2/25/2013

Hidayah Allah


Hidayah Allah
Hidayah punika kagunganipun Gusti Allah, boten wonten tiyang ingkang saget paring hidayah, kalebet Rasulullah ugi boten saget paring hidayah. Kita selaku tiyang Islam sagetipun namung paring pagertosan kanthi dasar Alquran lan Sunnah Rasul. Pramila kanthi lantaran pangertosan punika wonten tiyang ingkang pikantuk hidayah, amargi Gusti Allah sampun bikak dhateng manahipun. Contonipun Umar bin Khatab saderengipun mlebet Islam piyambakipun tansah mengashi dhateng Rasulullah, penderekipun lan ugi dhateng Agami Islam. Ananging Allah bikak manahipun sahingga dipun paringi hidayah dening Allah, sikapipun ingkang kasar dados andhap asor, sikapipun ingkang tansah nentang dhateng Syari'at Agami Islam mbalik dadis pembela Islam. Lan saterasipun, kanthi punika perkawis hidayah Allah punika kita serat kangge khutbah Jum'at.
الحمدلله الذى هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هداناالله من يهد الله فلا مضل له ومن يضلل فلاهادي له, اشهد ان لا اله الاالله وحده لا شريك له واشهد ان محمدا عبده ورسوله, اللهم صل وسلم على محمد وعلى اله واصحابه اجمعين, اما بعد: فياايهاالمسلمون اوصيكم واياي بتقوىالله فقد فاز المتقون
Kaum muslimin jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga kita tansah ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Tiyang ingkang mekaten punika artosipun sampun angsal hidayah utawi pitedah saking Ngarsa Dalem Allah SWT
“ Satemene sira ora bakal bisa aweh pituduh marang wong kang sira tresnani, ananging Allah paring pituduh marang wong kang di kersakake, lan Allah luwih ngerti marang wong-wong kang bakal diparingi pituduh”(QS. Al Qashash: 56).

Pitedah saking Allah punika wonten ingkang sifatipun fitrah utawi kodrat, semanten ugi wonten hidayah ingkang sifatipun kedah dipun usahakaken, dipun padosi. Saking mapinten-pinten tahapan sahingga pitedah punika saget tansah manunggal kalian manungsa, contonipun hidayah iman lan Islam, menawi boten dipun siram kalian kegiatan-kegiatan ta’lim, mujahadah, penelitian yektos saget kropos malah-malah saged ical saking pribadi kita.
Wonten ing salebetipun sedinten sedalu tiyang Islam tansah nyuwun pitedah dipun ambali kanthi boten bosen- bosenipun dipun panjataken paling sekedhik kaping 17 ambalan, inggih punika nalika kita nindakaken shalat gangsal wekdal kita maos surat Al fatehah kaping 17 ambalan. Lan wonten surat Al Fatehah punika kita nyuwun pitedah dhumateng Gusti Allah:
“Paringana dhumateng kawula margi ingkang leres”.

Kaum muslimin jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Midherek Muhammad Rasyid Ridha Allah maringi pitedah dhumateng manungsa punika kathahipun wonten sekawan:
1. هداية الوجدان الطبع والالهام الفطر inggih punika hidayah qodrat alami lan ilmu insani.

Hidayah mekaten punika, hidayah ingkang dipun paringaken dening Allah boten mawi sinau, jalaran sampun kodrat alamiyah. Contonipun bayi ingkang kraos ngelak lan luwe badhe nangis, dados nangisipun bayi punika minangka salah satunggaling pratandha bilih bayi punika ngelak lan luwe. Kanthi punika menawi ibunipun sampun neteki badhe gemujeng lan ketingal bingah boten nangis malih.

2. هداية الحواس والمشاعر inggih punika hidayah indrawi lan naluri.
Hidayah punika dipun paringaken dening Allah dhumateng golonganipun manungsa lan hewan, dados hidayah punika prasasat boten beda kalian hewan, malah perkembanganipun kalangkung cepet bangsa hewan tinimbang bangsa manungsa.

3. هداية العقل hidayah akal.
Hidayah akal punika bedakaken manungsa kalian hewan, sinaosa midherek penelitan saking para ilmuan, bilih bangsa hewan ugi anggadhahi akal, kadosipun rewanda, ikan paus, mbaung, gajah, nggadhahi intelgensia ingkang inggil, mekaten punika kabukten wonten permainan sircus, hewan-hewan punika gampil dipun ajari.
Boten sami kalian manungsa dipun ciptakaken dening Allah kanthi wujud paling sempurna, akalipun utuh, jalaran manungsa punika angghadhahi amanat dados khalifah ing bumi, pramila menawi boten dipun paringi akal ingkang sempurna yekti boten badhe sanget jangkepi kewajibanipun minangka khalifah ing bumi.

4. هدايه الدين hidayah agama.
Hidayah agama punika minangka hidayah paling inggil, jalaran makhluqipun Gusti Allah namung manungsa ingkang dipun paringi agami. Kanthi agami manungsa waged nyumerepi pangendikanipun Allah ingkang maringi pitedah kalian manungsa margi kangge angsal kabegjan gesang ing dunya dumugining Akherat. Allah SWT ngendika:

“ Kitab (Alquran) iki ora ana kang disamarna, pituduh kanggo wong-wong kang padha taqwa”.

Wonten ing surat sanesipun Allah ngendika:
وهدينه النجدين
“ Lan Ingsun wus paring marang manungsa dalan loro”.

Kalih margi punika inggih margi kesahenan lan margi ingkang awon, sinaosa sampun dipun paringi margi ingkang leres ananging kathah-kathaipun manungsa taksih milih margi ingkang awon. Pramila supados kita tansah angsal pitedah saking Ngarsa Dalem Allah SWT, kita kedah tansah berusaha nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah. Nindakaken syari’at Islam punika ketingal awrat, ewet lan ngganggu dhumateng kegiatan ekonomi, sosial, budaya, politik lan sapanunggalanipun. Ananging menawi sampun dipun tindakaken badhe kraos entheng, malah-malah waget ngirangi stres, jalaran kanthi nindakaken syari’at punika keyakinan dhumateng Allah nuwuhaken tekad bilih sedaya hasil-usahanipun, sukses utawi gagalipun sampun dipun atur dening Allah. Kewajiban manungsa namung nindakaken usaha lan ikhtiyar dene keputusan akhir gumantung dhumateng Gusti Allah.
Akhiripun sumangga kita nyenyuwun dhumateng Allah mugi-mugi kita dipun lebetaken dados golonganipun tiyang-tiyang ingkang tansah dipun paringi pitedah dening Allah, amin ya Robbal ‘alamin.
بارك الله لى ولكم فى القران العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل منى ومنكم تلا وته انه هوالسميع العليم