Sedaya umat manungsa ing alam dunya punika satuhunipun setunggal sedherek, amargi menawi dipun runtut asalipun manungsa punika saking setunggal tiyang, inggih punika nabi Adam, tumuli Gusti Allah dadosaken Siti Hawa ingkang dipun titahaken saking iga kiwanipun nabi Adam. Sapunika umat punika sampun berkembang dados kathah. Pramila saking kathahipun prasasat dados manungsa ingkang beda. Kanthi mekaten ing salebetipun Islam pasedherekan punika mengku tigang perkawis inggih punika mergi saking keturunan, agami lan papan panggenan. Tigang perkawis punika kedah dipun wujudaken supados gesang ing alam dunya punika pikantuk raos aman, ayem lan tentrem. Ing antawis setunggal lan setunggalipun tansah mujudaken raos katrisnan, mong tinemong, wasiyat winasiyatan lan saterasipun.
اَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى يَهْدِى مَنْ يَشَاءُ اِلَى صِرَاطِ مُّسْتَقِيْمِ نَحْمَدُهُ سُبحَانَهُ وَهُوَ الْبَرُّالرَّحِيْمُ, أَشْهَدُ أَنْ لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْـدَهُ لاَشَـرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ . اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ . أَمَّا بَعْدُ.فَيَا عِبَادَ اللهِ, اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ .
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga kita sami tingkataken iman lan taqwa kita dhateng Allah SWT, kita tindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan kita tilar saha kita awisi sedaya awisanipun Allah. Mugi kita pikantuk kamulyan lan kabegjan wiwit saking dunya dumugi akherat samangke, amin.
Gesang ing alam dunya punika, manusia ghadhahi tugas lan tanggel jawab minangka makhluk pribadi, sosial lan makhluk Allah. Mekaten punika amargi manungsa makhlukipun Allah ingkang dipun ciptakaken saking setunggal tiyang, inggih punika nabai Adam alaihi salam. Allah SWT ngendika:
“ He manungsa kabeh, satuhune Ingsun (Allah) wus dadekake sira kabeh saking wong lanang lan wadon siji, lan dadekake dadi berbangsa-bangsa lan bersuku-suku supayane sira kabeh padha saling kenal, satuhune kang paling mulya ing ngarsane Gusti Allah yaiku wong kang paling taqwa, satuhune Allah Maha Pirsa lan Maha waspadha”. (QS. Al Hujurat: 13)
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Ayat punika nedahaken dhateng manungsa supados sami saling kenal, sinaosa sapunika sampun dados masyarakat kanthi maneka warna budaya, bahasa, seni, ras lan agami, semanten ugi sapunika dipun bedakaken kanthi wilayahipun, wonten masyarakat Jawa, Sumatera, Kalimantan, Sulawesi, Irian Jaya, lan wonten ing manca negari kados ing Malaysia, Singapura, Thailan, Brunai Darusalam, Banglades, Arab Saudi, Mesir, Amerika lan saterasipun. Sajatosipun menawi dipun runtut inggih tasih sedherek.
Kanthi mekaten menawi kita gatosaken pasedherekan punika saget kaiket kanthi tigang perkawis:
Sepindhah: Pasedherekan ingkang dipun iket kanthi sebab garis keturunan, Allah SWT ngendika:
“ Diharamake ing atase sira kabeh (ngrabeni) ibu-ibunira, anak-anakira kang wadon, sedulur-sedulur ira kang wadon, sedulur-sedulure bapakira kang wadon, sedulur-sedulur ibunira kang wadon, anak-anak wadon saka sedulur-sedulurira kang lanang, anak-anak wadon saka sedulur-sedulurira kang wadon, ibu-ibunira kang nusoni sira kabeh, sedulur wadon tunggal susu, ibu-ibune bojo wadonira (anak kuwalon) kang sajrone pawengkonira saka bojo wadon kang wis sira kumpuli, ananging kalamun sira durung ngumpuli bojo wadonira (ibune anak kuwalonira) iku (lan wis sira pegat) mula sira ora dosa ngrabeni anake (lan diharamake tumrap sira) bojo-bojo wadone anak kandhungira (mantu wadon) lan ngumpulake (wayuh) sedulur wadon loro, kajaba kang wus kalakon ana ing mangsa ndhisik (jaman jahiliyah). Satuhune Allah iku zat kang agung pangapurane tur agung welase” (QS. Annisa’: 23)
Pasedherekan punika dipun landasi amargi saking keturunan ingkang sami, sahingga saking sebab punika wonten hak waris lan boten dipun parengaken sami nikah kalian sedherekipun. Ananging amargi penduduk tambah kathah sahingga lajeng benten suku, adat seni, budaya lan bahasa satemah ingkang mekaten punika tasih kalebet sedherek, Allah SWT ngendika:
“ Lan ing antarane tandha-tandha kekuwasaane, hiya iku Panjenengane nitahake langit lan bumi lan beda-bedane basanira kabeh lan warnane kulit ira kabeh. Satemene ana mengkono iku yekti ana tandha-tanndha tumrap wong-wong kang padha ngerti”. (QS. Arrum: 22)
Kaping tiga: Pasedherekan ingkang dipun iket kanthi agama, Allah SWT ngendika:
“ Satemene wong-wong mukmin iku seduluran jalaran sangka iku gaweha pirukunan ing antarane rong golongan iku lan padha taqwaha marang Allah supaya sira intuk rahmat”. (QS. Al Hujurat: 10)
Sinaosa agami lan keyakinan kita benten nanging kita dipun dhawuhi supados tansah paring pikurmatan, Allah SWT ngendika:
“ Allah ora nyegah sira kabeh kanggo nglakoni kabejikan lan tumindak adil marang wong-wong kang ora nyatroni sira kabeh kerana agama lan (uga) ora nundhung sira kabeh saking Negara ira kabeh. Satemene Allah remen marang wong-wong kang tumindak adil”. (QS. Al Mumtahanah: 8)
“ Dhawuha sira (Muhammad): He wong-wong kafir! Ingsun ora bakal nyembah apa kang sira sembah, lan sira dudu wong kang nyembah Pangeran kang Ingsun sembah. Lan Ingsun ora bakal pernah dadi wong kang nyembah apa kang sira sembah, lan sira (uga) ora bakal pernah dadi wong kang nyembah Pangeran kang Ingsun sembah. Tumrap sira, agamanira dhewe, lan tumrap Ingsun agama Ingsun dhewe”. (QS. Al Kafirun: 1-6)
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Islam boten namung paring dhawuh dhateng umatipun supados tansah mujudaken pasedherekan lan welas asih, ananging kedah kados pundi supados pasedherekan punika tambah raket lan kiat. Kanthi mekaten kedah dipun tebihaken sedaya sikap ingkang saget ngrisak pasedherekan, contonipun ngina dhateng tiyang sanes, nyana ala, paring laqab utawi gelar ingkang awon, ngrasani, pados-pados awon lan cacatipun tiyang sanes. Menawi perkawis punika saget kita singkiri insya-Allah pasedherekan gesang punika saget kasembadan kanthi sae, amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.