Usaha Nyegah Faham Komunis, Khutbah Bahasa Jawa


Pancasila minangka azas tunggal negari Republik Indonesi, sampun dipun uji kanthi badhe dipun gantosipun dasar negari Pancasila kanthi dasar komunis. Ingkang jumbuh malah paten pinaten sesami warga negari Indonesia,benten kalian Pancasila ingkang dados pemersatu bangsa. Penduduk Indonesia kanthi maneka warna seni, budaya, ras, agama sami paring pikuramatan. Malah ing perkawis agami wonten stilah inggih punika tholeransi antawis umat beragama.
Faham komunis  boten selaras kalian aturan agami lan aturan pemerintah. Kanthi mekaten faham punika kedah dipun cegah supatos boten sumebar ing negari Indonesia. Nyegah dhateng faham komunis punika dipun tindakaken dening sedaya masyarakat, leres saking pemerintah, tokoh agama, tokoh masyarakat lan sedaya masyarakat umumipun. Kangge gamblangipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.

َلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْاِنْسَانَ فِى أَحْسَنِ تَقْوِيْمِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Kaum muslimin jema’ah shalat Jum’ah Rahimakumullah.
Sasampunipun kita tingkas anggenipun nindakaken shiyam Ramadhan, tumuli kita mlebet ing wulan Syawal, wulan kangge buktikaken ketaatan kita dhateng Gusti Allah. Bilih akhir saking ibadah puasa inggih punika kita badhe dipun angkat derajatipun dados tiyang-tiyang ingkang taqwa (la’allakum tattaqun). Tiyang taqwa inggih punika ingkang saestu anggenipun nindakaken dhawuhipun Gusti Allah lan nilar sedaya ingkang dipun awisi dening Allah SWT.
Kanthi punika nalika kita nindakaken puasa Ramadhan yektos kita tansah budidaya ngreksa manah kita, lisan kita, badan kita, talingan kita, soca kita, malah berusaha njejegaken hawa nafsu kita saperlu supados nderek anggenipun nindakaken ngibadah dhateng Gusti Allah. Kanthi mekaten nalika mlebet ing wulan Syawal tiyang-tiyang Islam dipun konduraken dados fitrah, kados bayi ingkang nembe lahir, dipun ngapura sedaya kalepatanipun dening Gusti Allah amargi kita sampun menang anggenipun njejegaken lan ngluhuraken asma dalem Allah SWT.
Kanthi mekaten sasampunipun kita mlebet ing wulan Syawal ngantos dinten sapunika punapa peningkatan ibadah sasampunipun Ramadhan. Kasunyatanipun menawi kita gatosaken wonten ingkang biasa-biasa mawon, malah wonten ingkang mandhap. Midherek saking pengendikanipun Rasulullah SAW sak sae-saenipun tiyang ingkang iman inggih punika ingkang langkung sae. Dinten ingkang badhe dhateng langkung sae tinimbang dinten sapunika.
Kanthi mekaten kangge mujudaken kasempurnaning ngibadah lan kangge njagi fitrahing qalbu tiyang-tiyang ingkang taqwa wonten gangsal perkawis ingkang kedah kita tindakaken:
1. Netepaken shalat gangsal wekdal, lan langkung utami dipun tindakaken kanthi jama’ah. Setunggal wulan kita sampun nglatih dhateng pribadi kita piyambak. Shalat gangsal wekdal punika dados pokokipun ibadah, kedah dipun tindakaken ing pundi papan lan panggenan. Leres nalika mukim punapa dados musyafir. Shalat gangsal wekdal inggih kedah dipun tindakaken ing kawontenan punapa mawon, leres nalika tasih sehat lan ugi nalika sakit, nalika ribet punapa malih nalika gadhahi wekdal longgar. Ampun ngantos shalat gangsal wekdal punika dipun tilaraken, amargi nalika kita shalat artosipun kita nembe ngadhep dhateng Allah, zat ingkang Maha Agung, Maha Welas Asih, Maha Kuwaos, maha Ngudanani sedaya seja kawulanipun gusti Allah lan saterasipun.

“Kalamun dheweke kabeh padha mertobat lan jumenengake shalat serta padha bayar zakat, mula awehana kebebasan dalan mlaku marang dheweke kabeh. Satemene Allah iku Agung Pangapurane lan Agung Welase”. (QS: Attaubah: 5)

اِنَّ بَيْنَ الرَّجُلِ وَبَيْنَ الشِّرْكِ وَالْكُفْرِ تَرْكُ الصَّلَاةِ
“Satuhune antarane wong lanang lan antarane syirik lan kufur iku ninggalake shalat (lamun shalat ditinggalake mangka dadi kufur) (HR. Muslim).

2. Nglanggengaken anggenipun maos Alquran, setunggal wulan kita sampun unggul-unggulan anggenipun maos Alquran. Mangga dipun terasaken maosipun, mangkaji maksud lan kandunganipun Alquran. Kanthi Maos lan mirengaken tiyang maos Alquran Allah badhe ngluberaken rahmatipun. Kanthi Rahmatipun Allah sedaya badhe tuwuh raos asih kinasihan, dipun ibarataken kewan ingkang galak boten badhe nedhi dhateng anakipun. Punapa malih manungsa ingkang ghadahi akal lan pitedah agami.

اِقْرَؤُاالْقُرْآنَ فَاِنَّهُ يَأْتِىْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيْعًا لِاَصْحَابِهِ
“Wacanen Alquran! Satemene dheweke bakal teka ing dina Qiyamat kanggo aweh syafaat maring wong-wong kang maca” (HR. Muslim)

3. Nglanggengaken anggenipun nindakaken qiyamul lail, lan shalat-shalat sunnah sanesipun. Tiyang Islam ampun rumaos sampun sempurna anggenipun nindakaken ibadah, ampun rumaos sampun cekap anggenipun nindakaken ibadah. Kanthi mekaten raos lembah manah punika kita wujudaken kanthi ngestokaken sunnahipun rasul inggih punika nindaken shalat sunnah. Shalat sunnah kathah jenisnipun kanthi fadhilah boten sami. Kanthi mekaten tiyang Islam badhe pikantuk fadhilah menawi dhawuh rasul dipun tindakaken. Yentos badhe ngghadahi raos caket dhateng Allah. Rasul ngendika bilih shalat sunnah punika minangka kangge nyempurnakaken shalat fardhu.

4. Dipun tindakaken zakat, infaq lan shadaqahipun. Sasampunipun ngedalaken zakat mal lan zakat fitrah, mangga infaq lan shadaqahipun dipun giyataken. Zakat Infaq lan shadaqah punika minangka wujud welas asih dhateng para fakir miskin. Rasululah SAW ngendika:
اَلرَّاحِمُوْنَ يَرْحَمُهُمُ الرَّحْمٰنُ وَمَنْ لَا يَرْحَمُ لَايُرْحَمُ
“Wong-wong kang paring welas asih (maring liyan) bakal di welasi dening Gusti kang Maha Murah. Lan sapa wonge ora welas asih (marang liyan) ora bakal di welasi dening Allah”.

Allah badhe paring welas asih dhateng kawulanipun menawi kawulanipun welas asih dhateng sesaminipun.

5. Nindakaken ta’lim/ pengaosan, mulang utawi dipun wulang. Kanthi sregep anggenipun nindakaken pengaosan yakin qalbu badhe tansah kajagi fitrahipun. Kanthi sregep nindakaken taklim kita badhe mangertosi kekiranganipun piyambak. Punapa malih kesalahan anggenipun nindakaken ibadah, ngingingi ibadah hablun minallah lan hablun minannas. Yakin kanthi sregep nindakaken taklim badhe jembar penggalihipun, kathah pangertosanipun lan wicaksana ngadhepi sedaya perkawis. Lan akhiripun badhe dados tiyang Islam ingkang iman, taqwa lan caket dhateng Allah SWT. Malah para alim paring pangendika bilih “tiyang ingkang purun ngudi ilmu badhe dados tiyang bodho” tegesipun bilih bodho amargi kathah ilmu lan pengertosan ingkang dereng dipun mangertosi. Punapa malih dipun bandingaken kalian ilmunipun Allah kasebat ing dalem surat Al Kahfi. Toya segara dipun ginakeken kangge nulis ilmunipun Allah lan dipun tambah malih yektos ilmunipun Allah boten badhe telas. Lan ilmu kita ibaratipun setunggal tetes toya wonten ing seganten. Allah ghadahi ilmu ingkang boten winates nanging Allah tansah welas asih, sinaosa sedaya makhlukipun Allah sami ingkar dhateng Allah yektos boten badhe ngirangi dhateng kawicaksananipun Allah. Lan sedaya makhluk sami sami taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah inggih boten badhe nambah luhuripun Allah. Allah boten gumantung kalian makhlukipun. Kosok wangsulipun makhluk ingkang gumantung dhateng Allah. Kanthi mekaten mangga kita dandosi anggen kita manembah lan ngabekti dhateng Allah. Mugi ingkang kita tindakaken pikantuk ridha saking ngarsa dalem Allah SWT, amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

Anda sedang membaca artikel dari untajiaffan Terbaru hari ini. Mohon untuk membagikan artikel ini ke teman anda melalui sosial media dibawah ini.

Artikel Untajiaffan Lainnya:



Kotak Komentar