2/24/2013

Bahaya Tumindak Syirik

Bahaya Tumindak Syirik
الحمد لله رب العا لمين و به نستعين على امو ر الد نياوالدين. اشهد ان لا اله الا الله وحده لا شر يك له. واشهد ان محمدا عبده ورسوله ار سله الله رحمة للعا لمين اللهم صل وسلم على هذاالنبي الكريم. سيدنا محمد وعلى اله واصحابه اجمعين اما بعد. فيا عبا دالله رحمكم الله. اوصيكم ونفسى بتقوى فقد فاز المتقون.
Para sedherek kaum muslimin Rahimakumullah
Boten wonten wasiat ingkang kalangkung utami kejawi wasiat dhumateng kita sedaya sumangga kita tansah nguri-uri, mupuk lan ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah, temtunipun kanthi nindakaen dhawuh-dawuhipun Allah lan nebihi awisanipun. Jalaran sampun dados fitrahipun bilih manungsa dipun ciptakaken dening Allah supados ngabekti dhumateng Allah. Kasebat wonten ing Alquran surat Adz dzariyat ayat 56:
" Lan Ingsun ora dadekake jin lan manungsa anangingsupaya pada nyembah marang Allah.

Ibadah ingkang dipun tentukaken dening Allah kedak dipun tindakaken kanthi resik, ampun ngantos kacampur kalian pedamelan syirik, jalaran menawi sampun kacampur kalian syirik mila amal ibadah punika boten badhe dipun tampi dening Allah, kasebat wonten ing Alquran: surat Annisa': 48:
" Satemene Allah ora ngapura marang dosa syirik, ananging ngapura marang dosa saliyane (syirik), maring wong kang dikersakake, sing sapa wonge nyekutokake marang Allah mangka yekti wus nglakoni dosa kang gedhe".

Pedamelan syirik sayektos sampun wedar saking awal saderengipun tumurun syari'at Agami Islam, pramila kathah para nabi lan rasul ingkang dipun angkat dening Allah supados negakaken ajaran tauhid. Semanten ugi saderengipun Muhammad dipun angkat dados rasul ugi tumindak syirik sampun dados rupa-rupining budaya lan keyakinan masyarakat. Sahingga tugas utami nabi Muhammad inggih ngajak supados nyembah dhumateng Allah lan ampuan ngantos nyekutokake maring sasanesipun Allah.
Budaya masyarakat kala rumiyin ingkang dhemen nyembah dhumateng berhala, patung, gunung, seganten, selo, kayu, kuburan lan sasanesipun, dipun tedahaken dening rasul kanthi syari'at Islam, lan salajengipun dipun terasaken dening para sahabat, tabiin, tabiit tabi'in lan hingga ulama' sapunika. Sinaosa mekaten tasih kathah tumindak ingkang nedahaken dumateng tumindak syirik, ngendikanipun Allah wonten ing Alquran:

" Wong-wong kang pada iman lan ora nyampur-adukake imane karo kedzaliman (syirik), dheweke iku wong kang entuk keamanan lan dheweke iku wongkang entuk pituduh. (Al An'am: 82)".
" Satemen nyekutokake (Allah) iku nyata-nya kedzaliman kang gedhe." (Luqman: 13)

Kaum muslimin jama'ah Jum'ah Rahimakumullah
Kanthi mekaten midherek hadits ingkang dipun riwatataken dening Iman Muslim saking Abdullah, bilih syirik punika kaetang dosa ageng.
اى الذنب اكبر عند الله قال ان تدعوالله ندا وهو خلقك.
" (Sahabat taken maring Rasul) Dosa punapa ingkang paling ageng mungguhing Allah? Rasul jawab. Sira nyekutokake Allah, kang mangka Allah dzat kang dadekake sliramu".

Amargi syirik punika kalebet dosa ingang ageng pramila tiyang ingkang nindakaken pedamelan syirik badhe nampi pinwales sakng ngarsa Dalem allah SWT
من مات لا يشرك بالله شيأ دخل الجنة ومن مات يشرك بالله شيأ دخل النار (رواه المسلم)
" sapa wonge mati ora nyekutokake Allah marang sawiji maka bakal mlebu ing suwarga, lan sapa wonge mati kelawan nggawa dosa syirik mangka mlebu ana ing neraka. (HR. Muslim)".

Kaum MusliminJam'ah Jum'ah Rahimakumullah:
Dipun tingali saking sifatipun syirik wonten kalih werni:
• Sepindhah syirik akbar (syirik kang gedhe), inggih punika syirik ing babagan aqidah utawi keyakinanipun, kadosipun nyekutokake Allah marang patung, braha, kuburan lan sanes-sanesipun.
• Kaping kalih: syirkul ashghor (syirik kang alit), inggih punika syirik marang perkawis tujuanipun ngibadah. Jalaran ibadah ingkang tujuanipun kangge ngupadi ridhanipun Allah ananging melenceng naming kangge pados pangalembana lan pados kemashuran.

Sinaosa syrik alit ananging tansah khawatir kalian pakerti punika, pangendikan dalem Rasulullah mekaten:

ان اخوف ما اخاف عليكم الشرك الاصغر قالوا وما الشرك الاصغر يا رسول الله قال الرياء
" Satemene pakerti kang paling Ingsun khawatirake saka sira yaiku syirik asghor (syirik cilik), nuli parra sahabat matur, punapa ingkang kalebet syirik asghor punika, ya Rasul. Rasul jawab, yaiku riya'.

Raos khawatiripun rasul sahingga paring pepemut punika amargi sanget anggenipun rasul trisna dhumateng para kawulanipun. Tumrapipun para sahabat ingkang sampun sempurna babagan seserepan agaminipun lan kiyat imanipun, punapa malih dhumateng tiyang ingkang kurang ilmunipun lan lemah imanipun.
Pramila sumangga iman ingkang sampun tinancep ing sajroning manah punika tansah kita ugemi minangka dados motivasi lan semangat anggen kita gesang ing alam dunya punika. Jalaran sampun kasebat ing Surat Al Ikhlas ayat 1-4:

" Kandhakna: Panjenengane (Allah), dzat kang Maha Esa, Allah punika Pangeran kang sekabehane gumantung marang Panjenengane, Panjenengane ora peputra lan ora diputraake, lan ora ana barang kang sepadhan karo Panjenengane".
أقول قولى هذا وأستغفر الله تعالى لى ولكم, فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم, وادعوه يستجب لكم.