3/25/2014

Demokrasi Midherek Syari'at Islam


Pesta demokrasi negari Republik Indonesia badhe kalampahan benjang ing tanggal 9 April 2014, rakyat dipun paringi kebebasan nemtukaken sinten ingkang pas lan patut dados wakil ing DPRD, DPR Provinsi DPD lan DPR RI. Panci sampun kathah calon ingkang sami daftar lan nindakaken kampanye, sedaya wau kangge mundhut atinipun rakyat. Kanthi mekaten supados rakyat boten getun ing tembe wingkingipun milih pimpinan kedah mawi piugeran kados ingkang dipun aturaken dening nabi Muhammad SAW.
أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى خَلَقَ الْاِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ, أرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى سَاِئِر الْاَدْيَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَمَنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Para sedherek kaum muslimin Rahimakumullaah!
Saking mimbar Jum’at punika, kawula ngajak awak kula ugi kaum muslimin kangge ningkataken taqwa kita dhumateng Allah Rabb al-‘alamiin, supados kita tansah wilujeng awit saking donya dumugi akhirat samangke. Kawuningana bilih Alquran minangka wewaton umat Islam sampun maringi wewaler kanthi padhang lan gamblang, bilih sedaya umat Islam kedah ngrengkuh Islam kanthi jangkep, ganep lan wetah. Tegesipun kita kedah nindakaken sedaya dhawuh lan nebihi sedaya cegah, tanpa wonten ingkang dipun sepelekaken. Allah SWT ngendika:
Hai sekabehe wong kang padha iman, padha mlebuwa Islam kanthi komplit, sekabehane, lan aja padha manut langkah-langkahe syetan, sebab saktemene syetan iku mungsuhira kabeh kang nyata. (QS. Al Baqarah: 208)

Ayat wau negasaken bilih umat Islam ampun ngantos ngrungkebi Islam namung sebagian-sebagian, ateges boten komplit. Maksudipun menawi anggen kita sami Islam kepingin wetah, komplit, boten goeng, boten gripis, iman kita kedah iman kanthi agami Islam, sesrawung kita ugi sesrawung ingkang mawi tatanan Islam, ekonomi kita ugi ekonomi ingkang dipun atur kanthi Islam, politik kita ugi kedah politik ingkang selaras kaliyan ajaran Islam. Allah SWT ngendika:


“ Lan (elinga) nalika Ibrahim diuji dening Pangerane kelawan pirang-pirang kalimah (perintah lan waleran), nuli Ibrahim nindakake kalimat-kalimat mau kanthi sempurna. Allah dhawuh: “ Satuhene Ingsun bakal dadekake sira dadi imam tumraping kabeh manungsa”. Ibrahim matur:”(lan kula ugi nyuwun) sadhengah saking anak turun kawula”. Allah dhawuh: “Janji Ingsun (iki) ora bisa ngenani wong-wong kang padha dhalim”. (QS. Al Baqarah: 124)

Kitab Mu’jamul Ausath jilid 12 sohifah 27-28 negasaken bilih imam, pemimpin, punika mimpin ummat. Wondene ummat inggih punika segolongan ingkang sami. Mila senaosa kita boten kenging memengsahan kaliyan sak sintena kemawon, malah kita kedah nyedherek kaliyan sinten kemawon, ananging perkawis kepemimpinan wonten aturan lan wewaler piyambak. Ewadenten wewaler kalawau, antawisipun bilih pemilihan umum, kita dipun atur supados milih pemimpin ingkang shidiq (jujur), amanah (saged dipun pitados), tabligh (transparan utawi saged padhang-padhangan), lan fathonah (prigel) kangge ngladhosi rakyat. Imam Az-Zamakhsyari nalika nafsiraken ayat punika negasaken bilih tiyang ingkang zhalim, sami ugi keranten imanipun kirang, curang, tukang goroh, cidra ing janji, boten pikantuk dipun pilih dados pemimpin, amargi pemimpin punika tugasipun brastha tumindak zhalim. Kados pundi badhe mujudaken keamanan, keimanan, lan kesejahteraan lan brastha kezhaliman menawi pemimpinipun tiyang zhalim. Ulama’ agung Prof. Dr. Wahbah Zuhaili wonten ing kitabipun Al-Fiqh negasaken bilih tiyang zhalim boten pikantuk dipun pilih dados pemimpin awit badhe ngrisak peradaban. Mila margi kita punika tiyang Islam, tiyang ingkang taat dhumateng aturanipun Allah SWT, mangga kita sami milih selaras kaliyan manah suci kita, niat suci kita, selami tiyang ingkang dipun pilih wau tiyang ingkang shidiq, amanah, tabligh lan fathonah.

Kaum muslimin rahimakumullah!
Perlu kawuningan bilih Undang-Undang Pemilu sampun negasaken larangan ngingingi politik uang utawi money politics. Nanging amargi Undang-undang Pemilu nomer 8 tahun 2012 taksih kathah kekiranganipun ngingingi politik uang utawi money politic, mila ormas-ormas Islam sami kagungan inisiatif kangge nanggulangi politik uang kalawau. Antawisipun, wonten ing pokok pikiran Tanwir Muhammadiyah 2012, dipun tegasaken pitung syarat kepemimpinan. Sepindah, pemimpin kedah tiyang ingkang visioner, ingkang selaras kalian cita-cita bangsa. Kaping kalih pemimpin kedah nasionalis lan humanis tegesipun berjiwa kemanusiaan. Kaping tiga, pemimpin kedah saged bangun paseduluran bangsa ingkang majemuk. Kaping sekawan, pemimpin kedah wantun mundhut resiko saking kebijakanipun. Kaping gangsal, pemimpin kedah saged mundhut keputusan ingkang cepat, tepat lan tegas. Kapng nenem, pemimpin kedah saged ngentasaken masalah-masalah, lan kaping pitu, pemimpin kedah kagungan komitmen moral utawi akhlaq al-karimah supados boten korupsi mangkenipun.
Kangge nggayuh bangsa lan negara ingkang adil makmur, baldatun thayyibatun wa Rabbun ghafuur, para alim Ulama Nahdhatul Ulama ugi ngawontenaken Konferensi Besar wonten ing pondok pesantren Kempek Cirebon tahun 2012. Sami mutusaken wonten ing bahtsul Masailipin negasaken bilih sedaya peparing saking calon legislatif, pilkada, pilpres lan sanesipun sami ugi arupi zakat, shadaqah, hadiyah, ganti uang mobil, ganti uang rokok, ganti uang kerja ingkang dipun syarataken milih calon, sedaya dipun haramaken supados tiyang Islam saged milih calon ingkang bersih, jujur lan kagungan akhlaq mulia.
Kita yakin ormas-ormas Islam sanesipun kados Rifa’iyah, Sarekat Islam, lan sanes-sanesipun ugi sami wewaleripun. Ingkang mekaten selaras kaliyan hadits sahih riwayat Imam Bukhari lan Muslim, ingkang ringkesipun mekaten:
ثَلَاثٌ لَا يَنْظُرُ اللهُ اِلَيْهِمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَلَا يُزَكِّيْهِمْ
“ Ono wong telung golongan kang ora bakal nompo welas asihe utawi perhatiane Gusti Allah SWT ono ing dino kiyamat”,
Ing antawisipun:
رَجُلٌ بَايَعَ اِمَامًا لَا يُبَايِعُهُ اِلَى لِلدُّنْيَا
“ Wong kang milih pemimpin kerana milih dhuwite utawa bandhane”.

Mila mangga kita sami niat ingkang ikhlas milih pemimpin boten margi bandha dunya, ananging mligi kerana Allah SWT, utawi lillaahi ta’aalaa. Mangga sami rawuh wonten TPS kanthi niat ingkang ikhlas lan tansah sesedherekan dhumateng sedaya tiyang senaosa benten pilihanipun.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.