4/30/2013

Ngiyataken Iman Kanthi Amal Shalih


Iman punika manggenenipun wonten ing manah, ananging kedah dipun ikraraken kanthi lisanipun lan dipun amalaken kanthi amal kesahenan. Kanthi amal ibadah punika yektos badhe ngraosaken nikmatipun anggenipun ngibadah, nindakaken dhawuhipun Allah boten badhe ngraosaken awrat, malah tansah kirang anggenipun nindakaken ibadah fardhu. Kanthi punika tansah kepingin dados tiyang ingkang sempurna sahingga tansah istiqomah anggenipun nindakeken kewajiban lan ugi ibadah sunnah.
Kanthi punika imanipun tambah kiat jalaran sampun istiqomah anggenipun nindakaken ibadah sfardhu lan sunnah. makaten pentingipun usaha ngiyataken iman punika kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.


اَلْحَمْدُلِلّٰهِ نَوَّرَ قُلُوْبَ الْمُؤْمِنِيْنَ بِالْمَعْرِفَةِ فَاطْمَئَنَّتْ قُلُوْبُهُمْ بِالتَّوْحِيْدِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُهُ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ اِلٰى يَوْمِ الْمَوْعُوْدِ أَمَّابَعْدُ فَيَآعِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Allah SWT sampun ngendika, kasebat ing dalem Alquran Surat Ali Imran ayat 102:
“He wong-wong kang pada iman pada taqwaha sira kabeh maring Gusti Allah, kelawan sak bener-benere taqwa lan aja pada mati sira kabeh kejaba mati naa ing sajrone Islam”.

Seda kelawan bekta iman lan taqwa kelebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang beja, amargi benjang ing dinten qiyamat badhe pikantuk pitulung saking kanjeng nabi Muhammad SAW sahingga badhe dipun lebetaken wonten ing Suwarga, salah setunggalipun panggenan ingkang dipun idam-idamaken dening sedaya umat manungsa, amargi panggenan punika badhe dipun raosaken hakekat sedaya kebahagian, kamulyan, kenikmatan. Panggenan kangge paring piwales sedaya amal sae ingkang sampun dipun tindakaken sadangunipun gesang ing alam dunya sapunika.

Kanthi punika seda kanthi beta iman lan Islam tegesipun seda ingkang khusnul khatimah, seda ingkang dipun idam-idamaken sedaya umat Islam, ananging seda kelawan bekta predikat punika kedah dipun usahakaken. Inggih punika kanthi tansah istiqomah anggenipun nindakaken sedaya dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun Allah, jalaran pedhotipun nyawa punika boten saget dipun mangertosi. Leres nalika sampun sepuh uawi tasih nem, saweg bungah utawi susah, saweg sugih utawi mlarat, nembe sehat utawi sakit, nembe sare utawi jumeneng lan saterasipun. Sak wekdal-wekdal badhe dipun pundhut dening Allah SWT. Kanthi mekaten Rasulullah SAW nate ngentika:

اِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ وَاَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَة َتَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلَقٍ حَسَنٍ (رواه احمد والترمذى)

“Taqwaha sira kabeh ing endi papan panggonan, lan walesa tumindak ala kelawan kebagusan, lan tumindaka marang manungsa kelawan tumindak kang bagus”.

Gulawenthah iman lan taqwa punika kelawan amal ibadah, iman boten namung yakin kemawon, ananging kedah dipun wujudaken kelawan tumindak kesahenan. Sampun kathah ayat-ayat Alquran ingkang paring pitedah lan dhawuhaken bilih iman punika dipun kanteni kalian amal shalih, sahingga piwalesipun boten sanes kejawi Jannatun na’im, inggih punika Suwarga.
Perkawis iman punika Rasulullah SAW ugi nate ngendika:

لَيْسَ اْلاِيْمَانُ بِالتَّمَنِّىْ وَلَا بِالتَّحَلِّىْ وَلَكِنْ مَاوَقَرَ فِى الْقَلْبِ وَصَدَّقَهُ الْعَمَلُ (رواه ابن النجار والديلمي)

“Iman iku ora mung angen-angen lan pepaesan lahir, ananging apa kang manggon ana ing sajroning ati lan dibuktikake kelawan amal”. (HR. Ibnu Najar lan Dailami)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Satuhunipun amal shalih punika wujud saking iman, sahingga iman ingkang kiat biasanipun amal ibadahipun langkung sae. Lan kosok wangsulipun amal lan pedamelan punika wujud saking iman. Kanthi mekaten amal ibadah ingkang dipun tindakaken kanthi sabar, istiqomah lan tawakal insya-Allah badhe ngasilaken pengalaman nindakaken agami. Sahingga kanthi pengalaman punika badhe tambah yakin kelawan syari’at agami Islam. Agami ingkang dipun ridhani dening Allah lan agami ingkang paring margi kamulyan wiwit dunya dumugining akherat samangke.

Shalat gangsal minangka pokokipun agami kedah dipun sempurnakaken melai saking wudhunipun, waosanipun shalat, wekdalipun, jama’ahipun dipun giyataken, dipun tambah kalian shalat sunnah rawatib, shalat dhuha, tahajud, witir, istikharah lan saterasipun dipun tindakaken yektos badhe nuwuhaken raos ngeh, marem lan mantep ing salelebetipun manah. Semanten ugi ngulinakaken nindakaken shiyam sunnah, maos Alquran, nindakaken dzikir yektos badhe ngraosaken bilih pribadinipun tansah caket dhumateng Allah SWT.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Sedaya amal ibadah ing salebetipun syariat Islam menawi dipun tindakaken kanthi istiqomah lan tansah berupaya dipun sempurnakaken, yektos Gusti Allah badhe tansah paring bimbingan lan pitedah malah Gusti Allah tansah nyebadani panuwun saking kawulanipun. Rasulullah nate ngendika:

اَنَا عِنْدَ ظَنِّ عَبْدِىْ بِى وَاَنَا مَعَهُ اِذَاذَكَرَنِى

"Ingsun (Allah) manut marang penyanane kawula Ingsun marang Ingsun (Allah), Aku nyertani lamun kawula Ingsun eling marang Ingsun:" (HR. Buchari)

اِذَا ذَكَرَنِى فِى نَفْسِهِ ذَكَرْتُهُ فِى نَفْسِىْ

Lamun kawula Ingsun eling marang Insun nalika dhewekan mangka Ingsun bakal eling marang dheweke.

وَاِنْ ذَكَرَنِى فِى مَلَاءٍ ذَكَرْتُهُ فِى مَلَاءٍ خَيْرٍ مِنْهُ

Lamun kawula Ingsun eling marang Ingsun nang ngarepane wong akeh, mangka Aku (Allah) bakal eling marang dheweke nang nggon wong akeh kang luwih bagus.

وَاِنْ تَقَرَّبَ اِلَيَّ شِبْرًا تَقَرَّبْتُ اِلَيْهِ ذِرَاعًا

Lamun kawula Ingsun nyedhak marang Ingsun sak kilan mangka Ingsun bakal nyedhak sak lengen.

وَاِنْ تَقَرَّبَ اِلَيَّ ذِرَاعًا تَقَرَّبْتُ اِلَيْهِ بَاعًا

Lamun kawula Ingsun nyedhak marang Ingsun sak lengen mangka Ingsun bakal nyedhak sak depa.

وَاِنْ اَتَانِى يَمْشِيْ اَتَيْتُهُ هَرْوَلَةً (رواه البخارى)

Lamun kawula Ingsun nyedhak marang Ingsun kelawan mlaku mangka Ingsun bakal nyedhak kelawan mlayu.

Allah SWT badhe paring piwales dhateng amal ibadah kawulanipun kanthi piwales ingkang langkung sae. Kanthi mekaten mangga kita tansah ningkaten amal ibadah kita, ampun rumaos dados tiyang paling leres lan sampurna, kejawi leres lan sampurna punika kita usahakaken. Sahingga tiyang ingkang tambah iman lan taqwa dhateng Allah badhe tuwuh raos khusuk, khudzuk, tawakal, lan tumakninahipun.
Malah ing perkawis ngibadah kita dipun dhawuhi supados mirsani dhateng tiyang ingkang langkung alim. Mekaten punika dipun maksudaken supados amal ibadah kita boten ical amargi raos riya’, loba, kibir lan sanesipun ingkang ngrisak dhateng amalan kita. Mugi-mugi Allah tansah bimbing kita dhateng margi ingkang sae, amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

 

 

 الخطبة الثانية

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.