zakat punika dados kuwajiban, kanthi punika boten saget dipun tinggalaken. Menawi shalat wonten pundi papan panggenan, lan kawontenanipun punapa kemawon kedah dipun jumenengaken. Kagem tiyang ingkang mukim, sehat lan sempat shalat dipun tindakaken kanthi sampurna. Nanging menawi nembe wonten margi, ing panggenan ingkang lintu dan nalika nembe nandhang sakit, Allah paring rukhsoh, sahingga shalat saget dipun tindakaken kanthi dipun jama’ utawi qhasar. Semanten ugi nalika nembe sakit sahingga shalatipun saget dipun tindakaken kanthi lenggah, sare utawi kanthi isyarat. Semanten ugi wudhunipun dipun tindakaken kanthi tayamum.

Lan khususipun zakat punika wonten syari’atipu,n takeran lan kathahipun. Upaminipun zakat saking pantun kanthi wujud beras 815 kg, gabah 1.481 kg zakatipun 10% menawi boten mawi irigasi lan 5% menawi mawi irigasi, semanten ugi kagem woh-wohan, sayuran, taneman kagem pethetan lan sedaya taneman ingkang hasilipun kathah nishabipun sami kalih pantun lan dipun dalaken sasampunipun bibar panen. Menawi kagem bandha kanthi wujud emas ingkang damel simpenan nishabipun 91,92 gram emas murni lan 642 perak murni ingkang sampun dipun miliki setunggal tahun zakatipun 2,5%. Kagem kasil saking gaji ngagem nishab emas, ingkang zakatipun saget dipun dalaken ing saben wulan utawi saget dipun kempalaken dados setunggal tahun.

Zakat benten kalian infaq lan shadaqah, nate Rasulullah paring dhawuh dhateng pendherekipun supados sami ngedalaken bandhanipun kagem kabetahan perang, amargi persediaanipun ingkang sampun mepet. Kanthi mekaten menawi sahabat Umar ngedalaken sepalih saking bandhanipun, nanging benten kalian sahabat Abu Bakar sedaya bandhanipun dipun infaqaken kangge jihad fi sabililah. Nalika sahabat Abu Bakar dipun dangu dening Rasulullah “ apa ta kang panjengan tinggalaken kanggo keluarga panjenengan? Sahabat Abu Bakar ngendika “cekap Allah lan utusanipun”.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Sedaya dhawuhipun Allah tentu mengku hikmah, semanten ugi zakat saget kita gatosaken wonten mapinten-pinten hikmah ingkang saget kita pendhet, antawisipun:
  1. Kangge mujudaken raos syukur dhateng Allah SWT, amargi dipun paringi rizki ingkang kathah, supados tambah berkah lan manfaat.
  2. Sarana ngresiki rohani lan jiwanipun saking sifat kikir, bakhil, loba lan tamak. Kosok wangsulipun zakat saget ndidik tiyang Islam ngghadahi sifat loma, welas asih, disiplin anggenipun nindakaken kuwajiban lan amanah dhateng para mustahiq.
  3. Nedahaken dhateng struktur ekonomi Islam ingkang tansah anggatosaken dhateng para dhuafa’. Sahingga para aghniya’ inggih kedah paring kawigatosan dhateng para fakir miskin.
  4. Dhawuh zakat nedahaken bilih kemiskinan punika kedah dipun brastha jalaran dasosaken kufur kados pangendikanipun sahabat Ali:

كَادَالْفَكْرُ اَنْ يَكُوْنَ كُفْرًا (رواه أبو نعيم

“Kefakiran nyedhakna marang kekufuran” (HR. Abu Na’im)

Mujudaken raos welas asih, mong tinemong, tulung-tinulung antawisipun tiyang sugih kalian para fakir miskin. Kanthi mekaten Rasulullah paring gambaran kasebat ing dalem hadisipun:

اَلْمُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِ كَالْبُنْيَانِ يَشُدُّ بَعْضُهُ بَعْضًا


“Wong mukmin marang mukmin liyane kaya dene bangunan siji, kang bagian-bagiane padha nguwatake”. (HR. Buchari).

مَثَلُ الْمُؤْمِنِيْنَ فِى تَوَادِهِمْ وَتَرَاحُمِهِمْ وَتَعَاطُفِهِمْ مَثَلُ الْجَسَدِ اِذَااشْتَكَى عَضْوٌ تَدَاعَى لَهُ سَائِرُالْجَسَدِ بِالسَّهْرِ وَالْحُمَى (رواه مسلم

“Wong-wong mukmin ing dalem kasih-kinasihan, tolong-tinulung kaya dene awak siji, lamun salah siji anggota badan iku lara mangka kabeh awak bakal ngrasakake lara karo ora bisa turu dan deman”. (Hr. Muslim)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Kanthi keterangan ing nginggil punika mertelakaken bilih zakat punika manfaatipun kathah sanget. Kejawi minangka mujudaken nindakaken dhawuhipun Allah, sampun pratela nyata bilih zakat punika saget mujudaken pribadi muslim ingkang taqwa, sahingga pribadi muslim punika saget mujudaken dados pribadi ingkang migunani dhateng tiyang sanes, kados pangandikanipun rasul:

خَيْرُ النَّاسُ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ

“ Sak bagus-bagus wong yaiku kang luwih migunani marang wong liya”.

Pramila manga kita tansah berusaha nindakaken dhawuhipun Allah kanthi sak sae-saenipun, melai saking perkawis ingkang alit, melai dinten niki lan melai saking pribadinipun piyambak. Insya-Allah kanthi mekaten kita badhe dados pribadi ingkang ikhlas, sabar, istiqomah, tawadhu’, qona’ah minangka dados akhlaqul karimah, amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.