Akibat Ninggalaken Kuwajiban Zakat-Khutbah Basa Jawa



Lan wong-wong kang kang padha nyimpen emas lan perak lan ora padha nafkahake marang dalan Allah, mula dhawuhna marang dheweke kabeh (yen dheweke kabeh bakal nampa) siksa kang lara, ana ing dina mas perak dipanasake ing geni neraka Jahannam,nuli dicosake ing bathuke dheweke kabeh, lempengane lan gegere dheweke kabeh (banjur diunekake) marang dheweke kabeh: “hiya iki bandha- bandha ira kang sira simpen kanggo kepentingan ira dhewe, mula rasakna sak iki (akibat saka) apa kang sira simpen iku. (QS. Attaubah: 35-36)


اَلْحَمْدُلِلّٰهِ اْلوَاحِدِ الْقَهَّارِ الْعَظِيْمِ الْجَبَّارِ. أَحْمَدُهُ سُبْحَاَنُه وَتَعَالىَ اَنَاءَ اللَّيْلِ وَاَطْرَفَ النَّهَارِ. وَاَتُوْبُ اِلَيْهِ قَبْلَ انْقِضَاءِ الْاَعْمَارِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةَ تُنَجِّيْنَا مِنْ جَمِيْعِ الْاَهْوَالِ وَالْمَشَاكِلَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ اللهُ بِالرَّحْمَةِ وَالرَّأْفَةِ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Minangka dados tiyang Islam kita dipun dhawuhaken dening Allah supados nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Kewajiban utami ingkang dipun dhawuhaken inggih punika nindakaken rukun Islam ingkang cacahipun wonten gangsal. Inggih punika ngucapaken kalimat syahadatain, nindakaken shalat, bayar zakat, nglampahi shiyam Ramadhan lan haji. Inti saking rukun Islam inggih punika ngucapaken Syahadatain, jalaran shadatain punika minangka dados fondasinipun, menawi tiyang Islam ngakeni bilih Allah punika Pangeranipun lan Muhammad punika dados utusanipun. Sahingga sasampunipun ngucapaken inggih kedah nindakaken dhawuh-dhawuhipun, kanthi amal ibadah. Rasulullah SAW nate ngendika:

لَيْسَ الْاِيْمَانُ بِالتَّمَنِّى وَلَا بِالتَّحَلِّى وَلَكِنْ مَا وَقَرَ فِى القَلْبِ وَصَدَقَهُ الْعَمَلُ (رواهابن النجاروالديلمي

“Iman iku ora mung angen-angen lan pepahesan (ing lambe), nanging apa kang manggon ana ing ati lan di lakoni nganggo amal ibadah”.(HR. Ibnu Najar lan Dailami)

Allah paring dhawuh lan sampun nyiapaken piwalesipun, kagem tiyang ingkang taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah yektos badhe dipun paringi kamulyan gesang ing dunya lan akhirat. Lan kagem tiyang ingkang ingkar dhateng dhawuhipun Allah, yektos sampun dipun siapaken piwales, kanthi wujud siksa ing alam akhirat samangke. Contonipun kagem tiyang ingkang boten purun ngedalaken zakat ing mangka bandhanipun sampun langkung saking setunggal nishab lan haulipun ugi sampun cekap, Allah sampun paring pemut:


“Babar pisan aja nganti wong-wong kang padha medhiti bandha kang wis kaparingake dening Allah marang dheweke kabeh saka kanugrahane iku padha ngira yen kamedhitan iku apik tumrap dheweke kabeh. Sajatine kamadhitan iku ala tumrap dheweke kabeh. Sejatine kamaditan iku ala tumrap dheweke kabeh. Bandha kang di medhiti dening dheweke kabeh iku bakal dikalungake ana ing gulune mbesuk ing dina qiyamat”. (QS. Ali Imran: 180)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mekaten punika satuhune sifat bakhil utawi medhit punika asring dhatengaken musibah lan bencana. Kanthi mekaten Allah mastani tiyang bakhil punika kados tiyang ingkang musyri’, kados pangendikanipun:

“Lan kacilakan kang gedhe tumrap wong-wong kang padha nyekuthokake (Panjenengane), (hiya iku) wong-wong kang ora pada ngetokake zakat lan dheweke kabeh kafir marang wujude (panguripan) akhirat”. (QS. Fush-Shilat: 6-7)

Satuhune ing dalem bandha punika wonten hak-hakipun kagem para fakir:


“Lan ing ndalem bandha-bandhane dhewekne kabeh ana hake kanggo wong miskin kang nyuwun lan wong miskin kang ora oleh bagian”. (QS. Adz-dzariyat: 19)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Zakat punika dados ibadah sosial, amargi hasilipun saget langsung dipun raosaken dening tiyang sanes, khususipun tiyang fakir miskin, para yatim, musafir, gharim lan sanesipun. Kanthi zakat saget nuwuhaken raos welas asih dhateng tiyang sanes, khususipun tiyang-tiyang miskin. Sahingga piyambakipun rumaos dipun tulung dening para aghniya’, sak terasipun para aghiniya’ ugi rumaos aman kanthi bandha ingkang dipun miliki. Para fakir miskin punika ugi badhe ndherek ngamanaken bandhanipun, semanten ugi doa saking para fakir miskin lan tiyang-tiyang ingkang dipun dhalimi punika do’anipun mustajabah.

Nanging kosok wangsulipun menawi para aghniya’ punika bakhil, malah gesangipun tansah was-was, khawatir badhe ical, malah doa saking para fakir miskin lan tiyang-tiyang ingkang dipun dhalimi punika ndonga ingkang boten sae. Mekaten punika piwales wonten ing alam dunya, lan tentunipun tasih kathah piwales-piwales sanes ingkang sampun kasunyatan lan dipun raosaken dening para aghniya’.
Ing alam akhirat samangke, sedaya bandha dunya arupi mas picis raja brana ingkang boten dipun dalaken zakatipun, badhe dipun panasaken lan dipun gosokaken wonten badanipun.

“Lan wong-wong kang kang padha nyimpen emas lan perak lan ora padha nafkahake marang dalan Allah, mula dhawuhna marang dheweke kabeh (yen dheweke kabeh bakal nampa) siksa kang lara, ana ing dina mas perak dipanasake ing geni neraka Jahannam,nuli dicosake ing bathuke dheweke kabeh, lempengane lan gegere dheweke kabeh (banjur diunekake) marang dheweke kabeh: “hiya iki bandha- bandha ira kang sira simpen kanggo kepentingan ira dhewe, mula rasakna sak iki (akibat saka) apa kang sira simpen iku”. (QS. Attaubah: 35-36)

Saterasipun wonten hadits ingkang dipun riwayataken dening imam Buchari lan Muslim nerangaken bilih bandha ingkang boten dipun dalaken zakatipun badhe dipun wujudaken dados seterika ingkang sampun dipun panasi 50 ewu tahun. Menawi sampun adhem teras dipun panasi malih. Semanten ugi ingkang kagungan kewan ternak ingkang sampun langkung setunggal nishab boten dipun dalaleken zakatipun, benjang wonten akhirat kewanipun badhe ngidak-idak.
Semanten ugi kagem sedaya bandha lan kasil sanesipun, kados tanem-taneman, woh-wohan lan ugi penghasilan (gaji) ingkang boten dipun dalaken zakatipun, benjang bandha punika badhe dipun kalungaken wonten jangganipun ingkang arupi sawer. Rasulullah SAW ngendika:

مَنْ أَتَاهُ اللهُ مَالًا فَلَمْ يُؤَدِّ زَكَاتَهُ مُثِّلَ لَهُ شُجَاعًا أَقْرَعَ لَهُ زَبِيْبَتَانِ يُطَوِّقُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ثُمَّ يَأْخُذُ بِلِهْزِمَتَيْهِ (اَىْ شِدْ قَيْهِ) ثُمَّ يَقُوْلُ: أَنَا مَالُكَ أَنَا كَنْزُكَ (رواه البخارى)

“Sapa wonge diparingi bandha dening Allah, nuli ora ngetokake zakate, mangka bandha iku bakal didadekake ula kang ndase plontos, duweni racun werna loro kang bakal dikalungake marang wong kang duwe bandha kang ora di tokaken zakate ing dina qiyamat. Nuli ula iku nyokot karo kanda “aku iki bandhamu akau iku simpenanmu”. (HR. Buchari)

Mekaten punika ing antawis piwales kagem tiyang ingkang boten nindakaken dhawuhipun Allah, khususipun kagem tiyang ingkang boten purun ngedalaken zakat, saking bandha lan kasilipun. Akhiripun mugi-mugi kita dipun tebihaken saking sifat bakhil, amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

Anda sedang membaca artikel dari untajiaffan Terbaru hari ini. Mohon untuk membagikan artikel ini ke teman anda melalui sosial media dibawah ini.

Artikel Untajiaffan Lainnya:



Kotak Komentar