2/25/2013

Gangsal Wasiyat Rasul


Gangsal Wasiyat Rasul

الحمدلله الذى امرنا بالاجتماع والاعتصام بحبله ونهانا عن التفرق وعصيانه, اشهد ان لا اله الاالله وحده لا شريك له واشهد ان محمدا عبده ورسوله المبعوث لا علاء كلمته, اللهم صل وسلم على محمد وعلى اله واصحابه وقرابته واتباعه, اما بعد: فياايهالناس اتقواالله واطيعوه لعلكم ترحمون.
Kaum Muslimin Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah.
Saking mimbar ingkang minulya punika kawula pepenget khusisipun dhumateng badan kula piyambak lan sumrambahipun dhumateng para jama’ah, mangga kita tansah nindakaken dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun minangka wujud anggen kita ngabektas dhumateng Allah SWT.
Pramila wujud kita manembah dhumateng Allah, sumangga tansah enget dhumateng wasiyatipun Rasul ingkang kasebat wonten pangendikanipun mekaten:
اغتنم خمسا قبل خمس: شبابك قبل هرمك وصحتك قبل سقمك وغناك قبل فقرك وفراغك قبل سغلك وحياتك قبل موتك.
“ Gunakna limang perkara sadurunge tumeka limang perkara, nomira sadurunge tumeka tuwanira, waktu sehatira sadurunge tumeka laranira, wektu sugihira sadurunge tumeka wektu mlaratira, wektu longgarira sadurunge tumeka wektu rupekira, uripira sadurunge tumeka patinira”.

Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah.
Gangsal wasiyat Rasul punika saget kita udhari mekaten:
1. Yuswa nem saderengipun dumugi yuswa sepuh. Yuswa nem minangka yuswa kangge madosi bekal kangge yuswa sepah, pikiran tasih cemerlang, manah tasih resik. Pramila wekdal nalika tasih nem minangka dados kesempatan kangge ngupadi ilmu, ketrampilan kanthi dipun dasari ilmu-ilmu agama supados punapa kemawon ingkang dipun hasilaken saking ilmu lan ketrampilan punika saget nuwuhaken kesahinan tumrap pribadi lan tiyang sanes.
2. Supados angginakaken wekdal sehat punika saderengipun kita nandang sakit. Sakit artosipun boten fungsinipun salah setunggal saking organ badan kita, sahingga nalika saweg nandang sakit nembe ngraosaken pentingipun sehat tuwin pentingipun njagi kesehatan. Pramila mangga nalika tasih dipun paringi kesehatan kita berusaha supados tansah sehat lahir lan batos sahingga nalika sehat kita saget nindakaken amal ibadah selaras kalian dhawuhipun Allah SWT.
3. Angginakaken bandha nalika kita sugih saderengipun dumugi wekdal mlarat. Perkawis punapa ingkang boten saget dipun tindakaken selagi kita anggadhahi bandha, temtu saget dipun raosaken nikmatipun, dahar sarwo enak, sare sarwa angler, rasukan sarwa endah, griya, kendaraan sarwa megah. Ananging harta, tahta lan jabatan mawi wates, menawi kita sampun dipun panggil dening Allah. Sedayanipun boten badhe kita bekta kejawi tigang perkawis. Kados pengendikanipun Nabi:

اذامات ابن ادم انقطع عمله الا من ثلاث صدقة جارية او علم ينتفع به او ولد صالح يدعوه له.
“ Nalika Anak Adam wus mati mangka pupus sekabehe, kejaba telung perkara, shadaqah jariyah, ilmu kang manfaat, anak shaleh kang dongakake marang wong tuwane.”
Pramila supados kesugihan lan kemulyan ingkang sampun dipun paringaken punika saget maringi manfaat dhumateng diri pribadi lan tiyang sanes kedah dipun dalaken hakipun inggih punika zakatipun, infaqipun lan shadaqahipun.
4. Angginakaken wekdal ingkang longgar saderengipun kadugen wekdal ingkang rupek. Supados wekdal ingkang dipun paringaken dening Allah punika boten dados wekdal ingkang sia-sia, pramila kedah dipun rencanakaken, dipun programaken, salajengipun dipun tindakaken lan dipun evaluasi. Sahingga saben dintenipun sampun wonten jadwal kangge makarya, kangge mirsani TV, mirengaken radio, maos Quran, maos buku lan sanes-sanesipun. Temtu menawi dipun tindakaken kanthi jadwal badhe dados amal ibadah. Rupekipun wekdal ingkang badhe dipun raosaken dening sedaya umat Islam inggih punika wekdal akhir hayat utawi wekdal nalika arwah badhe medal saking raganipun. Menawi akhir hayat saget maos” La ilaha illalloh” artosipun badhe angsal margi gampil mlebet ing suwarganipun Allah, ananging wekdal singkat menawi salah anggenipun ngucapaken kalimah thoyyibah mila badhe ewet anggen kita badhe mlebet ing suwarganipun Allah.
5. Kita supados angginakaken wekdal gesang punika saderengipun dumugi pejah kita. Gesang artosipun tasih manunggal antawisipun jiwa kalian raga, amargi tasih manunggal punika sahingga kita tasih saget ngamal ibadah, nindakaken dhawuhipun Allah minangka kangge merkoleh kabegjan gesang wonten ing akherat samangke. Gesang ing akherat namung kagem metik amal ibadah salaminipun gesang ing alam donya. Sahingga sae lan awonipun, nikmat lan sengsaranipun, bungah lan susahipun gesang ing akherat ingkang langgeng punika dipun perkoleh saking gesang ing alam donya ingkang singkat punika.

Kaum muslimin Rahimakumullah.
Mugi-mugi khutbah singkat punika saget maringi petedah dhumateng kita sedaya, amin.

بارك الله لى ولكم فى القران العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل منى ومنكم تلا وته انه هوالسميع العليم