Aweh Ngapura Nalika Kuwasa Males


Aweh Ngapura Nalika Kuwasa Males
Paring pangapunten satemah dados akhlaq ingkang luhur tumrap tiyang Islam, kados ingkang dipun tindakaken dening Rasulullah SAW. Ananging aweh pangapunten dhateng tiyang ingkang tumindak aniyaya dhateng kita yektos betahaken usaha ingkang maksimal. Nalika paring pangapunten punika dados dhawuhipun Allah kanthi lantaran syariat Agami Islam sampun kita mangertosi, ananging hawa nafsu asring dereng saget nampi kanthi leganing penggalih. Sahingga ing salebetipun pribadi manungsa wonten hawa nafsu lan manah, ingkang setunggal nolak lan setunggalipun purun nampi. Kanthi punika kanthi perjuangan ngawonaken hawa nafsu kedah dipun latih. Jalaran menawi hawa nafsu saget dipun asoraken ateges sampun pikantuk hidayah, nanging menawi hawa nafsu ingkang menang ateges manungsa badhe tambah sasar. Kanthi punika perkawis dasar lan aturanipun kula aturaken manthi mibar khutbah Jum'at.
الحمدلله رب العلمين حمداكثيرا طينا مباركا فيه كل حال الذى قد اوجب من نوره نورابه عم الهدى, اشهد ان لا اله الاالله واشهد ان محمدا رسول الله لا نبى بعده, اللهم صل وسلم على محمد النبى الكريم والرسول العظيم سيدنا محمد وحبيبنا محمد وعلى اله وصحبه ومن احى سنته الى يوم القيامه. فياايهالمسلمون اوصيكم واياى بتقوى الله فقد فازالمتقون
Mangga kita sareng-sareng sami ningkateken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT inggih punika kanthi jembaraken manah kita kangge berusaha nindakaken pakerti kados pakertinipun Allah SWT
تخلق باخلاق الله
Allah dhemen paring pangapunten mila manungsa berusaha tansah paring pangapunten, jalaran paring ngapunten satemah salah satunggaling budi pekerti ingkang sae. Dasar pokokipun paring pangapunten inggih punika saking sifatipun Allah SWT.
اِنَّ اللهَ غَفُوْرٌرَّحِيْمٌ
" Satemene Allah zat kang Maha jembar pangapurane lan zat kang paling welas asih".
Kanthi punika sinaosa sapinten agengipun lan kathahipun dosa kawulanipun Allah tansah paring pangapunten, wonten hadits, Rasulullah ngendika:
ان الله عز وجل يقبل توبة العبد مالم يغرغر (روا الترمذى)
"Satemene Allah bakal nampa taubat kawulane salagine nafase durung tekan tenggorokan. (HR. Turmuzi)".
Semanten ugi kanthi sifat welas asihipun Allah dhumateng kawulanipun, sepinten alitipun ganjaran kawulanipun tansah dipun etang dening Allah, badhe dipun hisab. Lan sedaya kawulanipun Allah badhe ngraosaken pahit lan getiripun budi pakerti piyambakipun. Ingkang mekaten punika sampun dipun ngendikakaken Allah SWT:
فَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًايَرَهُ وَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّايَرَهُ
" Mangka sapa wonge gawe kabecikan senajan mung sabobote zarrah, mesthi dheweke bakal ngerteni. Lan sapa wonge gawe tumindak ala, mesthi dheweke bakal ngerteni. (QS. Al Zalzalah: 7-8)".
Dados sapintena agengipun kalepatan tasih wonten sifat sae, kanthi punika kesaenan boten saget dipun campur kalian ingkang lepat punapa malih kesaenan punika dipun icalaken.
Kaum muslimin jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Allah dhawuh dhumateng kawulanipun supados dhemen paring pangapura, ingkang mekaten punika sampun dipun dhawuhaken Allah wonten ing surat Al A’rof ayat 199:
خُذِالْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ الْجَهِلِيْنَ
" Dadiya sira wong kang dhemen aweh pangapura, lan printaha marang wong supaya nindakake kang becik lan mlengosa marang wong-wong kang bodho".
Tan saya malih agengipun imbalan saking Ngarsanipun Allah langkung sae, menawi dipun bandingaken kalian shadaqah, ingkang dipun kantheni nglarani ati.

قَوْلٌ مَعْرُوْفٌ وَمَغْفِرَةٌ خَيْرٌ مِنْ صَدَقَةٍ يَتْبَعُهَا أَذَى
" Ucapan kang becik lan aweh pangapura luwih apik tinimbang shadaqah karo nglarani ( sing jaluk) (Qs: Al Baqarah: 263)".
Kaum muslimin jama’ah Jum’ah Rahimakumullah.
Paring pangapunten punika betahaken sikap ingkang dewasa, betahaken kesiapan lahir lan batin, sikap ridha lan ikhlas berjuang tuwen berkorban. Jalaran paring pangapunten punika artosipun boten badhe ngungkit-ungkit malih kalian kalepatan lan kekiranganipun tiyang sanes ingkang sampun dipun tindakaken. Ingkang langkung penting inggih punika tindakan ingkang nembe lan badhe dipun tindakaken. Kanthi punika badhe angsal kamulyan wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang mekaten punika kasebat wonten ing hadis qutsi:

جاء فى الحديث القدسى ان نبي الله موسى عليه السلام قال: يا رب اي عبادك اعز عليك؟ قال: الذى اذا قدر عفى (روا الخريرط عن ابى هريره)
" Kasebut wonten ing dalem hadits qutsi bilih Nabiyullah Musa ngendika,”Duh Gusti sinten ing antawisipun kawula panjenengan ingkang badhe angsal kamulyan wonten Ngarsa Panjenengan.” Allah ngendika: yaiku wong kang kuasa aweh pangapura. (HR. Al Kharaithi saking Abu Hurairah)".
Wonten ing hadis sanesipun Rasulullah SAW ngendika:
اتق الله حيثماكنت واتبع السيئة الحسنة تمحها وخالق الناس بخلق حسن (رواه الترمذى)
" Taqwaha sira kabeh ing ngendi panggonan, lan walesa pakerti kang elek nganggo pakerti kang becik lan ilangna kaelekane, lan gaweha pakerti marang manungsa nganggo pakerti kang bagus. ( HR. Turmuzi).
Saking hadis kasebat wonten tigang hikmah ingkang saged dipun tuladhani kangge gesang sesarengan wonten ing alam donya , inggih punika:
1. Nabi ngengetaken dhumateng kawulanipun supados jagi kondisi taqwa dhumateng Allah wonten pundi panggenan. Taqwa ingkang mengku maksud ajrih nerak dhumateng awisanipun Gusti Allah lan tansah ngupadi sesarengan anggenipun saget istiqomah nindakaken dhawuh-dhawuhipun Gusti Allah. Kondisi iman lan taqwa ingkang sampun istiqomah boten gambil risak kalian gumebyaring donya, drajad lan pangkat. Menawi wonten masjid, langgar utawi musholla tansah ngugemi taqwa mila wonten kantor, wonten margi, wonten sabin lan sak panunggalanipun ugi tansah ngugemi taqwa. Semanten ugi taqwa dipun ugemi menawi sawek piyambakan lan sareng-sareng, wonten kondisi ramai lan sepi, wonten kondisi aman lan perang. Jalaran sampun yakin bilih sedaya pedamelanipun manungsa punika dipun cathet dening Allah SWT.
2. Males pedamelan ingkang awon kanthi pedamelan lan pakerti ingkang sae. Wonten donya punika wonten hukum sebab lan akibat, sinten tiyangipun tumindak ingkang awon badhe nampi imbalan ingkang awon. Sinten tiyangipun ingkang nanem badhe ngraosaken, sinten ingkang damel badhe ngangge. Pramila hukum sebab lan akibat punika badhe mandeg menawi ingkang awon punika dipun wales kanthi kesaenan. Semanten ugi pedamelan sae dipun wales kanthi sae lan langkung sae badhe ngasilaken kerukunanipun gesang bebrayan wonten ing alam donya punika. Panci boten saget dipun pungkiri bilih manungsa punika gadhah kepinginan utawi dorongan dedamel ingkang sae lan ingkang lepat. Manungsa dipun paringi kekuatan lan kebebasan dening Allah SWT kangge milih margi ingkang leres lan margi ingkang lepat, sedaya keputusanipun manungsa badhe dipun tanggung pribadinipun piyambak-piyambak, pramila tiyang-tiyang punika. dipun sebutaken wonten Alquran surat Al Waqi’ah dados Ashhabul Yamin utawi Ashhabus Simal (golongan tengen kang nampa kamulyan lan golongan kiwa kang cilaka).
3. Sami sesarengan dedamel pakerti ingkang sae. Allah negasaken
wonten ing Alquran supados cepet-cepet anggenipun tumindak kabecikan, tulung tinulung wonten perkawis kesaenan, wasiat winasiyatan ing pakerti ingkang bagus lan sapanunggalanipun. Akhiripun mugi-mugi kita kalebet golonganipun makhluk pilihanipun Allah SWT, ingkang tansah nindakaken amar ma’ruf nahi munkar.

وقل رب اغفر وارحم وانت خيرالرحمين

Anda sedang membaca artikel dari untajiaffan Terbaru hari ini. Mohon untuk membagikan artikel ini ke teman anda melalui sosial media dibawah ini.

Artikel Untajiaffan Lainnya:



Kotak Komentar