2/27/2013

Misuwuring Manungsa Ingkang Taqwa


Manungsa ingkang taqwa punika boten dipun tentukaken dening pangkat, derajat, bagus utawi ayuning pasuryan. Ananging taqwa punika manggen dhateng tiyang ingkang tansah taat lan mituhu dhateng sedaya dhawuhipun Allah. Jiwa lan semangatipun tansah nggatosaken dhateng sedaya amaliyah Islam. Iman saestu dipun amalaken kanthi pakarti ingkang sae. Kanthi punika saget kemawon tiyang ingkang mlarat, ala pasuryanipun ananging dipun catet dening Allah tiyang ingkang taqwa, sahingga derajatipun dipun angkat dening Allah. Amargi banget pentingpun taqwa punika sahingga kita aturaken mawi khutbah Jum'at.


الحمدلله الذي ارسل رسوله بالهدى ودين الحق ليظهره على الدين كله وكفى بالله شهيدا. اشهد ان لا اله الاالله وحده لاشريك له واشهد ان محمدا عبده ورسوله اللهم صل وسلم وبارك علىنبينا محمد وعلىاله وصحبه اجمعين.اما بعد: فياعبادالله اتقواالله حق تقاته فقد فازالمتقون
Kaum muslimin jam'ah Jum'ah Rahimakumullah
Mangga kita tansah ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Minangka wujud saking iman lan taqwa inggih punika kita tansah budidaya sedaya ilmu lan hikmah ingkang nate kita tampi lan kita mireng sayektos kita dadosaken tindak lampah ingkang nyata, inggih punika kanthi wujud kesalihan, ketaatan, kesabaran kita tindakaken kanthi istiqomah. Ampun ngantos ilmu ingkang kita gadhahi punika namung minangka kangge jagi-jagi, kangge jagi harkat lan martabat menawi sawekdal-wekdal dipun dangu dening tiyang sanes lajeng kita saged jawab kanthi lantang, lancar punapa ingkang kita ngendiakaken punika inggih ingkang kita tindakaken.
Allah SWT sampun paring tuladha dhateng salah satunggaling tiyang ingkang nggadhahi tanggel-jawab moril tansah kepingin mujudaken ilmu lan hikmah ingkang nate dipun tampi. Tiyang kalawau inggih punika Luqman Al Hakim, piyambakipun dipun paringi derajad kenabian, kecerdasan lan akal ingkang cemerlang, dipun tingali saking pangkat lan rupi, piyambakipun tukang kajeng, kulitipun cemeng saking negeri Sudan. Piyambakipun dipun paringi ilmu dening Allah lan piyambakipun tansah budidaya supados ilmu punika dipun amalaken, sahingga naminipun dipun langgengaken dening Allah wonten ing Alquran. Allah SWT dhawuh dhumateng piyambakipun:
" Lan satemene Ingsun wus paring hikmah marang Luqman, yaiku; Syukura marang Allah. Sing sapa wonge syukur (marang Allah) mangka dheweke wus sukur kanggo dheweke, lan sapa wonge ora syukur, mangka satuhune Allah Maha Sugih tur Maha Pinuji" (QS Luqman: 12)

Sinaosa dhawuh syukur punika dipun tujukaken dhateng Luqman ananging mengku maksud dhumateng sedaya umat Islam, amargi melai lahir manungsa punika sampun dipun paringi nikmat ingkang boten winates, kanthi punika tiyang ingkang tansah paring kinurmatan dhumateng tiyang sanes yekti badhe dipun hormati dening tiyang sanes ugi. Lan tiyang ingkang purun syukur dhumateng Allah yektos Allah badhe paring rahmat dhumateng piyambakipun.
Wujud raos syukuripun Luqman inggih punika, piyambakipun tansah paring pepenget dhumateng putra-putrinipun ing babagan iman, ibadah, akhlaq lan babagan amaliyah sanesipun. Ing perkawis aqidah Luqman paring nasehat dhumateng putranipun:

" Lan elinga nalika Luqman ngendika marang putrane, rikala piyambake paring piwucal marang putrane: "He anakku, sira aja pada nyekuthokake Allah, satemene nyekuthokake (Allah) iku nyata-nyata kezaliman kang gedhe. " (QS Luqman: 13)

Kathah sanget mutiara hikmah saking Luqman, kados ingkang kasebat ing salebetipun tafsir Al Maroghi " He anakku, donya iki kaya dene segara kang jero, akeh wong kang kesilep, mangka dadekna taqwa marang Allah dadi prahunira, iman dadi isine lan tawakal dadi layare muga-muga sira slamet".

Ing babagan ibadhah Luqman dhawuh dhumateng putranipun supados bektos dhumateng tiyang sepuhipun, sinaosa tiyang sepuh dhawuhaken supados nyekuthokake Allah, piyambakipun kedah paring kinurmatan dhumateng piyambakipun, kasebat ing Alquran:
" Lan Ingsun dhawuhake marang manungsa (agawe becik) marang wong tuwa lorone, ibune kang wus ngandung kanthi lemes lan tambah lemes, lan nyapih nalika wus umur rong tahun. Syukura marang Ingsun lan marang ibu bapak ira, mung maring Ingsun sira bakal bali . Lan nalika loro-lorone meksa marang sira nyekuthokake marang Aku (Allah) apa bae kang ora ana pengertian marang iku, mangka sira aja ngetutke lorone, lan srawungana ing dunya kang apik, lan dherekna dalane wong-wong kang bali marang Ingsun (Allah), nuli amung maring Ingsun (Allah) balinira, mangka Ingsun (Allah) kabarake marang sira apa kang wus sira tindakake" (QS Luqman: 14- 15)

Miderek riwayat Al Hafidz ibnu Katsir saking Sa'ad ibnu Waqqos RA. Sa'ad punika salah satunggaling tiyang ingkang taat, patuh lan mituhu dhumateng tiyang sepuhipun. Sahingga sasampunipun mlebet agama Islam, ibunipun dhawuh supados ninggalaken keyakinanipun, kanthi ngendika. He Waqqos menawa sira ora ninggalake keyakinan ira, mangka aku bakal ora mangan ora ngombe nganti aku mati. Sedinten sedalu ibunipun mogok dahar lan ngunjuk, ketingal loyo lan tambah kepayahan, nanging Sa'ad keyakinanipun boten goyah, dipun lajengaken ing dinten sanesipun nanging tetep Sa'ad boten goyah keyakinanipun. Ningali keyakinan putranipun ingkang tambah mantep, akhiripun manahipun ibu dados luluh lan nampi keyakinan putranipun.

Kaum muslimin jama'ah Jum'ah Rahimakumullah
Perkawis ingkang gegayutan kalian amal ibadhah, Luqman nerangaken bilih sedaya amalipun manungsa punika boten badhe nuwuhaken perkawis ingkang muspra, jalaran ageng alitipun amal manungsa punika badhe dipun paringi piwales saking Ngarsanipun Allah:
" (Luqman ngendika): He anakku, satemene lamun ana (sawijining amal) sebobot wiji sawi, kang ana ing watu utawa langit utawa ing jero bumi, yekti Allah bakal nekakake (mbales). Satemene Allah Maha lemah lembut tur Maha Pirsa " (QS Luqman: 16)

Kanthi punika supados sedaya amalipun manungsa punika saged nuwuhaken kesahenan, manungsa kedah nindakaken shalat kanthi istiqomah, insya-Allah shalat ingkang dipun tindakaken kanthi cara mekaten badhe nuwuhaken pakerti sae ing salajengipun. Sahingga sasampunipun nindakaken shalat salajengipun saget nindakaken pakerti kang bagus lan nyegah dhumateng perkawis ingkang mungkar, kanthi sabar. Badhe ndamel kesahenan tumrap tiyang sanes lan dhumateng lingkunganipun.

" He anakku, tindakna shalat lan printaha (manungsa) nindakake kang bagus lan cegahen saking pegawean kang mungkar lan sabara marang apa kang ngenani awakmu. Satemene kang mengkana iku kalebu perkara kang diwajibake (dening Allah) " (QS Luqman: 17)


" Lan sira aja padha mlengosake rahinira seka manungsa (keranten sombong) lan sira aja lumaku ing bumi karana angkuh. Satemene Allah ora dhemen marang wong-won kang sombong tur mbanggakake awake dhewe " (QS Luqman: 18)
: Lan sederhanakna anggonmu lumaku lan lindhikna suaramu. Satemene sak elek-eleke suara yaiku suara keledai " (QS Luqman: 19)

Saking khutbah punika saget kita simpulaken:
• Misuwuring derajat manungsa punika dipun temtukaken dening selarasipun antawisipun ilmu kalian amal, ilmu kedah nuwuhaken amal, kanthi punika ilmu boten wonten artosipun menawi boten dipun amalaken. Semanten ugi menawi beramal kedah dipun landasi kalian iman lan ilmu.
Luqman Al Hakim minangka tuladha saking anggota masyarakat biasa ananging sanget anggenanipun merhatosaken kalian perkawis iman, ilmu lan amal, sahingga piyambakipun maringi pitedah dhumateng putranipun ampun ngantos nyekutokaken dhumateng Allah, supados nindakaken shalat, nindakaken amar ma'ruf nahi mungkar, ampun angkuh kalian sesami lan nalika lumampah ing bumi.
Mugi-mugi sekedhik mawi sekedhik kita saget nuladhani dhumateng Luqman, amin.

وقل رب اغفر وارحم وانت خير الراحمين