7/04/2016

Dasaring Shilaturahim -Khutbah Jum'at Basa Jawa



Sedaya tiyang boten saget gesang piyambakan kemawon, sedaya tiyang betahaken tiyang sanes. Nanging sadangunipun gesang ing alam dunya punika, tentu kemawon antawis tiyang setunggal kalian tiyang sanes mesthi wonten perkawis, sahingga pasederekan dodos boten sae, waunipun sami tulung tinulung tumunten dados mengsah. Waunipun purun gumujeng dados besengut, waunipun purun gegojekan dados mendel-mendelan. Pramila ing wulan Syawal punika sedaya perkawis dipun udhari, sesami tiyang sami paring pangapunten . prasasat boten wonten ingkang rumaos leres, sedaya sami ngrumaosi lepat.

أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ: فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوِصْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ .

Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah
Sasampunipun kita tingkas nindakaken shiyam Ramadhan, sapunika kita mlebet ing wulan Syawal, wulan peningkatan amal ibadah dhateng Allah SWT, selami setunggal wulan kita ngginakaken wekdal kagem ngibadah. Prasasat boten wonten wekdal ingkang dipun sia-siakaken amargi sampun mangertosi kautaman ing salebetipun wulan Ramadhan. Kejawi sedaya amal ibadah dipun tikelaken, ing wulan punika wonten Lailatul Qadar, inggih punika setunggaling wengi ingkang langkung utami tinimbang nindakaken ibadah salami 1000 wulan. Kanthi punika melai ing wulan Syawal, mangga kita jumbuhaken sedaya ibadah punika kanthi ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT.

Tasih wonten swasana Idul Fitri, kawula aturaken “ja’alanallahu minal ‘aidin wal faizin, taqabbalallahu, minna waminkum taqabbal ya karim”. Sampun dados kodratipun Allah bilih manungsa punika dipun titahaken dados makhluk ingkang paling sempurna, ananging manungsa dipun paring sifat khata’ lan nisyan, lepat lan supe . Langkung utami menawi nyuwun lan paring pangapunten punika prayoginipun dipun tindakaken sawekdal-wekdal, kalepatan dhateng Allah kita aturaken kanthi maos istighfar “Astaghfirullaahal ‘adzim”, menawi nindakaken perkawis ingkang nyebabken dosa ageng kita enggal-enggal mertobat dhateng Allah.

Semanten ugi menawi kita rumaos damel lepat dhateng sesaminipun supados enggal-enggal nyuwun pangapunten dhateng sesaminipun. Amargi kelepatan punika saget dadosaken pasederekan ing antawis kita dados boten sae, gesangipun kathah dipun ginakaken kagem nindakaken perkawis-perkawis ingkang boten penting, kados nindaaken adu domba, mitnah, ngapusi, nyana ala dhateng tiyang sanes, semanten ugi fikiranipun dipun gunakaken kagem mikiraken perkawis ingkang boten penting. Menawi kawontenan mekaten dipun terasaken saget nuwuhaken penyakit lahir, kados mag, darah tinggi, diabetes lan penyakit-penyakit sanesipun.

Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah
Wonten sekawan perkawis ingkang dados dasar nindakaken shilaturahim, inggih punika:
Sepindhah: Sedherek margi keturunan utawi ukhuwah dzurriyah inggih punika amargi saking nikah. Sak derengipun nikah antawis fulan kalian fulanah inggih tiyang sanes, ananging sasampunipun dipun nikahaken mila dados sedherek, malah ing antawis bapa, ibu, kadang nem lan sepuh ingkang waunipun tiyang sanes dados sedherek. Selaras kalian pangandikanipun Allah wonten Alquran Surat Annisa’ ayat 1:


“ He kabeh para manungsa, padha taqwaha sira kabeh marang Panjenenganira kang wus nitahake sira kabeh saka wong ijen, lan saka wong ijen iku Allah nitahake bojone lan saka dene loro-lorone Allah nitahake pirang-pirang lanang lan wadon kang akeh. Lan padha taqwaha sira kabeh marang Allah, kang kanthi (nganggo) asmane sira kabeh padha jaluk jinaluk ing antarane siji lan sijine, lan padha (reksanen) seambungan shilaturahim. Satemene Allah tansah ngjaga lan ngawasi sira kebeh.

Kaping Kalih: Sedherek marga saking agama utawi ukhuwah Islamiyah, sesami tiyang Islam punika sedherek, margi sampun dipun ngendikakaken dening Rasullulah SAW bilih antawis setunggal muslim kalian muslim sanesipun punika sedherek:

اَلْمُسْلِمُ أَخُو الْمُسْلِمِ

“ Wong Islam siji karo sijine iku dadi sedulur”.

Ing hadits sanesipun Rasulullah ngendika bilih raos welas asihipun tiyang Islam dipun ibarataken setunggal badan:

مثَلُ الْمُؤْمِنِيْنَ فِيْ تَوَادِّهِمْ وتَرَاحُمِهِمْ وتَعاطُفِهِمْ، مَثَلُ الْجَسَدِ إِذَا اشْتَكَى مِنْهُ عُضْوٌ تَداعَى لهُ سَائِرُ الْجَسَدِ بِالسَّهْرِ وَالْحُمَّى " متفقٌ عليه

“Pralambang, wong Islam ing sak jroning padha sesenengan lan melas asihi, lan padha trenyuh-trenyuhan iku kaya awak siji. Lamun salah sijine bagian saka awak lara, mangka sakabehane awak ngrasakake lara, melek, ora bisa turu lan krasa panas”.
(HR. Buchari Muslim).

Wonten hadits sanesipun Allah ngumpamakaken kados setunggaling bangunan:

اَلْمُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِ كَالْبُنْيَانِ يَشدُّ بَعْضُهُ بَعْضاً متفق عليه

“ Wong mukmin sji kelawan liyane kaya dene bangunan, kang padha nguwatake”.(HR. Buchari Muslim)

Makaten pentingipun pasederekean ingkang dipun landasi kalian agami sehingga dereng dipun wastani tiyang iman menawi dereng trisna dhateng sederekipun:

لَا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لِأَخِيْهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ " متفقٌ عليه

“ Ora sempurna iman salah sijine wong ing antarane sira kabeh, sahingga trisna karo sedulure kaya kaya anggone trisna marang awake dhewe” (HR. Buchari Muslim)

Kaping tiga: Sedherek margi sami-sami manungsa utawi ukhuwah insaniyah utawai bashariyah. Allah SWT ngendika:


“ He manungsa, satuhune Ingsun (Allah) dadekake sira kabeh saka pawongan lanang lan wadon lan wus dadekake Ingsun ing sira kabeh pira-pira bangsa lan pira-pira suku supaya sira kabeh siji lan sjine bisa kenal. Satemene wong kang paling mulya ing dalem antarane sira kabeh iku wong kang paling taqwa. Satemene Allah iku Maha Pirsa lan Maha Niteni”. (QS. Al Hujurat: 13)

Pasedherekan punika dipun raketaken kalian raos welas asih, sahingga nalika mirsani tiyang sanes ingkang nandang cilaka badhe ndherek ngraosaken sakitipun sahingga sami paring pambiyantu. Kados menawi setungal wilayah kenging musibah lan bencana, griyanipun ical, kendaraanipun ical, kekuarganipun sami seda lan piyambakipun nandang sakit. Mila ing salebetipun manah nggadhahi raos trenyuh sahingga paring pambiyantu, sinaosa benten agami, kabilah lan bangsa.

Kaping sekawan: Sedherek margi sami setunggal daerah, utawi ukhuwah Wathaniyah. Sahingga nalika kita gesang wonten ing satengahing kampung, desa utawi kitha, tiyang-tiyang ing wilayah punika dados sedherek. Tiyang-tiyang punika sinaosa tiyang sanes ananging amargi asring pinanggih, sahingga prasasat kados sedherek mawon. Malah raosipun langkung caket, dipun bandhing kalian dzhurriyah ingkang boten nate pinanggih.

Kaum muslimin Jemaah jum’ah Rahimakumullah
Sekawan perkawis ingkang dados mahnet utawi lem kangge sarana ngraketaken ing antawis sesami tiyang gesang. Kanthi punika kita melai ing wuan Syawal, ingkang prasasat boten wonten tiyang ingkang rumaos leres, sedaya ngraosaken kathah lepatipun. Sahingga kalepatan kalian Gusti Allah, melai rina malem riyaya dumugi akhir nindakaken shalat Id kita sampun ngalembana dhateng Agengipun Allah, nyucikaken Allah dan memuji dhateng asama dalem Allah SWT. Semanten ugi kalepatan dhateng sesaminipun dipun tindakaken kanthi muhasafah lan sami shilaturahim, sami sowan pisowanan sahingga ketingal welas-asihipun dhateng sesaminipun.

Mugi-mugi raos pasederekan punika saget dipun lestantunipun, amin ya Robbal ‘alamin.

جَعَلْنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَاَدْ خِلْنَا وَاِيَّاكُمْ مِنْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصّٰلِحِيْنَ . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْن