9/19/2013

Hikmah Ibadah Qurban, Khutbah Basa Jawa


Ibadah Qurban salah setunggalipun ibadah ingkang dipun tindakaken dening nabi Ibrahim Khalilullah, piyambakipun dipun paringi kanugrahan kathah dening Allah ananging piyambakipun ugi dipun uji dening Allah kanthi ujian ingkang awrat. Nyembelih dhateng putranipun kinasih ingkang dipun tenggo lahiripun. Ananging nalika putranipun inggih nabi Ismail sampun dumugi yuswa remaja Allah paring dhawuh supatos nyembelih dhateng putranipun. Nanging margi taatipun dhateng Allah sedaya dhawuhipun Allah dipun tindakaken, Allah nggantos Ismail kanthi domba.Sasampunipun kedadosan punika Ibrahim ing saben tahunipun nindakaken qurban.

Qurban minangka wujud raos syukur dhateng Allah SWT, syukur amargi manungsa sampun dipun paringi kanugrahan ingkang kathah. Ibadah qurban mengku hikmah ingkang kathah, saterasipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at.



Kaum muslimin jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Wulan punika kita sampun mlebet ing wulan akbar, wulan bersejarah kagem tiyang Islam, amargi ing wulan punika sedaya kaum muslimin dipun engetaken malih kalian peristiwa bersejarah, inggih punika ibadah qurban lan ibadah haji. Qurban minangka ibadah ingkang dipun melai saking dhawuhipun Allah dhumateng nabi Ibrahim supados nyembelih dhateng putranipun ingkang sampun dipun tengggo-tenggo lahiripun.
Ibrahim rasul pilihan sahingga sedaya dhawuhipun Allah dipun tindakaken, boten namung bandha donya ngantos putra kinasihipun menawi dipun kersakaken dening Allah yektos dipun paringaken kanthi ikhlas. Mekaten punika amargi iman lan taqwanipun sampun kiyat, sahingga ngrumaosi bilih manungsa punika makhlukipun Allah, manungsa dipun paringi kesempurnaan dening Allah. Lan sak wekdal-wekdal peparingipun Allah punika dipun suwun malih inggih badhe dipun aturaken kanthi penggalih ingkang legawa.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd.
Jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Saderengipun nindakaken dhawuhipun Allah, inggih punika motong dhateng jangganipun Ismail (putranipun), langkung rumiyin piyambakipun paring kabar dhateng putranipun lan nyuwun pemanggihipun:“He putraningsun, ngger satemene ingsun mirsani sajrone sare, menawa ingsung nyembelih marang kang salira. Mula coba pikiren kepriye mungguh kang salira? (QS. Ash Shaffat: 102)

Kanthi pangendikanipun Ibrahim punika, Ismail ngendika:

“ Dhuh rama, rama kawula aturi nindakaken punapa ingkang dipun dhawuhaken dhumateng panjenengan. Insya-Allah panjenenngan badhe manggihi ingkang putra kalebet tiyang-tiyang ingkang sabar”. (QS. Ash Shaffat: 102)

Ismail, manut lan mituhu dhateng pangandikanipun ingkang rama. Kanthi i’tikat bilih ramanipun namung nindakaken dhawuhipun Allah. Pramila nalika antawis rama lan putra badhe nindakaken dhawuhipun Gusti Allah, Ibrahim sampun siap-siap badhe motong jangganipun Ismail, Allah SWT gadhahi kersa ingkang boten dipun mangertosi dening kawulanipun.

“Rikala saklorone (Ibrahim lan putrane) wus padha pasrah lan Ibrahim bubukake miring putrane kanthi meteg pilingan, (kanyata pancen saklorone padha sabar). Lan Ingsun undang dheweke: He Ibrahim, satemene sliramu wis ambeberake impenira iku, sejatine hiya mengkono iku Ingsun paring piwales marang wong-wong kang padha tumindak bagus, sajatine iki pancen temenan pacoban kang cetha”. (QS. Ash-Shaffat: 103-106)

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd.
Jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Saking kedadosan punika sahingga minangka mujudaken raos syukur dhateng Allah tumuli Ibrahim nindakaken qurban ing saben tahunipun ing salebetipun dinten-dinten tasyrik. Jalaran ingkang mekaten punika sampun jelas dhawuhipun Allah SWT:


" Satemene Ingsun wus maringake marang sira kenikmatan kang akeh, mangka tindakna shalat lan qurbana, satemene sapa kang serik marang dheweke iku kang dipedhot (saka rahmate Allah)". (Al Kautsar: 1-3).

Kaum muslimin jema’ah shalat id Rahimakumullah.
Ibadah Qurban mungguhipun tiyang Islam mengku gati:
1. Qurban mujudaken raos iman lan taqwanipun dhateng Allah, sampun jelas pangendikanipun Allah:

" Daging-daging lan getihe hewan qurban iku ora bakal nggayuh karidhane Allah. Nanging kang bisa mahanani kagayuhe karidhane Allah iku taqwanira marang Allah SWT". (Al Haj: 37).

Wonten ing dalem hadits ingkang dipun riwayataken dening imam Tirmudzi rasul ngendika bilih ora ana amal ing riyaya qurban kang luwih didhemeni Allah kejaba nyembelih kewan qurban. Satuhune sisuk ing dina qiyamat bakal teka kelawan sungu-sungune, wulu-wulune, kuku-kune. Satuhune Allah bakal nampa ibadah qurban sadurunge getihe kewan qurban durung netes ing lemah. Mangka beja kanggo wong kang nindakake qurban.

2. Ibadah qurban minangka sarana kangge dhedhepe (taqarrub) dhateng Allah ingkang dipun melai kanthi usaha ngalahaken hawa nafsu.
Satuhunipun ing salebetipun makarya, umumipun sami gadhah pemanggih bilih kebetahanipun gesang tambah kathah lan dereng kacekapan, ananging pranyata sampun dumugi malih ing wulan dzulhijjah, wulan kangge nindakaken qurban. Sekedhik kedah saget ngeker dhateng sedaya kabetahanipun, saperlu dipun tanjakaken kangge nindakaken qurban. Sabar sawetawis anggenipun ngumbar dhateng hawa nafsu, dipun pangkas kalian simbol motong dhateng hewan qurban. Minangka pralambang nebihaken saking sifat-sifat hayawaniyah, kodos sifat saking serigala simbol saking sifat kejem lan dhemen nindes, sifat saking tikus pralambang sifat licikipun, sifat saking segawon pralambang saking sifat tipu muslihat, sifatipun domba pralambang saking sifat manembah dhateng makhluk.
3. Ibadah qurban badhe mujudaken pasedherekan, tulung tinulung lan mong-tinemong, amargi kanthi ibadhah qurban para aghniyak saget nindakaken qurban. Sak terasipun dagingipun qurban dipun bagi-bagikaken dhateng para fakir miskin.
4. Amargi qurban punika ingkang dipun tingali dening Allah inggih punika iman lan taqwanipun, sahingga Allah badhe paring karohmatan dhateng kawulanipun kasebat ing dalem Alquran surat Ath-Thalaq: 2-3:

...sapa wonge kang taqwa marang Allah mesthi Panjenengane bakal dadekake kajembaran kanggo dheweke, lan maringi rizki saking jurusan kang ora den kira-kirakaken. Lan sapa wonge kang tawakal marang Allah, mesthi Allah bakal nyukupi (keperluwane) dhewekne.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamd.
Jemaa’ah shalat Id Rahimakumullah
Pramila beja sanget dhateng kaum muslimin ingkang saget nindakaken qurban ing saben tahunipun. Semanten ugi beja sanget dhateng kaum muslimin ingkang sampun saget nindakekan ibadah haji. Lan kita do’a- aken sedaya kaum muslimin khusipun jama’ah haji Indonesia lan langkung utami dhateng jama’ah haji kabupaten Wonosobo, mugi-mugi tansah pinaringan derajat kesehatan paripurna.
Kanthi sehat insya-Allah badhe gampil anggenipun nindakaken sedaya syarat, rukun, wajib lan sedaya amalan-amalan sunnah haji, akhiripun pikantuk derajad haji ingkang mabrur. Sahingga gesangipun, sehatipun, bandanipun, ilmunipun saget dipun ginakeken kangge kemajengan agami Islam, sahingga tansah paring manfaat dhateng masyarakat, bangsa lan agami, saget dados teladhan ing salebetipun masyarakat.
Akhiripun kita nyuwun dhateng Allah mugi-mugi ibadah qurban ingkang dipun tindakaken dening sedaya umat Islam badhe nuwuhaken semangat berkorban ing sak dangunipun gesang. Dhemen nginfakaken bandha, tenaga, ilmu, malah wekdal sehat lan gesangipun dipun ginakaken kangge nyempurnakaken anggenipun ngibadah dhateng Allah.
Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, kados pitedah ingkang dipun paringaken dhateng tiyang-tiyang ingkang dipun paringi mapinten-pinten nikmat lan sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun bendoni.