Syukur Kanthi Shalat lan Qurban-Khutbah Shalat Idul Adha 1435 H-Bahasa Jawa



Manungsa dipun paringi mapinten-pinten kenikmatan dening Allah, kathah lan warninipun ingkang boten saget dipun etang dening manungsa. Kejawi Allah paring kenikmatan punika Allah SWT ugi paring jejibahan dhateng manungsa, agami Islam sampun paring piugeran inggih punikakewajiban ingkang kedah dipun tindakaken dening tiyang-tiyang Islam. Contonipun shalat minangka ibadah harian lan qurban ingkang dados ibadah tahunan. kewajiban saking ngarsa dalem Allah SWT punika badhe kraos awrat menawi boten dipun bandingaken kalian kenikmatanipun Allah ingkang sampun dipun paringaken lan badhe dipun paringaken. Kanthi nuladhani tindak lampahipun Rasulullah Nabiullah Ibrahim lan Muhammad SAW, sedaya dhawuh minangka kagem mujudaken raos syukur dhateng Allah SWT. Pramila mangga kita tuladhani supados kita saestu dados ahsani taqwim.

ألسلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَللهُ أَكْبَرُ x كَبِيْرًا وَالْحَمْدُللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلًا. لآ إِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُلِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ, نَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى اَلَّذِى جَعَلَ الْخَلِيْلَ إِبْرَاهِيْمَ إِمَامًالَنَا وَلِسآئِرِالْبَشَرِ. أَشْهَدُ أَنْ لآ اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعاَلَمِيْنَ . أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَاِبِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ اْلقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ, إِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Allahu akbar 3x walillahil hamdu
Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Mangga kita sedaya sami ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun. Allah sampun paring janji dhateng tiyang ingkang iman lan taqwa, Allah badhe paring margi ingkang gampil dhateng kawulanipun, margi ingkang awrat badhe dipun ringanaken, margi ingkang sisah badhe dipun gampilaken, margi ingkang peteng dhedhet badhe dipun padhangi lan saterasipun.






“Sapa wonge kang taqwa marang Allah mesthi Panjenengane bakal dadekake kajembaran kanggo dheweke, lan maringi rizki saking jurusan kang ora den kira-kirakake. Lan sapa wonge tawakal marang Allah, mesthi Allah bakal nyukupi (kaperluwane) dheweke”. (QS. Ath-Thalaq: 2-3)

Allah SWT zat ingkang Maha Kuwaos nanging Allah ugi Maha Welas Asih, wujud saking kuwaosipun Allah, kanthi qodrat lan irodatipun sedaya ingkang dipun kersakaken dening Allah saget maujud:






“Satemene tindake pangeran yen ngersakake (dumadine) sawiji-wiji iku amung ndhawuhake marang sawiji-wiji mau “dumadiya sira” mula banjur dumadi”. (QS. Yasin: 82)

Kanthi welas-asihipun, Allah saget mulyakaken dhateng kawulanipun lan kanthi kuwasanipun ugi saget dadosaken kawulanipun dados ina lan ashor. Mekaten punika kasebat ing dalem Alquran:








“Dhawuha sira (Muhammad): “Dhuh Gusti Pangeran ingkang kagungan kraton, Panjenengan maringi kraton punika dhumateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken lan Panjenengan mundhut wangsul kraton punika dhumateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken. Panjenengan mulyakaken dhumateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken lan Panjenengan ngasoraken dhumateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken. Inggih namung wonten ngarsa Panjenengan kemawon sedaya kesahenan. Lan sayektosipun Panjenengan punika dhamateng sedaya perkawis, ingkang Maha Kuwaos”. (QS. Ali Imran: 28)

Allahu akbar 3x walillahil hamdu
Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Allah zat ingkang Welas Asih lan Maha Wicaksana, sedaya kawulanipun Allah kepingin dados tiyang ingkang gesangipun mulya, dipun cekapi sedaya ingkang dipun seja. Boten wonten tiyang ingkang kersa dipun paringi sakit lan cilaka, bendu lan rubeda. Sedaya manungsa ngersakaken gesang ingkang sakinah, mawaddah, rohmah, istiqomah, sejahtera lahir lan batinipun. Mekaten punika boten saget dipun perkoleh kanthi gratis, nanging dados perkawis ingkang kedah dipun usahakaken.





“Satemene Gusti Allah ora ngowahi kahanane sawijine kaum
nganti kaum iku dhewe kang ngowahi marang kahanane “. (QS. Arro’du: 11).

Allah paring janji lan Allah boten badhe cidra kalian janjinipun, syarat dados kawula ingkang dipun mulyakaken inggih punika kedah iman lan taqwa. Salah satunggalipun wujud saking iman inggih punika nindakaken shalat lan qurban, Allah SWT nate ngendika:








“Daging-daging onta lan getihe iku babar pisan ora bisa merkoleh (karilane) Allah, ananging ketaqwaan kang saka sira kabeh iku kang bisa merkoleh karilane Allah”. (QS. Al Hajj: 37)

Wonten ing dalem Alquran surat Al Kautsar ayat 1-3 Allah ngendika:








“ Satemene Ingsun wus maringake marang sira nikmat kang akeh. Mula shalata sira kerana Pangeranira lan gaweha qurban sira. Satemene wong kang nyengiti sira, hiya iku wong kang cunthel”.

Allahu akbar 3x walillahil hamdu
Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Allah SWT sampun paring mapinten-pinten kenikmatan lan kamulyan ingkang dipun paringaken dhumateng para manungsa, melai awal Allah sampun nitahaken manungsa dados makhluk ingkang mulya lan sak bagus-bagusipun rupa. Amargi manungsa dipun titahaken dados khalifah lan kawulanipun Allah ingkang ghadhahi tugas ganda, kanthi mekaten pas sanget menawi manungsa punika dipun dadosaken makhluk ingkang paling sempurna.

Sasampunipun kedadosanipun punika dipun sempurnakaken, tumuli Allah paring mapinten-pinten hidayah, arupi panca indra, akal, qalbu lan agami. Boten wonten makhluk ingkang dipun paringi hidayah mekaten punika kejawi manungsa. Ngengingi tanggel jawabipun manungsa punika langkung kathah lan awrat, Allah nyempunakaken malih kanthi paring mapinten-pinten kenikmatan, ing antawisipun:

Sepindhah arupi nikmat panjang yuswa, kanthi panjang yuswa, kita tasih saget nindadaken lan ningkataken amal ibadah dhateng Allah. Menawi ing sak lebetipun gesang punika rumaos lan ngrumaosi dados makhluk ingkang boten badhe uwal saking “khata’ lan nisyan” lepat lan supe ingkang badhe damel dosa sahingga tansah ngathah-ngathahaken istighfar. Lan menawi dosa ageng ingkang dipun tindakaken tumuli mertobat, boten badhe ngambali malih lan ugi badhe nggantos pedamelan awon kanthi pedamelan ingkang sae.

Amal ibadah punika ingkang badhe dados rencang lan sedherek sasampunipun seda, kita saget mendhet hikmah saking perjalanan ibadah haji, sedaya pangkat, jabatan, mas picis raja brana, kendaraan lan griya ingkang mewah dipun tilar kejawi namung iman ingkang tinancep ing salebetipun manah. Iman badhe dados semangat anggenipun nindakaken ibadah ing tanah suci.

Kaping kalih nikmat sehat, sehat punika reginipun awis, boten wonten tiyang ingkang kepingin sakit, amargi nalika sakit, dahar, ngunjuk, sare, lungguh lan jumeneng boten badhe sekeca. Dhaharan ingkang sarwa eco dados ical raosipun, unjukan ingkang seger inggih dados pahit lan saterasipun. Dereng malih menawi kedah mertamba ing griya sakit lan sanesipun, boten sekedhik biaya ingkang kedah dipun dalaken. Sehat lahir lan batos kedah dipun syukuri, syukur billisan kanthi maos Alhamdulillah. Syukur bil hal kanthi ningkataken amal ibadah, kaleres ibadah mahdhah lan ghoiru mahdhah. Ibadah spiritual, ritual lan sosialipun dipun wujudaken.

Kaping tiga sempat, wekdal sempat utawi longgar. Sedaya tiyang dipun paring wekdal sami inggih punika 24 jam ing setunggal dintenipun. Kanthi wekdal punika, wonten tiyang ingkang saget bagi wekdal lan merhatosaken wekdal. Sinaosa nembe kathah pakaryan nanging nalika pikantuk panggilan nindakaken shalat inggih cekat-ceket nindakaken shalat. Nanging wonten ugi kathah wekdalipun ingkang longgar, nanging nalika nampi panggilan nindakaken shalat, panggilan punika boten dipun gatosaken. Kita kedah enget bilih manungsa punika nate ribet, nanging sak ribet-ribetipun tiyang inggih punika, nalika kedah saget maos kalimat tauhid ing akhir hayatipun. Amargi Rasulullah nate ngendika “Sapa wonge kang ing akhir hayatipun bisa ngucap la Ilaha illaah daholal jannah”.

Kanthi mapinten-pinten kenikmatan ingkang dipun paringaken Allah dhumateng kita sedaya, saterasipun Allah paring dhawuh supados nindakaken shalat lan nindakaken qurban. Shalat dados pokokipun agami, sedaya tindak lampahipun tiyang Islam punika gumantung kalian shalatipun. Shalat ingkang khusuk lan berkualitas saget nedahaken sedaya pakertinipun dhateng kemaslahatan. Malah shalat saget nebihaken saking pedamelan keji lan munkar.

Shalat gangsal wekdal punika syari’at Allah ingkang dipun dhawuhaken dhateng Rasulullah Muhammad SAW, menawi qurban punika syariat Allah ingkang dipun paringaken dhumateng nabi Ibrahim nanging dipun terasaken wonten syari’at nabi Muhammad, semanten ugi ibadah haji. Rasulullah SAW sinaosa dados pribadi ingkang maksum, dipun jagi saking tumindak dosa lan dipun jamin mlebet ing suwarga, nanging tansah nindakaken shalat, amargi shalat punika semata-mata kagem mujudaken raos syukur dhumateng Allah SWT.

Nabi Ibrahim salah setunggalipun kekasihipun Allah, Ibrahim pribadi ingkang ikhlas, tawakal lan dermawan. Amargi sifat dermawanipun nate dipun uji, lantaran wonten malaikat ingkang nyimpe dados manungsa, kenging punapa tansah ngathah-ngathahaken anggenipun ngedalaken infaq lan shadaqah, Ibrahim ngendika, bandha punika dereng sak pintena, lamun ingsun diparingi putra lan didhawuhi ngurbanake yekti bakal ingsun qurbanake.

Sahingga nalika Ibrahim wonten yuswa sepuh dipun paring putra. Lan prasasat sampun supe kalian pangandikan ingkang sampun dipun ngendikakaken. Nalika dipun paringi putra kakung ingkang sanget dipun trisnanani. Allah paring dhawuh supados nyembelih dhateng putranipun, Ibrahim boten selak semanten ugi Islamil putranipun. Kekalihipun pribadi ingkang tawakal dhateng Allah. Kabukten belih dhawuhipun Allah punika namung kangge ujian dhateng kawulanipun. Lan Allah gantos kalian hewan domba.








“Mula rikala bocah iku wus tumeka (umur) bisa mlaku bebarengan karo Ibrahim, Ibrahim ngendika “He putraningsun, ngger satemene ingsun mirsani sajrone sare, menawa ingsung nyembelih marang kang salira. Mula coba pikiren kepriye mungguh kang salira? “ Dhuh rama, rama kawula aturi nindakaken punapa ingkang dipun dhawuhaken dhumateng panjenengan. Insya-Allah panjenenngan badhe manggihi ingkang putra kalebet tiyang-tiyang ingkang sabar”. (QS. Ash Shaffat: 102)

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ


Anda sedang membaca artikel dari untajiaffan Terbaru hari ini. Mohon untuk membagikan artikel ini ke teman anda melalui sosial media dibawah ini.

Artikel Untajiaffan Lainnya:



Kotak Komentar