2/06/2013

Shalat nanging dereng shalat


KATHAH TIYANG ISLAM INGKANG DERENG SHALAT
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Wonten ing mimbar khutbah punika, kawula tansah ngengetaken dhateng jema’ah sedaya, mangga-mangga kita tansah budidaya ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Boten supe bilih kita tansah berusaha anggenipun nyempurnakaken ibadah shalat fardhu, jalaran ibadah shalat punika ingkang badhe nemtukaken sae boten saenipun amal ibadah kita. Rasulullah SAW nate ngendika:
أَلصَّلَاةُ عِمَادُ الدِّيْنِ, فَمَنْ أَقَامَهَا فَقَدْ أَقَامَ الدِّيْنِ وَمَنْ تَرَكَهَا فَقَدْ هَدَمَ الدِّيْنِ
“ Shalat iku dadi pokoking agama (Islam), sapa wonge kang jumenengake shalat mangka yekti dheweke wus jumenengake agama (Islam) lan sapa wonge ninggalake agama satuhune dheweke wus ngrubuhake agama (Islam)”
Sinaosa kita sampun nindakaen shalat, lan kathah tiyang sami jumenengaken shalat ananging saestunipun namun sekedhik tiyang Islam ingkang sami nindakaken shalat kanthi leres mungguhipun syari’at lan hakekatipun. Sahabat Umar bin Khatab nate ngendika:
كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ يُصَلِّى وَلَكِنْ قَلِيْلٌ مِنْهُمْ يُقِيْمُواالصَّلَاةَ
“ Akeh wong kang nindakake shalat ananging mung setithik kang padha jumenengake shalat”
Saking pangendikanipun punika, tentu nuwuhaken pitaken tumrap kita sedaya, kenging punapa kathah tiyang sami nindakaken shalat, ananging midherek sahabat Umar namung sekedhik ingkang jumenengake shalat. Semanten ugi kangem kita piyambak punapa satuhunipun sampun jumenengaken shalat kanthi nyempurnakaken kewajiban shalat punika. punapa shalat ingkang kita tindakaken sampun selaras kalian tuntunan syari’at agama Islam? Ibnul Qoyyim Al Jauziah bagi tingkatanipun tiyang ingkang jumenengaken shalat punika wonten gangsal tingkatan:
1. Tiyang ingkang nganiaya pribadinipun piyambak, kanthi boten nyempurnakaken wudhunipun, boten nenepi wekdalipun, kaifiyahipun lan rukunipun. Tiyang punika namung badhe dipun azab dening Allah.
2. Tiyang ingkang jagi wekdalipun, aturanipun, rukun-rukunipun lan wudhunipun. Ananging boten saget nolak dhateng sedaya pangridunipun syetan. Malah piyambakipun ngetutwureni dhateng pangridu punika. Tiyang punika namung badhe dipun hisab dening Allah.
3. Tiyang ingkang saget jagi kaifiyah, rukun-rukunipun serta berusaha nolak dhateng sedaya pangridunipun syetan. Supados saget tansah khusuk anggenipun jumenengaken shalat. Mila shalatipun prasasat kados tiyang ingkang nembe jihad. Ibadah shalat tiyang punika badhe saget ngapus dhateng dosa-dosa ingkang sampun dipun tindakaken.
4. Tiyang ingkang nindakaken shalat kanthi nyempurnakaken hak-hakipun, rukun-rukunipun lan kaifiyahipun, lan manahipun tansah manunggal anggenipun nindakaken aturan-aturan punika hingga boten badhe ngremehaken shalat. Tiyang punika pikiranipiun namung tumuju dhateng Allah SWT. Tiyang punika badhe dipun paringi ganjaran dening Allah.
5. Tiyang ingkang saestu sampun jumenengaken shalat, amargi piyambakipun rumaos sampun saget mirsani dhateng Allah lan tansah yakin piyambakipun dipun awasi dening Allah SWT. Sahingga sedaya pangridunipun setan boten saget guguraken ibadahipun dhateng Allah. Sahingga kabikak kagem piyambakipun hijab antawis piyambakipun kalian Gusti Allah. Lan ibadah shalat minangka sarana kangge nindakaken taqarrub dhateng Allah SWT.
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Kanthi mekaten nalika sahabat Umar bin Khatab ngendika:
كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ يُصَلِّى وَلَكِنْ قَلِيْلٌ مِنْهُمْ يُقِيْمُواالصَّلَاةَ
Shalat dereng saget dipun tindakaken kanthi khusuk, malah kathah tiyang Islam ingkang nindakaken shalat namung sakedar kagem guguraken wajib. Malah-malah boten nate nyempurnakaken ibadah shalat kanthi nindakaken shalat-shalat sunnah, kados, shalat sunnah rowatib, shalat dhuha, shalat hajat, shalat lail lan sanesipun. Satuhunipun shalat ingkang namung gugurakan wajib punika dereng saget mujudaken dhawuhipun Allah SWT:
أُتْلُ مَا أُوحِىَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتَبِ وَاَقِمِ الصَّلَوةَ اِنَّ الصَّلَوةَ تَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ (العنكبوت: 45)
“ wacanen apa kang wus diparingake marang awakmu, yaiku Al Kitab (Al Quran) lan dekna shalat. Satuhune salat iku nyegah saka (pegawean) keji lan munkar”
Sasampunipun kita jumenengaken shalat, punapa ibadah shalat punika sampun saget nedahaken dhateng pedamelan ingkang dipun ridhani dening Allah? Amargi al hasil saking ibadah shalat punika saget nedahaken saking pedamelan keji lan munkar. Ibadah shalat punika saget nuntun dhateng akhlak lan budi pakerti ingkang sae. Saestunipun menawi sedaya umat Islam sampun saget nindakaken shalat kanthi sae lan sempurna, boten badhe wonten pedamelan kemungkaran. Malah rahmat lan keberkahanipun Gusti Allah tansah linuber ing bumi punika. sahingga saget mujudaken Islam minangka “ rahmatan lil ‘alamin”. Kanthi punika mangga kita tansah berusaha nyempurnakeken ibadah shalat punika, ampun ngantos kita rumaos sampun cekap lan sampun marem. Satuhunipun salat ingkang sempurna punika shalat ingkang tansah jagi lan mujudaken kasempurnanipun
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Khutbah Kaping Kalih
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.